Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 071 (Jesus across the Jordan)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
4. Anggone tangi Lazarus lan akibate (Yokanan 10:40 - 11:54)

a) Gusti Yesus nyabrangi kali Yarden (Yokanan 10:40 - 11:16)


YOKANAN 11:11-16
11 Mangkono pangandikane, tumuli disambeti maneh “Lazarus sadulur kita lagi turu, anggonKu mrana prelu arep nggugah anggone turu.” 12 para sakabate banjur munjuk: “Gusti manawi piyambakipun tilem, badhe saras.” 13 Nanging karsane Gusti Yesus turu kang ateges mati. Dene panyanane para sakabat kang kapangandikaake turu iku turu temenen. 14 Marga saka iku Gusti Yesus tumuli ngandika sabarese: “Lazarus wus mati” 15 nanging sokur dene nalika iku Aku ora ana ing kana, kang mangkono iku luwih becik tumrap kowe, supaya kowe padha bisa sinau pracaya. Payo, saiki kita padha marani dhweke.” 16 Banjur Tomas, kang karan Dhidhimus, kandha marang kanca-kancane para sakabat: “Payo, kita padha bela pati Panjenengane.”

Lazarus diakoni gusti Yesus minangka, “sedulur kinasih kita”. Asring gusti Yesus lan para murid dadi tamu ing ngomah keluarga Lazarus. Kanthi mengkono Lazarus iku mitra kanggone para murid kabeh. Dadi kita bisa nyebut Lazarus iku “wong kang ditresnani gusti Yesus” kang padha karo sesebutane Rama Abraham minangka “mitrane Allah”

Gusti Yesus nyebutake tembung “turu” kanggo nyethakake bab pati, lan pati dewe iku ora pungkasaning ngaurip iki, iki sawijining kasunyatan. Raga kita pancen bakal rusak nanging jiwa kita tetap ana. Dino kita ngaso kang pungkasan yaiku ing sajroning gusti awit saka iman. Kita krasa marem lan kebak kalegan ing sajroning urip kita, lan kita bakal ndeleng sang Juru selamat kita ngangekake kita ing dina patangen. Kita sebanjure bakal urip ing salawas-lawase.

“Aku bakal mrana nangekake dheweke”, pangandikane gusti Yesus kebak keyakinan. Panjenengane ngandika, “Ayo kita ndedonga supaya ndeleng apa kang gusti Allah kersakake supaya ngerti apa kang kita tindakake, lan kepiye kita bisa nglipur keluargane”. Ora mengkono, gusti Yesus wis matur marang sang Rama suwene rong dina, sadurunge pawarta bab matine mitrane iku tekan marang Panjenengane. Gusti Yesus yakin banget yen tangine Lazarus bakal dadi dalan kaluhuran Panjenengane kapratelakake. Lelakon iki bakal nguwatake para pandherek Panjenengane lan kanggo mbuktekake marang para satru Panjenengane yen mung Panjenengane wae siji-sijine kang dadi Sang Mesih. Banjur kanthi tegas panjenengane nambahake, “Aku mrana sakprelu nangekake dheweke”, dikaya ibu kang kandha, “Aku bakal nggugah anakku; iki wis wektune sekolah”. Gusti Yesus babar blas ora mangu-mangu, Panjenengane iku Panguripan iku dhewe lan gusti atas pati. Iman ing sajroning gusti Yesus paring kamardikan kita saka kabeh rasa wedi, lan bakal nguwatake kita ing urip kita.

Para murid ora bisa ngerti makna saka kamenangane Sang Kristus nalika iku. Para murid mbayangake manawa Lazarus turu temenen; awit saka iku para murid ora kudu lunga mrana nangekake Lazarus. Luwih-luwih risikone bakal mati ing tangane wong-wong Yahudi.

Sebanjure gusti Yesus ngandika blak-blakan gegayutan patine Lazarus, lan ngandika, “Dheweke wis mati”. Pawarto iki nggorehake para murid, nanging gusti Yesus nenangake kanthi ngandika, “Aku bungah”. Yaiki kang dadi tanggapane Putra Allah gegayutan karo pati. Panjenengane mirsane anane kamenangan lan patangen. Pati dudu dadi jalaran wong prihatin nantaing bakal nggawa kabunghan, awit gusti Yesus njamin maringi panguripan marang wong kang ndherekake Panjenengane. Panjenengane iku Panguripan; kabeh wong kang pracaya marang Panjenengane bakal nampani bagean ing sajroning kasugengane.

Gusti Yesus nerusake, “Aku bungah marga saka kowe, yaiku Aku ora ana kana nalika Lazarus mati, aku ora marasake dheweke. Pati iku dadi tanda anane wektu kang pungkasan kanggone wong kabeh secara pribadi. Nanging, iman ing sajroning wong iku lagi kawiwitan ing sajroning panguripan kang anyar. Ayo kita mrana saiki marani Lazarus”. Anggone budhal menyang desane Lazaras iku secara kamanungsan kanggo wong netesake luh lan sesambat, nanging kanggone gusti Yesus iki ngrembug gegayutan patangen. Kita ngaturake panuwun marang gusti Allah, awit gusti Yesus ngandika, nalika kita mbujujur ana ing sajroning kubur, “Ayo kita lunga marang Lazarus.” Rawuhe gusti Yesus kanggone kita bakal duwe makna nampani kamardikan, nampani urip lan nampani pepadhang.

Tomas salah siji rasul, nresnani gusti Yesus lan kendel banget. Nalika dheweke ndeleng putusan Kristus lunga niliki jenazahe Lazarus iku, tanpa dheweke ngerti yen tujuan sang Kristus iku kangge metokake Lazarus saka kubur. Tomas nyawang kanca-kancane padha murid, sebanjure kandhane tegas, Kita ora kena ninggalake gusti Yesus dhewekan; kita nresnani gusti lan kudu beberengan karo Panjenengane nganti tumeka pati. Kita kabeh nyawiji karo Panjenengane.” Tomas kanthi tembunge iku nuduhake kasetyane nganti pungkasan.

PITAKONAN:

  1. Kenapa gusti Yesus luwih dhisik duwe kamenangan sadurunge nulungi Lazarus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:01 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)