Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 056 (The Absolute Necessity of the Testimony of the Gospel)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 2 - Bebeneré Gusti Allah Ora Bakal Owah Senajan Para Putrané Bapa Yakub, Wong-Wong Kang Pinilih, Mangkotaké Atiné (Rum 9:1-11:36)
4. Kratoné Gusti Allah amung ditampa lumantar iman, lan dudu lumantar upaya nuruti angger-angger Torét (Rum 9:30 - 10:21)

c) Kawigatosanipun paseksén Injil kanggé putra-putranipun Bapa Yakub (Rum 10:9-15)


RUM 10:9-15
9 Menawa lambému padha ngakoni, yèn "Yésus kuwi Gusti", lan kowé precaya ing sajroné atimu, yèn Gusti Allah wis mungokaké Gusti Yésus saka ing séda, kowé bakal slamet. 10 Sebab kita precaya ing sajroning ati kita, temah kita padha karukunaké karo Gusti Allah, lan kita ngakoni srana lambé kita, temah kaslametaké. 11 Kitab Suci nyebut: "Sing sapa precaya marang Panjenengané, ora bakal kecuwan." 12 Pangandika kuwi kanggo saben wong, sebab wonga Yahudi, wonga kapir, ora ana bédané. Gusti Allah kuwi mung siji, yakuwi Allahé wong kabèh. Panjenengané sing mberkahi klawan lubèr marang saben wong sing nyebut Panjenengané. 13 Ayat ing Kitab Suci uga nyebutaké mengkéné: "Saben wong sing nyebut asmané Pangéran bakal slamet." 14 Nanging kepriyé bisané wong padha nyebut asmané Gusti Allah, menawa durung padha precaya? Lan kepriyé bisané padha precaya yèn durung tau padha krungu pangandikané? Lan kepriyé enggoné padha bisa krungu pangandikané, yèn pangandika mau ora diwartakaké? 15 Lan kepriyé enggoné diwartakaké, yèn ora ana sing diutus martakaké? Pangandikané Kitab Suci mengkéné: "Iba beciké wong sing padha teka nggawa pawarta becik.

Rasul Paulus wiwit majeng malih ing salebeting paprangan rohani kaliyan greja Kristen Yahudi ing Rum. Piyambakipun nerangaken bilih pawartos menika nggadhahi trap-trapan lan mawarni-warni prekawis. Iman ingkang sejati kawiwitan kaliyan manah, awit manusa pitados ing salebeting manah. Iman punika ateges bilih tiyang pitados kanthi gilig lan kanthi raket katunggilaken kaliyan Panjenenganipun ingkang dipun pitados.

Minangka kalajenganing iman, kedah wonten paseksi ingkang kaucapaken, karana kayekten kedah nundhung pepeteng. Iman lan paseksi kasambetaken sesarengan. Paseksi ngucapaken bab iman, temah para pamiyarsanipun saged mangertos lan tiyang ingkang atur paseksi punika ugi saged pikantuk tambahing keyakinan tumrap imanipun Piyambak.

Jaminan iman ingkang dipun sekseni dening Paulus lan para saksinipun Sang Kristus, nggadhahi sawatawis wewaton: 1. Yesus Kristus punika Gusti. Pnjenenganipun ingkang murbeng jagad raya, lan samukawis sampun kaparingaken dhateng (dhumateng) Panjenenganipun. Prabu Dawud paring paseksi ingkang cetha: “ Pangandikanipun Allah dhateng Gusti kula mekaten, "Pinaraka ana ing tengen-Ku nganti tumekané mungsuh-mungsuhmu wis padha Dakdadèkaké ancik-anciké tlapakanmu." (Jabur 110:1). Rasul Yokanan nerangaken kanthi jangkep bab Cempening Allah ingkang pinarak ing dhampar (Why. 5:1-14); lan Paulus nyekseni bab kamulyan saking Panjenenganipun ingkang sinalib lan ingkang wungu saking pepejah, temah ing dalam asmanipun Yesus Kristus sagung dhengkul asujud, dadosa ingkang wonten ing langit lan ingkang wonten ing bumi, lan saben ilat ngaken bilih Yesus Kristus punika Gusti, kagem kamulaynipun Allah Rama (Flp. 2:5-11).

