Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 037 (Temptation of Christ)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
B - YOKANAN PEMBAPTIS NYAWISAKÉ DALAN KANGGO SANG KRISTUS (Matéus 3:1 - 4:11)

4. Pancoban sang Kristus lan Kemenangan Agungé Panjenengané (Matéus 4:1-11)


MATÉUS 4:8-11
8 Gusti Yésus banjur digawa Iblis manéh munggah ing gunung kang dhuwur banget lan diaturi mirsani sakéhé krajan ing dohya dalasan kamulyané 9 nuli munjuk mangkéné: “Punika sadaya badhé kula caosaken dhateng Panjenengané anggeripun Panjenengan sumungkem sujud dhateng kula.” 10 Ing kiono Gusti Yésus banjur ngandika marang Iblis: “wis, lungaa, sétan!” Sabab ana tulisan mangkéné: Pangéran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengané Piyambak kang kudu sira abekteni.” 11 Iblis banjur léngsér saka ig ngarsané Gusti Yésus; lan ing kono tumuli ana malaekat-malaekat kang padha sowan lan ngladosi Panjenengané.
(Pangandaring Torét 6:13; Yokanan 1:51; Ibrani 1:6,14)

Iblis ora ngatonaké awaké ing godha kang kapindho kanthi nyata minangka satru kang lumawan gusti Allah. Dhéwéké ngatonaké awaké kang kawitan ing kené kaya-kaya dhéwéké lagi njaluk bukti saka Sang Kristus yén Panjenengané iku Putra Allah. Dhéwéké sebanjuré nuduhaké awaké kaya-kaya dhéwéké lagi pengin yén dhéwéké mbuktekaké kayektén lan panguwasané pangandikané Allah. Nanging ing sajroné panggodha kang kaping telu iki apa kang dadi niate katon. Iblis ngatonaké yén awaké iku satru Gusti allah kang lagi mbudidaya, manawa bisa, supaya bisa nyemeraké Sang penebus kita. Ing sajroné cara kang ngedap-edapi kang ora bisa kita ngerti, Iblis ngatonaké marang Gusti Yésus kabéh krajan lan panguwasa jagat iki ing sakedheping netra (Lukas 4:5) lan nawakaké bakal diwenehaké kabéh marang Panjenengané manawa Panjenengané kersa manembah Iblis. Nanging Sang Kristus nundhung dhéwéké kanthi ngandikan, “Wis lungaa Iblis!”, Panjenengané nyuplik saka kitab suci yén mung Gusti Allah waé kang kudu disembah. Sing sapa memitran karo jagat agawé awaké dadi satruné Gusti Allah (Yakobus 4:4). Coban saka Iblis kang gedhé dewe marang manungsa yaiku jagat iki. Wis akéh dimangérténi yén manungsa gampang banget mlebu ing sajroné panjiret iki. Nalika Iblis gagal ngala Sang Kristus kaping loro digodha kanthi nyimpangaké pangandikané Allah, dhéwéké ngundhakaké anggoné nggodha lan nawakaké jagat marang gusti Yésus; nanging Sang Kristus ora bakal nampa jagat saka Iblis. Ora ana sing andadekaké mangu-mangu, Panjenengané wis nampani prasetya iku saka Rama Panjenengané (Mazmur 2:7-9), awit Panjenengané minangka jejeré Putra Manungsa saka Adam kang pungkasan, bakal ngwarisi sakabéhé (Ibrani 2:5-9). Panjenengané bakal kanthi adil kagungan sakabéhané kang dadi peparingé Sang Rama awit anggoné mbangun turut Panjenengané sawutuhé nganti séda, malah nganti séda ing kayu salib. Panjenengané ora ngarep-arep nampani makutha kaluhuran tanpa luwih dhisik nampani makutha eri.

