Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 058 (The Holy Remnant Exists)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 2 - Bebeneré Gusti Allah Ora Bakal Owah Senajan Para Putrané Bapa Yakub, Wong-Wong Kang Pinilih, Mangkotaké Atiné (Rum 9:1-11:36)
5. Pangajeng-ajeng saking putra-putranipun Yakub (Rum 11:1-36)

a) Wontenipun sisa ingkang suci (Rum 11:1-10)


RUM 11:1-10
1 Yèn mengkono aku takon: "Apa kirané Gusti Allah wis nampik umaté? (bangsa Israèl). Babar-pisan ora! Aku dhéwé iki iya wong Israèl, tedhak-turuné rama Abraham, saka taler Bènyamin." 2 Gusti Allah ora nampik umaté sing wis dipilih wiwit-wiwitan mula. Kowé padha ngerti surasané ayat ing Kitab Suci bab Nabi Elia, nalika nggugat bangsa Israèl ana ing ngarsané Gusti Allah aturé mengkéné: 3 "Dhuh Pangéran, tiyang Israèl menika sampun sami mejahi nabi-nabi Paduka, mekaten ugi sampun sami ngrisak mesbèh-mesbèh Paduka, ngantos kantun kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang menika samenika inggih ngangkah mejahi kawula." 4 Nanging kepriyé wangsulané Gusti Allah marang Nabi Élia? Pangandikané: "Isih ana wong pitung èwu sing Dakngèngèh kanggo Aku dhéwé, sing durung tau nyembah marang Baal." 5 Mengkono uga saiki: Iya ana wong-wong sing cacahé ora akèh, sing wis dipilih déning Gusti Allah awewaton sih-rahmaté. 6 Déné pamilihé Gusti Allah kuwi ora gumantung saka penggawéné wong-wong mau, nanging alandhesan sih-rahmaté Gusti Allah piyambak. Menawa pamilihé Gusti Allah mau gumantung saka penggawéné utawa labeté manungsa marang Gusti Allah, sing diarani sih-rahmat mau banjur wis dudu sih-rahmat menèh. 7 Banjur kepriyé saterusé? Umat Israèl wis ora bisa nemu apa sing padha digolèki. Mung ana sapantha cilik saka antarané umat Israèl sing kapilih déning Gusti Allah. Ya mung wong sethithik kuwi sing padha bisa nemu. Liyané padha dadi budheg tumrap timbalané Gusti Allah. 8 Kaya sing kasebut ing Kitab Suci: "Ati lan pikirané wong-wong kuwi wis digawé kethul déning Gusti Allah, nganti sepréné wong-wong mau padha ora bisa ndeleng srana mripaté lan ora bisa ngrungu srana kupingé." 9 Mengkono uga pangandikané Sang Prabu Dawud: "Menawi sami ngawontenaken pésta, péstanipun menika dadosa kala jiret, dadosa jalaranipun sami kesandhung, dadosa paukuman! 10 Mripatipun dadosa peteng, ngantos mboten sami saged ningali; kadamela sami bungkuk mergi kamomotan déning kasisahanipun!"

Rasul Paulus nyawisaken dhiri atur katrangan bab kaslametan lan tumpesing para putra Abraham. Piyambakipun ngajengaken pitakenan ingkang nggegirisi :”Apa Gusti negakake temenan marang umate?” (Jab. 94:14)

Paulus mangsuli pitakenan punika kanthi ngucapaken “Ora. Bab ingkang mangkono iku mokal, marga aku iki bukti sih rahmate Gusti ingkang nylametake. Panjenengane nylametake aku, wong ala sing dosa. Sacara lair, aku iki wong saka suku Benyamin, lan sala siji tedhake Rama Abraham. Gusti nimbali aku, ngapura aku, lan maringi kauripan marang aku. Aku iki urip lan ana dadi sih rahmate Gusti ingkang nylametake para putrane Yakub.”

