Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 063 (The Lord’s Prayer)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
2. Tanggung Jawab Kita Tumrap Gusti Allah (Matéus 6:1-18)

c) Pandongané Gusti Yésus (Matéus 6:9-13)


Para murid ngakoni yén dhéwéké ora ngerti pas kepiyé ndedonga marang gusti Allah. Sang Roh Suci durung kaesokaké ing atiné kanthi mengkono para murid sowan marang gusti Yésus golék rerangken pokok saka dongo kang ditampa. Panjenengané nresnani para murid iki lan maringaké donga Panjenengané piyambak, donga kang agung.

MATÉUS 6:9
9 Marga saka iku ndedongaa mangkéné: Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga, Asma Paduka mugi kasucékaken.
(Yehezkiel 36:23; Lukas 11:2-4)

Sang Kristus ora mulang kita supaya nyebut Gusti Allah minangka jejeré Allah, utawa nyebut Panjenengané minangka jejeré Gusti Kang Maha Agung, Kang kagungan panguwasa jagat raya, utawa Kang kebak sih Rahmat. Kabéh sesebutan iku mung ana ing agama-agama liya. Panjenengané mulangaké marang kita asma kang ora ana bandhingané saka Gusti Allah, kang ngringkes kabéh rajabrana ing Prejanjian Anyar nganggo siji setilah “Rama Kawula”. Kita ora pantes nyebut Gusti Allah “Rama Kawula” lan kita ora bisa sowan sakarep kita dhéwé marang Panjenengané. Nanging Sang Kristus wis rawuh saka Suwarga lair saka Sang Roh Suci. Panjenengané agawé kita dadi mitra ing sajroné hak luwih-luwih Panjenengané nglebokaké kita ing sajroné pribadi Panjenengané lan ngilangi kabéh dosa kita kanthi mangkono kita pentes dadi para putra Yahweh kang sah lumangat kangkat, lan kanthi cara kasukman, kanthi kelairan kang kaping pindho.

Sapa waé kang temen-temen nggatekaké pangandikan Gusti Yésus ing sajroné Injil, bakal ndeleng kanthi éram, yén ing sajroné pandonga lan wawan pangandikan karo para murid, Panjenengané asring nggunakaké anggoné nyebut Gusti Allah, kanthi tembung “Abba”, “Rama”, “Rama-Ku” utawa “Ramamu” kurang luwih kaping 200. Nanging nalika wawan pangandikan karo para satru Panjenengané utawa Panjenengané lagi nundhung roh ala saka wong kang kapanjingan, Panjenengané mung nyebut asmané Allah waé. Nanging nalika pasemon Rama Panjenengané kasingidan saka Panjenengané nalika Panjenengané ana ing Kayu Salib, Panjenengané nguwuh, “Allah-Ku, Allah-Ku, kengapa Paduka nilaraken Kula?”. Nalika iku, Panjenengané manggul atas sarira Panjenengané kabéh dosa jagat, lan sih kawelasan Rama Panjenengané karubah dadi bebendu kang kaobar marang Panjenengaen minangka Hakim kang langgeng. Panjenengané paring paukuman kabéh dosa kita ing sajroné sarira Putra Panjenengané kang nggenteni kita.

Senajana Rama nyingidaké pasemon Panjenengané marang Panjenengané Gusti Yésus mbudidaya kanthi setyo. Panjenengané cekelan marang hakikat Allah minangka jejeré Rama lan ing pungkasané Panjenengané ndedonga, “Rama, ing asta Paduka kawula pasrahaken nyawa kawula”. Wiwit wektu iku, Panjenengané ngesokaké Sang Roh suci marang kita, kang nguwuh kanthi kebak kabungahan ing sajroné kita, “Rama kawula ingkang wonten ing suwarga.”. Sang Roh suci mratélakaken wadi Gusti Allah minangka jejeré Rama kanggo wong-wong kang pracaya. Yaiki sebabé kita amemuji Panjenengané lan ngaturaké panuwun marang Panjenengané kanthi kabungahan, awit Rama kasuwargan wis paring pangapura kita, maringi kita urip langgeng Panjenengané nuntun kita mlebu ing sajroné keluwarga Panjenengané nimbali kita dadi kang ditresnani lan nampani kita minangka abdi ing sajroné Kraton katresnan Panjenengané. Awit saka iku, kita ora kudu wedi babagan piwales Allah dikaya wong-wong kang ora wanuh Panjenengané awit kita duwé hak kanggo sowan ing papan suci lumantar rah Sang Kristus kanthi panguwasa Roh Suci saben –saben lan saben menit.

