Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 048 (The Truth of Christ Guarantees our Fellowship with God)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
E - Iman Kita Tansah Wonten Ngantos Selaminipun (Rum 8:28-39)

2. Bebeneré sang Kristus kang dadi jaminan pasamuwan kita karo Gusti Allah senadjan ana akéh masalah (Rum 8:31-39)


RUM 8:38-39
38 Sebab aku yakin yèn ora ana prekara sing bisa misahaké kita saka sihé Sang Kristus; senajan pati utawa urip, para malaékat utawa para pangwasa liyané sing ana ing swarga, ing jaman saiki, utawa sing bakal kelakon, 39 senajan jagad sing ana ing dhuwur, utawa sing ana ing ngisor, lan titah apa waé, ora ana sing bisa misahaké kita saka sihé Gusti Allah sing wis kita tampani lantaran Sang Kristus Yésus, Gusti kita!

Paulus yakin bilih boten wonten prekawis ing donya punika utawi rohing donya kang saged misahaken piyambakipun saking sihipun Allah kang nyata ing Kristus. Srana pamanggih lan pangraos ageng lan cekak punika, pyambakipun nutup wewaler/ doktrin wonten ing serat Rum punika. Cetha sanget pyambakipun boten namung nyerat pemanggih kanthi taliti kemawon, nanging ugi nyerat lelampahan kang nyata ngengingi kasangsaran lan momotan awrat dedasar paseksinipun Roh Suci ing lebeting manahipun. Paulus boten ngendika: “Menawa Allah kepareng, Pjnengane bakal nunggil karo aku,” nanging pyambakipun ngakeni bilih pangertosan bab sih katresnanipun Allah lan Kristus nyantosakaken kayakinanipun bilih kasetyanipun Gusti boten bade wonten pungkasanipun. Kasetyanipun Allah boten saged dipun tangletaken malih.

Paulus boten wicanten bab karesnanipun manusa, lan boten wicanten bab Allah kang kebak sih rahmat lan katresnan sacara umum, nanging pyambakipun nyawang Sang Rama lumantar kang Putra. Pyambakipun boten nyumurupi margi sanes dhumateng Allah kajawi lumantar Kristus. Wiwit Allah manjalma ing kang Putra, kita tepang sinten ta kang maha luhur, Rama kita. Sih katresnanipun minangka Rama dhumateng kita manusa boten namung mesakaken manusa, awit kang maha suci punika ngurbanaken Putranipun kagem sadaya tiyang kang nistha, temah kita boten prelu mangu-mangu pitados dhumateng sih rahmatipun, nanging malah saged yakin bilih Pjenennganipun ngulemi kita mlebet dhumateng prajanjinipun ngangkat kita dados putranipun karana tumrahing rahipun kang Putra. Amargi kajeng salib, Paulus rumaos bilih sihipun Allah boten bade nate gagal.

Nanging, Iblis punika satunggaling kasunyatan, lan sinten kang nampik kasunyatanipun boten sadar dhumateng wontenipun alam donya. Paulus ningali sawatawis pangwasaning karohanen kang kacawisaken kangge numbes donya punika lan donya sanesipun. Pyambakipun boten namung ngadhepi rohing pepejah naraka kaping sawatawis, nanging pyambakipun ugi gulet kaliyan para malaekat pepeteng, lan gulet kaliyan ganasing naraka, temah pyambakipun ngendika: “Yen swarga lan naraka kabeh nempuh marang aku, sih katresnane Allah ana ing Kristus ora bakal ninggalake aku. Kakuwatan-kakuwatan kang nglawan aku ora bakal bisa ngalahake aku amarga rahe Kristus kang langgeng wus nucekake aku.”

Paulus nampi kanugrahan saged paring pameca. Pyambakipun ningali kados pundi kang anumpes, kang goroh lan memateni punika nempuh dhumateng greja, nanging boten saged ngawonaken, amargi greja wonten ing Kristus, lan sang piawon boten bade saged ngrampas saking astanipun Gusti.

Pepaken kang suci ugi boten saged nggoyangaken –kanthi pandakwanipun- imanipun para rasul, awit para rasul punika sampun pejah kaliyan Kristus ing kajeng salib, lan Pjennenganipun gesang lan ngrimati gesangipun para rasul punika. Tiyang-tiyang pitados bade rinimatan ing dinten pangadilan pungkasan, karana Kristus taksih dados kang menang kang setya.

Pramila saking punika, kula matur dhumateng panjenengan, “Kapasrahna roh panjenengan, jiwa lan raga panjenengan sawetahipun dhumateng sih katresnanipun Allah, lan gondhelan dhumateng Allah Tritunggal , temah nami panjenengan bade kaserat wonten ing kitab panguripan, lan panjenengan lestari dados putranipun Allah salaminipun.

Kawigatosna bilih Paulus boten nyerat pepujian dhumateng sih kasetyanipun Allah ngagem tembung “aku”, nanging ngagem tembung “kita”. punika nedahaken bilih jaminan kawilujengan punika ugi kaparingaken dhumateng sadaya tiyang pitados ing Rum lan sadaya greja ing tlatah Laut Mediterania. Paseksi iman punika ugi nggayuh kita, menawi kita nampu pangajak saking bab saderengipun. Lajeng, kita boten ngeneraken panyawang kita dhumateng menapa kang katingalipun ageng lan ngedab-edabi ing donya punika, nanging kita gondhelan bakuh dhumateng sih katresnanipunAllah kang nyata wonteng ing Gusti Yesus.

