Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 042 (The Beatitudes)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS

a) Pocapan Rahayu (Matéus 5:1-12)


MATÉUS 5:3
3 “Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku kang padha nduwéni Krato ing Swarga.”
(Yésaya 57:15)

Sang Kristus miwiwiti Kotbah-E kanthi ngandika rahayu, awit Panjenengané rawuh ing jagat iki kanggo nylametaké lan amberkahi kita. Panjenengané rawuh ora mung kanggo nyawisaken sawetara berkah-E kanggo kita, nanging Panjenengané ngesokaké kabéh berkah-E marang kita (Efesus 1:3) Panjenengané nindakaken kabéh iku “minangka kang kagungan hak nindakake”, minangka Kang bisa paring dhawuh anané berkah lan nugraha urip langgeng. Panjenengané nawakaké berkah-E makaping-kaping, dikaya Panjenengané wis paring prasetya marang wong-wong kang mratobat. Panjenengané ngarani wong-wong mau minangka “wong kang diberkahi lan wong kang asukarena” lan andadekaké wong-wong mau mengkono, awit wong-wong mau diberkahi Panjenengané pancen banget déning kaberkahan.

Prejanjian Lawas dipungkasi kanthi “Sawijining ipat-ipat (Maleakhi 4:6 (3:24), paugeran Prejanjian Anyar kawiwitan kanthi pangandikan rahayu lan “Berkah”. Kita ditimbali kanggo nampeni warisan berkah Panjenengané.

Sang Kristus ngyakinaké kita, luwih dhisik, yén ora ana wong siji waé bisa mlebu ing Kraton Suwarga manawa ora lumantar Sang Roh suci. Gusti Yésus maringaké Roh Suci Panjenengané marang kita kang mbuka dosa-dosa kita lan kekarepan ala kita. Panjenengané ngejur patrap gumunggungé kita supaya kita bisa teluk lan ngakoni yén kita, kang mlarat lan sangsara, iku dosa lan luput ing ngarsané kasucén Allah lan katon cemer menawa digayutaké karo kasucén lan kabecikan kaluhuran Panjenengané. Kita ngerti patrap mentingaké awak kita ing sajroné pepadhang katresnan Panjenengané lan apus-apus kita ing sajroné Kayektén Panjenengané. Rahayu panjenengan manawa Sang Roh Allah wis mbukak dosa-dosa panjenengan, nuntun panjenengan marang pamratobat kang setyo lan nyarasaké wutané kasukman panjenengan. Sebanjuré lawan suwarga binuka jembar kanggo panjenengan awit mung wong dosa kang mratobat waé kang bisa sowan marang Allah. Wong dosa kang mratobat kang sowan marang gusti ora mung mlebu Suwarga, nanging nduwéni suwarga iku minangka warisan kang langgeng kaya-kaya wong iku wis anduwéné warisan iku saka kelanggengan.

Banget ngedap-edapi yén Gusti Yeseus milih para murid ssaka antara para pandhérék Yokanan Pembaptis. Para murid Yokanan wis ngakoni kabéh dosané lan dibaptis ing kali Yardén. Mung wong-wong kang ajur ati, kang mratobat, kang bisa mlebu ing Kratoné Allah. Pangandikan rahayu kang kawitan yaiku jangkah kang ora bisa diteruskan kanggo tumuju kabéh pangandikan rahayu kang liyané.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé “wong kang mlarat ing budi ing ngarsané Allah” mlebu ing sajroné suwarga?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 06:38 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)