Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 131 (Parable of the Tares)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
2. TUWUHING KAROHANĚN SAKA KRATONING SWARGA: KRISTUS MULANG LUMANTAR PASEMON (Matéus 13:1-58) -- KLUMPUKAN KATELU PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS

b) Pasemon bab Alang-Alang Pategalan (Matéus 13:24-30 and 36-43)


MATÉUS 13:24-30 lan 36-43
24 Ana manéh pasemon, kang digelaraké marang wong-wong mau, pangandikane: “ Kratoning Swarga iku umpamané kaya wong kang nyebar wiji becik ing pategalané. 25 Nanging nalika wong-wong padha turu kabéh, satruné teka nyebar wiji alang-alang ing tengahé gandum banjur lunga. 26 bareng gandume thukul lan wiwit metu wewulené alang-alangé iya katon. 27 Batur-baturé sing duwé pategalan padha marani lurahé lan matur: Bandara, punapa sanés wiji saé ingkang panjenengan sebar ing pategilan panjenengan? Saking pundi kambengan punika? 28 Wangsulané lurahe: Iku panggawéné satru. Batur-baturé matur manéh: Punapa panjenengan ngersakaken, supados kula sami mbedholi kambengan punika? 29 Nanging wangsulane: Aja, sabab anggonmu padha mbedholi alang-alang iku, bisa uga ngatutaké gandum. 30 Cikben padha thukul bebrengan nganti mangsané panen. Ing wektu iku aku bakal tutur marang sing padha derep: Klumpukna dhisik alang-alangé lan bentelana, banjur obongen, sakwisé iku gandume klumpukna ing lumbungku.”
' (Matéus 3:12; 15:13, Wahyu 14:15) ... 36 Gusti Yésus banjur nilar wong akéh mau sarta banjur kondur. Para sakabate tumuli padha ngadhep lan matur: “Kawula mugi sami kaparingana katrangan bab pasemon kambengan ing satengahing gandum punika”. 37 Gusti Yésus banjur maringi wangsulan, pangandikane: “ Wong kang nyebar wiji becik iku Putraning Manungsa. 38 Pategalan iku jagad. Wiji kang becik iku para putraning Kraton lan alang-alangé iku para anaké si pangawak dursila. 39 Satru kang nyebar wiji alang-alang iku Iblis. Wektu panen iku wekasaning jaman lan kang padha derep iku malaekat. 40 Kang iku kayadené alang-alang banjur kaklumpukaké lan kaobong ing geni, mangkono uga ing wekasaning jaman, 41 Putraning Manungsa bakal ngutus para malaekate kadhawuhan nglumpukaké samubarang kabéh kang dadi sandhungan lan sakabéhing wong kang nglakoni duraka ana ing Kratoné 42 padha kacemplungaké ing pawon murub; ing kono kang bakal tinemu pangangis lan keroting untu. 43 Ing nalika iku para wong sampurna bakal padha mancorong kaya srengengé ana ing Kratoné Ramané. Wong kang duwé kuping ngrungokna!” (Daniel 12:3, Matéus 24:31, Yokanan 8:44, 1 Korinta 3:9)

Saindhenging jagat iku pategalané Gusti Allah. Kabéh bangsa, Sang Kristus nyeberaké wineh. Wineh iki dudu wulangan, utawa buku, utawa tembung, nanging wong-wong mligi. Kabéh wong dilairaké saka Roh Suci dipadhakaké karo wineh ing astané Sang Kristus. Panjenengané kang nyebaraké ing pategalan Panjenengané. Wineh iku kudu mati luwih dhisik kanthi cara kasukman marang hakikat dosa lan pepinginan pribadiné. Tanpa nyingkur awaké dhéwé ora bakal ana hasil saka anggoné Panjenengané Leladi.

Apa waé kang katoné becik ing sajroné jagat iki, kabéh iku asale saka asta Sang Kristus lan iku hasil saka anggoné Panjenengané nyebar. Kayektén kang diwulangaké, sih rahmat kang ditandur, nyawa-nyawa kang disucékaké, lan kabéh kabecikan tekané saka Sang Kristus. Para abdi Gusti iku sarana ing astané Sang Kristus kanggo nyebaraké wineh kang becik. Wong-wong kang diparingi gawéan déning Panjenengané lan kabawah Panjenengané lan kasiling saka pagawéané gumantung sawutuhé marang berkah Panjenengané.

Ing sajroné pasemon babagan alang-alang, Sang Kristus mratélakaké kekarepané si pangawak dursila kanggo ngrusak wineh saka Gusti Allah. Alang-alang minangka pralambang wong-wong kang dilahiraké saka roh Iblis, kang disebaraké déning si pangawak dursila ing antarané wong-wong kang dilahiraké déning Pangandikané Allah. Loro golongan wong iku asring urip bebarengan ing sajroné keluwarga, sak kelas. Wong-wong iku ana gegayutané ing sajroné pikiran kang ngemu kawruh lan ing sajroné pasrawungané. Ora katon cetha, ing wiwitané sing endi kang saka si pangawak dursila lan kang endi kang saka Gusti Allah, nanging mengkoné woh-woh roh bakal wiwit katon. Katresnan, sengit, andhap asor lan gumunggung ora bakal tetep kasingidan ing sajroné wong; sumber saka saben woh iku bakal katon. Kita kudu mbedakaké roh, nanging Sang Kristus ora marengaké kita kesusu ing sajroné mbedakaké awit prekara iku sawijining pakaryan malaikat ing dina Pengadilan.

