Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 014 (The Wrath of God against the Nations)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
A - Saindering Jagad Wonten Ing Pengaruhipun Si Jahat, Gusti Allah Bakal Ngadili Sedaya Kanthi Bebener (Rum 1:18 - 3:20)

1. Bebenduné Gusti Allah dhumateng bangsa-bangsa dicethakaken (Rum 1:18-32)


RUM 1:29-32
29 Atiné padha kebak piala, duraka lan srakah; padha drengki, seneng gawé pati, kerengan, culika, lan seneng gawé susahé liyan. 30 Padha umuk, lan ngundhat-undhat, ngala-ala jenengé wong liya, sarta sengit marang Gusti Allah. Padha kurang ajar, gumunggung lan gumedhé. Wong-wong mau padha sugih réka kanggo nglakoni piala, sarta nglawan marang wong tuwa, 31 murang-sarak, ora netepi janji, gampang ninggal kuwajiban lan ora duwé welas marang sapepadhané. 32 Senajan padha ngerti yèn manut angger-anggeré Gusti Allah, wong sing padha nglakoni mengkono mau mesthi diukum pati, éwasemono ora kapok, malah iya ngrujuki wong-wong liya sing uga nindakaké mengkono.

Paulus nedhahaken jinis-jinising dosa minangka katrangan tmrap Pepaken Sadasa saking Allah, sanes supados piyambakipun saged wincanten ngingingi bab menika kanthi cara ingkang sae, kados tiyang winasis, utawi njegsani tiyang-tiyang sanes kanthi pamawasipun, nanging supados kita nyumurupu dhiri kita kanthi ajrih asih, lan ningali sakathahing dosa ing pigesangan kita. sinten kemawon ingkang gesang tanpa Gusti ingkang akarya samukawis, kebak dening kalepatan lan tumindak boten adil, karana rohing piawon ngasilaken woh tanpa Roh Suci. Menawi manusa boten gesang ing salebeting Sang Kristus, piyambakipun gesang ing salebeting piawon. Boten wonten kawontenan ingkang netral utawi nanggung.

Gusti Yesus lan Rasul Paulus mapanaken laku jina minangka dosa ingkang angka sepisan. Laku jina medhot sesambetaning katresnan ingkang murni, nyingkiraken kapitayan kasetyanipun sisihan, lan mbikak margi dateng patrap boten pitados dateng wontenipun Allah. Hawa napsuning dosa ngereh sadaya tiyang ingkang boten nyingkur awake dewe ing rehing Allah; umumipun tiyang sami nindakaken laku jina dadosa ing pikiran, pitembungan lan tumindak. Sami najis lan nistha. Menapa panjenengan nepangi dhiri panjenengan piyambak? Ati nurani panjenengan nedhahaken kanthi cetha dateng panjenengan. Pramila, sampun nyelaki lelampahan ingkang sampun kawuri, sumangga dipun akeni sadayanipun.

Menapa panjenengan pirsa bilih manusa tanpa Allah sanes tiyang dosa, nanging tiyang awon? Kenging menapa kathah guru ingkang memulang bab kamanungsan, pasinaon, paladosan sosial, menawi manusa piyambak dasaripun awon lan nistha? Kita boten mbetahaken ewah-ewahan utawi kemajengan, nanging prelu katitahaken malih, lan nganyaraken manah lan pikiran.

Sinte ingkang boten tepangkaliyan Allah, dhemen sanget dateng arta lan mbangun pigesanganipun ing inggiling brahala menika. Dhemenipun dateng arta saya ndadra sareng cacahing artanipun saya kathah. Bab menika mbekta manusa saya tebih saking pangajeng-ajeng Kristen lan tumuju dateng patrap kumenthus lan dateng pangrehing piawon lan pepinginan sengit. Samukawis ingkang dipun kendhaleni dening pikiran ingkang risak menika dipun kebaki raos dhengki, pambujuk, lamis, goroh lan licik. Tiyang ingkang kapenuhan raos dhengki ngginakaken piawon nglawan mengsah-mengsahipun lan ugi nglawan sesaminipun. Tiyang mekaten api-api nedhahaken kasaenan dateng tiyang sanes, nanging sejatosipun manahipun dados susuhing piawon.

Umumipun, dhasaring raos dhengki menika raos meri lan sujana (cemburu) dateng tiyang sanes. Piyambakipun boten remen dateng berkah ingkang dipun tampeni tiyang sanes, karana piyambakipun kepengin langkung sugih lan langkung kasil tinimbang tiyang sanes. Piyambakipun kepengin langkung ayu, langkung pinter lan langkung kajen tinimbang tiyang sanes. Medhit lan raos meri dados sumbering tumindak piawon. Iklan-iklan jaman samangke ngginakaken pamawas dateng raos meri lan murka sran ngunggulaken produkipun kanthi cara menapa kemawon.