Pitembungan pungkasan “Gusti kita” dados panutup kangge pepujian punika. Pitembungan punika nandhesaken dhumateng kita bilih Panjenenganipun kang mimpang ing Golgota punika Gustining para gusti, kang ownten Panjenenganipun kita manggih jaminan pangayoman kita. Panjenenganipun ngulungaken astanipun dhumateng kita, lan boten nilar kita, awit Pjennganipun nresnani kita.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus, tembung kawula mboten saged cekap kanggé ngucapaken panuwun kawula. Paduka sampun nylametaken kawula lan kawula dados kagingan Paduka. Mugi Gusti ngebaki kawula supados gesang kawula saged dados warta pepujian tumrap kwasa Paduka, saéngga kawula saged amemuji asma Paduka kanthi tataging iman, pracaya menawi boten wonten menapa kémawon ingkang bakal misahaken kawula saking Paduka, amarga kasetyan Paduka. Kados déné Paduka jumeneng wonten ngarsanipun Sang Rama, Paduka wonten sang Rama lan sang Rama wonten ing Paduka, mugi Gusti ugi neguhaken kawula wonten ing bebener supados boten wonten menapa kemawon ingkang bakal misahaken kawula saking sang Rama, Putre lan Roh Suci. Amin.

PITAKON:

  1. Apa sebabé Paulus miwiti babagan iki nganggo tembung “aku” nanging banjur nganggo tembung “kita”?

KUIS - 2

Sedhérék ingkang kinasih,
Saksampunipun maos tafsiran saking Serat Paulus kanggé jemaat wonten ing Rum punika, panjenengan sakpunika saged mangsuli pitakénan-pitakénan punika. Menawi panjenengan saged mangsuli 90% saking pitakénan ing ngandhap menika, kula badhé kintu seri saklajengipun saking pasinaon kita kanggé piwulang kagem panjenengan. Ampun kesupén nyerat asma jangkep panjenengan lan ugi alamatipun wonten ing wangsulan panjenengan.

  1. Apa babagan kang paling wigati ana ing bebener srana iman?
  2. Apa tegesé “Ngetingalake yén Gusti Allah asipat adil?”
  3. Apa sebabé kita dadi mursid namung lumantar iman, boten lumantar kabecikan kita?
  4. Kados pundi caranipun Abraham lan Daud kabeneraken?
  5. Apa sebabé manungsa kabeneraké, boten amargi tetak, nanging amung amargi pitados?
  6. Menapa sebabipun kita nampa berkah saking Gusti Allah lumantar iman kita marang janji-janji saking Panjenenganipun, lan boten amargi kita nuruti angger-angger Torét?
  7. Apa kang kita sinaouni saking perjuangan imanipun Bapa Abraham?
  8. Kados pundi tentrem rahayu saking Gusti Allah dinyatakaken wonten ing gesang kita?
  9. Kados pundi sih katresnan Gusti Allah dinyatakaken?
  10. Apa kang bakal dituduhaké Paulus marang kita lumantar perbandhingan antarané Adam karo sang Kristus?
  11. Menapa tegesipun baptisan?
  12. Kados pundi kita kasalibaken sesarengan klayan sang Kristus, lan wungu wonten ing gesangipun Panjenengané?
  13. Kados pundi kita saged ndadosaken gesang dalah badan kita minangka alat sing diagem dénéng Gusti Allah?
  14. Menapa bédanipun bebandaning dosa lan pati klayan sih katresnan saking sang Kristus?
  15. Apa sebabé wong-wong kang pracaya diuwalaké saka tuntutané prajanjén kanugrahan lawas?
  16. Apa sebabé angger-angger Torét kang sejatine apik kanggo kita, malah dadi alesan kanggo penggawé jahat kanugrahan ndadékaké pati?
  17. Apa pengakoné Paulus ngenani uripé, lan apa tegesé pangakon iku kanggo kita?
  18. Apa tegesé tembung wiwitan ana ing bab 8 iki?
  19. Menapa cacah kalih wujudipun angger-angger ingkang disandhingaken dénéng sang rasul, lan menapa tegesipun kekalih angger-angger menika?
  20. Menapa ingkang dados kawigatosanipun tiyang-tiyang rohani? Menapa warisan saking tiyang-tiyang kang kabilut cara kadunyan?
  21. Apa kang diparingaké dénéng Roh Suci marang wong-wong kang pracaya marang sang Kristus?
  22. Apa asma anyar kagem Gusti Allah, kang diwulangaken dénéng Roh Suci marang kita? Apa tegesé asma iku?
  23. Sinten ingkang nandhang sangsara sakdéréngipun rawuhé sang Kristus? Menapa sababipun?
  24. Menapa sebabipun sedaya prekawis makarya murih becikipun sedaya tiyang ingkang nresnani Gusti Allah?
  25. Kados pundi tiyang-tiyang Kristen ngasoraken masalah ingkan dipun adhepi?
  26. Apa sebabé Paulus miwiti babagan iki nganggo tembung “aku” nanging banjur nganggo tembung “kita”?

Kawula sanget ngajengaken panjenengan kersa ngrampungaken pasinaon saking serat Rum supados panjenengan nampi bandha karohanén ingkang langgeng. Kawula ngentosi wangsulan panjenengan lan tansah ndedonga kangge panjenengan. Alamat kawula inggih menika :

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 03:14 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)