Kita ndedonga ing pérangan pungkasan Donga Rama kawula, “Awitdené Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan”. Kanthi iku kita masrahaké awak kita sawutuhé marang Gusti Allah. Iblis lelawanan banget karo prekara iki. Dhéwéké iku roh kang gumunggung kang mbudidaya golék pangalembana saka kabéh titah kanggo awaké dhéwé. Dhéwéké ngapusi nalika dhéwéké ngatonaké kabéh krajan jagat marang Sang Kristus lan nawakaké bakal ngaturaken kabéh marang Gusti Yésus, awit sejatiné dhéwéké ora duwé hak nawakaké apa kang mung diakoni dadi duwéke. Jagat iki kalebu panguwasa lan kaluhurané iki kagungané Gusti Allah lan Sang Kristus. Sang Kristus kagungané Sang Rama.

Sang Kristus ora pracaya marang apus-apusé si pangawak dursila iku. Panjenengané manunggal ing sajroné Rama Panjenengané tetunggalan karo Panjenengané. Ora ana panguwasa utawa kaluhuran kang agawé Panjenengané kadudut manahé awit Panjenengané wis andadekaké sarirané lan gambaran ilahi kang dadi kagungan Panjenengané ora diregani Panjenengané. Panjenengané dadi asor supaya Panjenengané bisa nebus kabéh manungsa. Panjenengané milih dalan mlarat lan asor, nampik kasugihan lan kamisuwuran, kanthi mangkono Panjenengané bisa tetap ana ing sajroné patunggalan karo Sang Rama lan nglakoni karsané Gusti Allah.

Sawijining wong kang sugih banget tahu kandha, “Kabéh wong duwé rega, kanggo nindakaké apa kang lelawanan karo telenging atiné.” Nanging Sang Kristus ora adol kayektén Panjenengané kanggo sakwernané apus dhuwit. Panjenengané nyingkur sarirané manggul salib, lan terus ana ing sajroné keparengé sang rama lan ing sajroné mbangun turut marang Sang Rama. Kanthi sikep kang mbangun turut iki, Iblis dikalahaké lan tujuwan sang Kristus nindakaké, lan nuduhaké yén Iblis iku tukang apus-apus, tukang nyolong, lan tukang mateni. Iblis kepéngin disembah déning kabéh manungsa. Iblis andadekaké awaké brahala lan nggodha manungsa supaya nresnani sawijining prakara kang dudu Gusti Allah. Buku, mobil, banda lan barang iku godha kang bisa diangkat dadi brahala kang ngluwihi kang nitahaké kita. Iblis terus agawé manungsa mandheg saka anggoné masrahaké awaké marang Gusti Allah lan putra Panjenengané kanthi mangkono si pangawak dursila bisa ménéhi perintah jagat iki ing sajroné pambalela marang gusti Allah. Iblis iku tukang mbalela kang sabeneré kang ngulemi manungsa kang ora mbangun turut supaya mlebu neraka rame-rame.

Godha kang pungkasan Gusti Yésus kapungkasi nalika Iblis nyuwun gusti Yésus manembah dhéwéke. Nanging gusti Yésus malah nuduhaké yén Panjenengan iku gusti lan paring dhawuh supaya dhéwéké lunga ing wektu iku uga.

Senajana mengkono, Gusti Yésus isi maringi wewengan pungkasan marang di pengawak dursila iku, “Pangéran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengané Piyambak kang kudu sira abekteni”. Panjenengané ora énggal nyirnakaké Iblis nanging paring dhawuh supaya dhéwéké mretobat, supaya sujud marang Gusti Allah, lan manembah Panjenengané supaya dhéwéké bisa rubah atiné kang ala lan masrahaké awaké marang Kang Mahakuwasa lan tansah ngladeni Panjenengané kanthi andap asor lan mbangun turut. Putra manungsa ora golék wong kang manembah Panjenengané dhéwé saka Iblis nanging Panjenengané mbuka lawang marang Gusti Allah supaya dhéwéké bisa ngrumangsani kahananané lan mretobat uga bali marang pembangun turut. Suwarga lan neraka nahan ambekané awit ana pepérangan antarané Gusti Allah karo satru utama Panjenengané kang wis nggayuh pucake. Dadi apa kang bakal ditindakaken déning si pengawak dursila iku?

