Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 030 (Peace, Hope, and Love Dwell in the Believer)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
C - Dadi Mursid Iku Tegesé Sesambungan Kang Anyar Karo Gusti Allah Lan Pepadhaning Manungsa (Rum 5:1-21)

1. Tentrem rahayu, pangajeng-ajeng, dalah sih katresnan manggén wonten ing gesangé tiyang-tiyang pitados (Rum 5:1-5)


RUM 5:1-2
1 Saiki, sarèhné kita wis dirukunaké karo Gusti Allah marga pracaya, urip kita padha tentrem ana ing astané Gusti Allah lantaran Yésus Kristus, Gusti kita. 2 Marga déning pracaya kita, Gusti Yésus Kristus wis marengaké kita padha ngrasakaké sih-rahmaté Gusti Allah, lan saiki kita padha urip wewaton sih-rahmat mau. Mulané kita padha bungah-bungah marga kita nganti-anti bakal olèh panduman kamulyané Gusti Allah!

Manusa kadonyan gesang sesatron kaliyan Allah. Sadaya manusa nindakaken panerak dhumateng ingkang maha suci, karana dosa-dosa kita kaetang panerak. Pramila saking punika, bebendunipun Allah kawujudaken dhumateng sadaya panasar lan kanisthaning manusa.

Sasampunipun Sang Kristus seda ing kajeng salib lan ngrukunaken manusa kaliyan Gusti, kita saged mlebet dhumateng amngsa tentrem rahayu karana Kang Putra sampun nyirnakaken dosa ingkang medhotaken, lan kanugrahanipun Allah ingkang milujengaken sampun kawujudaken dhumateng sadaya manusa. Saiba agengipun berkah, raos lega lan katentreman ingkang wonten ing gesangipun tiyang-tiyang ingkang pitados dhumateng Allah, lumantar Sang Kristus Juruwilujeng. Boten wonten katentreman kagem tiyang-tiyang ingkang nindakaken piawon, lan boten wonten ayeming jiwa, kajawi lumantar kapitadosan dumateng Panjenenganipun ingkang sinalib.

Sang Kristus mijiki lan nucekaken kita sateman sadaya tiyang ingkang pitados dhumateng prajanjian enggal saged nampi hak istimewa ingkang ageng, ingkang prajanjian lami namung kaparingaken dhumateng Imam Agung, ingkang saged mlebet ing papan maha suci setaun sepisan saperlungawontenaken pirukun kagem bangsa Israel tumrap sadaya dosa-dosanipun. Ing titi wanci sedanipun Sang Kristus, slambu ing ngajenging papan maha suci sigar dados kalih, lan karana punika kita nggadhahi hak jumeneng ing ngarsanipun ingkang maha suci. Panjenenganipun nimbali sadaya tiyang supados marek ing ngarsanipun kanthi kayakinan, lan supados ningali bilih Panjenenganipun sanes Allah ing nggegirisi, sanes ingkang numpes, utawi tebih saking kita, nanging Panjenenganipun punika Rama lan Juru wilujeng ingkang kebak katresnan lan sih rahmat. Panjenenganipun ngersakaken pandonga kita, mangsuli panyuwun kita, lan ngagem kita kangge ngundhangaken Injil putranipun, temah berkah pangurbananipun ing kajeng salib saged kabekta dhumateng sadaya tiyang ingkang ngantos-antos ayeming jiwanipun.

Sasampunipun Sang Kristus wungu saking kasedan, Panjenenganipun paring uluk salam kaping tiga dhumateng para muridipun, srana dawuh “Tentrem rahayu anaa ing kowe”. Punika ngemu kalih teges:

  1. Allah wus ngapura kowe saka dosamu marga kasangsaraning Yesus.
  2. Tangia lan lungaa matakake Injil, marga Yesus mrintah kowe: “Kaya dene Sang Rama ngutus Aku, mangkono uga Aku ngutus kowe.” Sinten ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus pinitados nampi tentrem rahayu, sanes namung kagem dirinipun piyambak, nanging ugi supados dados ingkang andum tentrem rahayu ingkang binerkahan dening Sang Kristus, lan kasebat minangka putra-putranipun Allah.

Minangka tambahan kangge tetrem rahayu ing manah, ingkang tuwuh saking anggen kita kaleresaken lan katampi ing damparipun ingkang maha suci, lan ugi timbalan kita mawartosaken kanugrahan, Paulus nandesaken dhumateng kita bilih kita nggadhahi pangajeng-ajeng ingkang nglangkungi akal budi kita: Allah nitahaken kita dados citranipun, nanging karana dosa-dosa kita pramila kita kecalan kamulyanipun Allah ingkang sampun kaparingaken dhumateng kita. Samangke karana pangajeng-ajeng wonten ing manah kita lumantar Roh Suci, Allah mangsulaken kamulyan ingkang sami dhumateng kita, ingkang dados kagunganipun, ingkang sumunar saking Putranipun. Menapa panjenengan mongkog tumrap kamulyanipun Allah? Menapa panjenengan gondhelan bakuh dhumateng pangajeng-ajeng ingkang wonten ing ngajeng panjenengan? Mangsa tembe kita boten namung arupi gagasan, pangira utawi pangajeng-ajeng kemawon, nanging sampun kawujudaken lumantar pangwasanipun Roh Suci wonten ing gesang kita, ingkang dados pratanda yektos tumrap kamulyan ingkang bade kawujudaken ing gesang kita.

