Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 017 (Jesus' birth)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

2. Wiyosan Lan Njenengi Asma Sang Gusti Yésus (Matéus 1:18-25)


MATÉUS 1:22-23
22 Bab iku anggoné kalakon supaya kayekténana apa kang kapangandikaaké déning Pangéran lumantar nabi mangkene: 23 “Lah, sang kenyo bakal nggarbini sarta mbabar putra kakung kang asmané bakal sinebut Ěmanuél, tegesé: Gusti Allah nunggil kalawan kita.”

Malaikat nyethakaké marang Yusuf yén kang dikandut déning Maryam iki saka Roh Suci. Malaikat uga nuntun Yusuf marang pameca ing Prejanjian Lawas kang dipratelakaké gusti 700 tahun sadurunge, lumantar nabi Yésaya (Yésaya 7:14), 9: 6). Gusti Allah ngersakaké supaya Yusuf ngerti yén kaélokan iki ora tumadi kebeneran nanging wis karancang adoh sadurunge, dadi hakikat saka keselamaten dilahirké manéh saka banyu lan saka Roh Panjenengané lan pucuk saka sejarah wong-wong Yahudi.

“Kang kaprasetyakake” yaiku bocah kan lahir saka perawan iku. Asmané Panjenengané Imanuel (Ing basa Ibrani) ateges “Gusti Allah nunggal kita”. Lumantar Panjenengané Gusti Allah rawuh nunggal ing antarané umat Panjenengané. Wiwit jaman dosa mlebu ing sajroning jagat ini, Kang nitahaké wis misahaké sarirané karo kang dititahaké awit Panjenengané banget luhur lan suci. Ing sajroing tetingalan kaluhuran lan kasucén Panjenengané Panjenengané kudu paring paukuman marang dosa; awit gusti Allah ing sajroning hakikat Panjenengané satrunw dosa lan ora ana wong-wong dosa kang bisa nyawiji ana ing ngarsané Panjenengané. Panjenengané bakal paring paukuman kabéh manungsa kan ora gelem mratobat lan ninggalaké dalané kang ala.

Jeneng “Imanuel” banget ngluwihi kabisan lan pangerten kita. Gusti Allah dadi manungsa mapan ing antarané kita ngrukunaké jagat karo Panjenengané nggawa katentreman lan bisa nuntun kita mlebu ing sajroné prejanjian lan patunggalan karo sarira Panjenengané. Sadurungé rawuhé Gusti Yésus, wong-wong Yahudi ngrasakaké manunggal karo Gusti Allah karo wong-wong Yahudi ing sajroné lambang lan angenan, nanging ora tahu nganti ing sawijining papan ing ngendi “Sabda dadi manungsa”. Gusti Allah nunggal ing antarané umat Panjenengané ing sajroné Immanuel kang diprastyakaké Panjenengané gusti Yésus, lan dudu mung ing sajroning lambang anggoné rawuh ing antarané kerubim.

Kaya ngapa ngedapi-edapi pakaryan kang ditindakaké déning Gusti Allah kanggo nuntun karukunan lan gegayutan antarané Allah lan manungsa. Loro hakikat iku dadi siji bebarengan ing sajeroné Pribadi Sang pantara, kang pas kanggo dadi wasit, “kang numpangké tangan marang kita sakarone”(ayub 9:33), awit Panjenengané dadi pérangan ing sajroné hakikat kamanungsan lan uga kang asipat keAllahan.

Ing kené kita bisa ndeleng kengkeran kang njero dhéwé lan sih rahmat kang sugih dhéwé. Ing padhangé anggoné nitahaké jagat saisiné kita ndeleng Gusti Allah minangka jejeré Allah kagungan panguwasa kang ngluwihi kita; ing sajroné pepadhang prenatan, kita ndeleng Panjenengané minangka jejering Gusti Allah kang ngadhili kang dadi jalaran kita kaweden; nanging ing sajroning padhang Injil, kita ndeleng Panjenengané dadi “Imanuel” kang nresnani, Gusti Allah tetunggalan karo kita, lumaku ing antarané kita ing sajroné rupa manungsa, banget déning cerak lan banget déning pribadi. Ing kené Sang Penebus “maringaké katresan Panjenengane”

Wong kang ora mretobat yaiku wong kang apus-apus. Wong iku ngapusi awaké dhéwé lan ngapusi wong liyané mliginé nalika mitrané nyapa dhéwéke. “Gusti Allah nunggal kowé”. Wong-wong sebeneré kudu kandha, “Gusti Allah lumawan kowé”, awit bebendu Allah dinyatakaké marang juru penasaran lan wong kang duwé tindak piala.

Wiwit kelairan Sang Kristus kita ndeleng kasucén Gusti Allah dadi siji karo katresnan lan sih kawelasan Panjenengané. Bayi ing pakan wedus iku lair murni lan tanpa cacad kanggo ngrukunaké kita karo Gusti Allah kang suci, mundhut kabéh kekurangan manungsa, lan nyangga bebendu pengadilan kang sejatiné kudu kita pikul, ngalahaké kanggo selawasé kabéh pepalang kang misahaké kita saka Gusti Allah. Sang Kristus kang yekti lan kebak sih rahmat iku pantara antarané gusti Allah karo kita.

Ora ana agama lan ora ana wong kang duwé hak kandha: “Gusti Allah nunggal kita’ kajaba wong-wong kang wis nampani Sang Kristus. Ing sajroné pribadi Sang Kristus, gusti Allah rawuh lan makarya. Sing sapa cekelan marang Panjenengané bakal nampani Sang Roh Suci kang nuntun wong-wong pracaya marang kasucén, kayektén, lan leladi. Ora ana wong siji waé kang bisa kandha, “Gusti Allah nunggal kita” kajaba wong iku gelem urip yekti ing sajroné roh, lan ngalami nunggale pribadi Allah.

Wong kang nggoléki gusti Allah bakal dadi gumun déning pawarta kang gampang dingérténi kang ditemokaké ing sajroné pribadi Gusti Yésus, “Gusti Allah nganthi kita.” Sregep ndedonga, mbangun turut paugeran, dina gedhé lan kidung-kidung kasukmatan ora nuntun panjenengan cerak marang gusti Allah, kajaba manawa panjenengan nunggal ing sajroné pantara kang diutus Gusti Allah. Kita ora pantes nampani rawuh Panjenengané nanging perawan iku nglahiraké bocah lanang, ménéhi jeneng Imanuel, selaras karo rancangan Gusti Allah wiwit jaman mula.

PANDONGA: Kula manembah Paduka, Gusti Allah kang suci, awit Paduka kebak katresnan. Amun nilaraken kula lan ampun nyirnakaken kula, nanging welasi kula. Paduka rawuh ing salebetipun patrap andhap asor dhumateng kula ing salebetipun pemakanan menda, nyangga sadaya dosa kula, lan nyucékaken kula saking samukawis cemer kawula. Maturnuwun awit Paduka paring prasetya mboten badhé nilaraken utawi mbucal kula.

PITAKONAN

  1. Menapa ta tegesé tembung “Ěmanuél”? Lan kena apa Sang Kristus pantes nggunakaké jeneng iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:25 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)