Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 062 (Prayer)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
2. Tanggung Jawab Kita Tumrap Gusti Allah (Matéus 6:1-18)

b) Ndedonga Kanthi Dhéwékan (Matéus 6:5-8)


MATÉUS 6:5-8
5 “Dené manawa kowé padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-papan pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamurihé supaya katona ing wong. Satemené pituturKu marang kowé: Iku wus padha tampa pituwase. 6 Nanging manawa kowé ndedonga, lumebua ing kamarmu, lawangé inebna, banjur ndedongaa marang Ramamu kang ora katon. Dené Ramamu kang mirsa tindakmu kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowé. 7 Apamanéh, sajroné ndedonga, aja nganggo tembung akéh-akéh kaya adate wong kapir, awit iku padha ndeweni pangira, yén marga saka akéhing tembunge, pandongané bakal kabul. 8 Dadi aja tiru-tiru wong iku, awit Ramamu mirsa apa sing kobutuhaké, sadurungé kowé matur.
(Yésaya 1:15)

Saben agama duwé prenatan mligi kanggo ngaturaké pandonga, awit donga iku salah siji landhesan saben agama. Wong-wong Yahudi ngangkat tangan supaya nampani berkah langsung saka Gusti Allah kang tumurun marang dhéwéke. Kala-kala wong-wong mau ndedonga ing ngarepe umum ing ndalan lan ing gang-gang kanggo golék kawigatené wong liya. Nanging kita, wong-wong Kristen, ora gawé prenatan ndedonga kang dibolan-baléni, awit Sang Kristus wis nguwalaké kita saka patrap donga wola-wali lan tata cara donga kang kudu dilakoni. Kita iki dudu batur tukon ana ngarsané gusti Allah. Kita iki para putrané lan kita wawan pangandikan karo Rama kasuwargan nalika kita lungguh, mlaku, ngadeg, utawa sujud. Hakikat saka donga yaiku matur marang gusti Allah dikaya anak matur karo bapaké, ngaturaké panuwun marang Panjenengané amemuji Panjenengané lan ngakoni dosa, lan uga nyuwun pangapura atas dosa uga ndedonga kanggo kabutuhané wong liya. Dikaya panjenengan rerembugantanpa wedi marang bapak panjenengan, panjenengn kudu rerembugan lan nglahiraké pepinginan panjenengan marang Rama Kasuwargan panjenengan.

Ing sajroné pandonga, kita luwih langsung gegayutan karo gusti Allah, tinimbang karo ing sajaroné ménéhi dedana, lan awit saka iku kita kudu luwih –luwih babagan anggon kita tulus, ya mengkono iku kang dadi tujuwan kita. Bisa dikandhakaké yén kabéh murid Sang Kristus iku ndedonga. Nalika Paulus mratobat, disebutaké bab dhéwéké, “banjur dhéwéké ndedonga.”. Dikaya panjenengan angel nemokaké wong urip kang ora ambegan, mengkono uga ora ana wong Kristen kang ora ndedonga.

Umume, kita ndedonga ora ana ngarepe umum. Sing sapa ora gelem ndedonga dhéwé ora bakal gelem uga ndedonga ing ngarepe umum, awit kita ora ndedonga marang manungsa, nanging langsung marang Gusti Allah. Rama kasuwargan panjenengan tansah mirengaké panjenengan lan pirsa kabutuhan panjenengan sadurungé panjenengan nyuwun marang Panjenengané. Nalika ndedonga dosa –dosa panjenengan, pengarep-arep palsu lan pepinginan pribadi bakal ilang awit panjenengan ngrasakaké karawuhané Gusti Allah ing sajroné ndedonga. Pancen beciké panjenengan jengkeng, nanging panjenengan diselametaké déning iman lan ora lumantar obahé awak panjenengan. Panjenengan duwé hak jengkeng dikaya kang ditindakaké sang Kristus ing Getsemani, nanging gusti Allah ora nylametaké panjenengan awit jengkeng utawa sujud. Panjenengané nylametaké panjenengan awit Panjengané nresnani panjenengan. Panjenengané ngorbanaké putra-Né kanggo panjenengan malah sadurung panjenengan manembah Panjenengané.

Manawa kita arep ndedonga, lungaa ing papan kang sepi. Tutup lawang lan esokna kabéh rasa kuwatir lan momotan ing ati panjenengan marang Sang Rama. Manawa panjenengan ora duwé papan pribadi kang tutupan, lunga menyang papan kang sepi lan matura ana kana marang Rama kasuwargan panjenengan lan Panjenengané bakal mirengaké donga panjenengan. Panjenengan ora bakal bisa urip tanpa ndedonga. Dikaya badan panjenengan ora bakal bisa urip tanpa ambegan, mengkono uga jiwa panjenengan ora bakal bisa urip tanpa donga. Manawa bisa panjenengan tindakaké ndedonga makaping-kaping ing sedinané karo anggegilut Kitab suci, kanthi mengkono donga panjenengan bakal dadi tanggapan panjenengan marang Sang Rama uga kosok baliné tanggapan Sang rama marang panjenengané. Manawa panjenengan ora seneng ndedonga lan ora gelem maca Injil, mula panjenengan ana ing lawangé bebaya kang gedhé, awit iki ateges panjenengan uga ora bakal seneng nyepi karo Gusti Allah thok. Apa panjenengan ora kangen matur marang Rama kasuwargan panjenengan? Panjenengané ngenténi donga panjenengan, atur panuwun lan anggon panjenengan ngandhel marang Panjenengané.

