Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 076 (Jesus anointed in Bethany)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
A - MENJELANG MASA MINGGU KUDUS (Yokanan 11:55 - 12:50)

1. Gusti Yesus dijebati ing Betania (Yokanan 11:55 - 12:8)


YOKANAN 11:55-57
55 Nalika samana Paskahe wong Yahudi wus cedhak, lan wong-wong ing kutha kono akeh kang padha menyang ing Yerusalem, arep padha sesuci, sadurunge Paskah iku. 56 Wong-wong mau padha nggoleki Gusti Yesus, sarta kalawan ngadheg ana ing Padaleman Suci, padha sapocapan: “Pandugamu kapriye, apa kirane Dheweke ora bakal nekani riyaya?”57 Anadene para pangarepe imam lan para wong Farisi wus padha ndawuhake prentah, manawa ana wong kang weruh panggonane, tumuli ngaturana uninga supaya kenaa kacepeng.

Paskah iku dina riyaya kang paling utama ing sajroning Prejanjian lawaas, kang ngrayakake pitulingan kang ditampa dening wong-wong Ibrani saka bebendune Allah. Awit saka iku, wong Ibrani urip kabawah pangayomane cempening Allah kang wis dicawisake kanggo wong Ibrani iki. Wong-wong iku sejatine pantes mati, nanging imane nylametake wong-wong mau.

Sepisan setahun wong-wong Yahudi bakal teka ing Yerusalem sakprelu ngaturake panuwun marang gusti Allah kang wis njangkung wong-wong mau saka bebendune Allah. Ing kono wong-wong mau mbeleh wedus kang akeh banget lan mangan daginge. Akeh wong kang umume lunga menyang Yerusalem sadurunge dina iku supaya nampani panyucen lumantar pamratobat lan cemawis padha karo cempening Allah iku. Manawa sawijining wong nyenggol mayit mula wong mau kudu nganakake upacara supaya ora najis ditindake suwene pitung dino, supaya agawe wong iku pantes maneh mlebu ing sajrone Pedaleman Allah (Wilangan 19:11)

Ing mangsa iki wong-wong kang teka jiarah mbudidaya nggoleki gusti Yesus, wong saka Nazaret iku, “apa Panjenengane rawuh utawa apa wong-wong mau ora bakal entuk wewengan ndeleng Panjenengane?” Kepiye wae, wong-wong mau wis ngerti yen Makamah Agama kanthi sesidheman netepake nibakake paukuman pati marang Panjenengane. Wong-wong mau wis njaluk karo wong akeh ing antarane bangsa mau supaya nggoleki gusti Yesus lan ngandakake ana ngendi Panjenengane, banjur bebarengan nyekel Panjenengane. Cangkeme Pati wis tinarbuka kanggo nguntal gusti Yesus.

YOKANAN 12:1-3
1 Nalika Paskah kurang nem dina, Gusti Yesus rawuh ing betania panggonane Lazarus kang wus ditangekake saka ing antarane wong mati. 2 Ana ing kono Panjenengane kasugata dhahar lan Marta ngladeni, dene Lazarus iku panunggalane kang ndherek kembulan karo Gusti Yesus. 3 Maryam banjur njupuk lenga jebad nared tulen kang akeh ajine, bobote setengah kati, banjur dijebadake ing sampeyane gusti Yesus, tumuli diusapi kalawan rambute. Ing sajroning omah kabeh kongsi kebak gandane jebad mau.

Gusti Yesus ora wedi ngadhepi kaculikan para satru Panjenengane, lan tetap nerusake anggone tindak menyang Yerusalem selaras karo karsane Sang Rama. Panjenengane ora mbudidaya nyingidake sarirane, nanging Panjenengane malah bali menyang Yerusalem seminggu sadurunge dina riyaya tekan. Gusti Yesus tindak lewat Betannia, 3 kilometer saka ibukota. Panjenengane rawuh ana ngomah kang biyen tahu mratelakake panguwasane kang ngluhurake Sang Rama kanthi ngalahake pati. Lazarus urip lan bisa mangan uga ngombe lan malah mlaku-mlaku ing pasar kutha mau. Wong akeh ndeleng dheweke, wong akeh dadi gumun ketambahan wedi yen tumempuh tumempuh ing pati lan uga wedi sapa ngiro lagi ndeleng memedi.

