Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 072 (Jesus meets Martha and Mary)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
4. Anggone tangi Lazarus lan akibate (Yokanan 10:40 - 11:54)

b) Gusti Yesus ketemu karo Marta lan Maryam (Yokanan 11:17-33)


YOKANAN 11:17-19
17 Sarawuhe gusti Yesus, Lazarus tinemu wus dikubur patang dina. 18 Desa Betania iku dununge cedhak karo kutha Yerusalem, dohe watara rong mil. 19 Anadene wong Yahudi wus akeh kang padha teka ing omahe Marta lan Maryam perlu nglipur anggone kesripahan sadulure.

Patang dini wis kepungkur wiwit Lazarus di gletakake ing sajroning kubur; Lazarus wis dikubur nalika dina patine, lan pawarto bab prekara iku wis tekan gusti Yesus ing dina iku uga. Ora ana pentinge maneh gusti Yesus rawuh ing papan iku, awit mitrane wis di kubur. Patine Lazarus iku wis cetha lan kayekten iku ora perlu wong mangu-mangu.

Betania mapane ana sisih wetan Gumuk Zaitun ngadhepke kali Yarden kang mapane 100 meter ing sangisore. Ana kadohan kana ana segara mati. Ing sisih kula kang dohe 3 km ana kutha Yerusalem mapan ana gumuk ing sabrane Ngare Kidron.

Akeh para wong kang cedhak karo Lazarus padha tekan ing omahe, nangis lan nebah-nebah dada. Susah pancen nyata ing omahe Lazarus, awit Lazaru iku kang golek rejeki kanggo keluarga. Prekara pati pancen bakal dilakoni dening wong kang teka ana ing kono.

YOKANAN 11:20-24
20 Nalika Marta krungu yen gusti Yesus rawuh, tumuli methuk, nanging Maryam kari ana ing omah. 21 Marta banjur munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, manawi Paduka wonten ing ngriki, sasdherek kawula mesthi boten pejah. 22 Nanging sapunika ugi, kawula mangretos, bilih punapa ingkang Paduka suwun dhateng gusti Allah, Gusti Allah mesthi badhe nyembadani. “ 23 Pangandikane gusti Yesus: “Sadulurmu bakal tangi maneh.” 24 Unjuke Marta: “Kawula inggih mangertos bilih badhe tangi benjing ing dinten patangen, ing wekasaning jaman.”

Nalika Martha krungu yen gusti Yesus wis cedhak, dheweke enggal-lunga mapagake lan nalika ana ngarsane Martha sesambat; pikirane Martha yen gusti Yesus rawuh pas wektune mula mimpi ala iki ora perlu dumadi. Martha nglahirake bab imane nalika ketemu karo gusti Yesus, lan yakin bab Panguwasane gusti Yesus kang ora winates. Martha ora ngguwang wektu langsung nglairane rasa kaprihatinane, uga nglahirake uga imane yen Gusti Yesus bakal ngalahake pati; Martha ora ngerti kepiye carane, nanging dheweke peacaya marang panguwasane Panjenengane kang ora winates, lan marang kamanunggalane Panjenengane ing sajroning gegayutane karo Allah, kang bakal paring jawaban dongane Sang Putra ing saben wektu.

Gusti Yesus langsung nanggapi iman Martha kanthi sawijining janji kang ngedap-edapi, “Sedulurmu bakal tangi”. Martha ora bisa nyekep kaya apa pentinge pangandikane Panjenengane, nanging kang ana pikirane janji iku anane mbesuk yen dumadi patangene Lazarus bakal dumadi ing pungkasan jaman. Martha saiki kebak pengarep-arep, awit ngrumangsani yen pati dudu pungkasan sakabehe. Patangen kanggo urip yaiku kang dadi pengarep-arepe wong pracaya.

Gusti Yesus banjur nanggapi imane Martha kanthi paring janji kang ngedap-edapi, “Sedulurmu bakal tangi”. Martha ora bisa nyekap kaya apa pentinge pangandikane Gusti iki, Martha anggone nampa pangandikan iku yaiku sawijining janji bakal anane patangen ing jaman pungkasan. Lazarus bakal katangekake ing jaman pungkasan iku. Martha iki duwe pangarep-arep tumenan, awit ngrumangsani yen pati ikut ora ateges cunthel. Patangen terus urip langgeng iku kang dadi pengarep-arepe wong –wong pracaya.

YOKANAN 11:25-27
25 Gusti Yesus tumuli ngandika: “Iya Aku iki patangen lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati. 26 Lan sok wonga kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawase. Kowe apa pracaya marang iku?” 27 Unjuke Martha: “ Inggih Gusti, kawula sampun pitados bilih Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah, ingkang pinasthi rawuh ing jagad”.

