Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 065 (Jesus reveals himself to the healed one)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
2. Kewarasan wong kang wuta wiwit lahir (Yokanan 9:1-41)

c) Gusti Yesus mratelakake sarirane minangka Putra Allah marang wong kang lagi disarasake (Yokanan 9:35-41)


YOKANAN 9:35-38
35 Gusti Yesus mireng manawa wong kan maune wuta mau wus katundhung. Bareng Panjenengane kepranggul wong mau banjur dipandikani: “apa kowe pracaya marang Putraning Manungsa?” 36 Unjuke: “sinten punika gusti, supados kawula pitados dhateng Panjenenganipun?” 37 Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe ora mung wus weruh Panjenengane bae, nanging Panjenengane kang lagi sapocapan karo kowe, yaiku Panjenengane. 38 Kang kapangandikanan munjuk: “Kawula pitados, Gusti.”. Dheweke banjur sumungkem sujud marang Gusti Yesus.

Kita wis maca cerita kang nguwatake banget iku. Nalika gusti Yesus mireng bab anggone wong kang kasarasake saka wutane mau katundhung, Panjenengane nggolek lan ketemu wong mau kan lagi ana ing sajroning kaprihatinan. Lelakon iki sawijining panglipuran kang kacawisake kanggone kabeh wong pracaya, kang pinisah karo keluarga utawa mitra-mitrane awit Sang Kristus. Manawa panjenengan ana ing sajrone kahanan kang mengkono, aku ngaturake karo panjenengan sing mesti gusti Yesus mireng tangisan panjenengan, lan nemoni panjenengan pribadi lan ora ninggalake panjenengan. Aja nyawang manungsa utawa panjenengan bakal dadi cuwa. Panjenengan sawang gusti Yesus wae. Panjenengan ora duwe pangarep-arep ing langit lan ing bumi kajaba ing sajrone Panjenengane. Panjenengane nresnani panjenengan.

Sebanjure gusti Yesus ndangu marang wong enom iku kanthi pitakonan kang penting banget, “Apa kowe pracaya marang Putra Allah, kang uga Putra manungsa?”. Pitakonan iki nuduhake yengusti Yesus nggunakaken apa kang dingreteni nom-noman mau gegayutan perangan – perangan ing sajroning Prejanjian Lawas, lan kawruhe nom-noman mau saka Kitab Daniel 7:13-14, yen Putra Manungsa iku Hakim atas jagat iki lan putra Allah. Gusti Yesus lagi ndangu marang wong enom iku kepiye angggone mbangun turut marang kaagungane Putra Allah kanggo saiki lan kanggo salawase., lan ora bakal tiba maneh. Wong enom iku wis ngrasakake yen gusti Yesus dudu mung manungsa lumrah, lan nyebut Panjenengane minangka jejere “Gusti”. Nanging wong enom kang diwarasake duwe pengarep-arep ngerti luwih becik maneh gegayutan Putra Allah iku, supaya wong enom iku ora manembah manungsa lumrah- kang bakal andadeake dheweke manembah marang brahala.

Ing wiwit iki, gusti Yesus maringi marang wong enom iku jawaban kang banget luhur, “Kowe ndeleng Panjenengane kang sadurunge kok ndeleng kanthi iman, yaiku sadurunge kowe ndeleng Panjenengane nganggo mripatmu. Ya Aku iki Panjenengane, Putra Allah kang lagi ngandikan karo kowe”. Ora perlu katungka nom-noman mau banjur sumarah sawutuhe marang gusti Yesus. Nom-noman mau sujud ing ngarsane gusti Yesus, kaya-kaya lagi matur: “Gusti, kula menika kagungan Paduka, lan Paduka Ratu Kula, bendara lan Gusti kula. Paduka menika katresnan ingkang dados manungsa, kula mbangun turut dhumateng Paduka kanthi sukarila, supados dados abdi Paduka wiwit ing wekdal menika’. Sedulur, apa panjenengan wis tepung gusti Yesus, putra Allah, ing sajroning blegere manungsa? Apa panjenengan kacancang karo Panjenengane minangka jejere wong pracaya? Apa panjenengan wis manembah Panjenengan minangka jejere abdi kang kacancang Panjenengane?

