Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 057 (Is Israel Responsible for their Unbelief?)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 2 - Bebeneré Gusti Allah Ora Bakal Owah Senajan Para Putrané Bapa Yakub, Wong-Wong Kang Pinilih, Mangkotaké Atiné (Rum 9:1-11:36)
4. Kratoné Gusti Allah amung ditampa lumantar iman, lan dudu lumantar upaya nuruti angger-angger Torét (Rum 9:30 - 10:21)

d) Apa bangsa Israel uga kudu mikul tanggungjawab amarga saka ora pracayané (Rum 10:16-21)


RUM 10:16-21
16 Nanging ora kabèh wong padha gelem nampa pawarta becik mau. Nabi Yésaya dhéwé ngandika: "Dhuh Pangéran, sinten ingkang badhé pitados dhateng pawartos ingkang kawula wartosaken?" 17 Dadi precaya kuwi thukulé merga krungu pawarta, lan pawarta mau piwulang bab Sang Kristus. 18 Saiki aku takon: Apa wong-wong kuwi durung krungu pawarta mau? Mesthi uwis! Awit ing Kitab Suci ana pangandika: "Swarané wong-wong sing nggawa pawarta kuwi sumrambah ing sajagad sarta tembungé wis tekan tapel watesé bumi." 19 Aku takon menèh: Apa wong Israèl padha ora ngerti? Nabi Musa sing bakal mangsuli dhisik dhéwé, mengkéné: "Gusti Allah ngandika: 'Aku bakal ndakèkaké kowé mèri karo umat, sing satemené ora kena diarani umat, lan Aku bakal gawé nepsumu marang bangsa sing bodho.' " 20 Nabi Yésaya luwih kendel nalika ngandika: "Gusti Allah ngandika: 'Aku ditemokaké déning wong-wong sing padha ora nggolèki Aku; Aku ngetingal marang wong-wong sing ora nakokaké Aku!' " 21 Nanging tumraping bangsa Israèl, Nabi Yésaya ngandika: "Pangandikané Gusti Allah: 'Sedina muput enggon-Ku mulung asta-Ku marang bangsa sing mbangkang lan madoni kuwi.
'

Paulus paring paseksi dhumateng pasamuwan Rum kanthi pitembungan ingkang teges bilih saperangan ageng tiyang-tiyang Yahudi ingkang sampun ngantos-antos Sang Mesih boten tepang dhumateng Panjenenganipun, lan boten mireng pawartos kabingahan, nanging tansah nglawan sabdanipun Allah. Punika cetha sanget malah ing jamanipun nabi Yesaya, ingkang kebak kasedihan lan kasangsaran ing salebeting pandonga kagem bangsanipun 2700 taun saderengipun, srana ngandika “Wangsulané umaté Allah, "Sapa sing ngandel karo kabar sing kita rungu, lan sapa sing ngerti yèn kuwi kabèh pakaryané Allah?” (Yes. 53:1).

Kathah ing antawisipun tiyang-tiyang Yahudi ingkang mireng Injil, nanging sami boten purun mirengaken lan boten purun pitados. Sawatawis sami ngraosaken sih rahmat ingkang dipun tawakaken dhumateng tiyang-tiyang punika, nanging sami boten purun anampeni. Tiyang-tiyang punika sami ngremeni swasana anggenipun boten pitados lan wangkoting manahipun anglangkungi tiyang-tiyang ingkang nresnani Gusti ingkang nylametaken, lan sami langkung ajrih dhumateng manusa tinimbang dhumateng Gusti ingkang kebak sih rahmat.

Paulus nanggapi sikep ingkang mekaten kanthi ngaturaken ringkesan saking katranganipun bilih iman tuwuh saking pawartos. Ingkang baken ing ngriki sanes kados pundi Injil nggayuh panjenengan, punika lumantar lagu pepujian, utawi ayat Kitab Suci, nanging bilih samangsa Allah thothok-thothok korining manah panjenengan, prayogi panjenengan enggal mbikak, menawi boten mekaten wonten bebaya biih Panjenenganipun badhe nglangkungi panjenengan. Sadaya tiyang ingkang mbekta Injil dhumateng tiyang-tiyang sanes sampun ngantos ambekta kanthi pitembungan ingkang sora, ingkang mbokmenawi boten dipun mangertosi dening tiyang limrah, nanging ngagema basa ingkang prasaja, ingkang gampil dipun mangertosi dening ingkang sami mirengaken. Juru warta kedah mbekta sabdanipun Allah ing basanipun ingkang mirengaken. Piyambakipun kedah mawartosaken isining Injil kanthi jangkep lan boten namung saperangan kemawon. Sadaya tiyang ingkang kersa mawartosaken kedah nggladhi diri andamel conto ingkang nyata, lan wicanten kanthi cara pasedherekan lan asipat pribadi. Pandonga kedah nyarengi pawartos lan karsanipun Allah; lan sang juru warta kedah yakin tumrap sadaya ingkang kawartosaken, lan makuthani paseksinipun kanthi pepujian lan panuwun sokur dumateng Allah.

