Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 018 (The Law, or the Conscience Condemns Man)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
A - Saindering Jagad Wonten Ing Pengaruhipun Si Jahat, Gusti Allah Bakal Ngadili Sedaya Kanthi Bebener (Rum 1:18 - 3:20)
2. Bebenduné Gusti Allah dicethakaké marang wong-wong Yahudi (Rum 2:1-3:20)

b) Angger-angger Torét, utawi ati manungsa kang ngadili kita (Rum 2:12-16)


RUM 2:12-16
12 Wong-wong dudu Yahudi padha ora ngerti Torèté Nabi Musa. Wong-wong mau padha nglakoni dosa sarta padha kesasar, mula paukumané ora dhedhasar Torèt. Nanging wong Yahudi padha nduwèni Torèt. Wong mau padha gawé dosa lan bakal diukum manut surasané Torèt mau. 13 Sebab wong enggoné dirukunaké karo Gusti Allah kuwi ora merga ngerti marang Torèt, nanging merga nglakoni apa sing didhawuhaké déning Torèt mau. 14 Wong-wong kapir (dudu Yahudi) padha ora duwé Torèt, nanging yèn klawan éklasing ati nglakoni apa sing didhawuhaké déning Torèt mau, atiné wong mau dhéwé dadi angger-angger tumraping wong mau, senajan wong-wong mau padha ora duwé Torèt. 15 Penggawéné wong mau dhéwé nélakaké yèn apa sing didhawuhaké déning Torèt, kuwi wis katulis ana ing atiné wong-wong mau. Swaraning atiné wong-wong mau dhéwé sing mbuktèkaké, jalaran iya swarané atiné dhéwé mau sok-sok ngluputaké, sok-sok mbeneraké penggawéné. 16 Manut Injil sing dakwartakaké, iya kaya mengkono kuwi sing bakal kelakon mbésuk ing Dina Pengadilan; yèn Gusti Allah ngadili sakèhing wewadining ati lan pikirané, manungsa lantaran Gusti Yésus Kristus.

Pasamuwan Rum kapara dados 2 kelompok: Tiyang Kristen saking Yahudi, lan tiyang pitados saking Yunani lan Rum. Kelompok ingkang sepisan mangertos bab janji lan angger-angger Toret, sarta nguri-uri kabudayan miturut Prajanjian Lami; dene tiyang-tiyang Kristen saking bangsa-bangsa sanes boten mangertos bab tatanan ilahi ing pigesanganipun, nanging lumampah ing pangwasanipun Roh Suci.

Paulus nandhesaken dateng tiyang-tiyang Kristen Yahudi bilih Allah badhe ngadili tiyang-tiyang menika miturut angger-anggering Toret, ingkang nggambaraken kasucenipun. Mirengaken sabdanipun Allah kemawon boten badhe nylametaken, pikiran rohani sarta donga ingkang panjang ugi boten cekap, karana Allah ngersakaken pambangun turut saking manah lan pigesangan. Panjenenganipun ngersakaken sabdanipun kawujudaken ing pigesangan kita, ingkang sawetahipun dipun ewahi dening sabdanipun. Tiyang-tiyang Yahudi bahde dipun adili tumrap sadaya panerakipun ingkang dipun tindakaken dateng angger-anggering Toret, karana sadaya panerak kaanggep sesatron dumateng Allah.

Nalika Paulus nyerat kayekten menika, piyambakipun mireng ing salebeting roh, pambelanipun tiyang-tiyang Kristen Yahudi ingkang mekaten: “Aku kabeh iki ora nduweni angger-angger Toret lan ora nyumurupi Dasa Titah iku, banjur kepiye Allah bakal ngadili aku kabeh ing dina pangadilan iku? Aku kabeh uwal saka paukuman.”