Tuntutan kang utama lan kang luwih utama saka Sang Kristus yaiku supaya kita nyucékaké asma Sang Rama. Ora perlu mangu-mangu yén Rama kasuwargan iku suci ing sajroné Panjenengané lan ora mbutuhaké tambahan kasucén lumantar kita, nanging Panjenengané ngidinaké kita melu cawe-cawe ing sajroné hak iki, lan awit saka iku amemuji Panjenengané ngluhuraké Panjenangané lan leladi Panjenengané kanthi kebak rasa syukur lan kabungahan.

Kuduné dadi tujuwan kang sepisan dhéwé lan kang dhuwur dhéwé ing kabéh panyuwun kita, supaya Rama kita kaluhurake. Kabéh panyuwun kang liya kudu ana ngisor lan ing sajroné keselarasan karo prekara iki. “Rama, Paduka luhuraken sarira Paduka lan Paduka paringi kawula dinten menika tetedhan kawula sacekapipun lan Paduka apunten sadaya dosa kawula.” Awit kabéh prekara iku saka Panjenengané lan lumantar Panjenengané kabéh kudu kunjuk Panjenengané lan kunjuk Panjenengané uga. Ing sajroné dosa, pikiran lan kekarepan kita kudu kaunderaké marang kasucén Rama kasuwargan kita. Wong-wong Farisi, awaké dhéwé dadi underan tujuan utama, katon ing sajroné dongané nanging kita nindakaké kosok baliné. Kita duwé tujuwan kanggo andadekaké asma Allah sang Rama kita dadi tujuwan pungkasan. Kareben kabéh panyuwun kita kaunderaké marang tujuwan iki lan ditata déning Panjenengané.

Kabéh bapak ing jagat iki duwé kekarepan supaya anak-anaké urip duwé rasa kurmat, setyo ing sajroné leladi marang masyarakat lan njunjung dhuwur ajiné lan anggoné mbangun keluwarga. Mengkono uga, Sang Kristus kagungan karsa kita ngurmati Rama kasuwargan kita kanthi tindak tanduk kasucén kita lan ngasilaké woh-woh Sang Roh suci. Sebanjuré malah wong-wong kang ora pracaya uga bakal ngluhuraké Rama ing suwarga awit para putra Panjenengané kang banget kinurmatan. Kaya ngapa gedhé kabungahan Sang Rama kita manwa jagat kandha: “Delengen wong-wong iku, wong-wong iku kumandel marang Ramane!”

Awit ora kabéh wong dadi bapak sadurungé wong iku duwé anak, kita ndedonga yén anak kasukman kang ora kaetung gunggungé bakal dilairaké kanggo Sang Rama kasuwargan kita kaya ebun ing dina esuk lan wong-wong mau urip ing sajroné kasucén , kayektén lan katresnan.

PANDONGA: Dhuh Rama, asma Paduka ing lathi kawula langkung legi tinimbang madu murni. Kawula menika tiyang-tiyagn dosa lan samenika kawula menika dados putra-putra Paduka. Maturnuwun atas katresnan Paduka, atas sih rahmat Putra Paduka lan atas sih rahmat Sang Roh suci. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, awit lumantar penebusan Paduka ingkang gumathok, kawula dados para putra Paduka ing salebetipun kayektosan lan hakikat. Pratélakaken asma Paduka ing dusun ing kitha kawula supados dinten menika kathah para putra Paduka badhé kalairaken kunjuk Paduka lan ngluhuraken asma Rama Paduka minangka jejeripun Rama kang suci ing salebetipun gesang kawula.

PITAKONAN

  1. Kepiye ta carané anggon kita nyucékaké asma Sang Rama iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 01:04 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)