Pepenginan ageng ingkang ngrisak menika boten namung nyimpangaken manahipun tiyang saking kasaenan, nanging ugi mbikak margi dateng tumindak memateni, raos sengit, brangasan lan pitenah. Swawi sami enget bilih Gusti Yesus memulang kita bilih mikiraken kemawon tumindak nampik, ngremehaken utawi sengit dateng tiyang sanes menika dosa ingkang sami kaliyan mateni, karana pikajengipun badhe numpes tiyang sanes. Ing ngarsanipun Allah, kita sadaya menika turunipun tiyang ingkang memateni.

Roh ingkang numpes menika kanthi rikat tuwuh ing pitembungan lan tumindak kita menawi kita njalari crah lan sesatron ing antawisipun masyarakat lan kulawarga kita. Dene Roh Suci mbereg pirukun lan tetunggilan ing antawisipun golongan-golongan ingkang sami crah, temah kita saged mbekta pirukun. Menapa panjenengan njalari wor suh lan crah ing antawisipun ingkang boten mbangun turut? Menapa panjenengan nyiramake lisah dateng geni menika? Utawi panjenengan mbekta pangapunten lan pirukun, saha ngrampungi crah, nadyan panjenengan kedah ngurbanaken dhiri?

Pambujuk dados titikaning piawon, ingkang boten kapanggihaken wonten gesangipun Gusti kita. sinten ingkang nindakaken rancanganipun srana goroh, lan mikut tiyang-tiyang prasaja kanthi tembung-tembung ingkang sae, menika anak-anaking piawon. Who-woh saking Roh Allah inggih menika kayekten, blaka lan jujur. Nanging goroh lan sajinisipun tukipun saking piawon. Woh-woh sanes saking naraka inggih menika cariyos goroh, lan ngelek-elek sesami kangge nggunggung dhiri pribadi. Tutukipun kebak wisa, lan sukunipun enggal mirangaken naminipun tiyang sanes. Tiyang gampil nlikung mitranipun piyambak kangge nylametaken dhiri pribadi lan pados pakurmatan.

Sadaya tiyang ingkang nindakaken dosa, sengaja utawi boten, sengit dateng Allah, karana sinten ingkang tresna dateng Gustinipun mesthi nresnani manusa. Nanging menawi panjenengan wicanten kanthi boten sopan dateng tiyang sanes, lan nyenyamah sarta nyupatani tiyang sanes, roh ingkang wicantenan saking panjenenengan kalayan sadaya kakiranganipun menika inggih panjenengan piyambak. Menawi panjenengan sengit dateng tetiyang, panjenengan ugi sengit dateng Allah, awit Allah menika katresnan, lan sinten ingkang gesang salebeting katresnan, gesang ugi wonten ing Allah, angapunten, mberkahi lan nresnani tiyang nadyan ewed dipun tresnani, gesang selaras kaliyan tuking sih katresnan menika.

Kados dene Iblis ingkang kebak raos kumenthus, makaten ugi tiyang-tiyang awon. Sami sumurup ing manahipun, sadaya dosa, laku bengis lan karingkihanipun, lan sami mbudidaya nutupi jiwanipun ingkang awon. Tiyang-tiyang menika sami dados kumenthus, ngongasaken dhiri, rumaos saged ndamel dhiri endah kados merak, ingkang sejatosipun namung ndamel dhirinipun dados aneh sanget. Makaten tiyang-tiyang ingkang bengis dateng tiyang-tiyang miskin lan kasar tanpa welasan. Sami ngladosi hawa nepsunipun piyambak, kebak raos bengis lan watak goroh. Ketingalipun tiyang-tiyang menika sae, prigel lan pneting, sejatosipun sami mireng piyambak bilih Allah nyupatani tiyang-tiyang mekaten kanthi satunggal pitembungan: “tiyang-tiyang bobrok”.

Samangsa mbudidaya mbongkar karingkihanipun tiyang sanes lan ngegungaken dhiri pribadi, sejatosipun tiyang-tiyang menika namung nedhahaken kalepatanipun piyambak, lan rohing pepeteng ing gesangipun katingal ing brayatipun ingkang boten mbangun turut. Tiyang-tiyang menika boten ngajeni tiyang sepuhipun minangka tiyang ingkang ngrimati gesangipun miturut pepakenipun Allah, nanging sami nuntut arta, kamardikan, lan hak, tanpa sedaya lelados, kekurban, nresnani lan makarya. Srana makaten, tiyang-tiyang menika sami ngidak-idak sih katresnan ingkang kaparingaken dateng gesangipun, lan sami ngremehaken tiyang sepuhipun ingkang kirang kawruhipun. Tiyang-tiyang menika sami boten sadar bilih dosa menika kabodhoan ingkang ageng piyambak, dene ajrih dateng Allah dados kawicaksanan ingkang paling ageng. Sedaya tiyang ingkang boten manut dateng Roh Allah boten mangertosi prekawis-prekawis kanthi leres, nanging sami nyawang bilih samukawis menika klintu. Tiyang-tiyang makaten menika sampun kecalan pathokan kangge gesangipun pribadi lan masyarakatipun.

