Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 064 (The Jews interrogate the healed man)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
2. Kewarasan wong kang wuta wiwit lahir (Yokanan 9:1-41)

b) Wong-wong Yahudi takon marang wong kang wis diwarasake (Yokanan 9:13-34)


YOKANAN 9:24-25
24 wong kang maune wuta iku banjur diundang kang kaping pindhone, sarta diaturi: “Kowe ngurmatana Allah; aku padha sumurup manawa kae wong dosa.” 25 Wansulana wong mau: “tiyang punika punapa tiyang dosa, kula boten sumerep, namung saprakawis ingkang kula mangertosi, inggih punika suwaunipun kula wuta, sapunika saget ningali.”

Wong-wong Farisi mbudidaya tenanan supaya nemokake karingkihane Gusti Yesus, supaya bisa netepake paukuman kanggo Panjenengane. Sepisan maneh wong wuta kang wis bisa ndeleng iku diceluk, lan dikon sumpah supaya kandane lumawan gusti Yesus lan ndakwa panjenengane yen Panjenengane wis nindakake panerak. Wong-wong Farisi mau negasake yen dheweke ahli Paugeran Torat, lan ngerti menawa gusti Yesus iku mesti wong dosa; kang dibutuhkan wong-wong Farisi iku bukti nyata wae.

Wong-wong Farisi iku meksa wong kang wis waras suka wuta iku nyarujuki lan gelem ndakwa gusti Yesus yen Gusti Yesus wis nindakake panerak, sebanjure wong-wong mau duwe kekarepan supaya wong kang wis waras saka wuta iku ngakoni yen kawarasane iku dudu awit saka tindak ngeram-eramake saka wong Nazaret iku. Nanging wong kang wis waras saka wuta atur wangsulan kanthi wicaksana banget: “ Kula mboten mangertos menapa Panjenenganeipun menika tiyang dosa; namung Gusti Allah ingkang pirsa prekawis menika. Kula namun mangertos satunggal prekawis kemawon- rumiyin kula wuta nanging samenika kula saget ningali”. Kasunyatan iki ora bisa ditampik. Ing sajroning kesarasane wong wuta iku wis kalebu mujijat, sawijining kekuatan Allah lan kekuatan nugraha pangapurane. Paseksene wong enom kang waras saka wuta iku sawijine paseksen kang bakal dicethakake kayektene dening ewon wong pracaya. Wong-wong bisa uga ora bisa ngerti wadi ing sajroning suwarga lan neraka, nanging wong-wong mu nampani kelahiran anyar. Saben wonge kandha: “Ndhisike aku wuta nanging saiki aku bisa ndeleng”

YOKANAN 9:26-27
26 Pitakone maneh: “Kowe dikapakake? Anggone ngelekake mripatmu kapriye patrape?” 27 Wansulane wong mau: “Kula sampun matur dhateng panjenengan lan panjenengan boten midhangetaken. Punapaa dene panjenengan badhe midhangetaken malih? Punapa panjenengan inggih kepengin dados muridipun?”

Awit ora marem jawaban saka nom-noman sing wis waras saka wuta iku, wong-wong Farisi mbudidaya nemokake bab kang lelawanan saka apa kang dadi paseksene, lan wong-wong Farisi iku njaluk supaya paseksene wong iku dibaleni. Wong enom kang wis waras wutane iku kandha: “Menapa panjenengan mboten mangertos wekdal kula nyariosaken ingkang kawitan pindah? Menapa panjenengan ngersakaken mirengaken sepindah malih, kanthi makaten panjenengan saget dados murid Panjenenganipun ugi?”

YOKANAN 9:28-34
28 wong mau tumuli dipisuhi, pangucape: “Kowe iku muride, nanging aku kabeh iki murid-muride Nabi Musa. 29 Aku padha sumurup yen Gusti Allah wus ndhawuhake pangandika marang Nabi Musa. Nanging mungguh wong kae aku padha ora weruh pinangkane” 30 Wong mau tumuli mangsuli: “Lah, punika rak aneh, dene panjenengan malah boten sami mirsa pinangkanipun, mangka Panjenenganipun sampun ngelekake mripat kula. 31 Kula sami sumerep, bilih Gusti Allah punika mesthi boten nyembadani dhateng tiyang dosa, nanging tiyang-tiyang mursid sarta ingkang nglampahi karsanipun, punika ingkang dipun sembadani. 32 Salaminipun dereng nate kapireng bilih wonten tiyang ingkang saget nglekake mripatipun tiyang wuta lair mila. 33 Tiyang punika menawi boten saking Allah, mesthi boten saget nindakake punapa-punapa.” 34 Wansulane wong-wong iku: “Kowe iku kalairake sajrone dosa babar pisan, kok arep mulang aku?” Temahan wong iku katundhung.

