Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 099 (Christ's peace in us defeats the world's afflictions)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
D - PISAHAN ING DALAN MENYANG GETSEMANI (Yokanan 15:1 - 16:33)

6. Tentrem rahayu Sang Kristus ing sajroning kita ngalahake kaprihatinan jagat (Yokanan 16:25-33)


YOKANAN 16:25-26a
25 PituturKu marang kowe iku mau kabeh adhapur pasemon, Bakal ana wektune anggonKu mituturi kowe ora adhapur pasemon maneh, nanging sabarese bae anggonKu martani kowe mungguh Sang Rama. 26a Ing dino iku kowe bakal padha nenyuwun atas saka jenengKu......

Gusti Yesus mratelakake kayekten bab suwarga kanthi nggunakake conto lan pasemon, kang nyimpen wadi kanggo wong-wong jagat, nanging mratelakake marang wong-wong kang ngelih babagan kayekten. Gusti Yesus ngersakake supaya para murid Panjenengane paham marang Panjenengane kanthi cetha, lan duwe pangarep-arep bab rawuhe dina gedhe nalika Panjenengane wungu saka seda, lan mingkrat menyang Suwarga lungguh ing sisih tengene Allah, ngurus Roh keallahan Panjenengane marang para murid. Panjenengane metung kabeh lelakon kang gegayutan karo keselametan iku minangka kang disebut sawijining Dino. Nalika Sang Roh Suci rauh ing jroning ati para pandherek Panjenengane, pangumpama lan pasemon bakal mandheg, awit Roh Sang Krisus bakal nyipta pepadhang ing sajroning ati wong-wong pracaya, kang mungkasi mangsa wulangan kang asipat umpama. Gusti Allah Sang Rama lan Sang putra Panjenengane yaiku Sang Kristus. Tanpa Sang Roh Suci, mula ora bakal ada wong siji manungsa kang bisa wanuh Gusti Allah, nanging Sang Roh saka Sang Putra iku kang nuntun kita marang keluarga Allah.*Apa panjenengan isih duwe bapak ing jagat iki? Apa panjenengan sapa sinapa karo dheweke? Apa bapak panjenengan nggatekake panjenengan? Kabeh iku pitakonan kang alandhesan omongan telenging ati. Ing sajroning tingkat kang luwih dhuwur, pangandikan gusti Yesus lan panglipuran sang Roh suci ngyakinake marang kita yen Gusti Allah iku maha kuwasa, Kang Suci lan gusti Allah pribadi kita kang banget cerak kang temen-temen nresnani kita. Kita iku putra-putra kang disihi Panjenengane, sinadyana kita kabeh iku wong-wong dosa, nanging lumantar rah sang Kristus kita wis dadi suci iang ngarsane Panjenengane. Sang Roh Suci mbuka tutuk kita kanggo donga kang bener, awit Sang Roh iki kagungane sang Kristus. Ing sajroning pandonga kang kasukman Sang Krustus ngandikan marang kita. Panjenengan dongakake apa kang didongakake dening sang Roh Suci. Ing sajroning kayakinan saka Sang Rama lan patunggalan karo Sang Putra. Donga-donga panjenengan bakal dadi pirembukan antarane Sang Roh kang ana ing sajroning panjenengan karo Ramamu kang ana ing suwarga, kang dadi siji karo sang Putra.

YOKANAN 16:26b-28
26b ...Lan ora Daktuturake marang kowe, yen Aku kang bakal nyuwunake kowe marang Sang Rama, 27 awitdene Sang Rama piyambak ngasihi kowe, marga kowe wus padha tresna marangAku, lan pracaya yen Aku iki pinangkane saka ingAllah. 28 Akumijil saka Sang Rama, lan wus teka ing donya; Aku ninggal donya maneh sarta bali menyang ing ngarsane Sang Rama.

Bapak kang ora nresnani anak-anake sejatine dudu Bapak. Kanthi mratelakake bab asma Gusti Allah, Gusti Yesus maringake marang kita wujud kang paling gampang bisa mahami katresnane gusti Allah kang nggumunake. Andadekake asma Gusti Allah dadi kang utama dhewe iku sari pati saka tujuan Sang Kristus. Sing sapa wanuh Sang Rama wong iku wanuh Gusti Allah, lan dirubah dadi putra Allah, dumunung ing sajroning katresnan Panjenengane. Ing sajroning Asma iku kita nemokake Injil sawutuhe lan pengarep-arep bab kelanggengan. Sang Krisus mratelakake marang panjenengan, yen wiwit wektu iku ora diprelokake maneh anane pantara, awit Sang Rama piyambak nresnani panjenengan, lan Panjenengane kebak karo katresnan lan sih rahmat. Awit Sang Kristus seda ing Kayu Salib mula ora ana maneh pepalang antarane kita karo Sang Rama. Iman marang Sang Putra, kang dadi cempening Allah, ngemot Sang Rama anggone ngesokake katresnan Panjenengane marang wong-wong kang nresnani Sang Kristus. Sing sapa ngakoni Sang Kristus iku Allah, wong iku asale saka Sang Rama lan dumunung ana ing sajroning Panjenengane, lan wong iku bisa nyerak marang Tritunggal kang Suci. Wong iku dumunung ing sajroning urip saka sang Rama, lan kapenuhan karo nugraha Rama kang tansah bungah-bungan ing sajroning Sang Roh.

