Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 016 (Jesus' birth)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

2. Wiyosan Lan Njenengi Asma Sang Gusti Yésus (Matéus 1:18-25)


MATÉUS 1:21
21 sarta Maryam bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yésus; awit iya iku kang bakal ngluwari bangsané saka ing dosané.
(pirsani Lukas 2:21)

Malaikat nyethakaké marang Yusuf yén Maryam bakal nglairaké bayi lanang lan dudu bayi wong wadon, lan Yusuf diparingi kinurmatan kanggo ménéhi tetenger marang bocah iku kang sejatiné wis ana wiwit kelanggengan awit wis karancang déning gusti Allah. Mengkené iki sawijining dhawuh kang cetha saka Gusti Allah lan dileksanani kanthi iman déning Yusuf. Yusuf pracaya tetenger kang asipat ilahi iki bakal nuduhaké maknané.

Asma Yésus ateges “Gusti nylametake”, “Gusti nguluwari”. Iki dudu mung jeneng kanggo nyeluk Panjenengane; nanging sawijining pawarta bab kayektén gegayutan pribadi iki. Panjenengané dudu mung Raja atas bangsa iku nanging Panjenengané iku Allah. Raja bisa nyelametaké bangsané saka satru manungsa nanging mung gusti kang bisa nylametaké bangsa iku saka kabéh dosané (Mazmur 51:14). Panjenengané kang langgeng iku dudu hakim kang seneng paring bebendu kang duwé kekarepan nyirnakaké kita, nanging Panjenengané mbudidaya supaya nylametaké kang ilang lumantar purta Panjenengané Gusti Yésus. Panjenengané wis rawuh marang wong-wong dosa, lan sugeng ing antarané kita lan nyuwun supaya kita nyerak marang Panjenengané. Katresnan Allah marang wong-wong dosa katon ing sajroné asma “Yésus”, kabéh rancangan kasuwargan kajunjer ing sajroné asma kang élok iki. Nanging, ora kabéh manungsa ngrasakaké peparing kamardikan lan pitulungan Allah. *Mung Umat kagungané kang bakal ngrasakake. Sapérangan bangsa ora disebut minangka jejeré “umat Allah”. Kaben manungsa duwé hak dadi kagungané Allah kanthi mretobat saka kabéh dosané lan pracaya marang gusti Yésus, Juru selamet. Wong kang pracaya marang gusti Yésus bakal dibenerake. Panjenengan dadi siji karo umat Allah nalika panjenengan mretobat saka dosa lan bali marang gusti Yésus. Ora ana jeneng liyané ing suwarga utawa ing bumi, kang luwih nyenengaké katimbang jeneng Yésus,kang négesaké marang panjenengan yén gusti Allah, kanthi cara pribadi, nggatekaké lan mitulungi panjenengan.

Pitulungan apa ta kang diparingaké gusti Yésus marang umat kagungane? Keselametan saka dosa! Sing sapa ngakoni dosa-dosané lan mretobat saka kabéh panggawéan kang najis diparingi kaélokan kang gedhé saka Gusti Yésus – cempe Allah kang nyangga kabéh dosa jagat. Panjenengané iku Kang Maha kuwasa kang lenggah ing sajroné kaluhuran bebarengan karo Sang Rama. Ing sajroné kalenggenan, Panjenengané kagungan panguwasa nebus kita lan ngesokaké Sang Ruh suci Panjenengané marang kabéh kang pracaya lan andadeaké wong-wong mau dadi titah anyar, kanggo kraton Panjenengané. Gusti Yésus iku sijiné kang ngluwari lan sang juru selamet. Ora ana pangarep-arep kanggo manungsa kajaba lumantar Panjenengané. Oara ana pengarep-arep kanggo manungsa kajaba lumantar Panjenengané. Panjenengané bisa ngapura panerak panjenengan lan Panjenengana kuwawa nylametaké panjenengan kanthi sempurna. Panjenengan buka ati panjenengan marang kabecian Panjenengané lan aturna panuwun uga ngluhuraké Panjenengané ata sih rahmat Panjenengané kang diparingaké marang panjenengan.

Ora ana kang bisa nyegah Gusti Yésus, putra Allah iku, saka anggoné nebus wong-wong kang pracaya marang Panjenengané lan roh-roh ala ora bisa ngrebut wong-wong pracaya iku saka astané kang kuwat. Gusti Yésus ngasto wong-wong pracaya bebarengan kaya pepanthan wedus. Kita nyekseni kayektén saka pameca malaikat iku yén Gusti Allah wis nylametaké akéh wong saka kabéh dosané lumantar Putra Panjenengané sasuwéné luwih saka rong ewu tahun iki, lan gunggungé isih terus tambah. Nanging, apa panjenengan wis ditebus; apa panjenengan wis diselametaké saka kabéh dosa panjenengan? Apa ati panjenengan tau ajur muwur awit pamratobat, kang nyurung panjenengan supaya nampani keselametan saka Panjenengané lan ngrubah pikiran uga patrap panjenengan? Manawa wis nglakoni mangkono mula panjenengan énggal budal lan nyeluk sedulur-sedulur panjenengan uga kabéh keluarga panjenengan supaya melu cawe-cawe ing sajroné keselametan saka Gusti Yésus awit Panjenengané cemawis nyelametaké kabéh wong kang pracaya marang Panjenengané.

PANDONGA: Kula manembah Paduka Sang Juru wilujeng kula, gusti Yésus, awit Paduka dipun lahiraké kanggé nylametaken kula. Padula mboten ngasoraken kula, nanging nresnani lan nyucékaké sadaya kalepatan kula. Paduka gulewenthah kula supados pitados dhumateng Panguwaos Paduka lan karawuhan Paduka kalian kula kanthi makaten kula saget merdeka saking anggen kula mboten leres lan ngluhuraken asma Paduka ingkang Agung. Tuntun para mitra lan para satru kula dhumateng kawilujengan Paduka kanthi makaten para mitra lan para satru kula menika mboten nampi kacilakang langgeng nanging nampeni gesang ingkang langgeng.

PITAKONAN

  1. Apa ta tegesé saka asma “Yésus”?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:25 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)