Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 069 (Summary of the Commandments Concerning Men)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 3 - Bebeneré Gusti Allah Ana Ing Uripé Para Pandhéréké Sang Kristus (Rum 12:1 - 15:13)

6.Kesimpulan babagan titah-titah ngenani manungsa (Rum 13:7-10)


RUM 13:7-10
7 Mulané padha mbayara marang pangwasa apa sing dadi kuwajibanmu; yèn pajeg ya pajeg; yèn hormat lan pakéring, iya ngurmatana lan padha éringa. 8 Aja padha duwé utang marang sapa waé, kejaba utang katresnan marang padha sedulur. Sapa sing tresna marang sapepadhané, kuwi sing nglakoni angger-anggeré Gusti Allah. 9 Awit angger-angger sing muni: "Aja laku bédhang, aja mematèni, aja nyolong, aja mélik" lan angger-angger liyané, kuwi kabèh wis kecakup ana ing dhawuh: "Tresnaa marang sapepadhamu dikaya enggonmu tresna marang awakmu dhéwé!" 10 Sapa sing tresna marang pepadhané kuwi ora bakal nandukaké piala marang pepadhané mau. Sebab sing nandukaké katresnan, kuwi padha karo nglakoni angger-anggeré Gusti Allah.

Pamarentah lan kawontenaning ekonomi negari Rum sanes prekawis ingkang penting tumraping tiyang-tiyang pitados ing jamanipun Paulus, awit tiyang-tiyang Kristen namung minoritas, golongan alit, lan boten nggadhahi pengaruh menapa-menapa tumrap lampahing pamarentahan. Awit saking punika, Rasul Paulus ngéngetaken supados tiyang-tiyang Kristen sami netepi tanggel jawab lan mbayar pajeg tanpa apus-apus lan urik, supados netepi pranatan ingkang katetepaken, lan ngurmati peranganing pamarentahan, kanthi pangertosan bilih ndedonga kagem tiyang-tiyang dosa lan pamarentah punika dados tanggel jawabipun tiyang-tiyang Kristen supados pamarentah saged tumindak wicaksana lan adil. Nanging kawontenanipun negari Rum kwalik kaliyan ingkang samesthinipun. Pamarentah nglawan Sang Kristus, lan netepaken supados mejahi tiyang-tiyang Kristen ingkang boten purun nyembah Kaisar, lan sami dipun uncalaken dhumateng kewan galak supados pejah kamangsa sineksenan dening tiyang kathah.

Paulus pyambak kalairaken minangka warga negari Rum. Pyambakipun ngrumaosi tanggel jawabipun dhumateng negari ingkang ngereh punika, lan kepengin ngecakaken dawuhipun SANG KRISTUS, “Aturna marang Kaisar apa ingkang dadi kagungane Kaisar, lan aturna marang Allah apa ingkang dadi kagungane Allah.” Sesambetan kaliyan greja, pyambakipun pirsa bilih anggeripun Sang Kristus punika langkung inggil tinimbang sadaya pranatan ing donya, awit Yesus dawuh, “Kowe pada dakwenehi pepakon anyar, yaiku supaya kowe pada tresna-tinresnanana dikaya anggonKu wus tres marang kowe, kowe iya pada tresna-tinresnanana. Kanthi mangkono saben wong bakal pada weruh yen kowe pada dadi siswaKu, yaiku manawa kowe pada tresna-tinresnan.” (Yoh. 13:34-35).

Meanwi sadaya tiyang Kristen sami tresna-tinresnan -kados dene Yesus nresnani para siswanipun- lan lados-linadosan, tiyang-tiyang Kristen punika sampun netepi pepakenipun Yesus. Katresnan ilahi punika pepaken lan pranatan tumrap greja, lan Roh Suci dados kakiyatan ingkang dipun betahaken kangge netepi pepaken punika. Ewasamanten, Sang Kristus boten murungaken pepakenipun Nabi Musa “tresnanana pepadamu kaya tresna marang awakmu dewe” (Kaimaman 19:8).

Paulus nerangaken pepaken punika lumantar perangan ingkang kaping kalih saking 10 pepaken ingkang nyebataken: Aja sengit, utawa memateni. Aja laku jina. Aja urip nistha. Aja nyenyolong, nanging tandang gawe ingkang sengkut. Aja meri marang wong liya marga kasugihane, nanging cukupana uripmu kalawan apa ingkang diparingake Allah marang kowe. Pambangun turut dhumateng sadaya pepaken punika dados jangkeping pepaken tresna dhumateng sesami.

Sang rasul boten ngendika kanthi kebak emosi, nanging pyambakipun nandhesaken bilih nebihi laku jina dados wiwitan ingkang paling wigatos kangge ngetrapaken katresnan ingkang sejatos. Pyambakipun ngengetaken bilih katresnan ilahi, inggih punika katresnan agape, kedah ngawonaken katresnan brai utawi katresnan eros.

Katresnan ingkang sejati boten kapanggihaken wonten ing watak mentingaken diri pribadi, nanging kapanggihaken srana nggatosaken tiyang-tiyang ingkang mbetahaken lan ngladosi tiyang-tiyang mekaten langkung rumiyin. Menawi kita lelabuh ing kasisahan, rubeda lan kasangsaranipun tiyang-tiyang sanes, kita sampun ngantos nuwuhaken kasisahan, masalah utawi kasangsaran dhumateng sinten a kemawon, nanging malah kedah mitulungi pyambakipun saking pakewed, nglipur saking kasisahanipun, lan nyengkuyung sadaya kabetahanipun.

Pitakenan “Sinten sesami kawula?” sampun dipun wangsuli dening Sang Kristus. Sesami punika sanes tiyang-tiyang ingkang tunggil kulit daging kaliyan panjenengan, nanging sadaya tiyang ingkang cket kaliyan panjenengan ingkang panjenengan panggihi lan panjenengan sumurupi lan ingkang ngajeng-ajeng pitembungan ingkang sae saking panjenengan. punika ugi kalebet pawartosing Injil dhumateng tiyang-tiyang sanes, awit “...boten wonten karahayon wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Gusti Yesus Kristus, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhumateng manusa, ingkang dados margining karahayon kita” (Pr. Rasul 4:12).

PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus Kristus, kawula manembah dhumateng Paduka amargi Paduka sampun maringaken titah ingkang énggal dhumateng gréja Paduka, lan Paduka sampun maringaken kwasa Roh Suci dhumateng gréja supados gréja saged netepi titah-titah wau. Kawula nyuwun pangapunten menawi kawula tumindak grusa-grusu kanthi manah ingkang wangkot. Tulungana kawula supados saged mangertos kahananipun rencang-rencang kawula, ingkang kawula dongakaken, supados saged amberkahi sedaya kanthi pakaryan kawula kanggé nulungi nyukupaken kabetahanipun; lan wulangana kawula supados saged ngladosi sedaya wonten ing pundi kémawon.

PITAKON:

  1. Kaya ngapa Paulus nedahaken ngenani titah, “Tresnanana pepadhamu kaya déné kaya awakmu dhéwé”?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 08:03 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)