Kados dene Paulus gesang wonten ing Sang Kristus, makaten ugi Gusti makaping-kaping nimbali pribadi-pribadi saking sadaya suku saking antawisipun para putra Yakub. Gusti nylametaken, mberkahi lan ngutus tiyang-tiyang punika. Gusti yasa agami Kristen ingkang wiwitan ing antawisipun tiyang-tiyang punika. Tanpa tiyang-tiyang Kristen Yahudi ingkang kalairaken malih wonten ing Sang Kristus kita boten bade ningali wontenipun seratan bab Injilipun Sang Kristus. Tiyang-tiyang punika dados punjering Kratonipun Allah, lan tiyang-tiyang punika nyawur wiji saking Allah dateng para bangsa. Panenanipun kathah, lan kratoning Gusti ngrembaga tanpa dredah.

Allah sampun miji satunggaling umat, Panjenenganipun saweg mbangun kraton karohanenipun. Panjenenganipun boten nampik tiyang-tiyang ingkang dipun tresnani, nadyan saperangan ageng para putranipun Yakub nampik lan nyengiti Sang Kristus sarta para pendherekipun karana sami nyembah brahala. Nanging kados pundi kawontenanipun ing jamanipun nabi Elia? Nabi ingkang kendel sanget punika ngunjal ambegan awit panganiaya dateng tiyang-tiyang pitados, kawiwitan ing kraton sisih ler, sarta pawartos saderengipun saking bab seda kagem nabi Elia piyambak (1 Para Raja 19:10-14).

Lajeng Gusti paring wangsulan srana pitembungan ingkang nyantosakaken, “Nanging Ingsun bakal ngarekake wong pitung ewu ana ing Israel, yaiku sakehing wong ingkang ora sujud nyembah marang Baal lan ingkang cangkeme ora nucup marang Baal iku.” (1 Pr. Raj. 19:8). Boten wonten ingkang pirsa sinten tiyang-tiyang pitados ingkang teguh imanipun punika. Tiyang-tiyang punika dados satungaling kekaren/ turahan ingkang suci, ingkang salajengipun mbokmenawi saweg sami kabucal lan lajeng kabekta dhumateng pangawulan ing mangsa ajuring Samaria, ing ngriku tiyang-tiyang pitados punika mawartosaken iman dhumateng salumahing jagad. Allah ngreksa tiyang-tiyang pitados dumateng Gusti, lan boten wonten satunggal kemawon ingkang saged karampas saking astanipun. Panjenenganpun boten nate janji bade maringi pigesangan ingkang mubra-mubru, nanging maringi saksi-saksinipun satunggaling janji rohani ingkang langgeng (Yok. 10:29-30).

Ing pirembagan punika, Paulus ngendika, “Mangkono uga ing wektu saiki, iya ana kekaren, awewaton pamilihe sih rahmat.” (Rm. 11:5).

Pitembungan punika dados bukti yektosing wiyosipun Sang Kristus. Wujud kaagunganing tiyang-tiyang Kristen ingkang setya sanes mapan wonten ing pangerehipun, kasugihan utawi kaurmatanipun, nanging srana anggenipun nderek Gusti Yesus ing satengahing kasangsaran. Lah mekaten ingkang kadhawuhaken dening Gusti Yesus dhumateng pr penderekipun “Aja padha wedi, heh pepanthan cilik! Amarga Ramamu wis kapareng maringake kraton iku marang kowe.” (Luk. 12:32; 22:28-29).

Pangrehipun Rama, Putra lan Roh Suci tansah nitahaken wontenipun tiyang-tiyang pilihan ingkang binerkahan, inggih punika tiyang-tiyang suci pilihanipun. Paulus lan Barnabas ngendika dhumateng tiyang-tiyang ingkang tinimbalan saking antawisipun bangsa-bangsa ingkang dipun langkungi ing salebeting lelampahanipun mawartosaken Injil “...anggon kita lumebu ing Kratoning Allah iku kalawan nglakoni sangsara akeh.” (Pr. Rasul 14:22).

Rasul Paulus nandhesaken pangertosan punika lan nyekseni bilih kekarening pr putranipun Yakub bade terus wonten lan boten bade sirna, namung karana sih rahmat (Rm. 11:6). Gusti ngrimati tiyang-tiyang punika saking godhaning Iblis ing jaman pungkasan punika, lan mbekta umatipun punika dhumateng Sang Pangon ingkang utama punika. Umat kekaren punika sanes golonganing tiyang ingkang leres, mursid utawi pinilih karana kasaenan pambudidayanipun pribadi, nanging sadaya ingkang sae ing gesangipun namung karana sih rahmat kemawon. Pramila saking punika, kita kedah pitados dhumateng pangwasaning sih rahmatipun Sang Kristus ingkang agung, ingkang ngrimati kekaren ingkang suci ing antawisipun bangsa Israel. kita kedah saos sokur dumateng Gusti tumrap bab punika, awit kalajenganing gesangipun dados wewadi saking kawontenan kita minangksa tiyang Kristen.