Mawartosaken Sabda sanes mulangaken kawruh, nanging timbalan saking Gusti, kadasaraken dhumateng prentah lan pangutusanipun Gusti dhumateng tiyang-tiyang ingkang kaparingan pangwaos dening Pnjenenganipun. Pramila saking punika, iman kita dhumateng Gust langkung wigatos tinimbang keyakinan kita dhumateng Injil, awit Gusti sampun maringaken sabdanipun dhumateng kita supados kita bekta dhumateng tiyang-tiyang ingkang purun mirengaken; kangge melehaken ngagem sabda punika, mulang tiyang-tiyang punika, nimbali, nyantosakaken lan ngerog tiyang-tiyang punika. Sang juru warta boten pareng wicanten nggantosi Sang Kristus, nanging namung minangka utusan ingkang setya dhumateng Panjenenganipun, kados dene ingkang kasebataken dening Paulus “Kuwi sebabé aku padha dadi utusané Sang Kristus, kaya-kaya Gusti Allah piyambak ngandikani kowé lantaran aku. Atas asmané Sang Kristus kowé padha dakatag-atag: Padha gelema karukunaké karo Gusti Allah.” (2 Kor. 5:20).

Paulus menggalih mbokmenawi kathah tiyang Yahudi ingkang dereng nate mireng bab karahayon/ kaslametan saking Sang Kristus. Mbokmenawi dereng wonten ingkang mawartosaken kanthi cetha dhumateng tiyang-tiyang punika bab satunggaling Juruwilujeng. kita ningali wangsulan tumrap pitakenanipun sang rasul punika wonten ing Jabur/ Mazmur 19:5, Sabdanipun Allah punika kados surya kayekten. Mlethekipun saking langit sisih satunggal, lajeng muter ngantos ing langit sisih sanesipun; lan boten wonten ingkang uwal saking panasing surya. Kados dene surya ngiteri donya punika, makaten ugi pepadanging Injil madhangi jagad. Ing jamanipun Gusti Yesus, kathah tiyang ingkang sami kepengin ningali mukjijatipun lan mireng pangandikanipun. Dinten punika kita ningali bilih sinten ingkang purun mirengaken Piyambakipun saged mireng; sinten ingkang ngupadi, Piyambakipun saged manggihaken. Siaran radio lan TV mitulungi sinten kemawon ingkang kepengin mirengaken Injil.

Dinten punika tiyang apitaken: Apa sing kudu dak pilih: dhuwit utawa Roh Suci? Dhuwit utawa Allah? Apa aku golek kamukten, drajat pangkat, sex lan kasenengan wae? Utawa apa aku pengin ngrungokake lan mbangun turut marang Sabdaning Allah? Manusa manut dhumateng pemareming diri ing sadhengah babagan pigesangan. Lajeng sinten ingkang kepengin mirengaken lan ngladosi Gusti ingkang akarya jagad? Paulus lajeng menggalih malih: Mbokmenawa para putrane Yakub ora mangerti apa ingkang didhawuhake marang wong-wong kuwi. Mbokmenawi Injil boten kanthi jangkep kawartosaken. Nanging Allah sampun paring wangsulan dhumateng pitakenan punika lumantar nabi Musa nalika Panjenenganipun dhawuh: “Reca kang dipuja, gawé Aku duka, bentèr ing galih, pirsa brahala, kang dudu Allah disembah-sembah. Bangsa liya bakal Dakenggo nenangi kumèrèné umat gemblung kang keblinger uripé. (Pang. Toret 32:21).

Nalika ngatingal dhumateng Musa, Gusti arsa dhawuh dhumateng bangsa punika, “Marga sira ora cumadhang ngrungokake sabdaningsun, Ingsun bakal ngetingalake dhiri lan nuduhake sih katresnaningsun marang wong-wong ingkang sadurunge ora piniji lan ora sinau. Ingsun bakal gawe sira sujana (cemburu) lan nesu marga ndeleng bangsa ingkang dudu pilihan nampa karenaningsun, lan dudu sira ingkang wus dadi bangsa ingkang nyasar lan kumentus. Ingsun bakal mulang wong-wong liya kae supados wedi asih marang Ingsun.”