Ing kawontenan makaten, tiyang-tiyang menika boten manggihaken kasagedan kangge setya lan pramila boten saged dipun endelaken. Saben tiyang ingkang boten manut dateng Allah boten badhe saged makarya sesarengan kaliyan manusa. Kasetyanipun Allah ndamel manusa setya, nanging tiyang ingkang gesang tanpa Allah badhe tetep ketriwal, nyasar lan miskin.

Allah kita menika kebak sih katresnan, sih rahmat lan kawelasan. Bilai sadaya tiyang ingkang nilaraken tuking sadaya kasaenan, karana manahipun wangkot kados sela. Tiyang-tiyang menika namung tresnan dateng diri pribadi lan sengit dateng tiyang-tiyang sanes. Kaaturan sami mriksani dhiri panjenengan piyambak! Menapa panjenengan nresnani mengsah-mengsah panjenengan? Menapa panjeengan rumaos welas dateng tiyang-tiyang miskin? Gusti Yesus rumaos welas sanget dateng tiyang-tiyang ingkang sami kocar-kacir lan sangsara karana dosa-dosanipun.menapa panjenengan sengit dateng tiyang-tiyang ing sakiwa tengen panjenengan, utawi panjenengan nresnani tiyang-tiyang menika? Menapa panjenengan boten saged nedhahaken sih rahmat lan kawelasan, utawi menapa Roh Allah nganyaraken panjenengan temah panjenengan saged ngadeg ing ngarsanipun minangka imam kangge makili tiyang-tiyang dosa?

Dosa-dosa kita langkung kathah kabandhing wedhi ing pinggiring seganten. Swawi nepangi Allah, lan lajeng panjenengan badhe tepang dateng dhiri panjenengan piyambak. Sinten ingkang misahaken dhiri saking pribadi tuking gesang patut nampi paukuman lan pejah. Sadaya manusa nandhang dosa wiwit nalika taksih bocah. Panjenengan kedah pejah karana panerak lan dosa-dosa pannjenengan dinten menika. Kasucenipun Allah nuntut tumpesing panjenengan. Panjenengan boten nggadhahi wenang kangge slamet. Sadaya wenangipun manusa namung gorohipun. Namung namung nggadhahi hak kangge pejah karana dosa-dosa kita. panjenengan sliweran ing papan dunung panjenengan nanggel paukuman pejah, sanes aking manusa, nanging saking Allah. Pramila, kapan panjenengan kersa ngewahi pikiran panjenengan lan kanthi temen-temen mratobat?

Menawi panjenengan boten mratobat sawetahipun, dosa panjenengan badhe ngancik ing puncaking karemenan damel dosa-dosa ingkang dipun tindakaken dening tiyang-tiyang sanes. Panjenengan boten namung dosa kanthi sukarena, nanging panjenengan ugi bebingah menawi tiyang-tiyang sanes nindakaken dosa, lajeng mbereg tiyang-tiyang sanes nindakaken dosa, nularaken dosa panjenengan dateng tiyang-tiyang sanes. Menika gegeayuhan ingkang sanget mrihatosaken saking piawon menika. Menapa boten cekap bilih panjenengan piyambak ingkang dados awon? Menapa panjenengan prelu njejemberi masyarakat panjenengan? Swawi mriksani dhiri panjenengan piyambak! Menapa panjenengan marem kaliyan dosa-dosa panjenengan? Menapa panjenengan marem dateng wangkoting tiyang-tiyang sanes? Menapa luh panjenengan boten dleweran ing salebeting pamratobat kangge dhiri panjenengan piyambak lan tiyang-tiyang ing sakiwa tengen panjenengan? Menapa Roh Allah sampun nuntun panjenengan dateng pitobat ingkang satuhu, utawi panjenengan taksih nggadhahi raos kumenthus?

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah, paringana rahmat kanggé kawula tiyang dosa. Paduka pirsa menawi saben tétésing getih kawula ngemu dosa, lan menawi sedaya sél wonten ing badan kawula dados sumbering pikiran jahat. Kawula pantes dipun sirnakaken amargi bebendu Paduka, lan pengadilan Paduka punika adil. Paringana kesabaran dhumateng kawula, ampun Paduka sirnakaken seturut klayan keadilan Paduka. Owahakena kawula sedaya saéngga saged sami uwal saking paukuman neraka. Paringana bangsa kawula lan kawula piyambak pangertosan babagan dosa, lan owahakena manah kawula supados Paduka sageda miwiti wonten gesang kawula titah ingkang sampun diowahaken énggal. Paringana sih rahmat dhumateng kawula, dhuh Gusti, seturut klayan sih katresnan Paduka, dan mugi Roh Paduka tansah manggén wonten ing gesang kawula.

PITAKON:

  1. Menapa gangsal wujudipun dosa ingkang miturut panjenengan paling kathah dipun tindakaken wonten ing dunya sakpunika?

Bebenduné Gusti Allah
tumrap sakéhing dosa lan durakané manungsa kadhawahaké saka swarga
sebab duraka mau ngalang-alangi manungsa nganti padha ora weruh marang kasampurnan

(Rum 1:18)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 06, 2021, at 03:44 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)