Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 043 (The Beatitudes)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS

a) Pocapan Rahayu (Matéus 5:1-12)


MATÉUS 5:4
4 Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal padha kalipur.
(Jabur 126:5; Wahyu 7:17)

Uniné lonceng kang kaping pindho saka katresnané Allah sesambungan karo wong-wong kang prihatin. Sang Kristus ngandika kanthi kebak sih kawelasan, “Aja nangis, awit sawijining jaman anyar kang wis kawiwitan. Lumantar séda- Ku minangka kurban Aku ngalahaké kabéh jalaran wedi lan jalaran prihatin. Sang Roh Allah bakal rawuh kanggo sira lan nglipur sira. Ya Sang Roh Suci iki tentrem lan pengarep-arepMu (Efeus 1:14) Kaprihatinan ing sajroné atimu, kaya ngapa gedhéné wis dikalahaké déning kabungahan lan panglipuran saka suwarga. Sang Kristus ménéhi pengarep-arep marang jagat kita kang kebak kaprihatinan; awit saka iki kabungahan, atur panuwun lan sukarena atas kaselametan Panjenengané kang gedhé. Nyanyian lan kidung syukur kita uga nyanyian gegayutan ngalahaké kaprihatinan kita kang paling jero. Panjenengan enteni rawuhé gusti kang bakal énggal dumadi, awit nalika iku Panjenengané bakal nglakoni pengare-arep kaluhuran kita. Gusti Allah bakal nyirnakaké kabéh eluh saka mripat kita (Wahyu 7:17;21:4; Yésaya 25:8).

Karahayon suwarga yaiku kahanan kepenak kang sempurna lan langgeng. Kabungahan saka gusti kita yaiku “kabuhanan kang luber-lueber, ing tangan kanan Panjenengané ana rasa kepenak kang terus-terusan (Jabur 16:11). Nanging dadi kasenenangan lipet kanggo wong-wong kang wis nyawisaken sakabéhé iku lan “Prihatin ana ing ngarsané Allah). Suwarga bakal temen-teman karasa minangka suwarga kanggo wong-wong kang nandhang sangsara nalika ana ing jagat iki. Ing kana bakal dumadi panéh kabungahan, minangka hasil saka “Nyebar kanthi tetesing eluh (Jabur 126:5-6); Gunung kabunghan, menyang mrana dalan kita lumantar panangis (Jabur 30:50).

MATÉUS 5:5
5 Rahayu wong kang alus ing budi, awit iku bakal padha tampa warisan bumi.
(Jabur 11:29; Jabur 37:29)

Wong kang alusing budi bakal ngaso kanthi tenang. Wong-wong mau padha pasrah lan sujud ing ngarsané Gusti Allah, pasrah marang pangandikan lan teken Panjenengané wong-wong mau ndhérék pitedah Panjenengané lan mbangun turut marang rancangan Panjenengané. Wong-wong mau asikep alus budi marang manungsa lan manggul kabéh adu-adu tanpa dadi kobong awit prekara iku. Wong-wong mau bakal milih meneng, utawa ménéhi wangsulan kanthi alus, lan kang bisa nuduhaké anggoné ora seneng menawa wektuné tekan, tanpa kudu kacancang nindakaké kang ora pantes. Wong-wong mau bisa tetap adhem nalika kabéh wong liya panas lan ing sajroné kesabarané tetap bisa ngendaleni awaké, bisa uga wong-wong liyané ora nguwasani awake. Wong-wong mau alus ing bebuden, kang arang banget lan angel banget kanggo di adu-adu, wong-wong iku cepet lan gampang dadi tenang. Wong-wong alus budi iki bakal milih ngapura rong puluh tatu-tatu tinimbang karo males awit wong-wong mau pancen banget nguwasani jiwané dhéwé.

Wong-wong kang alusing budi yaiku wong-wong kang temen-teman diberkahi, malah nalika isih ana ing jagat iki. Wong- wong mau kalimputan rahayu, awit wong-wong mau ndhérék Gusti Yésus kang ngandika: “.... Nggegurua marang Aku, awit aku iki alus lembah ing budi... (Matéus 11:29). Wong-wong mau nuladani sang Kristus,kang bisa ngendaleni kanepson-E, kang ora duka mawurahan ing sajroné bebendu-Né. Wong-wong mau diberkahi lan ngrasakaké rahayu, awit wong-wong mau duwé kabungahan saka Gusti kang banget déning kepenak, ora diganggu apa waé. Wong-wong mau cocok banget kanggé sesambungan, kahanan, lan pamitran kang kepiyé waé- wong-wong mau wis cocok kanggo urip lan ora ana prekara karo bab pati.

Nanging wong-wong kang duwé kalungguhan, para pemimpin, wong-wong sugih lan wong-wong gumunggung bakal prihatin nalika Sang Kristus rawuh manéh. Wong-wng mau bakal nglokro awit wong-wong mau ora wanuh karo watonan dhasar saka paugeran Allah lan nerak paugeran mau. Wong-wong mau bakal ditelukkan marang paukuman kang wengis lan dikalahake. Sang Kristus kang andhap asor bakal duwé bumi bebarengan karo kabéh wong kang wis nampeni Panjenengané lan ngrubah hakikate saka patrap kasar lan wengis marang alusing budi.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé wong-wong kang andhap asor lan dudu wong kang duwé kalungguhan kang bakal marisi bumi?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 06:40 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)