Allah sampun ngatingal dhumateng nabi Yesaya 600 taun saderengipun Sang Kristus, lan paring dhawuh “Pangandikané Pangéran, "Aku kersa miyarsakaké pandongané umat-Ku, nanging umat-Ku ora padha ndedonga. Aku kersa nemoni wong sing ora kenal karo Aku, nanging ora ana sing nemoni Aku. Bangsa iki ora ndedonga marang Aku, senajan Aku wis ngandika, 'Aku ana ing kéné! Aku kersa mitulungi kowé!' (Yes. 65:1; Rm. 9:30).

Samangke kita ningali Allah nglawan tiyang-tiyang ingkang boten pitados temah sami saged mangertos anggenipun Allah tansah nunggil. Panjenenganipun ngandika dhumateng tiyang-tiyang ingkang boten maelu dhumateng Panjenenganipun lumantar impen, lelampahan lan pisakit. Ing babagan kawruh donya kita ningali bilih kathah winasis (ilmuwan) ingkang boten saged manggihaken wangsulan menapa-menapa ngengingi indhak-indhakaning jagad raya kajawi srana ngakeni wontenipun Allah ingkang akarya jagad, dene umatipun Allah piyambak boten maelu dhumateng Gustinipun lan nyingkur Panjenenganipun. Gusti kagungan maewu-ewu cara kangge ndamel bangsa-bangsa ingkang tepang Panjenenganipun supados saged dados umatipun. Kasunyatan punika dados wadi ingkang dipun alami dening Paulus, dadosa ing mangsa bingah lan ugi sisah ing lelampahanipun mawartosaken Injil (Pr. Rasul 28:24-31)

Allah ugi sampun dhawuh dhumateng nabi Yesaya “Aku tansah kersa nemoni umat-Ku sing mangkotaké atiné sajroné nglakoni piala lan nggugu karepé dhéwé. Tanpa duwé isin bangsa kuwi tansah nekakaké paukuman-Ku, merga gawé kurban marang brahala ana ing taman-taman ing papan sing ndhelik lan kekutug ing mesbèhé wong kapir.” (Yes. 65:2-3). Srana dhawuh mekaten, Gusti arsa ngandika dhumateng kita bilih Panjenenganipun sampun nelungaken astanipun dhumateng umatipun ingkang boten mbangun turut, kados dene satunggaling ibu ingkang nelungaken astanipun dhumateng anakipun supados boten dhawah cilaka. Mekaten ugi Gusti arsa nylametaken umatipun, nanging Panjenenganipun mirsani bilih umatipun boten sumedya mirengaken Panjenenganipun. Umatipun kanthi sengaja nerak sabdanipun lan mbalela dhumateng Panjenenganipun.

Saiba agenging sih katresnanipun Allah ingkang boten nilar tiyang-tiyang ingkang sampun nilaraken Panjenenganipun lan gesang tanpa perduli, wangkot lan mbalela. Nanging Panjenenganipun malah maringaken sih katresnanipun saben wegdal. Wusananipun, Sang Hakim punika bade ndhawahaken paukuman dhumateng saperangan ageng saking umat pilihanipun. Tiyang-tiyang punika kanthi sengaja boten purun mbangun turut dhumateng Panjenenganipun, lan boten nampi kawilujengan saking Panjenenganipun. Tiyang-tiyang punika kados tiyang wuta, ingkang sasampunipun dipun engetaken wontenipun juglangan, boten maelu lan dhawah keprosot ing ngriku. Lah mekaten Gusti dhawuh dhumateng bangsa Israel bilih bangsa punika piyambak ingkang tanggel jawab bab pnp ingkang bade kelampahan lan bade dipun alami, nadyan sejatosipun Gusti nresnani tiyang-tiyang punika.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah, Bapanipun Gusti Yesus Kristus, Paduka ugi Bapa kawula ingkang nguluraken asta Paduka dhumateng kawul, kados déné Ibu ingkang nguluraken astanipun dhumateng putranipun supados boten ngantos dhawah. Kawula manembah dhumateng Paduka amargi sih katresnan Paduka, lan nyuwun supados Paduka mbikak talinganipun para putraninpun Bapa Yakub saéngga sami purun mirengaken sabdanipun Gusti Yesus, lan sami taat kanthi sukarena lan kebak panuwun.

PITAKON:

  1. Kados pundi caranipun menawi wonten tiyang ing jaman punika ngersakaken badhé mireng, mangertos lan nampi Injil?
  2. Menapa sebabipun Gusti Allah ndadosaken manungsa saged dipun dadosaken putra-putranipun Panjenenganipun saking antawisipun bangsa-bangsa minangka umat pinilih?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 09, 2021, at 10:23 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)