Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 116 (Peter and John race to the tomb)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
B - PATANGEN LAN SANG KRISTUSD ANGGONE NGATONAKE SARIRANE (Yokanan 20:1 - 21:25)
1. Lelakon-lelakon nalika wiwit esuk dina riyaya Paskah (Yokanan 20:1-10)

b) Petrus lan Yokanan balapan mlayu menyang kubur iku (Yokanan 20:3-10)


YOKANAN 20:6-8
6 Simon Petrus olehe nutui iya tumuli tekan sarta banjur mlebu ing pasarean, lan weruh ulese sumeleh ing lemah 7 dene lawon riwe kan maune ana ing mastakane Gusti Yesus ora awor karo ulese, nanging sumeleh rada nyele ana ing panggonan liya lan wis gulungan. 8 Sakabat liyane kang dhisik tekane ing pasrean mau iya tumuli mlebu, banjur ndeleng sarta pracaya.

Yokanan ngadeg ing sisih njaba kubur ngenteni tekane Petrus, minangka tanda yen dheweke ngurmati rasul kang luwih tuwa; kang bakal dadi wong ngarep kang ndeleng kubur iku ing sajrone kahanan kang kosong. Yokanan kang isih enom iku atine goreh karo apa kang kawitan dideleng, yaiku babagan watu kang wis nggoling, kubur kang wis menga lan layon kang wis ilang. Lawon kafan uga katon tumata. Pikirane nggronjal; dheweke nyuwun supaya gusti madhangi dheweke bab apa kang lagi dumadi.

Petrus enggal-enggal tekan ing kubur, banjur mlebu ing sajrone kubur kang mengo iku; dheweke ndeleng yeng lawon riwe kang dienggo nutupi panon Gusti Yesus mapane rana nyisih lan pinisah karo ulese. Iki ateges yen layon iku ora dicolong, awit metune gusti Yesus saka kana iku kanthi tumata lan tenang.

Petrus mlebu kaya-kaya dhewene iku wong kang lagi naliti, nanging dheweke nyakep makna saka tanda-tanda kang banget dening cetha. Yokanan, kang duwe sipat sethithik pracaya marang bab-bab goib, nimbang, ndedonga, lan ngrasakake anane pengarep-arep. Nalika dheweke nanggapi timbalan Petrus lan mlebu, jiwane dipadhangi lan wiwit pracaya marang patangene Sang Kristus. Ora patemone karo Panjenengane kang Wungu iku kang ndadekake iman ing sajrone awake, nanging kubur kothong lan lawon ulese kang tumata kanthi rapi kang nuntun dheweke marang kayekten lan marang iman.

YOKANAN 20:9-10
9 Awit salawase sakabat-sakabat mau durung padha mangerti isini Kitab Suci kang mratelakake, yen Gusti Yesus pinesthi wungu saka ing antarane wong mati. 10 Sakabat loro mau tumuli padha mulih.

Gusti Yesus ora tetap ana ing sajrone kubure dikaya manungsa liyane, filsuf, nabi lan wong-wong dosa umume, nanging wungu ninggalake pati kaya wong kang nyopot sandhangane. Panjenengane kang Suci tetep ora dosa. Pati ora nguwasani Panjenengane. Katresnan Allah ora ana enteke.

Para satru Sang Kristus ora bisa kandha yen layone Sang Kristus wis lebur ing sajrone kubure, awit kubur Panjenengane pancen kothong. Sang Kristus ora mlayu utawa dicolong layone, awit papan anggone ngubur Panjenengane iku nggambaraken anggone banget dening tumata. Iki paseksene Yokanan yen Gusti Yesus nyopot piranti kadonyan Panjenengane, awit wis ora mbutuhake maneh. Ing sajrone sandhangan kang banget sedherhana ing pemakanan Panjenengane miwiti kasugengane ana ing Jagat, lan lawon ulese Panjenengane copot. Dadi kanthi patangen mula babak anyar saka kaanane Panjenengane diwiwiti ing sajrone kaanane kang asipat kasuwargan. Sinadyana Panjenengane isih nguwasani hakekat kamanungsane.

Kabeh pikiran iku pating sliwer ing sajrone pikiran Yokanan, nalika dheweke bali saka kubur kang kothong. Nanging dheweke ora gumungung atas pengalamane iku, dheweke iku kang kawitan pisan ngerti kamimpangan Sang Putra Allah ing sajrone patangan, nanging ngakoni yen dheweke pracaya marang mujizat iki rada telat, sinadyana prekara iku wis dicethakake kanthi cetha ana ing sajrone Kitab Suci. Mripate katutup saka apa kang tau diwaca gegayutan pati kang dadi gegenti lan kamenangan saka abdi Allah ing sajrone Yesaya 53, lan uga ora bisa nyaket pameca Dawud gegayutan irah-irahan kang padha (Lukas 24:44-48; Para Rasul 2:25-32; Jabur 16:8-11)

Esuk ing dina riyaya kang paling gedhe iku dadi seksi nalika murid loro bali menyang ngomah, bingung nanging kebak pengarep-arep, pracaya nanging ana pitakonan lan ndedonga marang Gusti Yesus, kang wis ninggalake kubur Panjenengane lan nalika iku kaanane Panjenengane dadi ora cetha.

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula misungsungake atur panuwun sawetahipun saking manah kawula, awit Paduka kemawon Ingkang Mimpang ing salebetipun manah para murid Paduka, nitahaken ing salebetipun manah para murid keyakinan bab patangen Paduka. Paduka sampun maringake dhumateng kawula pengajeng-ajeng ingkang ageng gegayutan gesang langgeng. Kawula manembah paduka, awit namung Paduka Allah ingkang langgeng, lan kawula nampeni perangan menika ing salebeting sih rahmat Paduka. Paduka wilujengaken mitra-mitra kawula saking pati awit dosa-dosanipun lan paringana gesang langge awit dening iman dhumateng pangorbanan Paduka.

PITAKONAN:

  1. Ing sajrone prekara apa Yokanan dadi pracaya nalika dheweke ana ing kubur kang kothong?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:54 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)