Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 014 (Testimonies of the Baptist to Christ)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
B - KRISTUS MIMPIN PARA SAKABAT SAKA PAMRATOBAT MARANG KABUNGAHAN BUJANA KRAMA (Yokanan 1:19 - 2:12)

2. Paseksen liya kang nggegerake saka Yokanan Pembaptis bab Sang Kristus (Yokanan 1:29-34)


YOKANAN 1:29-30
29 Esuke Nabi Yokanan mirsa Gusti Yesus murugi, Nabi Yokanak mau banjur ngandika: “Delengen iku Cempening Allah kang ngilangi dosane jagat”. 30 Iya Panjenengane iku kang dakkarepake nalika aku kandha mangkene: ana priya rawuh nungka aku, kang wus ngrumiyini aku amarga anane sadurunge aku.

Sakwise kongkonan iku bali menyang Yerusalem, wong-wong tetep nerusaken anggone ngenyek marang Yokanan Pembaptis. Nganti nalika semana Yokanan Pembaptis wis pracaya manawa Sang Kristus iki kang bakal nganyarake umat kagungane, kang bakal nginteri gandum kagungane; Sang Kristus minangka jejere Gusti kang duka, wadung wis ana astane lan cemawis kanggo negor kabeh wiwitan kang ora waras. Dadi rawuhe Sang Kristus bakal dadi tandha rawuhe dino bebendhune Allah. Nalika dheweke kandha, “Sang Mesih ana ing antarane kita,” para muride dadi was-was banget gegayutan karo dosa-dosane. Para murid pikire kaya bledhek nyander tibane paukuman kang teka tanpa menehi ngerti luwih dhisik.

Sang Kristus kang umure 30 tahun iku angrawuhi Yokanan Pembaptis lan sebanjure kanthi tenang njaluk dibaptis. Kaandap asore ati iki banget dening nrenyuhake Yokanan pembaptis, Yokanan nampik mbaptis malah Yokanan nyuwun supaya Gusti Yesus mbaptisake dheweke lan ngapura dosa-dosane. Gusti Yesus, kepiye wae, meksa supaya dibaptis kangge nindakake kabeh kayekten.

Ing wektu iku, Yokanan ngrumangsani manawa Kang Suci rawuh ora kanggu nyirnakake manungsa, nanging kanggo manggul dosa kabeh menungsa. Panjenengane nampa baptisan minanga dadi wakil saka kabeh manungsa. Rawuhe gusti dudu kangge nindakake bebendu, nanging kang ngrukunake lan ngapura. Nalika Yokanan Pembaptis ana pungkasane Prejanjian Lawas, dheweke ngerti kaya apa jerone Prejanjian kang Anyar ing sajroning katresnane Allah. Owah-owahan kang gedhe banget iki ngrubah dadi anyar cara pemikirane Yokanan.

Esuke nalika Gusti Yesus lewat, Yokanan nudingi Gusti Yesus lan kandha, “Delengen lan elinga, buka mripatmu, iku Panjenengane”. Ora ana gludhuk kang nyamber utawa balane prajurit malaikat ing langet kang katon, nanging ing wektu kuwi pangandikane diesokake kabeh supaya kabeh wong bisa ngrasakake. Wong kang isih enom iku yaiku Panjenengan kang wis suwe diarep-arep, gusti Piyambak, pengarep-arep kangge jagat sawutuhe.

Yokanan ora kepengin wong akeh ing sakiwa tengene isih nyekeli pikiran lawas ing bab sang Mesih, kang kaunderake marang kamenangan politik lan siasat militer.

Ya iki cempening Allah, dudu Singo saka Yehuda kang diarep-arep, kang prakosa lan kebak kamenangan, nanging kang alusing bebuden lan andap asor.