Maryam, Marta lan Lazarus wis ngrasakake kamulyane Allah, lan menehi paseksi gegayutan prekara iku, sinadyano Maryam, Martha lan Lazarus diancem dening Makamah Agama. Lazarus nampani gusti Yesus dalah para murid Panjenengane uga nganakake bujana kanthi kebak kabungahan. Lazarus iku mitrane gusti Yesus, lan dheweke lungguh ing sandhinge gusti Yesus kang wis nangekake dheweke saka ing antarane wong mati. apa iki ora menehi gambaran marang kita gegayutan apa kang bakal dumadi ing Pirdus mbesuk? Gusti Allah ora lagi adoh, nanging kita bakal lungguh ing sacedake Panjenengane ing sajroning kamulyan.

Marta, wong kang seneng ngatur omah lan sregep banget, nyawisake apa kang dadi duweke, lan misusungake darbeke, awit Marta ngerti yen gusti Yesus iku sang Mesih kang sabenere, kang menang atas pati. Maria, luwih duwe kawigaten marang prekara-prekara kang asipat batin, lan atur kurmat marang gusti Yesus kanthi carane dhewe. Yaiku nggawa sakbotol kang isi lenga wangi kang larang regane meh padha karo bayarane karyawan suwene setahun. Maryam kepengin ngaturi Gusti Yesus apa kang aji manut pikirane. Nanging Maryam rumangsa ora pantes njebati mestakane gusti Yesus, ya awit saka pikiran iku sebanjure Maryam njebati sampeyane gusti Yesus karo karo barang kang aji dhewe ing uripe. Katresnan iku ora metung apa wae, nanging dipratelakake apa kang paling aji ana ing uripe. Sawise kuwi Maryam ngusapi sampeyane gusti Yesus nganggo rambute. Patrap katresnan iki, patrap kang tulus lan suci, omah iku kakebakan ambu wangi kang ngedap-edapi. Kabeh wong kang ana ing kana bisa ngambu wewangen iki saka pangorbanane Maryam.

YOKANAN 12:4-6
4 Nanging sawijining sakabate Gusti Yesus kang aran Yudas Iskariot, kang bakal ngulungake |Panjenengane, banjur ngucap: 5 “Yagene lenga jebad iku ora diedol telung atus dinar, banjur didanakake marang para wong miskin?” 6 Ujare kang manono iku ora marga dheweke iku mikirake wong miskin, nanging awit ambeke culika, dheweke kerek nylingkuhake dhuwet kang dicekel.

Yudas nresnani dhuwit luwih saka dheweke nresnani gusti Yesus, lan milih bandha donya ketimbang karo iman kang sejati. Awit saka iku dheweke mbudidaya ngreti pisusung iku ana ing gegayutane karo dhuwit, lan nyepelekake makno kasukman kang kakandhut ing sajroning pisusung iku dhewe. Yudas ora bisa nyakep hakikat saka pisungsung, atur panuwun lan anggone Maryam sumarah marang Gusti Yesus. Kabeh wong kang tresna karo dhuwit bakal dadi wong ala. Anehe, Yudas mbudidaya supaya nutupi anggone sengit marang gusti Yesus kanthi alesan-alesan kamursidan kang palsu, kaya-kaya dheweke duwe tujuan nindakake sih kawelasan kanggo nulungi wong-wong mlarat.Sabenere dheweke babar pisan ora mikirake wong miskin iku, lan ora kepengin menehi apa-apa marang wong miskin, nanging malah kepengin njupuk dhuwit iku kanggo awake dhewe. Rasa welas kanggone Yudas mung tutup kanggo nutupi anggone maling. Dheweke nyimpen dhuwit kang akeh banget ing kanthonge dhewe, ketimbang karo kang diwenehake marang wong-wong mlarat. Ora setyo ing prekara-prekara kang cilik, lan malah nyolong ing pikirane lan uga ing tumindake.