Wong-wong Farisi ndedonga marang manungsa lan dudu marang gusti Allah. Undering dongané wong-wong Farisi yaiku kanggo golék pangaji manungsa lan kanggo kepentingané dhéwé. Aja tiba ing sajroné pakulinan wong-wong Farisi iki. Ndedongaa marang Gusti Allah minangka jejeré Sang Rama, awit Rama Kasuwargan panjenengan cemawis kanggo ngrungokaké lan paring jawaban, ing sajroné sih rahmat Panjenengané kebak sih kawelasan, mitulungi lan nyengkuyung panjenengan. Ndedongaa marang Sang Rama kang ngenténi panjenengan.

Bisa diarani, kabungahan marang donga kang dawa iku hasil saka anggoné gumunggung utawa takayul, utawa ana panemu kang luput yén Gusti Allah prelu diwenehi katarangan utawa nggunakaké alesan kanggo kita, utawa jalaran anggoné ora pirsa lan patrap kang kurang pantes, awit manungsa seneng ngungokaké kandhané awaké dhéwé. Aku ora kandha yén donga kang dawa iku dilarang; Sang Kristus uga tau ndedonga sewengi muput (Lukas 6:12). Kala-kala dibutuhaké donga kang mengkono nalika ana pepinginan gedhé ing ati kita kanggo ndedonga mengkono, nanging patrap mung ndawak-ndawakaké donga, kaya-kaya kanthi patrap mengkono ndadekaké donga luwih apik ing ngarsané Gusti Allah, ya patrap mengkono iku kang kudu disingkiri. Donga kang dawa ora sawijining kaluputan, ora, awit kita malah kudu tansah ndedonga. Bebayané saka kaluputan iki yaiku manawa kita mung kandha ndedonga kita tanpa mikiraké apa kang kita dongakake. Iki kang dicethakaké déning Solaiman (Kohelet 5:1), “mulané tembungmu sathithik bae”, ditimbang lan dipetung kanthi jero; “milih tembung “ (Ayub 9:14) lan ora mung kandha apa kang dadi elingé waé. Wong-wong kapir duwé pikiran yén gusti Allah prelu ngrungokaké akéhé tembung kango nulungi Panjenengané ngerti apa kang diaturaké, utawa agawé Panjenengané nuruti apa kang dijaluk, kaya-kaya gusti Allah iku ringkih utawa perlu dirimuk. Awit saka iku para imam Baal mbudidaya sabisané awit esuk nganti meh bengi mbolan-mbaléni dongané kang ora ana gunané “Dhuh Baal, mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula sadaya!”, lan panyuwuné pancen ora ana gunané. Nanging Elia, kanthi tumindak kang tata lan kanthi donga kang cekak, njaluk lan nampani geni saka suwarga lan sebanjuré utan (I Para raja 18:26-45). Manawa donga dudu sesambungan kang tulus karo Gusti Allah nanging mung pocapan lambe waé, mula donga kelangan makna kang sabenere.

Gusti Allah kang dadi tujuwan saka donga kita yaiku Sang Rama kita awit kang nitahaké, awit prejanjian lan awit Sang Roh suci. Awit saka iku tembung kita marang Panjenengané kudu lugu, saklumrahé lan ora digawé-gawé. Bocah-bocah ora prelu agawé pidato dawa-dawa marang bapaké manawa njaluk apa-apa. Cukup kanggoné bocah-bocah kandha, “Duh sirahku, sirahku” (II Para raja 4:19). Ayo kita sowan marang Sang Rama kanthi patrap kaya bocah, kanthi katresnan, kurmat lan sumendhé sawutuhe. Kanthi mengkono kita ora mbutuhaké akéh tembung-tembung, nanging diwulang déning Sang Roh kang agawé kita dadi bocah kang bisa matur: “Ramaku”!

Akoni panerak panjenengan marang gusti lan aja lali matur, “Maturnuwun, dhuh Rama kasuwargan, atas sadaya ganjaran Paduka”. Goléka kawruh, kekuwatan lan kawicaksanan kanggo ngerti katresnan iki ing sajroné urip panjenengan. Kareben panjenengan ngerti yén Rama panjenengan wanuh panjenengan luwih becik saka panjenengan wanuh marang awaké dhéwé.

Apa panjenengan ndedonga? Iki sawijining pitakonan kang banget déning penting kanggo ndadar iman kita, awit saben panjenengan ora ndedonga mula jiwa lan telenging ati panjenengan bakal dadi lara. Akoni dosa – doa panjenengan sawutuhé marang gusti énggal-énggal. Goléka panyucen lan kawarasan kang tenanan kanthi mangkono panjenengan kapenuhan Sang Roh Suci, kang mulangaké marang ati panjenengan kang ndedonga. Kumandela marang Panjenengané kang panjenengan ndedonga marang Panjenengané. Rama panjenengan ing Suwarga mireng lan njawab. Sebanjuré kabungahan saka Gusti bakal ngalimputi ati panjenengan lan panjenengan ora mung bakal ndedonga kanggo awak dhéwé, nanging uga kanggo kabéh kang diparingaké Gusti ing sajroné ati panjenengan. Sang Roh Rama panjenengan bakal mitulungi panjenengan ndedonga kanthi cara kang bener!

PANDONGA: Dhuh Gusti kasuwargan, maturnuwun awit Paduka ngidinaken kawula nyebat Paduka, “Rama kawula”. Paduka wucal dhumateng kawula donga ingkang Paduka tampi lan tuntun kawula kanthi Sang Roh Suci Paduka kanthi makaten kawula saget tansah ngluhuraken Paduka lan Gusti Yésus Kristus. Tulung mitra, keluwarga lan satru kawula ing wekdal mitra, keluwarga lan satru kawula sowan dhumateng Paduka lan wantun matur: “Rama kawula ingkang wonten ing suwarga”

PITAKONAN

  1. Jinis donga kang kepiyé kang bakal diparingi jawaban déning sang Rama kita kang ana ing suwarga?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 01:02 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)