Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 047 (The Truth of Christ Guarantees our Fellowship with God)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
E - Iman Kita Tansah Wonten Ngantos Selaminipun (Rum 8:28-39)

2. Bebeneré sang Kristus kang dadi jaminan pasamuwan kita karo Gusti Allah senadjan ana akéh masalah (Rum 8:31-39)


RUM 8:31-32
31 Ngèlingi kuwi mau kabèh, saiki kita arep muni kepriyé? Menawa Gusti Allah piyambak nunggil karo kita, sapa sing wani nglawan kita? 32 Gusti Allah ora ngéman Putrané piyambak, malah Sang Putra mau dipasrahaké marang kita kabèh. Menawa Putrané piyambak wis diparingaké marang kita, apa samubarang kabèh iya ora bakal diparingaké marang kita?

Sasampunipun nerangaken dhumateng kita ngengingi rancangan-rancanganipun Allah bab kawilujengan kita lan pepesthen kang ndamel kita yakin tumrap pepijianipun Allah dhumateng kita, Paulus nerangaken yektosing panebusan supados kita saged mangertos bilih Allah sampun netepaken kawilujengan kagem jagad minangka lelampahan kang boten saged kalirwakaken.

Paulus yakin sanget ing manahipun lan saestu rumaos mantep ing penggalihipun bilih Allah sanes mengsahipun, nanging mitra kang setya kang tansah siaga ing sadaya kawontenan kang dumados ing saben wanci. Langkung saking punika, pyambakipun pitados bilih Pajenenganipun kang maha kawasa, kang akarya langit lan bumi punika Rama kita. Sang rasul tansah mapan wonten ing sih katresnanipun Allah, lan mulyakaken kang maha kawasa kanthi iman kang gilig ing salamining gesangipun. Pyambakipun nganggep bilih samukawis dados tuntunan katresnan saking Ramanipun, lan anggenipun Allah Sang Juruwilujeng nggatosaken pyambakipun.

Kados pundi Paulus nggayuh kayakinan kang mantep punika, kang saged nginger gunung-gunung dosa, lan nangekaken mayuta-yuta manusa saking pepejah wonten ing dosa-dosanipun? Kajeng salib dados bukti sih katresnanipun Allah dhumateng pyambakipun. Wonten ing Panjenganipun kang sinalib punika, pyambakipun mangertos bilih kasaenan saking kang Maha suci sampun tumrah dhumateng pigesangan kita, awit Panjenenganipun maringaken kang Putra ontang-anting minangka pirukun tumrap piawon kita, temah sinten kang pitados dhumateng Pjnenganipun boten bade tumpes.

Cetha bilih Allah maringaken manahipun, swarganipun lan kamulyanipun wonten ing rawuhipun Kang Putra dhumateng kita kang sejatosipun boten manut lan mbalela punika. Boten wonten berkah sanes ing swarga kang boten dipun paringaken dhumateng kita wonten ing Kristus, awit Panjenenganipun sampun maringaken samukawis dhumateng kita wonten ing Panejenganipun. Salajengipun, wonten ing pundi panembah panjenengan? Kenging menapa panjenengan boten masrahaken samukawising gesang panjenengan dumateng Panjenenganipun?

RUM 8:33-34
33 Sapa sing wani nggugat marang umat sing dipilih déning Gusti Allah? Gusti Allah piyambak wis mratélakaké, yèn wong-wong kuwi ora salah. 34 Apa ana wong sing bisa ngukum wong-wong mau? Gusti Yésus Kristus sing wis nglampahi séda, wis wungu lan banjur diparingi pangwasa déning Gusti Allah. Gusti Yésus mau malah dadi wakil kita ana ing ngarsané Gusti Allah.

Mbokmenawi panjenengan menggalih bilih kawilujengan lan janjiipun Allah namung gadhahanipun tiyang-tiyang suci lan tiyang-tiyang pitados kang sampun diwasa rohaninipun, dene panjenengan rumaos namung nembe wiwit, boten kasil, miyar-miyur, lan boten suci. Sampun kuwatos, kapirengna kemawon pangadilanipun Allah tumrap diri panjenengan. Pjnenganipun sampun ndadosaken panjenengan leres lan suci, sanes amargi kasaenan lan pambudidaya panjenengan, nanging karana panjenengan pitados dhumateng Panjenenganipun kang sinalib, katunggilanken kaliyan Panjenenganipun, lan ngajeng-ajeng pangwasa karahayonipun namung dhumateng Pjnenganipun.

Panjenengan mbokmenawi mireng sawatawis wewisik saking sang piawon, kang murugaken panjenengan menggalih bilih kawontenan panjenengan kang mendel kemawon punika kasababaken dening karsanipun Allah. Boten. Mekaten dawuhiipun Roh Suci. Pjnenganipun nglipur panjenenganwonten ing rancanganipun Allah, nggambaraken Kristus kang kasalib punika kagem panjenengan, lan ngengetaken panjenengan bab wungunipun Kristus saking seda, temah panjenengan saged yakin bilih pirukun onk pancen sampun kelampahan, lan Allah sampun nampi panjenengan. Kristus kang mimpang saking pepejah punika sampun minggah dhumateng swarga. Pjnenganipun ngunjukaken pandonga kagem panjenengan ing ngajenging dampar kanugrahan, lan netepaken panjenengan dados mitra awit pakaryan kayekten srana rahipun. Dados, panjenengan nggadhahi Pambela ing ngarsanipun Allah. Panjenengan boten ijen, awit sih rahmatipun Allah nganthi panjenengan, lan tujuanipun inggih punika kangge nebus panjenengan, sanes kangge numpes panjenengan. Kristus dados jaminan tumrap kawilujengan panjenengan.

