Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 105 (Jesus intercedes for the church's unity)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
E - DONGA PANYUWUN GUSTI YESUS (Yokanan 17:1-26)

4. Gusti Yesus ndonga kanggo kamanunggalan ing sajrone gereja (Yokanan 17:20-26)


YOKANAN 17:24
24 Dhuh Rama, ingkang dados pikajeng Kawula, Kawula wontena ing pundi kemawon, tiyang-tiyang punika tansah nunggila kaliyian Kawula, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringaken dhateng kawula punika, supados sami nyawang dhateng kamulyan Kawula peparing Paduka. Awit Paduka ngasihi Kawula wiwit saderengipun jagad tinalesan.

Kaping enem ing sajroning pandonga Panjenengane minangka jejere Imam Agung gusti Yesus nyebut asma Allah minangka “Sang Rama” lan kaping pisan “Gusti Allah kang yekti”. Kanthi asma kang banget ora ana bandhingane iki Panjenengane mratelakaken kaprecayan Panjenengane piyambak lan rasa kapang Panjenengane marang Allah. Awit Panjenengane sejatine nyawiji karo Sang Rama, nanging ngothongkae sarira Panjenengane lan ngasorake sarirane kanggo panebusan kita. Panjenengane babar pisan ora kagungan pepinginan supaya dadi misuwur utawa duwe kasugihan apa wae. Makaping-kaping Panjenengane nggunakake istilah, “Paduka paringaken dhumateng Kawula”. Gusti Allah nampani yen manungsa, para pandherek Panjenengane, pakaryan Panjenengane lan kawenangan Panjenengane ditampa saka peparingi gusti Allah, kaya-kaya Panjenengane sadurunge ora duwe sakabehe iku. Lan Panjenengane sejatine kang kagungan sakabehe iki, nanging ngasorake sarirane marang kaagungan lan kaluhuran Sang Rama Panjenengane. Anggone andhap asor iki njamin teruse keselarasan kang terus terusan kanthi mengkono ngujudi pikiran lan karsane Gusti Allah kanthi sempurna.

Gegayutan karo anggone sumarah sawutuhe iku Panjenengane bisa ngandika ing sajrone donga Panjenengane tanpa duwe karsa, “Kawula gadah kekajengan”. Dadi apa kang dadi karsane kang dipratelakake dening Sang Putra Allah iku? Karsa Panjenengane yaiku kabeh pandherek Panjenengane ing ngendi-endi papan, saka jaman ngajaman bakal ana ing papan ana ngendi Panjenengane mapan. Sebanjure, Paulus nyeksekake yen dheweke uga disalib bebarengan karo Sang Kristus lan dikubur bebarengan karo Panjenengane supaya melu cawe-cawe ing sajrone patangen Panjenengane, lan bakal lungguh bebarengan karo Panjenengane ing sajrone Suwarga, kanggo nemokake kasugihan saka sih rahmat kang luber-luber kang saka Gusti Allah lumantar alus bebudene Sang Kristus Yesus (Roma 6:1-11; Efesus 2:4-7)

Kamanunggalan kita karo Sang Kristus banget ora kabandhing tinimbang mung melu ngrasakake panandang Panjenengane lan katresnan Panjenengane, lan kalebu uga kaluhuran Panjenengane. Panjenengane ngersakake supaya kita bisa ndeleng kaluhuran Panjenengane lan dumunung ing sajroning patunggalan bebarengan karo Panjenengane selawase. Para rasul ngerti tujuan saka pengarep-arep kita iki. Kita bakal abungah-bungah kanthi kabungahan kang langgeng kang ora bisa karipto kanthi tembung nalika kita mengko ndeleng Panjenengane. Kita uga bakal nyumunarake kaluhuran Panjenengane, kasalin dikaya Panjenengane, awit kahanan saka sunar kamulyan iku diparingake marang kita ing sajroning anggone ngesokake saka katresnan Allah marang jerone ati kita (Roma 5:5 lan 8:29) Panjenengane maringake kaluhuran Panjenengane, awit Panjenengan iku kang luhur sinadyana ing sajrone kahanan Panjenengane dadi jejere manungsa kang asor. Para rasul mahami yen ing sajrone hakikat Panjenengane ana kaluhuran kang katon saka katresnan kang ora bisa di karipta krana tembung lan ora bakal bisa kaowahi antarane Panjenengane sang Rama, malah sadurung landhesan bumi iku dipapanake. Hakikat ing sajroning Tritunggal Kang Suci iku sumber saka anane lan tebusan kanggo kita.

