Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 067 (Love your Enemies and Opponents)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 3 - Bebeneré Gusti Allah Ana Ing Uripé Para Pandhéréké Sang Kristus (Rum 12:1 - 15:13)

4. Tresnanana satrumu lan wong-wong kang padha nglawan kowé (Rum 12:17-21)


RUM 12:17-21
17 Aja males ala marang wong sing gawé piala marang kowé. Padha ngudia nindakaké apa sing dianggep becik déning wong akèh. 18 Sabisa-bisa udinen supaya uripmu rukun karo wong kabèh. 19 Para sedulur, aja pisan-pisan nindakaké pemales merga sengit, jalaran Gusti Allah piyambak sing malesaké. Sebab ing Kitab Suci ana pangandika mengkéné: "Pemales kuwi wewenang-Ku. Aku (Gusti Allah) sing bakal malesaké, mengkono pangandikané Pangéran." 20 Malah pangandikané Gusti Allah mengkéné: "Yèn satrumu keluwèn, wènèhana mangan; yèn ngelak wènèhana ngombé. Sebab srana patrap mengkono ndadèkaké wirangé lan ngakoni keluputané." 21 Kowé aja nganti dikalahaké déning piala, malah piala mau kalahna srana kabecikan.

Gusti Yesus ngawonaken pepaken “mripat ganti mripat, untu ganti untu.” Panjenenganipun netepi punika lan maringaken pepaken enggal supados nresnani lan mberkahi sadaya mengsah kita. Kanthi mekaten Panjenenganipun nyisihaken pepaken lami ing Prajanjian Lami, lan mbekta kita dhumateng tatanan kaswargan ing tengahing donya ingkang nistha punika.

Rasul Paulus mbudidaya kanthi katog ing pimpinaning Roh Suci kangge nindakaken lan gesang manut pepakenipun Gusti Yesus, lan kangge mulangaken sadayanipun dhumateng pasamuwan-pasamuwan. Pramila saking punika, menawi tetiyang nggorohi utawi ngucapaken pitembungan awon dhumateng panjenengan, sampun mbudidaya ngrebut hak lan kaurmatan panjenengan kanthi raos sengit, nanging kaaturna prekawis punika dhumateng Gustikg bade njejegaken kaadilan tumrap tiyang-tiyang ingkang katindhes. Ngaturana paseksi kayekten, lan sampun dados kasar lan keras. Mbudidayaa wujuding katentreman. Kekurbana wegdal lan hak panjenengan. Ndedongaa supados Gusti numrahaken tentrem rahayu dhumateng panjenengan lan mengsah-mengsah panjenengan. Gusti ingkang kagungan katresnan saged ngluluhaken manah ingkang atos, lan nggantos dados raos urmat dhumateng panjenengan.

Kekristenan boten marengaken tumindak males awon (balas dendam), awit namung Allah ingkang adil, ingkang ing kasucenanipun kwaos nyipati sadaya kawontenan lan ngadili kanthi kawicaksanan lan kaadilan (Pang. Toret 32:35).

Gusti Yesus menggak kita ngadili tiyang-tiyang sanes karana pamawas kita ingkang winates tumrap tumindakipun tiyang-tiyang sanes. Panjenenganipun kanthi mandhes dawuh, “Aja netepake alaning wong, supados kowe iku aja katetepake alamu!... Heh, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana ing mripatmu, mengko kowe bakal kanthi premana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripate sadulurmu.” (Mat. 7:1,5).

Dawuhipun Gusti punika ngremuk kasombongan lan dora kita, sarta nedahaken bilih boten woonten tiyang ingkang sampurna. kita sadaya boten sampurna, nggadhahi kalepatan, nanging gampil nglepataken tiyang sanes, boten nyawang diri pribadi tanpa pitobat. Paulus kanthi ringkes nerangaken dawuhipun Gusti Yesus bab nresnani mengsah-mengsah kita kanthi ngendika: Menawa mungsuhmu ora bisa tuku roti lan panganan, tulungana deweke, aja kok togake keluwen. Manawa deweke ora duwe banyu kanggo ngombe, lan kowe nduweni, paringna saperangan kanthi lelahanan. panjenengan nderek cawe-cawe ing kabetahanipun mengsah-mengsah panjenengan, kados ingkang dipun ngendikakaken Prabu Suleman “Mnawa satrumu keluwen, wenehana mangan roti, manawa ngelak, wenehana ngombe banyu; awit kowe bakal ngentepi mawa ing sirahe, sarta Pengeran Yehuwah bakal males marang kowe.” (Wul. Beb. 25:21-22). Kawicaksnan punika sanes wewaton enggal. punika sampun dipun ucapaken 3000 taun kepengker.

Paulus ngringkes katranganipun kanthi pitembungan ingkang wigatos sanget, “Kowe aja nganti dikalahake dening piala, malah piala iku kalahna sarana kabecikan” (Rum 12:21). Srana ayat punika Paulus arsa ngendika dhumateng panjenengan “Aja nganti piala sumela marang uripmu, nanging kalahna piala iku sarana kasaenan lan katresnane Sang Kristus ingkang ngungkuli sagung akal.” Wewaton punika dados wadining Injil. Gusti Yesus nanggel sadaya dosaning jagad, lan ngawonaken sadayanipun kanthi katresnanipun ingkang suci, lan sedanipun dados leliru kangge kita. Sang Kristus punika ingkang mimpang. Panjenenganipun ngersakaken panjenengan ngawonaken piawon panjenengan, lan wangkoting manah panjenengan, temah panjenengan saged nampi kakiyatan rohani kangge nanggel piawonipun tiyang-tiyang sanes, sarta ngawonaken piawon punika sarana pandonga lan katresnan ingkang sabar.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus, kawula manembah dhumateng Paduka amargi Paduka menika Katresnaning Gusti Allah ingkang ngejawantah. Paduka boten meksa katresnan Paduka, utawi ngrudapaksa hak Paduka kanthi weingis lan piwales, nanging Paduka maringaken pangapunten dhumateng para satru Paduka, kanthi ngendika, “Dhuh Rama, kalepatanipun tiyang-tiyang menika mugi Paduka apunten, amargi mboten sami mangertos menapa ingkang sami dipun tindakaken.” Saéngga kawula saged dipun kebaki nganggé Roh Suci Paduka, lan ugi ngapunteni satru-satru kawula, nulungi, amberkahi lan sabar tumrap tiyang-tiyang punika kados déné Paduka.

PITAKON:

  1. Kepiyé carané kita ngapurani satru-satru kita, lan tumindak mangkono tanpa rasa sengit lan nuntut piwales?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 06:33 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)