Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 118 (Jesus appears to Mary Magdalene)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
B - PATANGEN LAN SANG KRISTUSD ANGGONE NGATONAKE SARIRANE (Yokanan 20:1 - 21:25)
1. Lelakon-lelakon nalika wiwit esuk dina riyaya Paskah (Yokanan 20:1-10)

c) Gusti Yesus ngatonake sarirane marang Maryam Magdalena (Yokanan 20:11-18)


YOKANAN 20:17-18
17 Pangandikane Gusti Yesus: “Aja nggepok marang Aku, awit Aku durung sowan ing ngarsane RamaKu, nanging lungaa nemonono para sadulurKu, lan padha kandanana, manawa Aku arep sowan menyang ing ngarsane RamaKu, lan Ramamu ing ngarsane AllahKu lan Allahmu”. 18 Maryam Magdalena tumuli lunga wewarta marang para sakabat: “Aku wus ndeleng Gusti! Sarta yen kang mangandikani bab-bab iku mau uga Panjenengane

Maryam sujud ing ngarsane Gusti Yesus kanthi kebak pikurmatan, mbudidaya supaya bisa ngambung suku Panjenengane lan nggepok Panjenengane, supados terus cekelan marang Pannjenengane lan ora bakal diculake. Gusti Yesus ora marengake Maryam nggepok Panjenengane, awit katresnan Panjenengane asipat kasukman. Panjenengane wis maringi Maryam Magdalena suwara Panjenengane lan karawuhan Panjenengane, lan ngersakake supaya ana undhak-undhakan iman ing sajrone patunggalan kanthi Tritunggal kang suci. Panjenengane nyethakake gegayutan prekara iki ing sajrone katarangan anggone bakal pisahan karo para murid Panjenengane sawetara wektu sadurunge. Nggepok Panjenengane, lan uga cekelan marang Panjenengane ora bakal bisa andadekake ana patunggalan karo Panjenengane, nanging iman marang kaanane Panjenengan secara kasukman kang bakal manunggalake karo Panjenengane.

Gusti Yesus ngandika marang Maryam Magdalena yen Panjenengane ora bakal tetap ana ing jagat sawise Panjenengane seda; anggone ngatonake sarirane mung sawetara, awit tujuan pungkasan Panjenengane iku suwarga. Tujuan Panjenengane iku mingkrad menyang Suwarga lan bali maneh marang jagat. Dalan kanggo bali marang Allah wis tinarbuka sawise Panjenengane ngorbanane sarirane ing Kayu Salib. Imam Agung kang iki netepake misusungake Korban getih marang Kang Maha Suci. Panjenengane lagi ngandika marang Mayam, “Aja cekelan marang Aku, awit Aku bakal nglakoni kabeh kayekten; Aku bakal dadi pantara kanggo kowe, lan ngebaki kowe karo panguwasane Roh Suci.”

Pangandikan Panjenengane uga nyethakake yen Panjenengane dudu duweke Maryam pribadi, nanging duweke kabeh manungsa, “Balia marang para murid kang liyane lan kandhanana bab Anane Aku, tujuan-Ku lan anggon-Ku munggah menyang kasuwargan”

Kanthi nggunakake pawarta kang dilantarake Panjenengane lumantar Maryam iki, Panjenegnae nglipur para mitra Panjenengane. Panjenengane nyebut para murid minangka para mitra. Kanthi iman kita dadi sedulur Panjenengane, awit salib lan patangan lan urip langgeng saka Panjenengane. Gusti nimbali kita dadi para mitra, ora mung dadi wong-wong kang ditresnani. Keselametan wis diujudi, lan kita ditegasake ing sajrone hak kaangkat dadi putra. Panjenengane ngecap prejanjian bab anggone ngangkat kita dadi putra saka kang asipat keallahan iku lumantar getih Panjenengane.

Apa to hakikat saka pawarto kang kudu dilantarake dening Maryam kanthi lisan marang para murid Panjenengane? Kawitan, yaiku Panjenengane iku gesang. Patemon Maryam karo Panjenenane dadi sawijining bukti sejarah. Kang kapindho, Rama Panjenengane uga Rama kita; kanthi janji iki gusti Yesus nggeret para murid Panjenengane ing sajrone patunggalan kang sempurna karo gusti Allah. Panjenengane ora ngandikan gegayutan Gusti Allah kang adoh banget, kagungan panguwasa lan dadi hakim, nanging panjenengane ngandikaake Sang Rama iku banget nresnani lan cerak banget. Panjenengane ora mung Rama saka Sang Kristus, nanging Rama kita uga. Panjenengane nyebut Sang Rama “Allah-Ku” dadi gusti ing sakabehe. Panjenengane tetap kagungan kasetyan marang Rama Panjenengane, kabeh titah dadi pisah saka Allah awit dosa. Panjenengan ora maneh satru kita kang awit saka dosa-dosa sadurunge, nanging nresnani kita, kang wis diapura lumantar panebusan ing Kayu Salib. Dikaya Panjenengane dumunung ing sajrone patunggalan karo Sang Rama, semono uga Panjenengane ngersakake supaya kita dumunung ing sajrone patunggalan Tritunggal lumantar Sang Roh Suci Panjenengane kang diesokake marang kita, supaya katresnan ambanyu mili metu saka panguripan kita.

Sang Kristus kanthi mengkono andhasari janji bab patunggalan kang kebak ing sajrone lambe wong wadon kang kawitan pisan ndeleng Panjnengane sawise kamenangan Panjenengane atas pati. Maryam mbangun turur, Maryam banjur ngadeg saka anggone sujud banjur mlayu nemoni para murid lan nyeksekake apa kang dialami, martakaken pamitran parama murid karo Panjenengane lan kahanan gusti Allah minangka jejere Rama ing sajrone patunggalan karo kita lumantar sih rahmat. Pawarta iki, kaya slompret kabungahan, ngebaki ati kita kang prihatin ing jaman saiki. Apa kit awis ngrasakake kabungahan awit panampa kita karo Gusti Allah lan patangen panjenengan nggayuh ing urip Panjenengan? Apa panjenengan pracaya marang pawartane Maryam Magdalena minangka jejere juru warta kang kawitan saka pawarta apik yen Sang Kristus wis wungu?

PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun, gustiYesus, ingkang sampun wungu saking seda, manunggal kaliyan kawula, lan nimbali kawula dados mitra Paduka. Kawula mboten pants gadhah gesang patunggilan caket kaliyan Paduka. Kawula ngaturaken panuwun awit paduka paring pangapunten sadaya dosa kawula. Dadosna kawula rasul saking kabingahan kangge sadya tiyang ingkang madosi Paduka.

PITAKONAN:

  1. Apa pawarta Sang Kristus kang dilantarake lumantar Maryam Magdalena marang kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:56 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)