Para murid gusti Yesus melu ngrungokake, nalika gusti Yesus ngandika marang Marta sawijining pratela kang ngedap-edapi iku, “Patangen iku bakal dumadi temenan, prekara iku ana ing sajroning Aku. Lazarus ora mung bakal ditangekake ing dina patangen mengko, nanging dheweke bakal tangi maneh ing dina iki awit saka anggongKu rawuh iki. Aku kang nitahake, saka Aku tekani Sang Roh Suci marang kowe. Aku bakal mati nggenteni kowe, nanggung kabeh dosamu, supaya menehi kowe urip kang ilahi. Pati ora bakal maneh nguwasani kowe. Enggal aku nuduhake marang kowe gagayutan patangen lumantar patangenKu. Kanthi mengkono kowe bisa dikubur lan tangi maneh karo Aku ing sajroning iman. Pati-Ku yaiku patimu, lan uripKu yaiku uripmu. Aku urip lan kowe urip ing sajroning Aku”

Siji-sijine syarat nampani urip saka Sang Kristus yiku lumantar prejanjian iman karo Gusti Yesus. Ilining urip Panjenengane ora bakal mili saka sajroning sariranE marang panjenengan kajaba menawa panjenengan manunggal karo Panjenengane. Iman kita marang sang Kristus mbuka wawasan kita kang anyar bab sang Rama lan urip langgeng. Katresnan Panjenengan nandur kabungahan, tentrem rahayu lan katresnan ing sajroning urip kita kang ora tahu kapungkasan. Wong kang kapenuhan karo sihe Sang Kristus ora bakal mati, awit Sang Roh Allah iku langgeng. Sang Roh iki manunggal ing sajroning ati wong-wong kang pracaya marang Sang Kristus.

Gusti Yesus ora agawe kotbah kang duwe daya pengaruh marang wong supaya ngabarake kamenangan Panjenengane atas pati ing sajroning lelakon tangine Lazarus saka pati. Panjenengane ngyakinake wong-wong kang urip ing sajroning Roh Panjenengan manawa pati ora bakal maneh duwe kuwasa marang wong-wong mau, awit wong-wong mau wis melu ana ing patangen Panjenengane. Apa panjenengan wis ngerti panguwasa saka janji kang ora nganggo syarat saka tutuk Panjenengane iki? Manawa panjenengan pracaya marang Panjenengane mula panjenengan ora bakal mati. Aja duwe pikiran gegayutan pati kanci cara pikiran panjenengan, utawa panjenengan mbudidaya kanggo mbukak lawang kubur; nanging panyawang panjenengan kudu kaarahake marang gusti Yesus. Aturna panuwun marang Panjenengane atas pratela iki, awit Panjenengane bakal paring kamantepan bab kalungguhan panjenengan ing sajroning urip kang langgeng.

Sedulur kang kinasih, apa panjenengan pracaya marang gusti Yesus kang paring panguripan? Apa panjenengan secara pribadi duwe pengalaman yen Panjenengan wis merdikaake panjenengan saka panguwasane pati, lan nangekake panjenengan saka cemere dosa? Manawa panjenengan durung tahu duwe pengalaman kepiye tangi secara kasukman iki, aku njamin panjenengan yen gusti kang kagungan panguripan iki wis jumeneng ing ngarepi panjenengan lan mulungake astanE kanggo panjenengan. Mangga pracaya marang sih lan panguwasanE. Tampanen astanE, lan Panjenengane bakal ngangkat panjenengan saka dosa-dosa panjenengan, lan nuntun panjenengan mlebu marang urip langgeng panjenengan. Panjenengan iku siji-sijine Sang Juru slamet panjenengan kang setiyo.

Marta nampani prasetyane Sang Kristus. Marta ora mung nampani urip langgeng nanging uga kang paring urip iku dhewe. Marta pracaya yen gusti Yesus iku sang Mesih kang diprasetyakake, kang kagungan panguwasa kanggo nangekake wong mati. Panjenengane kagungan panguwasa dadi hakim kan nindakake pengadilan kang pungkasan. Marta ngrasakake panguwasa Panjenengane ambanyu mili ing sajrone awake, nangekake lan nyucekake awake. Panjenengane dadi kendel nyesekekake imane nalika iku, sinadyana dheweke ngreti yen wong-wong Yahudi wis netepake mbenturi gusti Yesus nganggo watau awit gusti Yesus ngandika yen sarirane iku putrane Allah. Marta ora wedi mati maneh, nanging nresnani sang Juru selamete: Wanita kang kekendelane agawe ewuhi pria. Keyakinane tuwuh kuat bebarengan karo katresnane.

PANDONGA: Gusti Yesus, Paduka agung saleminya. Pati mboten gadhah panguwasa atas Paduka. Paduka seda nggentosi kawula, lan nangekake kawula kanthi patangan Paduka. Kawula manembah lan ngaturaken panuwun dhumateng Paduka. Paduka sampun maringi kawula panggesangan Paduka, kanthi makaten pati mboten malih gadhah panguwasa atas kawula. Kawula nresnani lan ngaturaken panuwun dhumateng Paduka atas kamardikan kawula saking raos lepat, ajrih lan pati.