Kapenuhan sang Roh suci, Yokanan mratelakake, “Gusti Yesus iku nanggung kabeh dosane jagat iki. Panjenengane wis dipilih supaya dado cempening Allah, pralambang saka upacara korban ing jaman ndisik. Panjenengane kang pantes dadi gantine kabeh manungsa. Katresnan Panjenengan banget ngandhut panguwasa lan ana dayane. Panjenengane iku Kang Suci lan teta Suci nalika Panjenengane manggul kabeh dosa manungsa”. Panjenengan kang ora dosa dadi dosa awit kita, kanggo dadi kayekten Allah ing sajroning Sang Kristus.

Paseksene Yokanan Pembaptis iki dadi puncake Injil, sari pati saka kitab suci. Yokanan paham manawa kaluhurane sang Kristus iku panandange Panjenengane kanggo kita. Keselametan kalebu saindhenging jagat lan kabeh manungsa, kanggo kabeh suku, kang kulite kuning, ireng lan putih, peteng lan padhang. Keselamaten iku bisa ngalimputi kang pinter lan kang bodo, sugih lan mlarat, tua lan enom, kang kelakone kanggo mangsa tembe, lan mangsa saiki lan kang bakal teka. Sedane Panjenengane nebus kabeh dosa. Panebusane Panjenengane dadi gantine kang sempurna.

Wiwit dina kawitan rawuhe Panjenengae dadi cempening Allah, Panjenengane nandang sangsara awit tumindak ala, nanging Panjenengane ora mbuwang wong kang nistho lan ora ngremehake wong kang gumunggung, nanging nresnani sakabehe. Panjenengane pirsa kaya ngapa kacancang lan Panjenengane cemawis mati kanggo kita.

Marang kang ngrungokake sesorahe Yokanan Pembaptis martakake manawa cempening Allah wis ngangkat bebendhune Allah kanggo wong-wong mau. Panjenengane dadi korban, cempe Allah kang seda kanggo wong-wong mau. Bisa uga wong-wong kang ana nalika semana ana pitakonan kepiye wong siji bisa manggul paukumane wong kabeh. Tembung-tembung Yokanan mbuka mripate wong-wong mau, nanging salib iku isih durung cetha kanggone wong-wong mau. Lelakon kang aneh banget dumadi kanggo ngleksanaake rancangan Allah ana ing sajronging Sang Kristus.

Sepisan maneh Yokanan Pembaptis mbaleni yen gusti Yesus bakal nyempurnakaken keselametan, awit Panjenengane iku Gusti kang langgeng, “Panjenengane luwih gedhe tinimbang aku, kang wis ndhisiki aku.”

Sebanjure Sang Kristus iku luwih gedhe, nanging katresnane Panjenengane ing Kayu Salib mratelakake sari pati saka kamulyan Panjenengane. Sang penginjil sebanjure menehi paseksen: “Aku kabeh ndeleng kamulyan Panjenengane; Panjenengane gumantung ing Salib ing sajroning panandhang lan kanthi mengkono mratelake kaya ngapa gedhe katresnan Panjenengan kang paring kamardikan marang kita”

PANDONGA: Oh Cempening Allah ingkang suci ingkang manggul sadaya dosa jagat, paduka paringi Rahmat Paduka atas kawula. O Putra Allah ingkang langgeng, apunten sadaya dosa kula. O Priyantun saking Nazaret ingkang andap asor ingkang mboten isin atas dosa-dosa kawula sami, kawula ngluhuraken Paduka, awit Paduka nresnani kawula lan adamel kawula sempurna ing salebetipn Paduka ing salib. Kawula nresnani lan ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, awit Paduka rawuh mboten dadi Hakim kanging dados Cempening Allah. Kawula pitados dhumateng Paduka, awit Paduka nyucekake samukawi dosa sadaya manungsa ing bumi menika. Paduka paringake dhumateng kawula kawicaksanan kangge martosaken dhumateng tiyang-tiyang sanes menawi Paduka sampun nebus tiyang-tiyang menika.

PITAKONAN:

  1. Apa tegese “cempening Allah”

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:21 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)