Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 031 (The Resurrected Christ Fulfills his Righteousness)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
C - Dadi Mursid Iku Tegesé Sesambungan Kang Anyar Karo Gusti Allah Lan Pepadhaning Manungsa (Rum 5:1-21)

2. Kristus kang wis wungu netepi bebeneré Panjenengané ana ing gesang kita (Rum 5:6-11)


RUM 5:6-8
6 Nalika kita ora keconggah nylametaké awak kita dhéwé ing wektu sing wis katemtokaké déning Gusti Allah, Gusti Yésus Kristus séda kanggo kita para wong dosa. 7 Ora gampang golèk wong sing gelem mati senajan kanggo wong sing bener pisan. Bisa uga ana sing gelem mati kanggo nglabuhi wong sing becik. 8 Nanging Gusti Allah wis ngetingalaké marang kita, sepira gedhéning sihé marang kita, awit Sang Kristus wis nglampahi séda kanggo kita, nalika kita isih padha ana ing sajroning dosa!

Sasampunipun pawartos bab bebendunipun Allah lan pangadilan kayekten, Paulus nuntun kita dhumateng pitobat ingkang tulus, lan ngremuk hawa nepsu kita temahan kita saged kacawisaken kangge nampi pakaryan kaleresan dening iman, gondhelan dhumateng pangajeng-ajeng ingkang ageng, lan ajeg mapan wonten ing sih susetyanipun Allah. Nadyan kita sampun lumebet ing karahayon punika, kita ugi prelu enget dhumateng gesang kita ingkang sampun kawuri supados kita boten dados sombong.

Sadaya kanugrahan karohanen, katentreman, sih katresnan, panyucen, iman, pangajeng-ajeng lan kasabaran boten tuwuh saking diri kita mekaten kemawon, utawi kakiyataning kamanungsan kita. Sadayanipun asil saking sedanipun Gusti Yesus, ingkang maringaken gesangipun sanes kagem sadherekipun ingkang dipun tresnani, nanging kagem sadaya tiyang ingkang boten tepang kaliyan Allah, lan ing pamawasipun Allah, kalebet kita. Manusa punika kados bom piawon. Manusa punika nistha lan boten namung tumrap dirinipun piyambak, nanging ugi tumrap tiyang-tiyang sanesipun. Lah mekaten Sang Kristus nresnani lan seda kagem kita.

Saking andhap asoring manah punika, kita ningali katresnanipun Allah ingkang ageng. Awis sanget kita manggihaken tiyang ingkang sumadya ngurbanaken sekecaning gesang, wekdal, kasugihan lan gesangipun, kangge ningkataken karaharjanipun sedherek ingkang saweg nandhang sakit. Tetiyang purun ngurbanaken gesangipun kagem negari, kagem anak-anakipun, nanging boten wonten tiyang ingkang sumadya ngurbanaken gesangipun kagem tiyang awon, penjahat, lan mengsah-mengsah ingkang sampun katampik, kejawi namung Allah pribadi.

Wewaton punika mbangun puncaking iman kita. Nalika kita taksih dados satrunipun Allah ingkang boten mbangun turut, ingkang maha suci punika nresnani kita. Panejenganipun ngrukunaken dhiri kaliyan tiyang-tiyang dosa, wonten ing Putrnipun,lan seda minangka tebusan tumrap dosa-dosanipun manusa ingkang nyedani Panjenenganipun. Boten wonten katresnan ingkang langkung ageng saking punika, inggih punika tetiyang ingkang karsa masrahaken gesangipun kagem para mitranipun. Saking dawuhipun Sang Kristus punika, kita nyumurupi bilih Panjenenganipun nyebat para mengsahipun minangka para mitranipun, awit Panjenenganipun nresnani sadayanipun, malah lila seda kagem tiyang-tiyang punika.

Sih katrenanipun Allah dhumateng kita saestu ageng temah Panjenenganipun ngapunten sadaya dosa kita ing kajeng salib malah saderengipun kita nindakaken katresnan, lan saderengipun kita kalairaken malih. Pramila saking punika, kita boten prelu nindakaken upaya menapa kemawon kangge nglereaken diri kita piyambak, nanging namung prelu nampi kanugrahanipun Allah punika, lan pitados bilih kita sampun kaleresaken, lajeng pangwaa karahayonipun Gusti Yesus bade kawujudaken wonten gesang kita.