PITAKONAN:

  1. Kepiye kita tangi saka pagi ing jaman saiki?

YOKANAN 11:28-31
28 Sawuse munjuk mangkono, Marta banjur mundur ngundang Maryam sadulure, lan mbisiki mangkene: “Guru wus rwuh, nimbali kowe”. 29 Maryam bareng krungu banjur mak nyat ngadeg marani Gusti Yesus. 30 Nalika iku gusti Yesus durung lumebet ing desa, isih ana ing papan nalika Marta methuk mau. 31 Bareng wong-wong Yahudi kang padha ana ing omah karo Maryam prelu nglipur weruh Maryan mak nyat ngadeg sarta metu, tumuli padha ngetutake, dikira yen Maryam arep menyang kuburan, nanging ana ing kono.

Bisa uga gusti Yesus dhawuh marang Marta supaya ngajak Maryam ngadhep Panjenengane. Kang dadi tujuwan Panjenengan supaya Maryam uga bisa krungu apa kang dingandikaake yaiku tembung-tembung kang ngemot keyakinan lan panglipuran tanpa diganggu dening ramene wong kang padha layat lan ngreruntoh. Kanthi mengkono Maryam uga bisa ngrasakake maju ing sajroning iman lumantar sih Panjenengane. Gusti Yesus menang lumantar kendele iman, dudu lumantar rasa wedi lan prihatin. Panjenengane ngersakake supaya Maryam kang lagi susah dituntun marang padhang kang asifat ilahi, kanthi mengkono Maryam uga bisa urip lan sregep ing sajroning panguripan kasukmane.

Maryam bisa uga durung krungu gegayutan rawuhe gusti Yesus, awit Maryam lagi kaliputan rasa prihatin. Nanging, nalika Marta marani lan kandha yen gusti Yesus dhawuh supaya dheweke marani gusti Yesus, Maryam banjur ngadeg lan lung nemoni gusti Yesus. Apa kang ditindakake dadi kawigaten wong-wong kang layat. Lan wong-wogn kang layat mau kaget dene Maryam ngadeg lan menyat lunga. Wong-wong takon apa Maryam arep lunga menyang kubur lan ngreruntoh ana kana. Wong-wong mau melu ngadeg lan ngetutake Maryam menyang kubur, sawijining gegambaran uripe manungsa kang lagi baris antri menyang kacilakan, diuntal dening perihing ati lan urip kang kothong tanpa pengarep-arep. Nalika filsafat lan agama jagat ora bisa nyawisake jawaban kang bener bab prekara urip utawa pati, ing sajroning pati, yaiku kayekten bab pengarep-arep kang dadi duweke wong kristen, dadi cehta banget selaras karo panglipuran saka gusti Yesus kang gumathok.

YOKANAN 11:32-33
32 Satekane Maryam ing panggonane Gusti Yesus, baareng weruh marang Panjenengane, banjur nyungkemi sampeyane sarta munjuk: “Gusti, upami Paduka wonten ing ngriki, sadherek kawula mesthi boten saestu pejah: 33 Bareng Gusti Yesus pirsa Maryam nangis, mangkono uga wong Yahudi kang padha ngetuake, temah renguing penggalih. Panjenenane ternyuh benget lan tumuli ngandika:”

Maryam ndeleng gusti Yesus, lan ing sajroning ngesokake rerasane dheweke sungkem ing sukune gusti Yesus, kinanthenan ati kang ajur muwur. Maryam ngakoni kahanan imane, pracaya yen Panjenengane bisa nindakake pakaryan-pakaryan kang asifat mujijat saka gusti Allah. Manawa wae gusti Yesus rawuh sadurunge, mula sedulure ora bakal mati. Iki nuduhake iman kan kuwat kang pancen ana ing sajroning keluarga iku, yen Allah pancen rawuh ana ing sajrone gusti Yesus. Nanging pati wis nggorehake iman iku lan agawe sedulur-sedulur wedok Lasarus iku dadi bingung.

Nalika gusti Yesus mirsani iman kang ngandhut rasa kuatir ing sajroning atine para pandhereke kang setia lan uga mirsani anggone wong akeh orang ngerti, Panjenengane goreh ana ing sajroning Sang Roh Panjenengane. Gusti Yesus mirsane yen wong kabeh teluk marang daya pengaruhe pati. Panjenengane prihatin banget mirsani wong kang ngreruntoh iku, lan rumangsa yen jaga iki pancen wis kabawah panguwasa pangawak dursila. Sepisan maneh Panjenengane ngrasakake momotan dosa-dosa jagat kang ngebot-eboti ing pundak Panjenengane; ing sajroning Sang Roh Panjenengane, gusti Yesus mirsani pentinge Kayu Salib iku, lan kubur kang tinarbuka minangka siji-sinjine dalan kanggo ngalahake kaprihatinan kang mengkono. Panjenengane yakin banget gegayutan patangen kang ora suwe bakal dumadi. Yaiku putusan pengadilan kang netepake marang pati, anggone ora pracaya lan panandang.

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:01 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)