Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 052 (Disparate views on Jesus)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
1. Pangandikan gusti Yesus ing dina riyaya Tanceping Tarub (Yokanan 7:1 - 8:59)

b) Bedane panemu babagan gusti Yesus antarane wong akeh karo Makamah Agama (Yokanan 7:14-53)


YOKANAN 7:37-38
37 Bareng dina wekasan yaiku nalika gedhe-gedhening riyaya mau, Gusti Yesus jumeneng sarta nguwuh: “Sing sapa ngelak, iku maranana Aku lan ngombea! 38 Sing sapa pracaya marang Aku iku kaya wiraose kitab: Ilen-ilen banyu urip bakal padha mili saka ing batine!”

Nalika wektu riyaya, gusti Yesus kotbah maneh marang wong akeh kang ana latare Pedaleman suci. Wong akeh iku lagi ngenteni Imam Agung ngesokake banyu ing mezbeh. Para imam wis teka bebaarengan kanthi bungah lan seneng arep ngesokake banyu ing ngarsane Allah, sawijining korban atur panuwun, pralambang saka berkah-berkah kang digoleki saka kang nitahake kanggo tahun kang arep teka. Para imam nindakake mangkono iku warisan tradisi saka apa kang dipratelakake dening nabi Yesaya: Ing kono kowe bakal padha ngangsu kalawan bungah ing etuking kaslametan” (red Yesaya 12:3)

Gusti Yesus mirsani jiwa-jiwa kang ngorong iku, kang sinadyana melu ngibadah nanging babar pisan ora ngerti keselametan. GustiYesus nyedhaki wong-wong kang lagi ngenteni kuwi, “Maranana Aku lan ngombea banyu panguripan iku kanthi ora mbayar. Kareben kabeh wong ngrasakake ngelak marani Aku. Aku iki etuking banyu panguripan”

Wong-wong kang ora duwe pepinginan urip selaras karo kersane Allah, ora bakal gelem sowan marang Sang Juru selamet. Nanging tumrap wong kang sumendhe marang Panjenengane, gusti Yesus ngandika, “Kabeh wong kang pracaya marang Aku, lan kang manunggal karo Aku dadi etuking berkah kanggo wong akeh. Kitab suci nyurung kowe supaya duwe iman marang Aku, lan gusti Allah ndawuhake marang kowe supaya marani Aku lan nemokake urip langgeng uga kabungahan”. Kabeh wong kang wani sowan marang gusti Yesus lan ngombe pangandikan Panjenengane lan kang kapenuhan Sang Roh suci bakal ngrasake owah-owahane urip. Wong-wong kang ngelak bakal dadi etuking banyu; wong-wong ala kang mentingake awake dhewe bakal dadi abdi kang setyo.

Apa panjenengan wis ngrasakake anggone gusti Yesus njangkung panjenengan kanthi mangkono panjenengan ngrasakake cukup in urip iki? Gusti Yesus ngersakake supaya panjenengan dadi etuking banyu kang bening. Pancen kudu diakoni yen ati panjenengan ngetokake pikiran kang ala. Nanging gusti Yesus bisa nyuceni ati lan tutuk panjenengan. Kanthi mengkono panjenengan bakal dadi sumber berkah kanggo wong akeh.

Tujuan gusti Yesus ora mung nyuceni jiwa lan roh panjenengan nanging uga badan panjenengan, kanthi mangkono panjenengan bisa dadi pisusung kang urip kang dadi keparenge gusti Allah, kang ngladeni jiwa-jiwa kang ilang. Kang dikersakake Gusti Yesus Panjenengane nyuceni panjenengan wutuh, kanthi mangkono panjenengan ora maneh uri kanggo awak dhewe, nanging nggunakake kekuatan panjenengan leladi kanthi bebas wong-wong liyane. Kabeh wong kang bisa nelukake badane dhewe kunjuk gusti Yesus bakal dadi berkah kanggo wong akeh.

YOKANAN 7:39
39 Pangandikane mangkono iku mau kang dikarsakake yaiku Roh, kang bakal ditampa dening wong-wong kang padha pracaya marang Panjenengane. Dene nalika samana roh suci durung rawuh, amarga gusti Yesus durung kamulyakake.

Saben wong kang pracaya marang gusti Yesus nampani ganjaran Sang Roh suci. Mudhune Sang Roh kanggo manungsa iku sawijinging kaelokan ing jaman kita. Kita isih urip ing sajroning nugraha Sang Roh Suci. Panjenengane dudu mung malaikat utawa roh, nanging Gusti Allah piyambak, kapenuhan kasucen lan katresnan. Sang Roh Suci kaya dene urupe geni kang murni lan ilen-ilen kang kuwat banget. Nalika iku uga Sang Roh suci iku Panglipur kang alus bebuden. Kabeh wong Kristen kang sejati bakal dadi pedalemane Sang Roh suci iki.