Sawise wong enom kang wis kasarasake saka wuta mau ngenyek para ahli toret lan wong-wong wetonan sekolah torat iku, wong-wong mau padha nesu banget lan ngomong sora: “Dudu aku kabeh kang dadi muride, nanging kowe iku muride wong kang nyasar iku. Aku kabeh melu wulangane nabi Musa, wong kang ngandika karo Allah”. Gusti Yesus luwih dhisik menehi ngerti wong-wong mau yen wong-wong mau ngerti Nabi Musa kanthi bener, wong-wong mau bakal ngrungokake apa kang dingandikake Panjenengane lan bisa mangerti. Nanging awit wong-wong mau wis molak-malikake tembunge nabi Musa lan wong-wong mau nggunake tembunge nabi Musa kanggo mbenerake awake dhewe, mula wong-wong mau ora bisa mangerti gusti Yesus, lan uga wong-wong mau ora tepung Sang Roh kang lumantar Sang roh mau Panjenengane ngandika.

Nalika wong kang lagi disarasake iku atur wangsulan, “Tiyang ingkang nyarasake tiyang wuta wiwit lahir gadhah panguwasa yasa. Panjenenganipun kagungan panguwaos lan kabisan. Ing salebeting alusing bebudenipun Panjenenganipun mboten nglepataken kula; Panjenenganipun mboten nyuwun arto, nanging nawakake peladosan katresnan lan kula mboten mbayar menapa-menapa. Malah Panjenenganipun mboten nengga kula ngaturaken panuwun. Kula mboten manggihaken kekirangan utawi karingkihanipun ing salebeting Panjenganipun”.

Wong enom kang wis waras saka wutane iku sebanjure ngakoni, “Sadaya tiyang ingkang pitados ing Prajanjian Lami mangertos bilih Gusti Allah mboten badhe ngabulaken donganipun tiyang-tiyang ingkang gumunggung. Dosa ing salebetipun manungsa nyegah mandhapipun berkah saking Gusti Allah. Nanging tiyang ingkang rumaos ajur manahipun ing ngarsanipun Ingkang Maha Suci, ngakeni dosa, gadhah iman lan tresna, kinanthenan atur panuwun, inggih dhumateng tiyang menika gusti Allah kersa ngandikan kanthi cara pribadi”

“Mboten wonten ing antawisipun panjenengan sami ingkang saget andadosaken mripat kawula saget ningali, mboten wonten manungsa ingkang saget nindakaken awit sadaya manungsa sampun dumawah ing dosa kajawi Gusti Yesus. Panjenenganipun saget nyarasaken kula, bukti bilih Panjenenganipun menika mboten gadhah dosa. Gusti Allah manungsal ing salebeting Panjenenganipun.” Sawuse kasurung kang dadi jalaran wong enom kang disarasake wutane mikir akeh marang Gusti Yesus nalika dheweke diperiksa. Iku dadi jalaran wong enom sing saras saka wutane mau luwih tepung karo gusti Yesus, anggone gusti Yesus orang duwe luput uga gusti Yesus iku Allah.

Tekan kene wong-wong kang rumangsa awake mursid lan mbenerake awake dhewe iku sebanjure ngipat-ipati wong enom mau karo kandha: “Ora ana kang luwih reget dibanding karo kowe, wong tuwamu padha wae. Anggonmu asor kuwi katon saka anggonmu wuta.” Wong-wong kang rumangsa awake mursid iku ora ngrumangsani yen wong-wong mau luwih wuta dibanding karo wong kang apes kuwi. Gusti Yesus nggunakake wong enom iku dadi rasul kunjuk Panjenengane marang wong-wong Farisi, supaya nuduhake apa kang bisa ditindake Panjenengane dibanding karo wong-wong Farisi mau. Nanging wong-wong Farisi mau nampik wulangane Sang Kristus lumantar utusan kang lagi wae disarasake iku. Lan awit saka anggone nampik wulangane Sang Kristus mula wong enom kang wis kasarasake saka wutane mau ditundung saka Pedaleman Allah. Anggone wong Farisi nyebratake wong enom kang diwarasake saka wuta mau, ateges wong enom mau ditampik dening bangsane dhewe, bukti yen roh wong-wong farisi ora bisa tahan bebarengan karo Roh Sang Kristus.

PITAKONAN:

  1. Eling apa wong enom mau nalika dheweke ngadhepi diperiksa?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:55 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)