Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 029 (The Faith of Abraham is our Example)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
B - Bebener Srana Iman Sampun Kabikak Kanggé Sedaya Manungsa (Rum 3:21 - 4:22)
3. Abraham lan Daud minangka tuladha bebener lumantar iman (Rum 4:1-24)

d) Kendelipun kapitadosané Abraham dados tuladha kanggé kita (Rum 4:19-22)


RUM 4:19-22
19 Rama Abraham nalika semana wis mèh yuswa satus taun, nanging pracayané ora suda. Pracayané mau ora luntur, senajan nyatané ibu Sarah kuwi gabug. 20 Panjenengané babar-pisan ora mangu-mangu bab prajanjiné Gusti Allah. Pracayané kuwi sing mènèhi kekuwatan marang Rama Abraham, mulané panjenengané bisa tansah memuji asmané Gusti Allah. 21 Rama Abraham yakin yèn Gusti Allah kwasa nindakaké apa sing wis dijanjèkaké. 22 Yakuwi sing marakaké Rama Abraham katampi déning Gusti Allah, kaanggep dadi wong sing nglakoni karsané.

Abraham mireng pamecaning sabdanipun Allah bilih piyambakipun kapiji dados ramanipun katah bangsa. Pitembungan wangsit punika saestu ngeramaken Abraham ingkng dereng kagungan putra jaler, ewasamanten piyambakipun anampi kanthi iman. Piyambakipun pitados bilih Allah paring pangajeng-ajeng dhumateng manusa nalika sadaya pangajeng-ajenging manusa sirna. Abraham sampun gagal ing olahing kapitadosanipun nalika Ismail kalairaken kagem piyambakipun saking wanita abdi saking Mesir. Samangke, nadyan ketingalipun mokal tumrap garwanipun ingkang sampun sepuh kangge nglairaken putra, piyambakipun boten nyawang dhumateng hukumalam, nanging dhumateng ingkang Akarya jagad, ingkang kwaos ngewahi tatananing alam. Abraham boten nyelaki diri pribadi srana nganggep mokal tumrap piyambakipun kangge pikantuk putra jaler saking Sara, garwanipun. Piyambakipun malah ngantepaken kapitadosanipun, ngugemi sabdanipun Allah, sumende dhumateng kayekten langgeng lan yakin bilih Gusti ingkang kagungan kamulyan punika boten dora, lan Panjenenganipun boten nate gagal netepi janji, nadyan penggalihing manusa boten saged nyumurupi kados pundi Allah netepi janjinipun punika.

Gondhelan kanthi bakuh dhumatengkasetyanipun Allah ing salebeting iman punika ingkang kaetang minangka kayekten tumrap Abraham (Pur. Dumadi 15:1-6; 17:1-8)

Sang Kristus nimbali pnjng dinten punika supados andum imanipun Abraham. Menawi kita nyawang diri kita piyambak lan dhumateng lebeting greja kita, kita mrangguli bilih masyarakat kita punika sayah, lumpuh lan pejah sacara rohani. Nanging Sang Kristus arsa maringaken gesang langgeng dhumateng mayuta-yuta tiyang lumantar iman panjenengan lan iman kula. Panjenenganipun arsa mberkahi paseksi kita temah sih katresnanipun maujud lan saya agung kados lintang ing langit. Menapa panjenengan pitados dhumateng janji lan timbalanipun Gusti Yesus bilih panjenengan bade nggadhahi anak-anak rohani lumantar pitembungan iman panjenengan? Menapa panjenengan pitados bilih Allah kwaos ngatasi karingkihan panjenengan, nangekaken greja panjenengan ingkang manget-manget lan mungokaken putra-putra Rohipun saking antawisipun manah ingkang wangkot, kados ingkang kasebataken dening Yokanan Pambaptis: Allah mbangkitaken anak-anak kagem Abraham saking sela-sela ingkang wonten ing ara-ara samun menawi panjenengan boten mratobat kanthi antebing manah? Menapa panjenenganngurmati Allah? Menapa panjenengan sumende dhumateng kamulyanipun Allah lan pitados dhumateng Panjenenganipun, saha boten dados mangu-mangu dhumateng greja ingkang manget-manget lan pratingkah awon panjenengan piyambak? Panjenenganipun kwaos ngagem panjenengan mbekta pangwaosing gesangipun dhumateng tiyang kathah. Kula aturi yakin bilih Allahipun Abraham, Gustinipun Paulus punika ajeg ing kala wingi, dinten samangke lan ngantos salaminipun. Panjenenganipun ngersakaken iman panjenengan, karana punika kamenangan ingkang nelukaken donya, iman kita. Sampun ngantos klendran. Sampun kecalan pangajeng-ajeng, nadyan pakeweding iman kita sampun kelampahan mataun-taun, kados dene ingkang kelampahan ing gesangipun Abraham, ngantos wekasanipun woh alit tuwuh ing lebeting brayatipun, inggih punika Iskak ingkang manis. Nadyan Abraham ngalami momotan, Gusti nyantosakaken rohipun, lan ndadosaken piyambakipun minangka bapa saking para nabi. Gusti kita gesang, lan Panjenenganipun arsa ngleresaken panjenengan lumantar iman panjenengan. Pramila, kaunjukna manah, kaulungna tangan ingkang lemes, lan kabakuhna dhengkul ingkang gemeter, karana Gusti kita gesang, lan Panjenenganipun lumampah ing ngajeng panjenengan ing salebeting paprangan rohani ingkang panjenengan alami.