Ing Rum 11:7 Paulus apitaken: Kepriye kahanane rohanine para putra Yakub ing mangsa iku, lan kepriye kahanane ing mangsa saiki? Apa sing dikarepke mbangun turut marang angger-anggering Toret? Apa kang dadi tujuane kesalehane, sing ora kasembadan? Tiyang-tiyang punika sampun kecalan tujuanipun, nyalibaken Ratunipun, mangkotaken manah lan nglawan Roh Suci, kanthi sengaja nebih saking patunggilan kaliyan Tritunggal Suci, ngladosi para ratu lan pemimpin bangsa-bangsa sanes ingkang ngeruk gesangipun, lan ngantos-antos antikristus supados saged sesarengan ngereh bangsa-bangsa sanes. Kasunyatan ingkang nyakitaken punika boten nyakup sadaya putra Yakub, awit saperangan alit saking para putra Abraham sampun kalairaken malih dening Roh Suci. Tiyang-tiyang punika ngrumaosi lan ngakeni dosa-dosanipun kanthi blaka, pitados dumateng Cempening Allah ingkang alus ing budi, nampi pangapunten saking Panjenenganipun, lan jinebadan dening Roh Suci. Tiyang-tiyang punika gesang wonten ing gesangipun Sang Kristus, lan dados perangan ingkang sengkut saking sariranipun Sang Kristus.

Ewasamanten, saperangan ageng saking bangsa punika pancen mangkotaken manah (Pang. Toret 29:4; Yes. 29:10). Tiyang-tiyang punika nampi roh ingkang boten mbentenaken pnp ingkang sae lan ingkang awon. Pramila saking punika, tiyang-tiyang punika boten mangertos pnp ingkang sae lan ingkang awon, lan tumindak miturut pikajengipun Piyambak, boten maelu dhumateng Allah lan dinten pangadilan ingkang pungkasan; awit nadyan sami nyawang nanging sami boten sumurup, sami mirengaken nanging sami boten nyandhak, ngantos prabu Dawud ndedonga dumateng Gusti nyuwun supados Panjenenganipun midana tiyang-tiyang punika, lan ndamel bujananipun dados jiret tumrap lampahipun (Jab. Mzm. 69:23-24).

Ananging, Gusti Yesus ngowahaken babagan kang angél saking pangandikanipun Daud, lan nitahaken dhumateng para muridipun, “Padha tresnaa marang mungsuhmu, lan wong sing nganiaya kowé, padha dongakna, supaya ketitika yèn kowé kuwi para putrané Ramamu ing swarga.” (Matius 5:44-45).

Sisa kang suci saking umat pilihan punika, dalah sedaya kekristenan ing dunya menika, mbuktékaken kawigatosanipun tiyang-tiyang pitados sami ngasta titah saking sang Kristus wonten saktengahipun panganiaya, siksa dalah pitenah.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula manembah dhumateng Paduka amargi kathahipun tedhak turunipun Bapa Abraham ingkang sampun mbikak manahipun dhumateng Roh Suci Paduka, nyucékaken dhirinipun lumantar rahipun Gusti Yesus, lan nampi gesang langgeng. Mugi Gusti kiyataken tiyang-tiyang ingkan tembé sami pitados, tuwin mugi Gusti tuntun supados sami ngraosaken menawi Paduka nganthi gesangipun ing saktengahipun kahanan ingkang kebak rubéda, mados pitulungan saking para rencang tunggil iman, supados boten sami crah.

PITAKON:

  1. Apa tegesé pangandikané Gusti Allah marang Elia menawa Panjenengané nyingidaké wong Israel cacah pitung éwu, kang dhengkulé ora padha sumujud marang Baal?
  2. Apa tegesé piwulangé Paulus menawa dhéwéké lan para pandhéréké sang Kristus saka bangsa Yahudi iku kalebu kelompok sisa di antarané umat kagungané Gusti Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 09, 2021, at 10:31 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)