Pitembungan ingkang cekak bilih Yesus Kristus punika Gusti dados paugeraning iman Kristen. Punika ateges bilih Yesus Kristus punika Allah ingkang yektos wonten ing Patunggilan Tritunggal ingkang suci. Panjenenganipun gesang lan ngereh sesarengan kaliyan ingkang Rama wonten ing swarga.

2. Kamulyanipun Sang Kristus punika kadasaraken kasunyatan bilih Allah ingkang suci mungokaken Pnjenganipun -ingkang sampun kasalib lan seda- saking pepejah dhumateng gesang. Wungunipun Sang Kristus punika dados cagaking iman Kristen; awit menawi Putraning Manusa boten saestu kawungokaken, sariranipun badhe lebur sawetahipun. Nanging Panjenenganipun wungu saking kubur, lan lumampah nglangkungi sela lan tembok klayan sarira rohaninipun. Gusti Yesus gesang, dene panutan agami sanes seda klayan sarira ingkang lebur. Wungunipun Sang Kristus punika bukti kasucenipun, kamenangan, pangwaos lan kasampurnaning pakaryan karahayonipun.

3. Sinten ingkang pitados dhumateng kayekten punika ing lebeting manahipun, lan atur paseksi bab pnp ingkang dipun yakini punika, pikantuk kaslametan. Jaminan kslametan punika mbereg tiyang pitados wantun atur paseksi kanthi bingah bilih Sang Kristus punika ingkang mimpang. Wonten ing paseksinipun, tiyang pitados ndherek lelabuh ing pigesangan, Roh lan tentrem rahayunipun Sang Kristus. Sinten ingkang kaadegaken wonten ing Sang Kristus, lan sumendhe dhumateng Panjenenganipun, boten badhe nate dhawah.

4. Dhedhasar jaminan punika, Paulus ngandika biih sinten ingkang pitados dumateng Gusti Yesus Sang Kristus pikantuk kayekten saking Allah ingkang suci, kauwalaken saking sadaya dosanipun, kaleresaken wonten pangadilan pungkasan, lan katampi dados gegelitaning kulawarga rohaninipun Allah, kacangkokaken dhumateng sarira rohaninipun Sang Kristus. Cekakipun, tiyang-tiyang pitados nyambungaken gesangipun kanthi bakuh lan langgeng kaliyan Gusti Yesus. Kaslametan lan pakaryan ingkang ngelresaken ingkang sampurna dipun tampeni lumantar paseksining imanipun, lan bilih Piyambakipun ingkang dosa punika kaleresaken lan katampi dening Allah. Paseksi punika sanes dasar tumrap kaslametan, awit kayekten punika namung saged katampi srana iman. Nanging, paseksi punika nyadaraken lan ngantepaken pamawas bab kaslametan ingkang kaparingaken dhumateng tiyang pitados bilih kaslametanipun punika saged kawujudaken lan dipun tingali indhak-indhakanipun tumuju dhumateng kadiwasan. Kayekten lan kslametan punika tukipun saking Sang Kristus, lan katampi lumantar paseksinipun tiyang-tiyang pitados bab Gusti ingkang sampun nylametaken.

5. Sareng wonten pratandha iman ing Prajanjian Enggal punika, lan kayekten ingkang katampi namung lumantar iman, Paulus paring pameleh ingkang mekaten: Ora ana bedane antarane wong-wong Yahudi lan wong-wong Kristen manawa padha pracaya marang Sang Kristus lan wus ngalami urip anyar dening sih rahmate Gusti. Namung wonten satunggal Gusti, satunggal Juruwilujeng, lan satunggal Juru Panebus tumrap kalih golongan punika. Tiyang-tiyang Yahudi boten kaslametaken dening Abraham utawi Musa, nanging dening Gusti Yesus kemawon. karahayon, pangwaos, pigesangan lan sih katresnanipun Sang Kristus mili wonten ing gesangipun tiyang-tiyang Yahudi lan tiyang-tiyang Kristen kanthi margi ingkang sami. Boten wonten Pribadi sanes ingkang kasalib lan sampun masrahaken sarira kagem nebus manusa, kajawi Cempening Allah ingkang alus ing budi ingkang sampun mbirat dosaning jagad.

