Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 123 (Jesus appears to the disciples with Thomas)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
B - PATANGEN LAN SANG KRISTUSD ANGGONE NGATONAKE SARIRANE (Yokanan 20:1 - 21:25)

3. Gusti Yesus ngatonaken sarirane marang para mruid kalebu Tomas (Yokanan 20:24-29)


YOKANAN 20:24-25
Nanging Tomas, panunggalane sakabat rolas iku, kang karan Dhidhimus, nalika rawuhe Gusti Yesus mau ora nunggal karo kanca-kancane. 25 Banjur dikandani dening para sakabat liyani iku: “Aku wus padha ndeleng Gusti!” Nanging Tomas calatahu: “Manawa aku durung ndeleng tabet paku ana ing astane lan sadurunge aku ndulek tilas paku iku nganggo drijiku tuwin lambunge daklodok nganggo tanganku, aku ora bakal ngandel pisan-pisan.”

Aja duwe pikiran yen kabeh kritik iku ateges lumawan Sang Roh Suci, lan ora kabeh wong kang nampik paseksen panjenengan iku wong kang kesasar utawi cilaka. Ing kene Yokanan nuduhake yen ing antarane akeh lelakon kang dumadi ing sajrone patang puluh dina sawise mingkrate Sang Kristus, ana kang banget dening ngedap-edapi. Iki nuduhake kepiye sih rahmat dadijalarane iman ing sajrone atine manungsa, ora lumantas pambudidaya, akal budi utawa kawruh, nanging dening nugraha lan sih rahmat wae.

Tomas iku wong kang cilik ati, ndeleng mung saka sisih kang surem ing saben lelakon. Dheweke kudu mbuktekake jerone sawinining prekara supaya bisa tekan marang kayekten kang sabenere (Yokanan 11:16; 14:5). Tomas iku wong kang seneng mikir, ngudhari prekara-prekara ing sajrone pikirane. Tomas wis ndeleng sedane Sang Kristus minangka ilange lire panguripane. Tomas sebanjure misahake awake saka antarane para murid kang liyane, lan ora ndeleng Gusti Yesus ing dina Minggu kang kawitan iku, nalika Gusti Yesus ngatonake sarirane ing tengah para murid Panjenengane.

Tomas bisa uga wis kandha sesaambungan karo katone Sang Kristus iku bisa uga mung apus-apusane Iblis wae- bisa roh ala memba-memba kaya Sang Kristus kanggo nuntun para murid supaya kesasar. Ora ngagetake sebanjure, yen Tomas meksa kudu ndeleng dhewe buktine atas apa kang wis dumadi, bener Gusti Yesus wis rawuh minangka pribadi. Tomas ora bakal bisa diyakinake kajaba dheweke bisa ngrasakake dhewe tanda saka tilas paku iku. Kanthi mengkono, dheweke wis nyang-nyangan karo gusti Allah sadurunge pracaya, pangarep-arepe supaya ndeleng sadurunge dadi pracaya.

Awit saka iku dheweke bali marang kumpulan para murid, kang lagi kebak kabungahan atas lelakon bab anggone gusti Yesus ngatingalake sarirane marang para murid liyane. Dheweke, beda, tetap rumangsa prihatin, lan kandha kepengin ndheleng dhewe yen gusti Yesus bener-bener wungu.

YOKANAN 20:26-28
26 Bareng tumeka ing wolung dinane para sakabate Gusti Yesus padha ana ing jero omah iku maneh sarta Tomas iya ana. Gusti Yesus tumuli rawuh nalika lawange padha kakancing, banjur jumeneng ana ing tengah-tengah para sakabat sarta ngandaika: Tentrem-rahayu anaa ing kowe!” 27 Nuli ngandika marang Tomas: “Drijimu prenekna, tanganKu tontonen, sarta tanganmu ulungna, lodokna ing lambungKu, lan kowe aja nganati ora ngandel maneh, nanging kumandela!”28 Tomas mangsuli, unjuke: “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!”.

