Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 070 (Practical Result of the Knowledge that Christ is coming again)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 3 - Bebeneré Gusti Allah Ana Ing Uripé Para Pandhéréké Sang Kristus (Rum 12:1 - 15:13)

7. Kasil saka pangertén menawa Kristus bakal rawuh manéh (Rum 13:11-14)


RUM 13:11-14
11 Prekara tresna tinresnan kuwi kudu padha koktindakaké, sebab kowé ngerti yèn saiki mangsané kowé padha tangi saka enggonmu turu. Sebab mangsané enggon kita padha kaslametaké kuwi saiki wis luwih cedhak ketimbang karo dhèk biyèn, nalika kita manjing precaya. 12 Benginé wis mèh entèk, saiki wis mèh raina. Mulané ayo padha marèni nglakoni penggawé kang dilakoni ana ing petengan, lan ayo padha nggunakaké gegamaning perang ana ing padhangan! 13 Tingkah laku kita sing becik, kaya déné wong sing urip ana ing wayah raina. Aja padha nguja pakareman mangan lan endem-endeman, aja laku jina sarta ngumbar hawa-nepsu, aja padha tukar padu lan aja kemèrèn. 14 Nanging Gusti Yésus Kristus sing nemtokaké, apa sing kudu koktindakaké, karebèn aja mung padha nuruti pepénginaning daging sing dosa, mburu marang kemaremané hawa-nepsu.

Rasul Paulus nyebataken wonten ing layangipun bilih pasamuwan Rum nderek lelabuh wonten ing panganti-anti dhumateng rawuhipun Sang Kristus ingkang sampun caket. Tiyang-tiyang pitados nyipati tandha-tandhaning jaman pungkasan, lan caketing roh pangwasa antikristus wonten dirinipun Kaisar Rum. Tiyang-tiyang pitados sami ngajeng-ajeng ningali rawuhipun Putraning Allah ing kamulyan lan mapag tiyang-tiyang pitados dhumateng kaswargan.

Paulus nyuwun para penderekipun Sang Kristus supados boten sembrana sacara rohani, nanging mangertos dhumateng kawontenaning karohanenipun, lan mangertos dhumateng karahayon ingkang jangkep, ingkang kawiwitan wonten ing gesang kita kalayan dedununging Roh Suci minangka jaminan pangluwaran kita. Pyambakipun ngengetaken kita saya caketing rawuhipun Sang Kristus ingkang arsa ndamel kita ngagem pangwaos, kamulyan lan kasaenanipun Gusti. Daluning donya punika sampun meh langkung, pepadang enjing mratandani bilih satunggaling dinten ingkang enggal bade enggal kelampahan. Paulus mangertos bilih pigesangan kita punika namung pacawisan tumrap kelampahaning kalanggengan, ingkang tinitah wonten patunggilan kaliyan Sang Rama lan Sang Putra wonten pangwasanipun Roh Suci.

Lajeng, minangka asiling pangertosan punika, Paulus ngendika: “Rucaten pagaweaning pepeteng, lan nganggoa praboting pepadang. Buangen dosa saka uripmu. Ngrasuka patraping Sang Kristus ana ing pangwasane Roh Suci.” Tangining karohanen punika ateges nglawan pepeteng wonten gesang kita, lan kadang kala ugi wonten greja kita. Injil lan woh-wohing Roh Suci kedah ketingal wonten ing pigesangan lan kasangsaran kita.

Paulus mangertosi kasunyataning tiyang-tiyang ingkang boten tepang kaliyan Allah, ingkang kasurung hawa nepsunipun kados kewan. Tiyang-tiyang menika namung nedha, ngombe lan bebranahan; temah sami kedelep ing raos sengit, meri lan medit. Katresna tanpa Allah punika awon, risak, nistha lan kasar, temah tiyang namung berjuang kangge diri pribadinipun pyambak, lan kanthi tanpa isin ancik-anciking karingkihanipun tiyang sanes.

Rasul Paulus ngalami pyambak pakaryaning manusa pepeteng; pyambakipun ugi ngalami pigesangan ingkang enggal wonten ing Sang Kristus, lan nyuwu dhumateng tiyang-tiyang pitados ing Rum supados boten namung marem kaliyan iman dhumateng Sang Kristus, namung supados ngrasuk gesang sacara rohani wonten ing Gusti Yesus Kristus. Ngrasuk gesang wonten ing Sang Kristus mratandani cak-cakaning kapribadenipun Sang Kristus, lumapah ing jejering pigesanganipun Sang Kristus, mbangun turut dhumateng pepakenipun, lan ngaturi Roh Suci ngendhaleni lan mimpin saha nuntun pigesangan, temah woh-wohipun Roh Suci saged kawujudaken kanthi nyata wonten ing pigesanganipun.

Wonten satunggaling pitakenan: Menapa panjenengan wonten ing Sang Kristus, utawi taksih mentingaken diri pribadi, gesang kangge diri panjenengan pyambak, lan boten kagem Gusti? Gusti Yesus sampun ngluwari panjenengan saking kasombongan panjenengan, saking ngajeng-ajeng diri pribadi, lan pitados dhumateng arta, lan saking hawa nepsu. Guleting rearaosan antawisipun Roh Suci kaliyan badan lan pikiran awon kita dados wujuding pacawisan tumrap rawuhipun Sang Kristus.

Pramila saking punika, Rasul Paulus ngengetaken tiyang-tiyang Kristen sami nyangkul praboting prang rohani; sanes kangge prang lumawan mengsah, nanging kangge ngawonaken pacoben lan hawa nepsu kadagingan, sarta supados kapenuhan ing sih katresnan lan kasucenanipun Sang Kristus.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula mulyakaken Paduka amargi Putra Paduka dados tuladha marang kawula ngnenai gesang ingkang patrap. Tulungana kawula lumantar kwasa Roh Suci supados kawula ngugemi sang Kristus, lan dados tiyang-tiyang pracaya ingkang setya, nyiapakan dhiri kanggé rawuhipun Juruwilujeng kawula malih, Gustining para gusti.

PITAKON:

  1. Apa kasil saka piwulang babagan urip kang patrap lan sesambungané karo konduré sang Kristus kang sangsaya caket?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 08:13 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)