Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 133 (Parable of the Hidden Treasure and Parable of the Pearl)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
2. TUWUHING KAROHANĚN SAKA KRATONING SWARGA: KRISTUS MULANG LUMANTAR PASEMON (Matéus 13:1-58) -- KLUMPUKAN KATELU PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS

d) Pasemon Babagan Raja Brana Kang Kapendhem Lan Pasemon Babagan Mutiara Kang Banget Déning Aji (Matéus 13:44-46)


MATÉUS 13:44-46
44 “Kratoning Swarga iku umpamané kaya raja-brana kang kapendhem ing pategalan, kang ketemu déning wong banjur dipendhem manéh. Marga saka bungahe, dhéwéké banjur lunga ngedoli barang darbeké kabéh, pategalan mau tumuli dituku. 45 Mangkono manéh Kratoné Swarga iku upamané kayadené wong dagang kang golék mutyara kang adi. 46 bareng wis oleh mutyara kang banget ajiné banjur lunga ngedoli barang darbaeké kabéh, mtyara mau nuli dituku.
(Matéus 19:29, Lukas 14:33, Filipi 3:7)

Matahun-tahun kang kepungkur, ana sawijining gumuk kang mapan ing sisih dalan gedhé. Wong lumrah nglewati gumuk iku tanpa nggatekaké apa-apa. Ing gumuk iku ana tinggalan kutha tuwa kang bisa dideleng saka anané tulisan penting kang diukir ing temboke. Ing sawijining dina nalika ana wong tani nyoba ngratakaké gumuk iku nggunakaké buldoseré, ujug-ujug wong tani mau nemokaké sawijining kraton tuwa, prabotan kang larang regané lan tulisan-tulisan kang diukir ing temboke. Para ahli sebanjur wiwit nekani kanthi semangat lan para kang lenggah ing negara uga banget seneng atas ditemokaké kraton iki.

Kaya wong-wong ing kutha kang nglewati gumuk iku matahun-tahun tanpa nggatekaké anané raja brana kang kapendhem ing kana, mengkono uga manungsa kanthi sembrono nglewati Sang Kristus tanpa naliti yén Panjenengané iku raja brana kang gedhé dhéwé, kang agawé kabéh wong kang teka marang Panjenengané ngrasakaké bungah lan berkah. Panjenengané kang disalib iku nawakaké marang sing sapa kang nyawang Panjenengané kanthi iman, bakal anané pangapura langgeng, lan mbeneraké dhéwé kanggo panguripan langgeng. Wong-wong pracaya kang mapan ing sajroné Panjenengané sujud lan manembah Panjenengané uga masrahaké urip marang Panjenengané kanthi atur panuwun atas anggoné nebus kang ora ana bandhingané. Kita bisa nampani Sang Kristus manawa kita masrahaké urip kita marang Panjenengané. Kabéh tujuwan, kabungahan, lan pengarep-arep panjenengan ora ana regané manawa dibandhing karo Putra Allah, lan awit saka iku korbana awak panjenengan kanggo entuk Sang Donor iku dhéwé.

Wong-wong kang duwé pepinginan nemokaké keselametan saka Sang Kristus, kudu siap ninggalaké sakabéhé kanggo Panjenengané lan ndhérék Panjenengané. Sing sapa ngadeg lan lumawan Sang Kristus, utawa ing sajroné unggul-unggulan antara katresnan kita karo anggoné leladi marang Panjenengané kudu kanthi bungah masrahaké senajana prekara iku banget déning kita senengi.

Akéh wong ora cepet nemokaké Sang Kristus, utawa kanthi cara ora sengaja, nanging malah kudu nindakaké panelitian kang terus-terusan marang Kitab Suci kanggo nemokaké kalegan kang langgeng. Mripate dadi cumepak nemokaké kayektén kang aji iku. Nalika wong-wong nemokaké Sang Kristus ing sajroné kaanané Panjenengané lan ndeleng katresnan Panjenengan kang becik, wong-wong dadi dikuwasani déning kaagungan Panjenengané kanthi tumemen. Wong-wong sebanjuré bakal ngerti yén katresnan Allah kang manjalma dadi manungsa iku ora ana bandingané ing jagat iki. Ya iki sebabé wong-wong ninggalaké kabéh falsafah kang kothong, ajaran kang legalistik, lan watonan kang sawetara supaya bisa menangaké sang Juru selamet kang ngedap-edapi kang luwih saka kabéh kang liya.

Apa panjenengan nemokaké Sang Kristus kanthi cara kang ora kanyana-nyana sakwisé sinau ing sajroné wektu kang suwé? Golékana Panjenengané kanthi pandonga lan wacanen Kitab suci. Kita iki seksi yén Panjenengané nemokaké kita lan masrahaké sarira Panjenengané kanggo kita.

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula mboten nate madosi Paduka lan Putra Paduka, nanging Paduka madosi kawula lan manggihaké kawula. Maturnuwun awit Paduka nggatosaken iman kawula. Kawula nyuwun supados Paduka paring kamardikan kawula saking sadaya kacancang jagat supados kawula saget nilaraké menapa ingkang dadi darbekipun jagat lan nemokaké putra Paduka. Mratélakaké sarira Paduka dhumateng kathah tiyang ing sakiwa tengen kawula supados tiyang-tiyang ugi saget nepangaken Paduka lan nilaraké sadaya banda donya lan sebanjuré manunggal ing salebetipun kasaénan Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Sang Kristus dadi raja brana kang aji dhéwé ing jagat iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:57 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)