Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 018 (The first six disciples)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
B - KRISTUS MIMPIN PARA SAKABAT SAKA PAMRATOBAT MARANG KABUNGAHAN BUJANA KRAMA (Yokanan 1:19 - 2:12)

3. Enem sekabat kang kawitan (Yokanan 1:35-51)


YOKANAN 1:43-46
43 Esuke maneh Gusti Yesus karsa tindak menyang ing tanah Galilea. Panjenengane pinanggih karo Filipus, banur ngandika: “Melua Aku!”. 44 Filipus mau wong saka ing Betsaida, kuthane Andreas lan Petrus. 45 Filipus ketemu Natanael, banjur dituturi mangkene: “Aku wus pada ketemu karo kang kasebutake dening Nabi Musa sajroning Toret sarta dening para nabi, iyaiku Gsuti Yesus putrane Bapak Yusuf, saka ing Nasaret.” Pangucapte Natanael: “Saka Nasaret apa ana barang kang becik”?

Ing ayat-ayat sadurunge kita maca lelakon-lelakon kang dumadi ing sajroning patang ndino terus-terusan. Ing dina kawitan ana utusan teka saka Yerusalem; ing dina kaping pindho Yokanan mratelakake Gusti Yesus dadi cempening Allah; ing dina kaping telu gusti Yesus nimbali murid papat; ing dina kaping papat, Panjenengane nimbali Filipus lan Natanael ing sajroning patunggalan para murid.

Gusti Yesus kang nggoleki Filipus. Ora perlu takon maneh Filipus mesthi wis krungu dhisik saka Yokanan Pembaptis yen gusti Yesus iku ana ing antarane para murid Yokanan Pembaptis. Filipus kaget banget nalika Yokanan Pembaptis nuduhake Yesus iku minangka cempening Allah. Filipus ora wani sowan marang Gusti Yesus. Dheweke kepengin banget tepung karo Gusti, nanging nganggep awake ora pantes tetunggalan karo kang asifat keallahan iku. Awit saka iku gusti Yesus ngrawuhi dheweke, nyingkirake ganjelan ing atine, lan paring dhawuh Filipus supaya ngadeg lan ndherekake Panjenengane.

Gusti Yesus kagungan hak milih manungsa kunjuk Panjenengane, awit Panjenengane kang nyipto, nresnani lan nebus manungsa. Dudu kita kang milih nampani Panjenengane, nanging Panjenengane mirsani kita luwih dhisik; Panjenengane wis nggoleki kita, nemokake kita lan nimbali kita ing sajroning peladosan Panjenengane.

Ora ana wong kang ndherek tanpa ana timbalan, ora ana pelayanan kang migunani tanpa ana dhawuhe Sang Kristus. Kabeh wong kang leladi tanpa dipilih nindakake tugas Kratone Allah, nglarani awake dhewe lan wong-wong liya. Nanging kabeh wong kang mirengake Sang Kristus lan siap mbangun turut, bakal ngrasakaken kawigaten kang kebak asih saka Sang Kristus. Gusti Yesus bakal nanggung jawab atas wong iku ing kapan wae.

Filipus enggal lunga martakake Injil; nalika ketemu karo mitrane Natanael, dheweke martakake kabar baik iku; nyethakake ing sajroning kabar duweke gereja, “Aku padha wis nemokake sang Mesih! Dudu “Aku wis nemokake” nanging dheweke njegur kanthi andap asor ing sajroning pangakon gereja.

Katon yen gusti Yesus maringi ngeti para murid gegayutan karo tujuan saka misine. Yusuf yaiku bapak angkat kang nggedhekake Panjenengaen. Gsuti Yesus babar pisan ora ngrembu gegayutan anggone lahir ing Betleham. Ing wektu iki para murid babar pisan orang ngreti gegayutan lelakon iku.

Natanael iku wong kang pinter gegayutan kitab suci. Awit saka iku dheweke naliti saka kitab-kitab Musa lan para nabi, lan sinau bab janji-janji kang ngarah marang Sang Kristus, lan ngerti manawa Kang Bakal Rawuh iku bakal dilahirake ana ing Betleham saka turune Dawud, lan bakal dadi Raja atas umat kagungane. Natanael nemokake kangelane nampani kasunyatan manawa Sang Mesih dilahirake ing kutha cilik kang malah ora ditulis ana ing Prejanjian Lawas, lan ora ana pameca kang ngarah kutha Betlehem. Natanael eling ana kana ana lelakon pambalela wong-wong zelot yaiku para pahlawan kang mbela negara lan wong kang nganut agama kang ora seneng marang Romawi. Pambalela iku ditumpes lan akeh getih kang wutah.

Kasunyatan-kasunyatan iki ora digatekake dening Filipus. Kabungahane wis gedhe banget awit dheweke wis ketemu karo Sang Kristus. Semangate ngalahake anggone mangu-mangu Natanael. Filipus kandha, kanggo medhot sabet alesan iku, “ayo ndelenga”. Semboyan kanggo penginjilan iki landesan ing sajroning pengalaman marang kayekten, lan bakan nuntun wong supaya “ayo ndelenga”. Aja debatan gegayutan Gusti Yesus, nanging rasakna panguwasa lan patunggalan karo Panjenengane. Paseksen kita ora dilandhesi marang pikiran kang asipat laumnan wae, nanging marang satu pribadi, kang bener-bener Gusti.

PANDONGA: Gusti Yesus ingkang kinasih, maturnuwun atas kabingahan ingkang ngalimputi kawula, ingkang andadosaken kawula wonten ing salebetipun patunggilan Paduka kangge nuntun tiyang sanes dhumateng Paduka. Paringi kawula pepinginan ing batin kawula kangge martosaken ing salebetipun katresnan ingkang saber, lan apunten sadaya raos ajrih kawula, sadaya pepeningan nungko lan isin ingkang kawula gadhai, supados kawula martosaken asma Paduka kanthi kendel.

PITAKONAN:

  1. Kepiye para murid kang kawitan martakake asma Yesus marang wong-wong liya?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:25 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)