Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 075 (He Who Knows His Lord)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
3. Menang Tumrap Kekarepan Ala (Matéus 6:19 - 7:6)

c) Sing sapa Wanuh Gusti, Ngukur Awaké Dhéwé, Dudu Wong Liya (Matéus 7:1-6)


MATÉUS 7:6
6 “Barang kang suci aja kokwenehaké marang asu, lan mutyaramu aja kouncalaké marang ngarepe babi, supaya ora diidak-idak sarta banjur minger nyempal-nyempal kowé.”
(Matéus 10:11; Lukas 23:9)

Aja kesusu ménéhi keselametan marang satru kayu salib, lan aja duwé pikiran yén panjenengan bakal bisa nylametaké wong dosa, awit mung Sang Kristus waé kang dadi juru selamet, kita mung piranti ing astané Panjenengané kang becik. Akéh wong-wong kang duwé pikiran jagat ora siap kanggo ngrungokaké pangandikané Gusti Allah, nampik lan ngréméhaké, ora siap kanggo nampani kamanunggalan Tritunggal kang suci. Sing ngati-ati supaya ora nyethakaké hakikat Injil dhisik, awit wong-wong iku ora bisa nyakep pisan. Aja meksa wong-wong iku nampani panemu kasukman panjenengan babagan Sang Juru selamet manawa wong-wong mau nampik Injil mau. Aja omong kakéhan bab pamratobat lan kelairan anyar panjenengan awit wong-wong mau ora bisa ngerti kasunyatan iki, kajaba manawa Roh Gusti mbuka kupingé marang wadi kasukman, manawa ora mangkono mula wong-wong mau bakal ngréméhaké panjenengan, ndadar panjenengan lan malah njiret kanggo nyilakakaké panjenengan.

Ndedongaa supaya Roh Gusti bakal makarya ing sajroné wong-wong mau lan nyawisaké atiné bisa nampani Pangandikané Gusti, supaya wong-wong mau diterangi lan bisa ngerti apa kang becik kanggo wong-wong mau.

Panjenengan tuntun kabéh wong kang nggoléki kayektén marang Sang Kristus, dudu marang patrap mursid pribadi panjenengan. Si pengawak dursila ngawasi kanggo nyilakakaké manungsa, lan manawa roh iku nampani wong kang nampik gusti Yésus, roh iku bakal manunggal ing sajroné wong iku kanthi mengkono wong iku bakal duwé patrap kaya kewan utawa malah luwih ala manéh. Aja duwé pikiran yén panjenengan bisa nylametaké wong kang kesasar iku dhéwé. Kita kudu nresnani wong-wong iku ing sajroné asma Sang Kristus lan ngajeni malah wong-wong kang dipanjingi. Senajana wong-wong mau nampik lan nyenyamah asma Kristus lan ora wanuh pangapura Panjenengané wis séda kanggo kabéh dosané uga.

Aja ngukumi sapa waé, utawa mbudidaya nuntun wong iku marang keselametan kanthi kuasané awak dhéwé, awit loro-loroné pakaryané Gusti Allah waé. Gusti Allah nimbali panjenengan kanggé ndhérék Sang Kristus, mratélakaken panguwasa Panjenengané lan ngerti panguwasa Panjenengané kanthi iman panjenengan. Ndedonga luwih akéh tinimbang karo panjenengan mikir. Panjenengan mlebu kanthi tigen ing sajroné Injil luwih saka panjenengan ngomong. Aja ngukumi manungsa, nanging ngasihi, amberkahi lan ndedonga supaya katresnan Allah bisa mratélakaké sarirané ing sajroné wong iku.

Semangat kita lumawan dosa kudu dikantheni karo kabisan mbedakake. Kita aja lunga menyang mrana mrené kanggo ménéhi pituduh, pitutur lan ngelikaké wong-wong mau kang mangkotaké atiné. Prekara kang mengkono ora bakal nuntun marang kabecikan, lan mun bakal agawé wong-wong kemba lan nesu marang kita.

PANDONGA: Dhuh Rama, Paduka paring pangapunten dhumateng kawula gegayutan anggen kawula gumunggung. Kawula mboten mangertos lan paham tiyang sanés kanthi saé, lan kawula mboten langkung saé dipun banding kaliyan sedhérék-sedhérék menika. Paduka sucékaken kawula saking patrap gumungunggung kawula lan anggen kawula najis kanthi makaten kawula dados putra-putra Paduka ingkang suci, ngasihi ingkang ical lan dipun sucékaken ing salebetipun pangayoman Paduka. Paduka gulawenthah kawula supados gadhah welas asih dhumateng tiyang-tiyang awon lan ngasihi sedhérék-sedhérék menika. Kawula ndedonga supados sadaya tiyagn ingkang kapanjingan roh awon, supados Paduka tundhung roh menika medal saking sedhérék-sedhérék menika lan kersanipun sang Roh suci Paduka ingkang mlebet ing salebeting gesangipun. Paduka jngkung kawula ing salebetipun rah Gusti Yésus ingkang aji!

PITAKONAN

  1. Kepiyé kita kudu ngasihi lan ngladeni wong-wong kang ora gelem ngrungokaké pangandikané Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 02:07 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)