Sadurungé iku dumadi, kita kudu ngadhepi alang-alang iku kanthi kebak kesabaran, senajana alang-alang iku nglarani kita. Nalika alang-alang wiwit ndhesek papan lan panguwasa saka gandum, Putra Manungsa kang luhur iku bakal ngutus para malaikat Panjenengané supaya misahaké manungsa (gandum saka alang-alang) ing pungkasané jaman.

Alang-alang kena daya pengaruh si pangawak dursila. Senajana wong-wong ora nganggo jeneng si pangawak dursila, wong-wong nganggo gambarané atindak alandhesan hawa nepsuné lan saka dhéwéké nampa panggulawenthahe. Dhéwéké nguwasané wong-wong mau lan dhéwéké nyambut gawé ing sajroné panguripané (Efesus 2:2, Yokanan 8:44). Wong-wong iku sebeneré alang-alang ing jagat iki. Wong-wong mau ora nggawa kabecikan, lan mung nggawa babagan sing ala. Wong-wong mau babar pisan ora nggawa kabejan, lan nglarani wineh kang becik, lumantar panganiaya lan lumantar godha. Senajana wong-wong nampa udan, sunaring srengengé lan lemah kang padha kanthi wineh kang becik, wong-wong mau sabeneré mung suket ing kebon lan ora ana gunané.

Anak-anak kang asipat ora mbangun turut bakal diobong minangka pawongan kang alaku piala, lan anak-anak Allah bakal dipratélakaké ing sajroné badan kang dirubah lan sumunar ing sajroné katentremané. Kaya ngapa éndahé prasetya iki, “Ing nalika iku para wong sampurna bakal padha mencorong kaya srengengé ana ing Kraton Ramané. Wong kang duwé kuping, ngrungokna” (Matéus 13:43). Gatekna kanthi becik saben ayat iki, lan panjenengan bakal mratobat kanthi remuk ati lan andhap asor ing ngarsané Gusti Allah lan dadi wineh kang becik.

Nalika Iblis lagi nindakaké piala kang nistha dhéwé, dhéwéké mbudidaya sakuwate bisa nyingidaké awake. Rancangané kaancam bebaya dirusak, manawa dhéwéké konangan. Alang-alang ora bakal katon nganti gandume uga tukul lan wayahé panen. Ana wadi piala kang akéh ing sajroné ati manungsa, kang suwé banget kasingidan kasamudana tata laku kang bisa ditampa nanging pungkasané bakal dibongkar. Wineh kang becik lan alang-alang bakal katon bebarengan kanthi subur lan ora katon bedané. Nanging nalika mangsa pancoban teka, nalika woh-woh wiwit dikatonaké, nalika kebecikan kudu ditindakaké nanging ana kangelan lan prekara nalika arep nindakaké, sebanjuré manawa panjenengan gatekaké kanthi premati mula panjenengan bisa mbedakaké antarané kang tulus karo kang lelamisan. Pungkasané panjenengan bisa kandha: “iki gandum, sing iki alang-alang”.

Para peladen Sang Kristus kang setya lan tegen, ora bakal kaukum déning Sang Kristus, awit saka iku para peladené Sang Kristus ora kené diadhili déning manungsa awit anané campuran kang ala karo kang becik, kang lelamisan karo kang tulus, ing pategalan Gereja. Panerak bakal dumadi. Nanging, kabéh iku ora bisa dipapanaké kabawah tanggung jawab kita mnaa kita wis nindakaké tugas kita, senajana ora tansah kasil kaya kang dadi pepingingan kita. Sinadaya piye waé, alang-alang mesti bakal disebar uga. Manawa para peladen dudu kang nyebar lan mbanyuni, utawa ngidinaké wineh iku tuwuh, kaluputan ora ana ing para peladen iku. Banget ora tinemu nalar yén ana wong bisa tanpa luput mbedakaké antarané alang-alang karo gandum. Wong iku mesti luput. Kanthi mengkono ngedap-edapi banget kawicaksanan lan rahmat Sang Kristus, Panjenengané milih ngejaraké alang-alang, supaya ora mbebayani kanggo gandume. Bener banget yén wong kang nindakaké kaluputan kang banget déning ngarerendhet kudu dipaekani kanthi becik, lan kita uga kudu ngedoh saka wong-wong iku. Wong-wong mengkono iku katon banget dadi anak-anak si pengawak dursila lan ora kené diweheni kalungguhan apa waé. Nanging tetep waé anané disiplin, becik kang ditibaké kanthi cara kang luput utawa uga luput ditrapaké, kang bakal ngererendhet wong-wong kang bener-bener mursid lan tulus atiné. Kudu ngati-ati banget lan kebak pangertén ing sajroné nindakaké lan nerusaké maekani ing sajroné gereja, supaya gandum ora melu kacoklek utawa kajabut.

PANDONGA: Rama Kasuwargan, kawula menika sejatosipun lare-laré roh cemer. Paduka rubah arah pikiran kawula kanthi makaten kawula saget dipun resiki lan kapenuhan Sang Roh Suci Paduka. Kawula gadhah kekajengan dados putra-putra Paduka ingkang kebak katresnan, andhap asor dados abdi lan pelados ingkang ngladosi kathah sedhérék kanthi makaten sedhérék-sedhérék menika saget ningali kayektosan Paduka minangka Rama ing salebetipun gesang kawula lan ngluhuraken Paduka lumantar tata laku kawula ingkang dipun paringaken dhumateng kawula.

PITAKONAN

  1. Kepiyé panenané Gusti Allah dumadi?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:54 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)