Seminggu sebanjure, Gusti Yesus ngatingalake sarirane maneh marang para murid Panjenengane. Para murid isih rumangsa wedi lan lawang-lawang isih kakunci. Badan Sang Kristus, kang wis wungu saka pati, tanpa suwara nembus mlebu ing njero. Panjenengane amberkahi para murid kanthi tentrem rahayu saka Panjenengane, nawakake pangapura marang para murid Panjenengane kang ringkih.

Tomas ndeleng Gusti kanthi mripat kang mlolo gumun, ngrungokake suwara Panjenengane. Gusti Yesus mirsani para murid kabeh, soca Panjenengane nembus atine Tomas kang mangu-mangu kanthi sunar asipat keallahane. Panjenengane dhawuh marang Tomas kang keweden iku supaya ndemek Panjenengane, beda karo gusti Yesus ora marengake Maryam kang arep nggepok Panjenengane, “Demeken lan rasakna, Aku pribadi kang sabenere, kang ana ing tengah-tengahmu.”Gusti Yesus dhawuh marang Tomas ora mung supaya ndeleng tilas paku iku, nanging “prenekna tanganmu, lodokna ing jerone padharanku lan pracayaa!”

Panjenengane nyurung murid kang mangu-mangu iku supaya ngalahake kabeh anggone mangu-mangu. Gusti Yesus ngersakake kita duwe keyakinan kang gilik ing sajrone kita, awit Panjenengane martakake salib, patangen patemo karo Gusti Allah lan anggone rawuh kang kaping pindho kabeh iku kanggo kepentingan kita. Sing saspa nyelaki kayekten iki ateges ngarani gusti Yesus iku tukang apus-apus.

Apa kang ditindake gusti iku ngejur atine Tomas, lan ngomong alon-alon (minangka hasil pungkasan saka anggone ndedonga lan anggone anggegilut bab Panjenengane) pangakon kang gedhe dhewe kang tau digawe dening manungsa bab gusti Yesus, “GUSTI KULA LAN ALLAH KULA”. Thomas ngreti, kanthi kebak kaprihatinan duwe rasa kangen marang kayekten, yen Gusti Yesus dudu Putra Allah kan uwal tanpa ana gegayutan karo Rama Panjenengane, Panjenengane iku gusti piyambak, kang kagungan kabeh sipat keallahan ing sajrone sarirane. Gusti Allah iku siji, ora loro. Tomas nyebut gusti Yesus Allah, lan dheweke ngerti yen Kang Maha Suci iki ora bakal ngadhili dheweke atas anggone ora pracaya, nanging ngesokake marang dheweke nugraha wanuh marang gusti piyambak.* Tomas uga nyebut Gusti Yesus Gusti, lan masrahake mangsa kepungkur lan mangsa tembene sawutuhe ing astane Sang Juru selamete, kanthi keyakinan kang teguh marang apa kang dingandikaake dening gusti Yesus ing sajrone pangandikan pungkasan Panjenengane. Sedulur, apa kang panjenengan ngandikaake? Apa panjenengan nindakake pengakon dikaya Tomas? Apa Panjenengane kang wis wungu iku rawuh ana ing panguripan panjenengan, kanthi mangkono panjenengan rumangsa gumun bab kaagungan Panjenengane lan wis ngalahake angon panjenengan mangu-mangu uga wangkoting ati panjenengan? Panjenengan pasrahake badan panjenengan ing sajrone sih rahmat Panjenengane lan panjenengan akoni ing ngarsa Panjenengane kanthi matur: “Gusti kula lan Allah kula”.

PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, gusti Yesus Kristus, awit paduka mboten nampik anggenipun Tomas mangu-mangu, nanging mratelakakean sarira Paduka dhumateng piyambakipun. Paduka tampi gesang kawula dadi kagungan Paduka, lan paduka sucekake ilat kawula saking sadaya apus-apus.

PITAKONAN:

  1. Apa kang kakandhut ing sajrone pangakone Tomas?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:59 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)