YOKANAN 9:39-41
39 Pangandikane Gusti Yesus: “TekaKu ing jagad iki arep ngadili, supaya wong kang ora ndeleng padha bisa ndeleng, lan kang ndeleng padha dadia wuta.” 40 Pangandika iku kaprungu dening wong Farisi sawatara kang lagi ana ing kono, wong iku tumuli padha munjuk: “Kula punika punapa inggih sami wuta?” 41 Pangandikane Gusti Yeus: “Manawa kowe wutaa mesthi padha ora duwe dosa. Nanging sarehne saiki kowe padha kandha: Aku padha ndeleng, dadi tetap dosamu.”

Naliki wong enom mau sujud ing ngarsane gusti Yesus, wong enom anggone nyembah iku ora dicegah, awit gusti Yesus pancen pantes nampani kabeh sesembahan. Nanging gusti Yesus ngandika manawa rawuhe bakal nindakake pengadilan marang wong-wong gumunggung, lan marang wong-wong kang rumangsa awake mursid, lan marang wong-wong kang rumangsa ngerti, nanging sejatine babar pisan orang ngerti kayekten. Wong-wong wuta lan dosa wis eling prekara iki lan mratobat, wong-wong kang nerak paugeran wis diapura. Gusti Yesus orang ngadili wong-wong kang ora mratobat; wong-wong mau ngadili awake dhewe awit nampik keselametan. Wong-wong mau wis nampani saperangan pepadhang ing mangsa kepengker lumantar para nabi lan bukti-bukti saka kitab suci. Nanging manawa wong-wong mau kanthi sengaja nampik wulangane gusti Yesus, wong-wong mau bakal dadi wuta, wangkot, mbeguguk nguthowaton, dadi tukang raja pati kang atine kebak rasa sengit. Rawuhe gusti Yesus lan wulangane ngasilake loro jinis: Keslametan apa laknat, berkah apa ipat-ipat. Apa hasile ing sajroning atine panjenengan?

Ing antarane wong-wong kang mirengake pangandikane gusti Yesus ana wong Farisi kang rumangsa yen pangandikan iku dialamatake marang wong-wong mau. Wong Farisi mau nyuwun pirsa: “Menapa kawula menika kalebet wuta?” Gusti Yesus mbukak lelamisane wong Farisi mau kanthi ngandika: “Manawa kowe nampani kasunyatan ngerti anggonmu wuta lan nggetuni kahanan kasukmanmu, kowe bakal mretobat saka dosa-dosamu ing ngarepe nabi Yokanan Pembaptis, lan ninggalake dosa-dosamu: sebanjure kowe bakal nampani pangapura lan nampani berkah. Nanging kowe wis ngapusi awakmu dhewe, lan ngaku yen kowe ngerti sakabehing prakara, duwe pikiran yen kowe iku wong-wong kang bener. Nangin kanthi anggonmu gumedhe mengkono kowi nandhakake kowe kuwi wuta lan wangkot. Kowe ora bakal nampa pepadhang saka pepadhang jagat sinadyana mung sathithik.

PANDONGA: Gusti Yesus, Paduka menika Putra Allah ing wujud manungsa. Kawula manembah Paduka lan sumarang dhumateng Paduka samenika lan salaminipun. Kawula sumarang dhumateng Paduka ing samukawis kekiyatan lan sadaya darbek kawula. Kawula nyuwn supados Paduka paring pangapunten dan nyucekaken manah kawula. Kawula nyuwn supados Paduka ngapunten lan nyucekaken manah kawula, kanthi makaten mboten wonten dosa, kadosmenapa alitipun, ingkang saget misahaken antawisipun kawula kaliyan Paduka.

PITAKONAN:

  1. Apa maknane saka patrap sujud ing ngarsane Gusti Yesus kuwi?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:56 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)