Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 066 (Sheep hear the voice of the true shepherd; Jesus is the authentic door)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
3. Gusti Yesus Pangon kang becik (Yokanan 10:1-39)

a) Wedhus gibas nggatekake suwara pangon kang sejati (Yokanan 10:1-6)


Ing Bab 7 lan 8 gusti Yesus nuduhake marang para satru Panjenengane bab kasunyatan kahanan Panjenengane, sebanjure ing sajrone Bab 9 nyethakake gegayutan anggone wuta wong-wong mau gegayutan karo kawruh bab Allah lan Putra Allah lan uga bab awak wong-wong mau dhewe. Ing sajroning bab 10, Gusti Yesus nguwalake sarirani saka kewajiban melu kepemimpinan wong-wong farisi kang kebak dosa, lan nimbali wong kang gelem pracaya marang Panjenengane. Gusti Yesus iku Pangon kang becik, siji-sijine lawang kang nuntun marang Allah.

YOKANAN 10:1-6
1 “Satemen-temane pituturKu marang kowe: Sapa kang mlebu ing kandang wedhus ora metu ing lawang, nanging menek ing tembok, iku maling utawa rampog; 2 balik kang lumebune metu ing lawang, iku pangone wedhus. 3 Iku kang diwengani dening kang tunggu lawang sarta wedhus-wedhuse pada nilingake swarane lan dheweke tumuli ngundhangi wedhus-wedhuse manut jenenge dhewe-dhewe sarta banjur digiring metu. 4 Manawa wedhuse iku wus diwetokake kabeh, dheweke lumaku ing ngarep lan wedhuse padha ngetut-buri, marga wedhus-wedhus mau niteni swarane. 5 Nanging wong liya mesthi ora ditutburi, malah ditinggal mlayu, marga wedhus-wedhus iku ora wanuh marang swarane wong-wong liyane.” 6 Pasemon iku dipangandikaake dening Gusti Yesus marang wong-wong mau, nanging padha ora ngerti tegese pangandika iku.

Ing sawetara desa masyarakat nglumpukake wedhus-wedhuse ing papan kanggo kandang kang dipageri lan dijaga nalika bengi. Esuke para pangon marani wedhus-wedhus mau lan ngundangi wedus-wedus mau. Wong-wong sing njaga ngidinake mlebu, sebanjure kang aneh dumadi; para pangon iku ora nyurung wedhus-wedhus mau utawa nggeret wedhus-wedhus mau saka papan kang digawe kandang iku, nanging ngundangi wedhus-wedhus mau kanthi suwara kang dingerteni dening wedhus-wedhus mau. Wedhus-wedhus mau bisa niteni suwara pangone, lan bakal nurut marang suwara pangon mau. Sinadya pangon mau nganggo sandangan beda, nanging kang dititeni suwarane. Semono uga menawa ana Pangon palsu marani, sinadyana nganggo sandangan sing duwe, wedhus-wedhus tetep ora bakal melu. Wedhus-wedhus mau ngrungokake suwara kang bener saka pangon sejati. Kanthi ngundangi mula pangon mau mimpin wedhus-wedhus darbeke ing ara-ara kang ana sukete ijo lan banyu kang nyegerake. Wedhus-wedhus mau nglumpuk ana mburinan pangon, ora ana siji wae kang keri, wedhus-wedhus mau pracaya sawutuhe marang pangone.

Gusti Yesus nggunakake pasemon iki kanggo nuduhake marang kita yen kabeh wong kang gelem ngrungokake suara Panjenengane, wong sing gelem ngrungokake iku Gusti Yesus dadi pangone kang asipat Allah. Panjenengane ora ngrawuhi umat Prejanjian kang Lawas, ngrampas lan nyolong, nanging Panjenengane milih umat Allah kang mligi saka ing antarae umat mau lan nimbali umat marang sariranE. Panjenengane paring keselametan marang umat mau lan maringi mangan kanthi pangan kasukman kang teratur.”Pangon-pangon” kang liyane kaya dene rampok kang pating blusuk ing sakiwa tengen wedhus-wedhud kaya asu ajak kang ngelih. Para pangon kang mengkono iku bisa mlebu awit pitulungane bawahane lang nggunake cara apus-apus. Pangon palsu iku mung mikirake awake dhewe, lan ngluhurake awake dhewe. Pangon palsu mau ora tulus nglayani wedhus-wedhus. Para pendeta lan pelayan ing sajroning gereja ana kang ora tinimbalan dening gusti Allah lan kang ora tumemen manunggal ing sajroning sang Kristus. Gusti Yesus mestani wong kang mengkono iku kaya dene rampog. Pangon palsu iku luwih akeh anggone nglarani umat tinimbang karo mitulungi.