Lajeng Paulus kanthi blaka mangsuli tiyang-tiyang menika bilih kayektenipun Allah boten badhe ewah ing sadhengah kawontenan, makaten ugi dateng tiyang-tiyang ingkang nyelaki angger-anggering Toret, ingkang boten mirang prentah lan ugi janji menika; karana ingkang akarya jagad maringaken dateng saben manusa ati nurani ingkang lantip, waspada, ngendhaleni, ngengetaken, ndukani lan melehaken. Ingkang paring piweleh menika badhe mendel menawi dipun alang-alangi mawi pambalela. Nanging piyambakipun badhe terus nedhahaken kalepatan panjenengan. Lajeng reraosan mbokbilih badhe kelampahan ing batos panjenengan. Menapa ingkang taksih sisa saking gegambaranipun Allah ing gesang panjenengan boten saged dipun tutupi salaminipun. Ati nurani panjenengan badhe nutuh panjenengan. Lan panjenegan boten badhe ngalami ayem kejawi ing kanugrahanipun Allah. Menika ingkang njalari tiyang kathah rumaos sedhih lan bingung, karana gesang ing salebeting paprangan lumawan ati nuraninipun piyambak, lan boten purun ngakeni kalepatanipun, nadyan ati nuranipun tansah maspaosaken tumindakipun lan melehaken. Menapa panjenengan saos sokur dumateng Allah tumrap ati nurani panjenengan, tumrap tatanan kasusilan ingkang katitahaken ing manah panjenengan? Panjenengan gladhi ati nurani panjenengan wonten Injil lan kapenuhana penggalih bab sih katresnanipun Allah temah tansah ngengetaken panjenengan kanthi langkung permati lan nuntun panjenengan manut pitedahipun Allah, lajeng panjenengan saged nindakaken sadaya pandamel sae. Panjenengan boten badhe dhawah ing pangadilan pungkasan, karana panjenengan gesang kanthi selaras kaliyan swantenipun Allah ing manah panjenengan.

Menawi panjenengan boten lumebet ing sabdanipun Sang Kristus, panjenengan boten uwal saking pasambatipun ati nurani panjenengan, lan malah saya ndadra piawon panjenengan, terus mbenerke awake dewe, pramila ati nurani panjenengan bangkit nglawan panjenengan ing jaman pungkasan. Ati nurani panjenengan badhe ngleresaken Allah, lan nglepataken panjenengan. Panjenengan boten pikantuk margining pangluwaran saking raos bingung kejawi nyaket dateng Injil,ingkang nedhahaken bilih Hakim menika inggih Panjenenganipun pribadi, Juru Wilujeng panjenengan. Dados, enggal sowan marek dateng Sang Kristus, lan panjenengan badhe pikantuk ayeming jiwa.

Menapa panjenengan pirsa bilih pangadilan pungasan saking Allah badhe kapasrahaken dateng Gusti Yesus Kristus? Menapa panjenengan pirsa bilih asma jangkep saking Hakim menika boten namung Kristus, nanging ugi Yesus? Bentenipun kalih asma menika bilih asma Yesus minangka asma pribadi, dene Kristus menika minangka jejeripun. Yesus menika ingkang jinebadan, ingkang kebak kanugrahan lan pasemonipun Allah, ingkang kagungan wewenang utami lan jangkep, sarta ingkang kaparingan pangwasa pangadilan lan kawilujengan.

Dados, Sang rasul saged ngandikaken bilih Allah badhe ngadili donya kalayan sadaya wadinipun miturut Injil inkang kaserat dening Paulus bab Yesus. Saestu wigatos tumrap kita kanthi temen-temen nyinau lan mangertos menapa ingkang kaserat wonten ing Injil Paulus, kados dene ingkang kapacak ing Serat Rum bab dinten pangadilan menika.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah, Paduka tepang kawula langkung tinimbang kawula nepangi dhiri kawula piyambak. Sedaya tumindak kawula cetha ing ngarsa Paduka. Kawula ngakéni dosa-dosa kawula, lan nyuwun Paduka nyethakaken sedaya kalepatan kawula ingkang siningid, supados kawula saged mbekta sedaya wau wonten ing ngarsa Putra Paduka, sakdéréngipun dumugi dinten ingkang nggegirisi menika. Apuntenana kawula amarga boten saged nurut dhumateng swaraning ati kawula, lan amargi kawula nglirwakaken Sabda Paduka. Peringana dhumateng kawula teteging manah lan kekiyatan kanggé nindakan karsa sih katresnan Paduka.

PITAKON:

  1. Kados pundi Gusti Allah sesambungan klayan tiyang-tiyang sanés Yahudi wonten ing Dinten Pengadilan sakmangké?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 07, 2021, at 08:46 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)