Kanthi saukara, nggambarake gegayutan mukjijat panebusan marang para murid Panjenengane. Panjenengane mandah saka kaluhuran sipat keallahan Panjenengane, lan mlebu ing sajroning jagat, kang kakebaki karo maneka sesatron lan karusakan, nanging sawise Panjenengane nglakoni kayekten bkangg kabeh manunsa ing Kayu Salib, Panjenengane ninggalake jagat kanggi kaluhuran manunggal karo Sang Rama, sumber saka sakabehing panguripan.

YOKANAN 16:29-30
29 Unjuke para sakabate: “Lah, sapunika pangandika Paduka sabaresipun kemawon, sampun boten adpaur pasemon. 30 Sapunika kawula sami sumerep, bilih Paduka mirsa samukawis lan boten susah tiyang munjuk pitaken dhateng Paduka. Pramila kawula sami pitados, bilih pinangka Paduka punika saking Gusti Allah”

Para murid Panjenengane dadi paham bab kaagungan saka katresnan Allah lan sipat langgenge Gusti Yesus. Gusti Yesus iku gusti Allah kang sejati, kang Maha Pirsa, Suci lan langgeng. Nanging para murid ora kelingan yen Panjenengane iku uga katresnan kang ngejawantah dadi manungsa, lan ora nyebut GustiAllah, dadiRama; sinadayana Gusti Yesus makaping-kaping negasake gegayutan kayektoan iki. Para murid nampa kabeh prekara iku mung dikaya teori, nanging ora bisa nyakep hakikat sejati saka kaanane Panjenengane kang sabenere.

YOKANAN 16:31-32
31 Paring wangsulane Gusti Yesus: “ Apa kowe saiki padha pracaya? 32 Lah, bakal tumeka ing titi mangsane malah iya wus tumeka, kowe padha kabuyarake ing saparan-pranmu dhwe-shewe, lan Aku kok tinggal ijen. Ananging Aku ora ijen amarga SangRama nunggul karo Aku.

Kanthi mesem kecut Panjenengane ngandika, “Apa kowe ngangen yen mung kanthi akal budi wae kawe bisa mahami sariraKu kang sabenere? Apa kawruh kang mengkono iku padha karo iman kang sejati? Pendadaran bakal teka, lan bakal nuduhake yen apa kang kok yakini iku ora duwe katresnan. Kowe ora bisa wanuh gusti Allah, awit kowe ora pracaya marang Panjenengane dadi jejere Rama. Kowe kabeh bakal mlayu lan ninggalake Aku dhewekan. Imanmu bakal ngatonake anggonmu ora mantep”.

“Ing sajroning seda Aku ora dhewekan, awit Rama nunggal Aku”. Apa prekara iki lelawanan karo anggone gusti Yesus nguwuh ing kayu Salib?, “Allahku, kenging menapa Paduka nilaraken kula?” Ora, awit Gusti Allah, Kang Suci, nyingidake panon Panjenengane saka Sang Putra, nanging Sang Kristus tetap pracaya bab anane Rama Panjenengane. Anggone gusti Yesus nguwuh nuduhake kasunyatan yen Gusti allah tetap ora owah gingsir. “Kula mboten badhe nilaraken Paduka sinaosa kula mboten ningali Padula. Ing Asta paduka kawula pasrahaken nyawa Kula”. Iman Sang Kristus marang Allah minangka jejering Rama Panjenengane tetap teguh sinadyana ana paukuman atas sarirane kangggo nggenteni kita. Katresnan Sang Putra marang Sang Rama Panjenengane mateni uruping bebendu allah kang ana krana utang kang kita darbeki marang dosa. Pangarep-arep Panjenengane kang terus ajeg mbuka lawang kanggo kita supaya kita bisa ndeleng Sang Rama. Awit anggone seda Panjenengane ing sajroning kekuatan Sang Rama Panjenengane kita bisa kandha, “Aku ora dhewekan, awit Sang Rama nunggal Aku”

YOKANAN 16:33
33 AnggonKu mulangake iku mau kabeh marang kowe iku, supayakowe padha oleha tentrem rahayu ana ing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya.