Gusti Yesus ngandika yen para pandherek Panjenengane kang sejati bakal tetep ngedohi para pangon palsu iku, lan misah saka pangon mau, awit ngrasakake mbebayani yen cerak karo pangon-pangon palsu iku. Gusti Yesus uga nyurung pandherek Panjenengane supaya pracaya marang prasetyane Allah, yang Allah piyambak bakal njangkung para wedhus kagungane dikaya kang ditulis ana Mazmur 23.

Wong akeh iku ora nyakep apa kang dingandikaake gusti Yesus, lan ora eling yen “Pangon” wong-wong mau ora setiya lan ala (Yermia 2:8; 10:21; Yehezkiel 34:1-10; zakaria 11:4-6). Sinajan mengkono, gusti Allah tansah cemawis, dadi pangon kang becik kanggo wong-wong mau, supaya bisa nuntun umat Kagungane lan ngutus umat marang para pendeta kang apik, kaya nabi Musa lan Dawud. Kitab suci nggunakake gambaran ngengon; sesebutan-sesebutan kaya ta “Pangon” lan “pepanthan wedhus” lan “Cempening Allah” uga “ditebus kanthi tetesing getih” kabeh asale saka tingak angon wedhus ing ara-ara. Gusti Allah ing sajrone Putrane diwastani Pangon kang becik, kangge negasake hakikat anggone njangkung kita.


b) Gusti Yesus iku lawang kang bener (Yokanan 10:7-10)


YOKANAN 10:7-10
7 Gusti Yesus tumuli ngandika maneh: “Satemen-temane pituturKu marang kowe: Iya Aku iki lawange wedhus-wedhus iku. 8 Sakehe wong kang tekane sadurunge Aku, iku maling lan rampog, lan wedhus-wedhus iku ora padha ngrungoake marang wong-wong iku. 9 Aku iki lawange; sapa kang lumebune metu ing Aku, iku bakal kapitulungan rahayu, sarta bakal lumebu lan metu, apadene bakal nemu pangonan. 10 Maling iku tekane mung arep nyolong lan nyembeleh sarta nyirnakake; Aku iki tekan supaya wedhus-wedhus padha duwea urip, kanthi kaluberan.

Gusti Yesus nyethakake sarirane kang dadi lawang kang tumuju marang pepanthan wedhus kagungane Allah. Ora ana cara kanggo anane patunggalan karo wong-wong kang wis ditebus ing sajrone gereja kajaba lumantar Sang Kristus. Kabeh wong kang mbudidaya gawe agama kang ora ana Sang Kristus ing sajrone agama mau bakal kaya maling kang mbingungake pikiran wedhus-wedhus Allah kanthi wulangan kang luput. Sang Roh suci ora nuntun kita kanthi nggunakake dalan kang liya nanging marang dalam kang ciut yaiku lumantar gusti Yesus. Sapa wae kang ora mlebu metu dalan iku, utawa ora mangan dagingE, lan ora ngombe getihE, ora duwe hak kanggo leladi putra-putrane Allah. Kita dhewe perlu mati kanggo awake dhewe lan mlebu ing sajroning gegayutan kang raket karo Sang Kristus; sebanjure kita bakal dadi perangan saka pepanthan wedhus ngon-ngongone Gusti Yesus.