RUM 5:9-11
9 Marga saka sédané Sang Kristus, kita saiki wis padha katunggilaké karo Gusti Allah. Mulané saiki kita saya luwih yakin, yèn kita mesthi bakal padha dislametaké déning Sang Kristus saka bebenduning Allah. 10 Biyèn nalika kita padha memungsuhan karo Gusti Allah waé, padha didadèkaké mitrané lantaran sédané Kang Putra, luwih-luwih saiki bareng kita wis padha dadi mitrané Gusti Allah, mesthi bakal padha dislametaké déning wunguné Gusti Yésus! 11 Ora ngemungaké kuwi waé. Kita padha bungah ing patunggilané Gusti Allah, lantaran Gusti kita Yésus Kristus, sing dadi margané kita padha dadi para mitrané Gusti Allah.

Samangke, kula aturi bebingah lan sukarena ing salebeting kagirangan. Karana kita sampun dipun leresaken ing ngarsanipun Allah awit iman kita nunggilaken kita kaliyan Sang Kristus. Iblis boten nggadhahi wenang ndakwa kita malih. Rahipun Sang Kristus sampun ngresiki badan lan jiwa kita. Kawontenan ingkang enggal punika bade langgeng salaminipun, karana sapaatipun Gusti Yesus bade nylametaken kita saking bebendunipun Allah ing dinten pangadilan.

Paulus ngantepaken yektosing kaslametan wonten gesang kita srana paring katrangan mekaten:

Sepisan: Kita karukunaken kaliyan Allah nalika kita taksih gesang wonten ing sesatron lan pamurangsarak dhumateng Panjenenganipun. Pirukun punika tanpa pamawas kita, lan tanpa pitumbas saking kita. Malah kita boten saged lan boten pantes kangge miwiti pirukun punika, ingkang pancen namung saged kelampahan awit kanugrahan kemawon. Pirukun punika namung saged kelampahan lumantar Putranipun Allah, inhgkang sampun manjlama dados manusa lan seda kagem kita.

Kaping kalihipun: Menawi sedanipun Gusti Yesus njalari ewah-ewahan ingkang mekaten, saiba kalangkungipun gesang ingkang kaasilaken dening kaslametan karana Sang Kristus ingkang gesang. Samangke sasampunipun kita lila lan mesti sampun karukunaken kaliyan Allah, kita purun nindakaken karsanipun kanthi gumolonging manah satemah pangwasanipun saged makarya wonten ing gesang kita. Dados, gesang langgeng –ingkang punika saking gesangipun Sang Kristus piyambak- sampun ndhatengi kita lumantar ian kita dhumateng Cempenipun Allah, inggih Roh Suci, jejering Allah lan sih katresnanipun. Ayat-ayat suci punika nandhesaken tentrem rahayu, kabingahan, katentreman lan pepujian ing lebeting manah kita. Rohipun Gusti dados panjering mangsa ngajeng kita ingkang mulya, awit sinten ingkang mapan wonten katresnan, dumunung wonteng ing Allah lan Allah dedalem ing gesangipun.

Kaping tiga: Dados Paulus kagungan kekendelan kangge lumebet ing penggalihan ingkang mulya srana ngandika: “Kita bakal gumunggung/ bebungah ana ing Allah” ingkang ateges bilih Ingkang maha suci pribadi dedalem wonten ing gesang kita, lan kita mapan wonten ing Panjenenganipun, karana kita boten namung karukunaken kaliyan Panjenenganipun, nanging Roh Suci -inggih Allah pribadi- sampun ndadosaken badan kita padalemanipun Allah. Menapa panjenengan bebingah karana dumunungipun Allah wonten gesang panjenengan? Dados tiyang ingkang remuk ing manah, nganggep diri boten saged menapa-menapa, manembah dhumateng Allah, ngangkat kita dhumateng tataran punika.

PANDONGA: Kawula sumujud wonten ing ngarsa Paduka ingkang sampun nyatakaken kwasa Paduka kanthi sinalibipun Gusti Yesus, lan kawula masrahaken gesang kawula dhumateng sih katresnan Ilahi, kang sampun ngrangkul kawula senadjan kawula sejatosipun nggadhai pikiran ingkang nerak lan keblinger. Kawula sampun boten badhe mikir namung gesang kawula piyambak, nanging kawula kepéngin mlebet wonten saklebetipun samudera sih katresnan Ilahi punika.

PITAKON:

  1. Kados pundi sih katresnan Gusti Allah dinyatakaken?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 10:10 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)