Gusti Yesus ngringkes pangandikane anggone pepisahan karo para murid kanthi pratela kang banget dening nglipur kanggo para pandherek Panjenengane, “Akuy wis bebarengan karo kowe sawetara wektu, lan mulang kowe yen tentrem rahayu kang saka gusti Allah bakal bisa nguwasani atimu. Wong-wong kang ora pracaya ora duwe tentrem rahayu. Aku, Sang Putra, wis ngapura atimu, lan nyuceni urip batinmu. Dumununga ing sajroning pangandika-Mu. Aku dhewe kang bakal dadi jur bela kanggomu. Kowe ora duwe kang ngayomi ssaka apa wae kajaba saka Aku. Karukunan antarane kowe karo Allah iku landhesan saka tentrem Rahayu iku. Kowe ora duwe telenging ati kang resik tanpa anane pangapura atas dosa-dosa panjenengan nganggo getihKu. Aku wis nylametake kowe lan Roh Ku ana ing kowe. Tentrem rahayu kang saka Aku dudu mung angenan, nanging sawijining kasunyatan. Aku rawuh marang kowe supaya maringi tentrem rahayu marang kowe; tampanen tentrem rahayu iku lan pracayaa marang Aku”

“Aja duwe angenan yen tentrem rahayu bakal kok tampani saka jagat iki. Ora! Ing jagat akeh bebayane: panganiaya, lelara, kajuligan, keweden lan pati. Golongan kang manembah karo paugeran bakal nampik kowe, wong-wong kang lelamisan kaya-kaya agamane kuwat bakal ngremehake kowe. Ewon apus-apus lan falsafah bakal ndadar imanmu. Gumunggung bakal tansah ana ing sacedhakmu. Aja karem dhuwit; banda donya ora bakal agawe kowe tentrem”

“Pahami katresnanKu lan teladanen anggonKu andap asor, dumununga ing sajroning kekarepan kanggo mandumake awakmu lan nyenengake awak. Aku wis ngalahake jagat. Aku ora njaluk apa-apa kanggo awakKu dhewe. Aku ing sajroning hakikat KangSuci saka Allah. Ing sajroning Aku dhawuhe gusti Allah kelakon, “Sucia kowe, awit aku iku suci”, Aku iki kasampurnan ing katresnan, ing sajroning Aku kwe bisa ndeleng Sang Rama.”

Apa panjenenengan wis mahami kepentingan saka tembung-tembung pisahane kang dingandikaake Gusti Yesus? Panjenengane wis netepake panjenengan ana ing sajroning patunggalan karo Sang Rama, kanthi mengkono ati panjenengan bakal selaras karo tentrem rahayu kang saka Sang Kristus. Tentrem Rahayu iku kayekten kang penting banget ing sajroning panguripan wong-wong pracaya. Jagat bakal tetap wae ala lan ngrusuhi panjenengan. Nanging iman panjenengan marang Kang Maha Menang atas pati lan Iblis iku bakal paring kamardikan panjenengan saka geni bebendhuning Allah lan paksisan kang ngedap-edapi. Sing sapa pracaya marang Sang Kristus bakal nampani sih kawelasan Allah. Apa pawarto saka Gusti Yesus iki wis ngebaki panguripan panjenengan? Apa Sang Roh Suci ing sajroning panjenengan wis agawe panjenengan duwe tembung: “Sang Rama iku darbekku, Sang Putra iku Juru selamet, lan Roh Sucidumungung ing sajroning aku, Gusti Allah kang Tunggal dumunung ingaku. Aku dumungun ing sajroning sih rahma Panjenengane”

PANDONGA: Dhuh gusti Yesus Kristus, paduka sampun mimpangaken manah kula, nebus kula dados kagungan Paduka. Paduka sampin njangkung kula ing salebeting pangayoman Paduka saking panjireting si pengawak awon, lan paring kamardikan kula saking kurungan kajuligan. Paduka sampin maringaken gesang langgeng dhumatneg kula. Kula mboten ajrih dhumateng pati, awit kula gadahah pengajeng-ajeng dhumateng Paduka. Jangkung kawula ing salebetipun karsa Paduka, lan kapenuhana kawula kaliyan panguwaos Paduka, kanthi makaten kula badhe ngluhuraken Paduka sesarengan sadaya tiyang mursid, lan manembah Sang Rama. Tulung kula saget nresnani sadherek-sadherek kula, lan ngapunten tiyang sanes saha dados tiyang ingkang mbekta karukunan kadosdena tuntunan Paduka. Kula sumendhe dhumateng Paduka; awit Paduka menika Ingkan Maha Menang.

PITAKONAN:

  1. Kenapa lan kepiye Sang Rama nresnani kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:40 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)