RUM 4:23-25
23 Tembung "katampi déning Gusti Allah, kaanggep dadi wong sing nglakoni karsané" kuwi ora mung katulis kanggo Rama Abraham thok, 24 nanging iya katulis kanggo kita, sing bakal uga padha kaanggep nglakoni karsané Gusti Allah; yakuwi kita sing padha pracaya marang Gusti Allah, sing wis mungokaké Gusti Yésus, saka ing séda. 25 Gusti Yésus mau ditégakaké déning Gusti Allah nganti séda, marga dosa-dosa kita; Panjenengané kawungokaké saka ing séda supaya ngrukunaké kita karo Gusti Allah.

Kawruh bab iman kita tuwuh dados kayakinan ingkang utuh, kanthi nggatosaken wawasan dhumateng Abraham. Dinten punika, Allah boten namung nedahaken dhiri minangka ingkang maha kawasa, agung lan wados, nanging Panjenenganipun sampun ngutus Putranipun dhumateng kita supados kita saged nepangi sih katresnanipun, kasunyatanipun minangka Rama. Menapa ingkang katingalipun mokal sampun kelampahan, lan Putra ontang-antingipun Allah punika seda kangge nyirnakaken sakathahing dosa kita. Allah ingkang suci boten numpes tiyang-tiyang dosa karana piawonipun, nanging malah ngurbanaken dhiri ngantos seda, temah kita ingkang awon/ jahat saged kawilujengaken. Allah ingkang kebak sih rahmat, katresnan, pangurbanan, kebak kawelasan lan sabar. Mekaten Allah kita punika.

Sareng Sang Kristus wungu saking kasedan, kamenangan pangurbananipun dados kasunyatan. Sang Rama boten nilaraken, nalika Sang Cempe kasalib, Panjenenganipun mungokaken kang Putra ingkang tanpa dosa, lan mbuktekaken bilih pangurbananipun ingkang elok punika selaras kaliyan karsaning Allah. Dados, wungunipun Sang Kristus nandesaken yektosing panyucen kita. Mokal Sang Kristus minggah dhumateng swarga saderengipun pangurbananipun, lan lajeng nyaket dhumateng Allah. Boten! Allah mungokaken Panjenenganipun saking antawisipun tiyang pejah satemah kita saged ningali lan yakin bilih pirukun antawisipun Allah lan jagad sampun karampungaken ing kajeng salib.

Dinetn punika, Sang Juru sapaat kita lenggah ing sisih tengenipun Allah. Panjenenganipun dados pantara antawisipun ingkang maha kawasa kaliyan kita, lan nglampahi wohing pangurbananipun, supados kita boten dados sisah, nanging tansah gondhelan dhumateng iman kita, lan pitados bilih Sang Kristus kwaos milujengaken ngantos sampurna sadaya tiyang ingkang marek dhumateng Allah lumantar Panjenenganipun, amargi Panjenenganipun ngunjukaken sapaat kagem kita ngantos salaminipun. Dados, ing pundi iman panjenengan ing salebeting pakéwed, raos ajrih lan bebaya? Ing pundi pangajeng-ajeng panjenengan gegayutan kaliyan rawuhipun kratoning Allah dinten punika lan kalairan enggal tiyang mayuta-yuta? Sang Kristus sampun ngrukunaken kita kaliyan Allah, lan dinten punika Panjenenganipun gesang minangka bukti panyucen kita kanthi donga sapaatipun. Kula aturi pitados bilih ilining toya gesang mili saking iman panjenengan dhumateng lebeting manah ingkang garing lan pejah. Kula aturi pitados lan sampun mangu-mangu, amarga Sang Kristus saestu gesang.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah, Paduka gesang lan Paduka ingkang ngutus kawula martakaken Injil dhateng saindering jagad. Abdi Paduka Abraham pitados menawi piyambakipun klayan Ibu Sarah, senadyan sampun sami sepuh, bakal gadhah putra amargi saking rahmat Paduka, lan menawi lumantar piyambakipun sedaya manungsa bakal binerkahan. Paringana kekiyatan dhumateng kawula kanggé ngasoraken karingkihanipun iman kawula, dalah kiyatakena iman kawula, saéngga kawula saged pitados dhumateng Paduka senadyan kathah alangan, supados kwasa Paduka kasampurnakaken lumantar karingkihan kawula. Matur nuwun amargi Paduka sampun ngendika bilih wonten mayuta-yuta manungsa bakal kalairaken rohani malih wonten ing jaman sakpunika, amargi Paduka gesang lan kuwaos nganti saklaminipun.

PITAKON:

  1. Apa kang kita sinaouni saking perjuangan imanipun Bapa Abraham?

Sarèhné kita wis dirukunaké karo Gusti Allah merga precaya,
urip kita padha tentrem ana ing astané Gusti Allah
lantaran Yésus Kristus, Gusti kita.

(Rum 5:1)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 05:30 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)