Kabeh wong kang duwe daya pengaruh kang ana sadurunge utawa sakwise sang Kristus lan ora cukup urip ing sajroning sang Kristus, yaiku para maling kan ngapusi. Gusti Yesus ngandika yen kabeh filsuf lan kang nuwuhake ideologi lan para pemimpin bangsa-bangsa iku rampog, manawa wongwong mau ora pracaya marang Panjenengane lan mbangun turut marang Panjenengane; wong-wong mau nyasarake wong akeh kanthi wulangan lan pakulinane. Nanging para nabi kang bener kang manunggal ing sajroning Sang Roh Kristus lan ngutamakake Panjenengane kanthi ati kang ajur, sowan marang Allah lumantar lawang iku. Gusti Yesus nyawisake wong-wong lan nutur wong-wong mau kango pelayanan kang setyo ing antarane pepanthan wedhus ngon-ngonan Panjenengane lan ara-ara papan ngon-ngonan Panjenengane.

Ora ana wong siji wae kang bisa mlebu ing sajroning ara-ara ngon-ngonan Allah kajaba manawa wong iku wis mati kanggo Panjenengane lan cekelan gusti Yesus kang paring keselametan dheweke. Gusti Yesus andadekake wedhus-wedhus Panjenengane setya minangka para raja lan para imam. Para abdi Gusti kang tulus bakal metu saka lawang iku lan mlebu ing sajroning jagat kanggo ngajak wong-wong liya supaya diselametake. Sebanjure dheweke bali bebarengan karo wong-wong ing sajroning badan Sang Kristus, supaya wong-wong uga manunggal ing sajroning Panjenengane lan Panjenengane ing sajrone wong-wong mau. Para abdi gusti kang mengkono iku ora nganggep awake luwih dhuwuh dibandingake karo wedhus-wedhus kang ana, awit wong-wong kabeh mlebu ing sajroning sang Kristus. Kabeh wong kang manunggal ing sajroning watek andhap asor, nemokake ing sajrone gustine kelakone duwe panguwasa lan kawruh. Ati kang andap asor nemokake ing sajroning gusti Yesus ara-ara kang tukul suket ijo ora tahu nggelani.

Kaping papat gusti Yesus ngelingake marang para pandherek Panjenengane gegayutan para ahli toret lan para imam kang mung golek kamulyane dhewe lan nyasarake wong liya.

Ing wektu iku uga sang Kristus nimbali kabeh manungsa supaya sowan marang Panjenengane, panjenengane bakal maringi urip kang sejati kang kebak kabecikan lan tentrem rahayu, lan andadekake Panjenengane sumber berkah kanggo wong-wong liyane. Kabeh wong kang sowan marang Sang Kristus, dadi etuking kaapikan kang mili kanggo wong-wong liya. Para pangon ora urip kanggo awake dhewe, nanging ngorbanake dina-dina panguripane kangga para wong-wong kang melu dheweke. Sang Roh Allah ora maringi kita urip kang asipat kasuwargan mung kanggo kaselametane kita dhewe, nanging mratelake marang kita para abdi lan pelayan gusti supaya nyingkur awake dhewe lan nresnani wong-wong liya. Kanthi tambahe katresnan bakal ana tambahan kaluberan. Ora ana kang luwih endah dibandingake karo pelayanan kanggo Gusti! Yaiki tegese saka pratela: “supaya wong-wong duwe urip, lan anggone deduwekan iku kaluberan!”

PANDONGA: Gusti Yesus Kristus, matur nuwun awit Paduka dados lawang ingkang nuntun kawula dhumateng gusti Allah. Kawula manembah Paduka awit nimbali kawula ing salebetipun patunggalan kaliyan Paduka, kangge ngladosi Allah lan manungsa. Tulung kawula supados saget nelukake badan piyambak lan manggihaken gesang ingkang sejatos. Paduka paringi kesagetn supados saget menangaken jiwa kadosdene ingakng dipun tuntun dening Sang Roh paduka, lan dados berkah kanggo sadayanipun kanthi keparengipun paduka selaras ingkang paduka paringaken dhumateng kawula.

PITAKONAN:

  1. Apa to berkah-berkah kang diesokake dening gusti Yesus marang wedhus-wedhus kagungane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:56 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)