Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 064 (The Sanctification of your Life)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 3 - Bebeneré Gusti Allah Ana Ing Uripé Para Pandhéréké Sang Kristus (Rum 12:1 - 15:13)

1. Panyucéning gesang panjenengan amung lumantar tekad panjenengan kang gumolong miturut marang Gusti Allah (Rum 12:1)


RUM 12:2
2 Aja mung padha mèlu-mèlu kaya sing dilakoni déning jagad iki; nanging pasrahna marang Gusti Allah, supaya budimu dadia anyar. Srana mengkono kowé bakal ngerti, apa sing dadi kersané Gusti Allah — yakuwi sing becik, sing dadi keparengé, lan sing sampurna.

Paulus boten ngajeng-ajeng warga pasamuwan ing Rum nilaraken roh lan kayekten wonten ing patunggilan kaliyan Tritunggal ingkang suci; pramila pyambakipun nimbali warga punika sami lumebet ing paprangan rohani lumawan sadaya pacobaning dosa.

Paprangan rohani punika boten murugaken kasembadaning karahayon, awit Sang Kristus nylametaken panjenengan, nanging Gusti ngersakaken kayektenipun kawujudna lumantar panyucening pigesangan panjenengan.

Paulus lajeng nerangken margi ingkang piguna tumrap panyucening pigesangan panjenengan:

a) Supados wiwit wegdal punika panjenengan boten gesang tanpa kawigatosan kados ingkang dipun tindakaken dening tiyang-tiyang ingkang tanpa Sang Kristus, ingkang ngoyak kaurmatan, kasugihan, birahi, karemenan, nanging nglampahi pigesangan suci kados ingkang dipun lampahi dening Sang Kristus lan nuladani tata gesangipun para rasulipun Gusti Yesus ing babagan pamawas lan tumindakipun.
b) Supados saged nindakaken sadaya wewaton punika, Gusti maringaken dhumateng panjenengan anyaring budi. Enering gesang panjenengan sampun ngantos namung nglampahi pigesangan ingkang mubra-mubru, nanging panjenengan kedah menggalih karsanipun Allah temah rohing sih rahmat nucekaken manah lan pikajeng panjenengan.
c) Panjeng kedah mangertosi karsanipun Allah, temah panjenengan saged tumindak selaras kaliyan tujuanipun Gusti, lan nampik menapa ingkang boten dipun kersakaken. Kangge nggayuh kadiwasaning rohani punika, panjenengan kedah maos Kitab Suci wongsal-wangsul, lan ngupadi tuntunanipun, pitedahipun lan padanging penggalih saking Rama Kaswargan, temah panjenengan saged mranani penggalihipun Rama kados ingkang samesthinipun.
d) Paulus ngendika kanthi prasaja: lakonana kabecikan. Sampun namung ngrembag bab menapa ingkang sae, nanging nindakna kasaenan, ngaturaken wegdal lan arta panjenengan. kita kapurih sinau saking Allah bab menapa ingkang sae lan menapa ingkang awon, lan katitenana bentenipun wonten gesang panjenengan. Kaupadia kawicaksanan saking Kitab Suci, lan Roh Suci bade nggladi panjenengan nindakaken menapa ingkang karenan ing Allah.
e) Kagayuha kasampurnaning rohani wonten ing gesang panjenengan. Wewaton punika boten ateges bilih panjenengan nggadhahi kasagedan kangge nggayuh kasampurnaning diri klayan kakiyatan panjenengan pribadi. Awit saking punika, nyuwuna dhumateng Gusti Yesus supados njangkepi panjenengan saking kakirangan, temah samukawis ingkang panjenengan tindakaken kagem Panjenenganipun bade saged dados sampurna, enggal-enggal lan leres. punika saged dipun wujudaken ing pigesangan panjenengan minangka kanugrahan saking patunggilan kaliyan Roh Suci, menawi panjenengan nyenyuwun.
f) Menawi panjenengan gesang kanthi cara ingkang mekaten, panjenengan bade gesang kaiyan Allah, lajeng Rohipun Allah bade makarya wonten ing karingkihan panjenengan lan panjenengan bade dados tiyang ingkang kebak kabingahan, panuwun sokur dhumateng Allah tumrap pangurbananipun ingkang Putra wonten ing Golgota.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, apuntenana kawula menawi kawula sampun nglakoni gesang mentingaken dhiri kawula piyambak, nresnani dhiri kawula nglangkungi tresna kawula dhumateng Gusti. Mugi Gusti owahaken manah kawula supados saged gesang wonten ing peladosan rohani ingkang sejati, kanthi mangertosi bilih Gusti Yesus sampun maringaken pangapunten dhumateng kawula saking sedaya dosa kawula wonten ing Kajeng Salib, lan menawi Roh Suci Paduka ingkan dados kekiyatan wonten ing gesang kawula. Tulungana kawula, supados nresnani lan masrahaken gesang kawula dhumateng Paduka ngantos selaminya.

PITAKON:

  1. Apa langkah kang kudu dilakoni anggoné urip suci minangka pandhéréké Gusti Yesus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 06:00 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)