Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 064 (The Lord’s Prayer)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
2. Tanggung Jawab Kita Tumrap Gusti Allah (Matéus 6:1-18)

c) Pandongané Gusti Yésus (Matéus 6:9-13)


MATÉUS 6:10
10 Kraton Paduka mugi rawuh,.....
(Matéus 25:34)

Panyuwun iki ana sambung rapete karo pawarta kang lagi dikotbahaké Sang Kristus, kang wis dikotbahaké déning Yokanan Pembaptis, lan kang terus dikotbahaké para murid kang kautus Gusti Yésus, “Kratoné Suwarwa wis cerak”. Kraton Sang rama panjenengan ana ing sajroné suwarga, krajan”Sah Mesih” iki kang bakal teka lan kita kaidinan ndedonga supaya rawuhé iku énggala. Gusti Allah nitahaké jagad kabéh, kanthi mengkono kabéh iki dadi kagungané. Panjenengané kang andarbeni kita, nanging manungsa ora mbangun turut Gusti lan ninggalaké Panjenengané kaya-kaya manungsa nyolong barang apa saka asta Panjenengané. Senajana manungsa ora mbangun turut, manungsa tetap dadi kagungané. Panjenengan uga, sedulurku kabéh becik lanang utawa wadon, panjenengan kabéh iku kagungané gusti Allah satemen-temené.

Gusti Allah ora kagungan karsa ngedoh saka kabéh kang dadi kagungané dadi Panjenengané ngutus Sang Kristus supaya dadi Ratu ing sajaroné Kraton Panjenengané. Panjenengané nyarasaké wong lara, nresnani wong-wong kang ora duwé, martakaké pamratobat, nangis atas para kagungané kang ora mbangun turut lan sédak kangga kita. Kraton Sang Rama kita kalandhesi marang anggoné gawé karukunan Putra Panjenengané kang dadi jalaran wong-wong dosa kang pracaya bisa mlebu ing Kraton Panjenengané. Nanging,Sang Roh suci mratélakaké Krajan kasukman ing sajroné jagat iki lumantar Pangusa Panjenengané lan nyucékaké wong-wong kang pracaya marang Sang Kristus.

Kraton ilahi terus nganti dina iki ing sajroné pura putra Allah. Dikaya kraton langgeng Panjenengané ora ing jagat iki, kita yaiku wong-wong manca ing jagat iki. Kita kanthi cara kasukman pinisah saka jagat iki nalika kita ndedonga supaya asma Rama disucikan.

Ing sajroné panyuwun kang kaping pindho, kita uga duwé pepinginan supaya Kraton kasuwargan Panjenengané dijembaraké ing jagat iki, kanthi mangkono kabecian Panjenengané bakal ditampa déning sakabéhing bangsa. Rama kasuwargan maringaké marang para putra Panjenengané lan gereja Panjenengané hak luwih-luwih kanggo martakaké Injil ing sajroné Kraton Panjenengané. Kita ndedonga supaya karsa Panjenengané kang dumadi ing jagat iki.Gusti Allah ing sajroné katresnan, lan Panjenengané ngersakaké supaya ngalimputi jagad iki karo pangayunan Panjenengané. Panjenengané “ngersakaké kabéh manunga diselametaké lan dituntun marang pangertén babagan kayektén”. Apa panjenengan ngerti makna kang gedhé iki nalika panjenengan ndedonga, “Kraton Paduka mugi rawuh” Kang dikarsakaké saka Sang Rama kasuwargan yaiku kanggé ngobahaké ati panjenengan kanthi mengkono panjenengan nyebaraké pawarta iki ing wong-wong sakiwa tengen panjenengan lan ing saindhenging jagat.

Kraton Sang Rama kita pungkasané bakal nyata ing sajroné kaluhuran nalika Raja atas kabéh raja rawuh manéh ing sajroné kaluhuran panguwasa Panjenengané kanggo mrentah kraton Panjenengané. Sebanjuré kabéh pasulayan bakal dirampungkan lan iblis katundhung. Kita sebanjuré bakal énggal bali marang Sang Rama Kasuwargan kita nyawang Panjenengané lan bebarengan karo Panjenengané. Apa panjenengan ngreti jeroné lan tujuan saka panyuwun kang kaping pindho ing sajroné donga gusti kita? Raja kang bakal rawuh iku maringi panjenegnan hak kanggo nyawisaké dalan kanggo Panjenengané lumantar tembung lan tumindak lumantar donga lan pisusung kanthi mengkono krajan katresnan iku bakal mundak-mundak ing jagat iki.

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka ngutus putra Paduka Raja atas sadaya raja, dhumateng kawula. Kawula sampun nampik Panjenenganipun saha nyalibaken Panjenenganenipun. Nanging Panjenenganipun nebus kawula lan adamel kawula saget dados warga Kraton Paduka. Kawula nyuwun Paduka njembaraken kraton kasukman Paduka ing kitha lan negara kawula lan ing antawisipun sanak keluwarga kawula. Paduka rawuh Gusti Yésus, kawula ngentosi Paduka sesarengan kaliyan sedhérék-sedhérék ingkang sampun nandang sangsasra kanggé jembarinpun kraton Paduka. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit sampun nuntun kawula dhateng dalem Rama kasuwargan kawula ingkang badhé kami tingali kados dené ingkang sejatosipun.

PITAKONAN

  1. Apa kang panjenengan pikir nalika panjenengan ndedonga: “Énggala rawuh kraton Paduka?”

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 01:09 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)