Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 074 (He Who Knows His Lord)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
3. Menang Tumrap Kekarepan Ala (Matéus 6:19 - 7:6)

c) Sing sapa Wanuh Gusti, Ngukur Awaké Dhéwé, Dudu Wong Liya (Matéus 7:1-6)


MATÉUS 7:1-5
1 “Aja padha netepaké alaning wong, supaya kowé iku aja katetepaké alamu. 2 Amarga wewaton kang koanggo ngukumi ala beciking wong, yaiku kang bakal dianggo ngukumi ala becikmu. Sarta takeran kang kok anggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowé. 3 Kapriye dené kowé weruh tatal kang ana ing mripati sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhéwé, kowé kok ora weruh? 4 Kapriye dené kowé kok bisa kandha karo sadulurmu: Coba, tatal sing ana ing mripatmu iku dakilangané mangka mripatmu dhéwé ana glondhonge? 5 Heh, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana ing mripatmu, mengko kowé bakal kanthi pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripate sadulurmu.”
(Yésaya 33:1; Rum 2:1; 1 Korintus 4:5)

Gusti Yésus wis nandhang sangsara awit patrap wangkot, lelamisan lan gumunggung kang ana ing para murid Panjenengané lan uga manungsa umume. Panjenengané ora marengaké para muride ngukumi sapa waé, nanging malah kuduné ngukumi awaké dhéwé dhisik. Paugeran Sang Kristus mratélakaké ati kita kang ala lan kekarepan kang ora murni, kang bakal dadi landhesan lan putusan kang lahir saka jeroné ati kang mengkono. Gusti Yésus ndandani sumber saka pikiran kita lan nganyaraké ati kita luwih dhisik supaya pikiran, tembung lan patrap uga bisa didandani.

Kita kudu luwih dhisik ngukumi awak kita, lan ngukumi kang kita tindakaké, nanging kita ora kena ngukumi sedulur lanang uga sedulur wedok kita. Gusti ora maringi hak marang kita ngukumi sedulur kita iku. Kita ora kena lungguh ing kursi hakim, andadekaké tembung kita dadi prenatan kanggoné wong liya.

Kita aja cepet-cepet ngukumi, utawa nibakaké paukuman atas sedulur lanang lan sedulur wedok kita tanpa landhesan kan cetha, apa manéh manawa kabéh mung awit saka sujana lan meriné ati kita. Kita aja mikir kang ala babagan wong liya, utawa ngréméhaké wong-wong kang mengkono alandhesan tembunge, kamangka sejatiné kita kliru panampa.

Kita aja ngukumi tanpa welas asih, tanpa pangapura, utawa alandhesan pepinginan males dhendhem lan duwé rancangan kanggo nindakaké piala. Kita ora kengo ngukumi wong liya mung alandhesan siji kang ditindakaké, utawa mbobot wong liya iku alandhesan panemu pribadi kita, awit sejatiné isiné ati kita iku mesti mihak kang kita senengi.

Kita aja ngukumi ati wong-wong liya, utawa karepe wong-wong mau, awit sawijining hak Gusti Allah waé kanggo ndadar ati, lan kita aja golék njupuk kalungguhan Gusti Allah minangka jejeré Hakim. Kita aja ngukumi kahanané wong-wong mau saka njaba, utawa nyebet wong-wong mau lelamisan, tukang jino, remeh utawa wengis, kang pancen ngluwihi hak kita kandha mengkono iku.

Manawa kita ngukumi wong-wong liya, kita bakal diukum kanthi cara kang padha. Sing sapa ngréméhaké pengadilan, kudu diadhepaké marang para jeksa. Wong-wong kang seneng nibakaké paukuman yaiku wong kang luwih akéh nampani paukuman; kabéh wong kudu nyawisaké nampani watu kang bakal dibalangaké bali marang wong-wong mau. Sing apa kang tangan lan ilate lumawan wong liya, kudu cemawis nampani tangan lan ilat wong liya marang dhéwéke. Ora ana rahmat bakal dituduhaké marang wong-wong kang misuwur ora duwé rahmat marang wong–wong liya.

Kita kudu ngakoni yén kita cepet ngukumi wong liya lan kanthi cara kang luput lan mbobot wong liya kuwat utawa ringkih, apik utawa ala, mitulungi utawa ngrusak. Kita asring nampik lan sengit marang wong-wong mau, kandha kang luput bab wong-wong liya. Manungsa tumindak kaya-kaya wong-wong mau hakim kang langgeng. Dhéwéké ngutus wong liya lan nganggep yén awaké apik uga pantes dimangérténi lan ditampa déning wong-wong liya. Sang Kristus nampik pikiran kang kaya mengkono kanthi tegas lan ngipati-ipati dikaya wong kang nerak paugeran kanthi maneka alesan:

Kita ora ngerti apa kang ana njeroné batiné manungsa utawa prekara-prekara kang dadi turunan kang ditampa saka wong tuwané utawa daya pengaruh saka wong-wong sakiwa tengené kang mangun watek-wantuné wiwit jaman bocah. Sing sapa ngukumi bakal diukumi karo ukuran kang sama. Awit saka iku, sing ngati-ati supaya ora cepet-cepet ngukumi marang wong liya kang ora kené panjenengan ukumi lan ngrusak awak dhéwé lumantar paukuman panjenengan kang ora duwé rasa welas.

