Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 132 (Parable of the Mustard Seed and Parable of the Leaven)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
2. TUWUHING KAROHANĚN SAKA KRATONING SWARGA: KRISTUS MULANG LUMANTAR PASEMON (Matéus 13:1-58) -- KLUMPUKAN KATELU PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS

c) Pasemon Babagan Wiji Sesawi Lan Pasemon Babagan Ragi (Matéus 13:31-35)


MATÉUS 13:31-32
31 Ana manéh pasemon kang digelaraké marang wong-wong mau pangandikane: “Kratoning Swarga iku upamané kaya wiji sawi kang kajupuk lan kasebar déning wong ana ing pategalané. 32 Padha-padha wiji, wiji sawi iku pancen cilik dhéwé, nanging yén wis thukul, gedhéné ngluwihi janganan liya-liyané malah banjur dadi wit-witan, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha saba mrono lan nusuh ing pang-pange”.
(Yehezkiel 17:23, Markus 4:30-32, Lukas 13:18-19).

Rek jres kang cilik, bisa ngobong apa waé. Mengkono uga Pangandikané Gusti Allah. Pangandikané Gusti Allah kaya thithikan geni kang bisa ngetokaké geni kang gedhé, lan geni mau bisa nutup saindhenging jagat. Sang Kristus nuntun kita marang panguwasa Pangandikané Gusti Allah kang makarya kanthi karancang lan kebak keyakinan. Sing sapa kang gelem nyeksekaké jeneng lan keselametan Sang Kristus kudu nindakaké kanthi cara kang wis karancang, awit tembung salib iku kebak karo panguwasa kang bisa nganyaraké urip. Senajan ana buku-buku kang ngebaki jagat iki, kanthi maneka wulangan lan pikiran kang beda, kang ngluhuraké kabisan manungsa lan ora maélu kayu salib uga makna sajroné kayu salib iku, ora ana buku ing jagat iki kang luwih jembar anggoné nyebar tinimbang karo Injil, awit yutan manungsa nampani panglipuran, panguwasa lan urip langgeng saka Injil saben ndinané.

Sang Kristus madhakaké sarirané karo wiji sawi kang kabuwang, kang sebanjuré tuwuh lan dadi wit kang gedhé, kang ngloloraké pangé menyang saindhenging jagat, ménéhi woh-woh kang mateng marang manungsa. Daya pangaruh Sang Kristus kang ora langsung marang budaya jagat iki lumantar pikiran Kristen adoh luwih mupangat tinimbang karo kang kita mangérténi. Manuk-manuk ing pang iku ora pérangané wit. Manuk-manuk mencok ing wit, njupuk godhong-godhong kang cilik kanggo cucuké tanpa nampa panguwasané. Mengkono kahanan wong-wong kang nampani kauntungan saka Sang Kristus nanging ora terus ana ing sajroné Panjenengané. Nanging sing sapa pracaya marang Panjenengané lan mlebu ing sajroné pangandikan Panjenengané bakal kasinungan tentrem rahayu, kabungahan, lan kabecikan ing sajroné ati Panjenengané.

MATÉUS 13:33-35
33 Pasemon iku uga didhawuhaké marang wong-wong mau: “Kratoning Swarga iku upamané kaya ragi kang kajupuk ing wong wadon, kacarubaké ing glepung trigu telung taker nganti kamrasukan kabéh.” 34 Sakéhé prakara iku mau kabéh didhawuhaké déning Gusti Yésus marang wong akéh kanthi pasemon lan ora ana kang dipangandikaaké kang ora dhapur pasemon, 35 supaya kayekténana kang kapangandikaaké déning nabi mangkéné: “Ingsun bakal ngangapaké tutukingSun lan mangandikaaké pasemon. Ingsun bakal ngucapaké prakara kang kineker wiwit dumadining jagat.”
(Markus 4:33-34, Lukas 13:20-21, Jabur 78:1-2)

Nalika wanita iku nyampur ragi ing sajroné panganan, kang dikarepaké yaiku supaya ngundakaké rasa lan wangunan sakabéhe. Mengkono uga kita kudu ngajeni pangandikan ing sajroné nyawa kita, supaya kita bisa sawutuhé disucékaké lumantar pangandikan (Yokanan 17:17).

Dikaya ragi agawé adonan dadi migunani lan cemawis kanggo dimasak, mengkono uga pangandikané Allah ngrubah manungsa kang cemer lan di dadekaké manungsa iku migunani lan bener. Tanpa pakaryané Sang Kristus mula kita bakal tetap ana ing sajroné kahanan kang ala, mentingaké awaké dhéwé, lan wangkot, nanging Sang Roh Suci andadekaké kita abdi kanggo melu ngrasakaké bebarengan karo wong-wong mlarat lan ndedonga kanggo wong-wong mau kang ngganggu kita. Dikaya ragi nyambut kawe ora katon lan ora bisa dingérténi, mengkono uga Sang Roh Suci makarya ora katon ing sajroné ati wong-wong pracaya.

Tanpa pangandikané Allah, jagat tetap ana ing sajroné kahanan mlarat, ringkih lan ilang. Nanging saiki kita ndeleng ing sajroné wulangan Sang Kristus kabéh panguwasa Allah lan ganjaran krajan Panjenengané kang kasimpen ana ing kana. Injil kang Suci luwih aji tinimbang karo emas kang dimurnekake. Rumaten kanthi akéh ayat-ayat Panjenengané ing sajroné ati panjenengan lan panjenengan bakal nglumpukaké bandha kang ora bakal ilang, nganti salawase. Sebanjuré pangandikan iku bakal dadi panguwasa ing sajroné ati panjenengan kang bakal bisa ngrubah wong-wong liya lan nggawa kabungahan uga kasenengan kanggo wong akéh.

Ragi makarya terus mrasuk ing glepung terigu roti kuwi. “Sabab pangandikané Gusti Allah iku gesang lan santosa” (Ibrani 4:12). Ragi nyambut gawéné cepet, mengkono uga pangandikan, nanging uga kanthi cara lon-lonan. Ragi nyambut gawé kanthi meneng-menengan lan ora bisa dingreteni (Markus 4:26), nanging banget kuwat lan ora bisa dilawan. Ragi iku nyambut gawé ora rame, mengkono uga cara Sang Roh Suci, kang ora bakal gagal. Ragi kang kasimpen ing sajroné glepung iku makarya sakabéhé lan kuwat lan saindhenging jagat ora bisa ngedoh saka ngalami rasa lan wujude. Senajan ora ana wong siji waé ndeleng kepiyé dumadiné ragi kang sethithik bakal mrasuk glepung kabéh.

PANDONGA: Dhuh Rama, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka nyebaraken pangandikan Paduka ing salebetipun manah lan griya kawula. Kawula pitados bilih pangandikan menika mboten badhé wangsul kanthi nglaha, nanging badhé nedahaken panguwaos, ngejur manah ingkang wangkot, lan adamel tiyang-tiyang dados wit ingkang gesang ingkang ngasilaken woh. Paduka tanem Roh Sudi ing salebetipun bangsa kawula lan wiwit sucékaken keluwarga kawula kanthi makaten kawula saget dados tiyang ingkang gadhah pénggalih kasukman lan saé.

PITAKONAN

  1. Apa kang kita sinau saka pasemon babagan wiji sesawi lan ragi iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on May 16, 2023, at 04:19 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)