Mbokmenawi panjenengan ajrih dhumateng naraka. Nanging, engeta bilih Kristus sampun ngawonaken pepejah lan naraka lan saestu wungu gesang malih saking pepejah, lan Pjennganipun mbuktekaken Allah kang gesang wonten ngajenging paningal kita. Menawi panjenengan sampun kalairaken malih, gesang langgeng lumebet ing gesang panjenengan. Punika boten bade wonten pungkasanipun, awit sih katresnanipunAllah boten nate gagal. Pepejah boten bade saged misahaken panjenengan saking Sang Tritunggal kang suci.

RUM 8:35-37
35 Sapa sing bisa misahaké kita saka sihé Sang Kristus? Apa kasusahan, apa rekasaning urip, apa panganiaya, apa keluwèn, apa kemiskinan, apa bebaya, apa pati? 36 Kaya pangandika ing Kitab Suci: "Margi saking Paduka, kawula sami wonten ing salebeting bebaya pejah sedinten muput. Kawula sami kaanggep dados ménda sembelèhan." 37 Ora mengkono! Kita unggul ing ngatasé kuwi mau kabèh, merga Panjenengané wis ngasihi kita!

Paulus boten ngangen-angen satunggaling geguritan nalika pyambakipun nerangaken saranduning prekawis kang sampun nate dipun alami. Pyambakipun paseksi dhumateng kita bilih kita kedah cumadang nandang sangsara kagem Kristus, karana iman dhumateng Sang Rama, Sang Putra lan Roh Suci boten dados alesan bilih kita bade tansah wonten ing kawontenan kang sae, kados kang panjenengan sekseni pyambak ing gesangipun Gusti Yesus. Pjnenganipun kalairaken saking Roh Suci, lan dipun salib dening tiyang-tiyang kang kaereh dening roh donya. Paulus nate ngalami miskin lan sugih, sakit lan ringkih, bebaya lan panganiaya, sederek palsu, lan ugi ngalami meh kèrem. Sadaya punika dados boten penting tumrap pyambakipun, margi pyambakipun mangertos sih rahmat lan pangrimatipun Kristus, kang kaanggep langkung ageng kabandhing pacoben menapa kemawon lan raos semplah. Dados, iman panjenengan bade kanthi kiyat mbuktekaken kamenangan, nadyan ageng sanget pakewed reribet kang panjenengan alami, malah ing titi wanci ngadhepi pejah, awit Roh Suci bade ngantepaken iman panjenengan ngantos panjenengan dipun ewahi, lan panjenengan mlebet dhumateng sekolah Allah kangge sinau alusing busi, kayakinan, lan pepujian salebeting ngadhepi pakewed. Lajeng panjenengan bade dados padha rupa kaliyan Sang Cempening Allah, nderek Kristus. Panjenengan nandhang samukawis tanpa sesambat, lan pejah tumrap ajining dhiri lan kasombongan panjenengan pyambak. Panjenengan boten nganggep prekawis kang nyakitaken saking tetanggi minangka prekawis kang penting, nanging panjenengan bebingah, ngantos-antos lan nggadhahi kasabaran wonten ing pangwasanipun Gusti.

Sadaya pacoben lan pakewed boten bade saged misahaken kita saking Gusti Yesus, margi sadaya pakewed mulang kita supados nggatosaken sabdanipun Gusti. Lajeng kita ngajeng-ajeng kanthi sanget dhumateng Gusti Yesus, kang tukipun saking Sang Rama. Pjnenganipun mangertos dhumateng kita, lan boten bade negakaken kita, nanging nunggil kaliyan kita lan nyantosakaken, temah kita saged ningali sih katresnanipun Allah kang ageng lan mulyakaken Pjnenganipun ing salebeting kabingahan, panuwun sokur, lan kasaenan, lan kita kanthi bingah lelados ing tengahing sadaya pakewed lan panangis kita.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah kang Mahasuci, Paduka menika Rama kawula, lan Putra Paduka menika Pengantara kawula, sakmenika ngantos wekasaning jaman. Lan Roh Suci kang manggén wonten ing gesang kawula lan nglipur kawula. Kawula yakin menawi kawula boten badhé pejah, amarga Paduka nyepeng kawula, ngrumat kawula, njaga kawula, lan tansah nylametaken kawula. Dhu Gusti, mugi Gusti njaga kawula saking sedaya cecoban supados boten wonten dosa ingkang misahaken antawisipun kawula klayan Paduka, lan supados sih katresnan kawula lan sedaya tiyang-tiyang pitados boten sami gowah.

PITAKON:

  1. Kados pundi tiyang-tiyang Kristen ngasoraken masalah ingkan dipun adhepi?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 09, 2021, at 05:02 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)