YOKANAN 17:25
25 Dhuh Rama ingkang adil, jagad punika pancen boten wanuh dhumateng Paduka, nanging Kawula wanuh kaliyan Paduka, sarta tiyang-tiyang punika sumerep, bilih Paduka ingkang sampung ngutus Kawula

Gusti Allah tetap ana ing sajroning kahanan bener lan adil, sinadyan saupamane jagat ora ngrumangsani. Ing sajrone hakikat Panjenengane kang suci. Lan babar pindah ora ana pepeteng ing sajrone Panjenengane. Kabeh wong kang mratelake katresnan Panjenengane ing sajroning sang Kristus, bakal mahami yen dudu kaluputan Panjenengane yen manungsa ora pracaya marang Putra Panjenengane, mula ora bakal nemokake keselametan.

Nanging Sang Kristus wanuh Rama Panjenengane wiwit kelanggengan, awit Sang Putra mirsane Rama Panjenengane kanthi adhep-adhepan. Kahanan saka pangaji lan asma Panjenengane banget dingerteni dening sang Putra. Babagan kang asipat Allah Panjenengane babar pisan ora bisa kaaling-alingi apa wae kanggo Panjenengane.

Kanggo kabeh wong kang nampani Sang Putra, gusti Allah maringake marang wong-wong mau hak kanggo dadi para putrane Panjenengane. Gusti Yesus mbukak kanggo wong-wong mau wadi saka kalungguhan Allah minangka Raja. Sing sapa kang dilahirake maneh bakal mahami yen Sang Kristus rawuh saka Gusti Allah; Panjenegnane ora mung nglenggahi jejere nabi utawa rasul, nanging kang asipat Allah, tenan-tenan saka Allah. Kabeh kapenuhan saka kang asipat Allah iku ana ing sajroning Panjenengane secara badan. Sang Roh suci madhangi kita kanggo nyaket pangerten bab sipat kealahan gusti Yesus ing sajrone kamanungsane, supaya dadi siji karo Panjenengane lan Sang Rama kang ngutus Panjenengane. Dadi Panjenengane iku pantara kang nyambungake antarae Gusti Allah karo manungsa.

YOKANAN 17:26
26 Punapa dene Asma Paduka sampun Kawula sumerepaken dhateng tiyang-tiyang punika sarta inggih badhe Kawula sumerepaken, supados sih ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika wontena ing tiyang-tiyang punika, sarta Kawula inggih wontena ing tiyang-tiyang punika”

Reringkesane, Sang Kristus mulangake marang kita pratela gegayutan asma Sang Rama. Wujud kang cetha kanggo prekara iki yaiku ing Kayu Salib, ing ngendi Gusti Allah nyucekake Putra Panjenengane kang dadi korban kang suci, supaya kita bisa melu cawe-cawe ing sajrone hak-hak minangka jejere Putra. Nalika Sang Roh Suci rawuh ing sajrone urip kita, kita nguwuh, “Abba, Rama”, saka jeroning ati kita kang jero dhewe. Donga Rama Kawula sawijining makutha saka kabeh donga, awit ing sajroning donga kuwi ngluhurake Sang Rama, Kraton Panjenengane lan karsa Panjenengane.

Kita bisa paham Sang Rama saka Gusti kita Yesus Kristus nganti marang tingkat ing ngendi katresnan kang terus ambanyu milik antara sang Rama lan Sang Putra sebanjure kaesokake uga marang kita. Panjenengane nyuwun marang Sang Rama kanggo nyipta kapenuhan katresnan ing sajrone kita. Ora mung Sang Rama kang teka marang kita, nanging gusti Yesus kang secara pribadi kagungan karsa kanggo dumunung ana ing sajrone kita. Awit saka iku Panjenengane ndedonga ing sajrone panyuwun panjenengane supaya kapenuhan keallahan bakal teka ing sajrone urip kita, dikaya kang diseksekake dening Yokanan ing sajrone layang-layange: Gusti Allah iku katresnan, lan sing sapa dumunung ing sajrone katresnan wong iku dumunung ing sajrone Allah, lan Allah ana ing sajrone wong iku”.

PITAKONAN:

  1. Apa kang dadi reringkesane pandoga minangka jejere Imam Agung kang diunjukake gusti Yesus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:45 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.2.109)