Prenatan iki ora njawehi kita ngelikaké wong liya kang nindakaké dosa lan tumindak cemer kanthi nggunakaké alesan kang ana sakiwa tengené kang luput. Sawetara kanca nindakaké patrap najis lan laku jina karo nggunakaké kahanan sakiwa tengené wong iku mapan kang dadi alesan. Marang wong-wong kita bisa kandha, “aja ngukumi jagat ing sakiwa tengenmu nanting ukumi awakmu dhéwé!”

Kang luwih ala manéh yaiku wong-wong kang kanthi sembrono dadi madha rupa karo jagat iki. wong-wong mau judhi, jibar-jibur lan laku jino, lan manawa panjenengan takon bab patrape, wong-wong mau bakal njawab, “iki kabutuhan sosial kang dadi papanku sinau urip selaras karo sisihanku ing mangsa tembé, luwih becik yakin dhisik sadurungé telat”. Marang wong-wong mau kita kudu kandha: “Sapa kang kandha yén sisihan iki bakal terus cekelan marang janjiné lan nikahi panjenengan manawa dhéwéké wis ngumbar nepsuné lan ora bakal pindah marang wong liya, kaya tawon kang pindah saka kembang siji marang kembang liyané golék madu”.

Gusti Allah yaiku kebak karo sih Rahmat. Panjenengané nresnani malah wong-wong kang laku jina lan maling lan kepéngin nylametaké wong-wong mau. Manawa panjenengan duwé kekarepan mbobot wong liya, tindakna kanthi alon-alon kanthi katresnan lan kayektén, ora kanthi cara kang keras, kasar lan kebak rasa sengit. Wong-wong liya kudu ngrasakaké katresnan panjenengan lumantar tembung lan patrap panjenengan.

Manawa ana wong wanuh marang awaké dhéwé dikaya Gusti Allah wanuh marang dhéwéké, wong-wong mau bakal isin awit anggoné najis, gumunggung, cethil lan kurang pangerténé uga ing sajroné kawruh lan seni. Kabéh manungsa kudu luwih dhisik ndadar awaké kanthi jujur ing sajroné padhang kasucén Allah kanthi mengkono wong iku bisa dadi andhap asor, eling bab dosa-dosané lan kahanané kang rusak, risih gegayutan awaké, ngejur rasa bombong jiwané lan ora bakal manéh ngukumi wong-wong liya uga ngukumi awaké dhéwé luwih dhisik. Rahayu wong kang nyelaki awaki lan ngangkat salibe saben dinte sarta ndhérék Gusti Yésus. Sebanjuré rasa bombongé bakal kapungkasi, lan wong iku ora bakal ngukumi wong liya nganti wong iku luwih dhisik paham lan ngakoni cemer awaké dhéwé. Pamratobat mbuka dalan mangerti bebarengan lan wong kang remuk jiwané bakal bisa mitulungi kang durung kakanthi kabecikan lan katresnan Panjenengané uga nuntun wong-wong marang Sang Juru Selamate kang kebak katresnan, dokter kang agung dhéwé iku.

Sang Kristus nimbali kabéh wong kang mikir yén awaké luwih becik tinimbang wong liya, minangka wong lelamisan, ora ngerti kasunyatan kang sebeneré, awit wong iku pancen ora ngerti kahanané dhéwé. Ing pérangan liya, Sang Kristus mindhahaké kabéh wong kang manunggal ing sajroné Panjenengané kang nyawisaké kanggo nampani Panjenengané saka anggoné nggunggungaké awaké lan nuntun wong iku marang papan langgeng awit saka katresnan Panjenengané. Sing sapa kang pracaya marang putra Allah ora bakal diukum, nanging sing sapa ora gelem pracaya marang Putra Allah wis kabawah paukuman, awit wong iku nampik korban minangka gegentiné iku lan ora maélu karukunan langgeng kang dicawisaké Panjenengané kanggo saindhenging jagat.

PANDONGA: Dhuh Hakim kang langgeng, paringana rahmat dhumateng kawula, tiyang dosa! Kula sampun ngukumi lan ngréméhaken kathah rencang lan pemimpin. Paduka apunten anggen kawula gumunggung kula lan Paduka sucékaken kula saking gumunggung supados kula karibah lan dados kebak Rahmat dhumateng sadaya tiyang kadosdené Paduka kebak rahmat dhumateng kawula. Manawa kula kedah damel pambobot badhé gesang satunggaling tiyang, paringana berkat dhumateng kawula, katresnan lan tetimbangan kang saé kanthi mekaten kula saget sinau langkung rumiyin saking Paduka. Tulung kawula ngukumi lan nyingkur awak kula piyambak langkung rumiyin, ngangkat salib saben dinten lan ndhérék Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Sang Kristus ora marengaké kita ngukumi wong-wong liya?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 02:05 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)