Gusti Yesus mbuka apa kang ditindakaken kang dadi bendahara iki, nanging Panjenengane ngejarake nganti pungkasane, sinadyana Gusti Yesus wis pirsa gegayutan kajulikane lan kaluputane Yudas. Yudas iku malibg lan wong ala, kang ngasihi awake dhewe lan teluk marang godhane kasugihan, malah dadi abdi marang pepinginan iku. Sedulur, panjenengan ora bakal bisa leladi marang Gusti Allah lan dhuwie. Panjenengan bakal nresnani kang siji lan sengit marang liyane. Aja ngapusi awak panjenengan dhewe, apa Gusti allah kang dadi tujuan urip panjenengan utawa panjenengan duwe tujuan kanggo duwe urip kang enak?

YOKANAN 12:7-8
7 Gusti Yesus tumuli ngandika: “Nengno bae dheweke tumindak mangkoni, iku kacadhangake kanggo ing dinane anggonKu kakubur. 8 Awit wongwong miskin iku salawase ana ing kowe, nanging Aku iki anaKu ingkowe ora salawase.

Gusti Allah ora ngersakake saka kita kaluwihan, padha ngesokake lengo wangi ing sikile pepadha kita, nanging cukup mbuka mripat kita gegayutan karo kabutuhan wong-wong kang mlarat kang ana ing sakiwa tengen kita. Ora ana golongan, agama utawa ideology apa wae kang bisa nampik pangandikane gusti Yesus yen wong-wong mlarat bakal tansah ana ing sacedhake kita. Nanging patrap mentingake awake dhewe kita kandel banget, lan katresnan kita banget dening tipis. Ora bakal ada watek sosial kasukman ing sajroning jagat iki; lan uga ora bakal kabeh wong nampani gunggung kang padha bab kabisan lan kasugihan uga kaurmatan. Kita kudu nemokake wong-wong kang katindhes iku, kang katolak lan kabuwang ing ngendi papan kita ana kono, ana wetan utawa ana kulon. Ing saben kutha lan uga ing desa, nggoleka wong-wong mlarat lan ing sajroning wong mlarat mau bakal nyawang panon gusti Yesus.

Gusti Yesus prisa bilih manah manungsa iku atos kaya watu lan adhem kaya es. Gusti Yesus wis rawuh kanthi kebak katresnan lan seda kanggo wong-wong mau. Panjenengane uga pirsa yen sang Roh Suci wis nuntun Maryam supaya njebati sukune Panjenengane lan ngusapi nganggo lenga iku kanggo nyawisake sedane. Nalika katresnan kang asifat keallahan mlebu ing sajroning uripe manungsa, mula Sang Roh suci bandhe nuntun tiyang menika kangge ngayuh prekara kang elok kang ora kaangen sadurunge. Maryam duwe pepinginan kanggo ngluhurake tamu kang duwe sipat Allah iku lan awit saka iku Sang Roh Suci nuntun Maryam njebati Panjenengane sadurunge Panjenengan seda. Sang Kristus kang miwiti karungkunan bali antarane jagat kang ala iki karo gusti Allah kang kebak kabecikan lan sih rahmat.

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula nresnani paduka ingkang sampun mungokake Lazarus. Paduka mboten ajrih lan giris dhumateng kubur. Paduka wucal kawula supados misusungake manah lan darbek kawula kangge ngladosi Paduka kanthi samukawis kang wonten ing kawula. Paduka merdikaaken kawula saking tega dhumateng sesami, watek lelamisan, nyolong lan sengit. Kapenuhana kawula kanthi sih susetyo Paduka, lan tuntun kawula dhumateng margi pangorbanan kanthi kebak atur panuwun.

PITAKONAN:

  1. Kenapa gusti Yesus nampani jebatane Maryam?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:20 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)