Kanthi meneng-menengan dhéwéké ninggalaké gusti Yésus lan lunga nanging dhéwéké ora menembah marang Kang Maha Luhur. Iblis sengit gusti Yésus kang ora kersa manut nampani roti, pangaji lan kaluhuran, nanging milih supaya lega, tenang lan munggah marang kayu salib supaya masrahaken sarirané kanggo kabéh manungsa. Sang Roh Kristus ngalahaké roh Iblis. Kang nggodha mbudidaya, tanpa guna, supaya andadekaké gusti Yésus nggunakaké hak lan pangwasané dadi putrané Allah, yaiku andadekaké watu dadi roti lan nglegaaké rasa luwe saka Putra manungsa iku. Iblis mbudidaya tanpa guna, anggawé gusti Yésus nyobani Allah kanthi mangkono Panjenengané bisa yakin apa Gusti Allah nganthi Gusti Yésus apa ora. Awit Gusti Yésus temen-teman pracaya marang Gusti Allah sawutuhe, pendadaran kang mengkono babar pisan ora di prélokake. Iblis nawakaké marang Panjenengané ora ana gunané krajan lan kaluhuran donya. Awit gusti Yésus, kang diberkahi, pirsa yén kabéh bakal diparingaké marang Panjenengané ing titi mangsané mengko nalika Panjenengané nyepeng pusaraning peperintahan dadi Putra manungsa, Panjenengané ora teluk marang Iblis lan malah masrahaken sarirané kanggo nindakaké kabéh kang ditetepaké kanggo Panjenengané nganti wektuné teka.

Prekara kang penting banget ing sajroné pirembugan iki yaiku kapenuhan lan pangwasa saka pangandikané Allah. Gusti Yésus kang dilahiraké lan dijebati Sang Roh suci lan manjalma dadi manungsa, perang karo si pangawak dursila nggunakaké gaman kang paling gampang kang tau ana-pangandikané Allah kang ditulis kanggo manungsa. Siji pratéla saka Kitab suci wis cukup kanggo mbungkem satru lan mungkasi anggoné gumunggung. Mengkono uga, Panguwasané pangandikané Allah kacawiské kanggo kita uga ing mangsa-mangsa pepérangan kasukman. Kita kudu nggunakaké ayat Kitab suci kang pas ing wektu kang pas kanthi ati kang murni ora kanggo kauntungan pribadi, lan pracaya sawutuhé marang pangwasané Allah ana ing sajroné pangandikan iku.

Sakwisé menang atas iblis iku, para malaikat sowan marang Gusti Yésus, ngladeni Panjenengané lan manembah Panjenengané. Manawa waé gusti Yésus tiba ing sajroné panggodha iku, wewengan pungkasan kita kanggé rukun karo gusti Allah bakal ilang lan pengadilan bakal tumeka. Nanging Panjenengané ngadeg jejeg lan setyo maju uga nelukake.

PANDONGA: Oh putra Allah ingkang suci, kula manembah Paduka lan Rama Paduka kanthi kabingahan lan karemenan, awit Paduka mimpang atas Iblis. Paduka telukaken kula ugi kanthi makaten saget tansah manembah Ingkang MahaSuci kanthi manah kula, lelados Panjenenganipun ing dinten-dinten kula, masrahaken badan dhumateng Panjenenganipun kanthi rila lan ndhérék Paduka ing salebetipun peladosan Paduka. Tulung kula milih dados alit lan asor katimbang kaliyan kekajengan panguwasa kang badhé adamel kula cilaka, kanthi makaten kula saget mbangun mangsa tembé kula kanthi landhesan kajeng salib Paduka lan asma rama Paduka ingkang suci kemawon.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé apa Gusti Yésus paring dhawuh supaya iblis manembah marang Gusti Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 01:27 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)