RUM 5:3-5
3 Kita iya padha bisa bungah sajroné kasusahan, sebab kita ngerti yèn kasusahan mono njalari sabar, 4 lan sabar kuwi dadi keparengé Gusti Allah, lan apa sing dadi keparengé Gusti Allah kuwi nekakaké pengarep-arep. 5 Pengarep-arep mau ora gawé gelané ati kita, sebab Gusti Allah wis ngesokaké sihé ana ing ati kita lantaran Rohé kang suci. Sang Roh Suci kuwi peparingé Gusti Allah marang kita.

Kita boten gesang ing swarga, nanging wonten ing donya. Kados dene Gusti Yesus ngalami mawarni-warni kasangsaran lan panganiaya, kita ugi bade ngalami, kanthi wontenipun iman ingkang saya ageng lan woh-wohing rohani, pangancam saking manusa, sesakit, lan panggodanipun sang piawon. Nanging Paulus boten nyerat sadaya kayekten punika kanthi luh lan pasambat, nanging srana ngandika: “Kita iya pada bisa bungah sajroning kasusahan, marga ikut dadi pratanda anggon kita ndherek Sang Kristus.” Kados dene kita ndherek Panjenenganipun ing salebeting kasangsaran, kita ugi nderek Panjenenganipun ing salebeting kamulyan. Pramila, sumangga kita tindakaken samukawis kanthi tanpa ngresula, karana Gusti kita gesang lan boten wonten prekawis ingkang saged kelampahan tanpa idi/ ijin saking Panjenenganipun.

Mikul momotaning donya saged murugaken kita nyelaki diri, pejah tumrap kapentinganing diri, murnekaken pikajeng kita lan pambangun turut kita dhumateng tuntunanipun Gusti Yesus. Kasabaran lajeng saged tuwuh ing gesang kita, lan kita ngantepaken pangajeng-ajeng dumateng Gusti Yesus lan pitulunganipun. Wonten ing sekolah kasangsaran, kita sinau kados pundi sumingkir saking karingkihan kita, lan mesthekaken –kados dene Abraham- bilih Allah bade kamulyakaken wonten ing kagagalan kita.

Ing ruwet rentenging karohanen, kita nggadhahi hak istimewa kangge pikantuk piwulang saking lelampahanipun Abraham amargi ing mangsa kanugrahan katresnanipun Allah sampun kaluntakaken dhumateng punjering gesang kita, inggih punika manah kita, lumantar Roh Suci, Allah sejati, ingkang kaparingaken dhumateng kita. Bab 5 ayat 5 saestu elok lan endah “Pengarep-arep mau ora gawé gelané ati kita, sebab Gusti Allah wis ngesokaké sihé ana ing ati kita lantaran Rohé kang suci.” Kaapalna ayat punika, awit punika kanugrahan ingkang awis sanget wonten ing Kitab Suci. Sanes rahmat utawi katresnanipun manusa ingkang katumrahaken dhumateng manah kita, nanging sih katresnanipun Allah ingkang agung, langgeng lan tanpa cacat, inggih Gusti Allah pribadi. Sih katresnan punika boten namung dumunung ing manah kita, nanging ugi mili medal, boten awit saking kasaenan kita, nanging karana rahipun Sang Kristus ingkang sampun ngresiki gesang kita. Karana punika Roh Suci saged dedalem ing lebeting gesang kita, ngewahi badan kita dados padalemanipun Allah. Prekawis kaswargan punika jejer lan pangwasanipun Allah ingkang suci, ingkang kaparingaken dening Sang Kristus dhumateng sadaya tiyang ingkang pitados dhumateng Panjenenganipun. Sadaya tiyang ingkang nampi roh kastresnanipun Allah bade ngalami lair ingkang kaping kalih, lair malih, lan wawasan bab gesang langgeng ingkang wonten gesangipun. Nanging anggenipun Roh Allah dedalem ing gesang kita boten namung ngantepaken tetntrem rahayu kangge kita piyambak, nanging ugi kangge nyantosakaken kasabaran kita temah kita saged kanthi kebak kabingahan sabar dhumateng tiyang-tiyang ingkang ewed dipun adhepi, lan nresnani mengsah-mengsah kita, lan ugi supados kita boten gagal ngrampungi masalah gesang kita. Sang Kristus boten negakaken kita dados lola, nanging maringi kita pangwasa, sih katresnan, lan janji kamulyan ingkang bade kawujudaken ing titi wancinipun.

PANDONGA: Kawula sedaya manembah dhumateng Paduka, dhuh Rama, Putra lan Roh Suci, amarga Paduka kersa nampi kawula sedaya, cacing kang tanpa aji punika, dalah kersa maringaken sih katresnan Paduka ingkang suci dhumateng gesang kawula ingkang fana menika, supados kawula saged gadhah sih katresnan wonten ing kwasa Roh Paduka, lan pracaya menawi gesang kawula saged dados tuladha agengipun rahmat Paduka. Kawula ngucapaken panuwu, muji asma Paduka, lan asukarena amargi saking kersa Paduka manggén wonten ing gesang kawula. Mugi Gusti tulungana kawula seturut klayan sih katresnan Paduka.

PITAKON:

  1. Kados pundi tentrem rahayu saking Gusti Allah dinyatakaken wonten ing gesang kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 05:41 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)