Roh kang asipat keallahan iki ora diesokake kabeh lan asipat umum ing jaman Sang Kristus, awit dosa-dosa kang misahake antarane manungsa saka Gustine. Karingkihan kang sak gunung kang misahaken antarane Sang Roh suci karo manungsa. Nanging sakwise gusti Yesus ngrampungake masalah dosa kita kanthi seda, lan mingkrat menyang kasuwargan lan lenggah ing sisih tengen Allah ora ana kang misahake maneh. Panjenengane sebanjure ngutus Sang Roh suci kang kebak katresnan ing sajroning kamanungaalane karo Sang Rama, kang diesokake marang kabeh wong pracaya ing ngendi papan. Allah iku Sang Roh lan bisa ana ing ngendi wae lan sawektu-wektu. Awit saka iku sebanjure bisa manunggal ing sajroning wong-wong pracaya, kang nampani panganpurane dosa-dosane lumantar rahing Sang Kristus.

Sedulur, apa panjenengan wis nampani Sang Roh Suci Allah? Apa panguwasa Sang Kristus mandap atas panjenengaen? Sowana marang gusti Yesus, sumber gumregahe kasukman lan sumbere kabeh kaluberan. Panjenengane maringi jaminan marang panjenengan, “Sing sapa wae marani Aku ora bakal nglih maneh, lan sing sapa pracaya marang Aku ora bakal ngelak maneh”. Lan kanggo sapa wae kang pracaya, kaya dene kang dingandikaake kitab suci, saka ing jeroning wong iku bakal mancarake etuking banyu panguripan langgen kanggo wong-wong liya.

YOKANAN 7:40-43
40 Wong akeh iku bareng krungu pangandika iku mau, ana sawatara kang banjur ngucap: “Nyata yen iku Kanjeng Nabi kang kita anti-anti 41 Liyane calathu: “Iku Sang Kristus.” Lan ana maneh kang ngucap: “dudu, wijile Sang Kristus iku ora saka ing Galilea! 42 Amarga manut wirasane Kitab Suci wijile Wang Mesih iku mesthi saka trahe Sang Prabu Dawud.” 43 Temahane wong golongan padha diya-diniya bab ing ngatasi Gusti Yesus.

Sawetara ana wong-wong kang nalika ngrungokake apa kang dingandikaake Gusti Yesus ngrasakake panguwasa kayekten, lan sabanjure tunduk marang panguwasa iku. Wong-wong mau ana ing ngarepe wong akeh ngakoni yen Gusti Yesus iku nabi, kang ngerti karsane gusti Allah, lan kang bisa ngerti wadi ing sajroning atine manungsa. Gusti Yesus iku nabi kang kapiji kang dijanjekake marang nabi Musa, kang bakal nuntun umat saka Prejanjian Lawas iu saka kamenangan mbaka kamenangan ing sajroning patunggalan karo gusti Allah. Kanthi cara iki sawetara wong ing antarane wong akeh kang krungu pangandikani gusti Yesus mau wani ngakoni yen wong kang asale saka Nazaret iku bener-bener Sang Mesih kang wis dijanjekake.

Nanging, nalar para ahli torat iku mratelakaken, “Ora bakal! Panjenengane asale saka Nazareth, kamangka Sang Mesih kudu asale saka kutha Daud, lan Sang Mesih iku saka tedhak turune”. Sesebutane kang njupuk saka Kitab Suci iki pancen bener. Manawa mangkono kenapa gusti Yesus ora maringi pirsa wong-wong mau yen Panjenengan pancen dilahirake ana ing Betlehem? Ana sawetara jalarane prekara iki: Kang kawitan, Keluarga Herodes ora bakal meneng manawa ana Ratu kang liyane kang beda karo tedak turune. Balane Herodes bakal cemawis mateni puluhan ewon wong supaya keluargane tetep bisa njaga kalungguhane. Kang kapindo, Gusti Yesus babar pisan ora duwe pepinginan ndadekake wong mratobat awit saka alesan sejarah. Gusti Yesus ngersakake nuwuhake kapercayan wong-wong atas landhesan katresnan lan wong-wong mau gelem nampani panguwasa Panjenengane. Awit saka iku Panjenengane ndudut atine wong akeh mau lumantar pakaryane sinadyana wong-wong mau ora ndeleng.

Pirembugan sebanjure wiwit timbul ing antarane wong akeh kang ana, lan wong akeh mau kapilah dadi sawetara golongan. Sawetara wong ngakoni yen Gusti Yesus pancen Sang Mesih, wong liyane nampik prekara iki. Wong kang jaga Pedaleman Suci wis cemawis bakal nyekel gusti Yesus. Nanging panguwasa Pangandikan Panjenengane ngalahake wong-wong mau lan wong-wong mau babar pisan ora bisa nyedhaki Panjenengane.

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula manembah Paduka awit katresnan lan kaagungan Paduka, Paduka menika sumber panguripan. Paduka manunggal kaliyan kawula awit iman kawula. Paduka sampun ngesokaken Sang roh suci paduka dhumateng kawula. Sipat keallahan paduka sampun dados darbek kawula krana iman, kawula ingkang dados tiyagn dosa. Awit paduka sampun nyucekake kawula kanthi rah Paduka, supados kawula gesang ing salami-laminyo.

PITAKONAN:

  1. Kenapa gusti Yesus kagungan hak ngandika: “Sing sapa ngelak maranana Aku supaya ngombe”

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:47 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)