6. Paulus nyatakaken kanthi cetha bilih Gust Yesus punika sugih, lan ndadosaken sadaya tiyang ingkang nyenyuwun dumateng Panjenenganipun dados peranganing kasugihanipun (Rm. 10:12-13). Panjenenganipun maringaken Roh Suci, pangwaos lan sih katresnanipun Allah ingkang langgeng dhumateng sinten ingkang ndedonga dhumateng Pnjenenganipun, ingkang kanthi blaka nglairaken manahipun ing ngarsanipun Sang Kristus ingkang gesang, tanpa lumantar tiyang-tiyang suci, utawi prawan Maryam. Tanpa panyuwunan panjenengan (panjenengan) murih kaslametaken, kasucekakaen lan katebus, boten wonten prekawis ingkang saged dumados dhumateng panjenengan. Sih kanugrahan cumawis kagem sadaya, nanging kita kedah angupadi (Yoel 2:32). Lumantar panyuwunan kita mireng swantenipun Roh Suci ing lebeting dhiri kita ingkang nguwuh-uwuh “Dhuh Rama, Rama” (Rm. 8:15-16).

RUM 10:15
15 Lan kepriyé enggoné diwartakaké, yèn ora ana sing diutus martakaké? Pangandikané Kitab Suci mengkéné: "Iba beciké wong sing padha teka nggawa pawarta becik." 16 Nanging ora kabèh wong padha gelem nampa pawarta becik mau. Nabi Yésaya dhéwé ngandika: "Dhuh Pangéran, sinten ingkang badhé pitados dhateng pawartos ingkang kawula wartosaken?"

Roh Suci mulang kita supados ngakeni dosa-dosa kita dumateng Cempening Allah, lan ngaturaken panuwun konjuk Panjenenganipun tumrap sedanipun, wungu lan karsanipun milujengaken kita saking bebendunipun Allah ingkang bade dhumateng. Roh pandonga ing lebeting diri kita boten pareng mentingaken diri pribadi. Sinten ingkang pitados dhumateng Sang Kristus boten namung ndedonga kagem dirinipun pribadi, nanging ingkangem tiyang-tiyang ingkang kapapanaken dening Sang Roh Panglipur punika ing ngajengan kita. Ing wiwitaning kekristenan, para putra Yakub ndedonga kanthi cara mekaten kagem tiyang-tiyang ingkang kesasar ing antawisipun tiyang-tiyang sanes Yahudi; lan kanthi cara ingkang sami kita ugi ndedonga dinten punika kagem tiyang-tiyang Yahudi lan tiyang-tiyang agama sanesan. Karsanipun Roh Suci punika kagem mawartosaken ewah-ewahan ingkang kawiwitan saking Cempening Allah pribadi (Pr. Ras. 1:8; Why 5:6).

7. Rasul Paulus nerangaken dhumateng tiyang-tiyang ingkang pitados dhumateng Sang Kristus ing antawisipun pr putra Yakub ing Rum kados pundi caranipun nedahaken Injil ing salebeting tumindak, kados pundi ngawonaken perasaanipun minangka umat pilihan, lan kados pundi Roh Suci nuntun supados sami makarya kanthi langkung wicaksana.

Kados pundi Gusti nimbali tiyang-tiyang ingkang boten pitados menawi sami boten purun pitados dumateng Panjenenganipun? Kados pundi tiyang-tiyang punika sami purun pitados menawi boten nate mireng kanthi cetha bab Panjenenganipun? Kados pundi tiyang-tiyang punika sami saged mireng menawi boten wonten juru warta ingkang setya? Kados pundi juru warta punika saged awewartos menawi Piyambakipun boten kautus dening Sang Kristus? Boten namung tiyang-tiyang ingkang boten pitados ingkang saged kalepataken, nanging ugi tiyang-tiyang ingkang boten nyariyosaken kayektening karahayon dhumateng tiyang-tiyang punika, menapa ingkang sampun dipun alami. Paulus ngunjal ambegan nalika Piyambakipun nyebut sabdanipun Gusti dhumateng nabi Yesaya “Iba olèhé nyenengaké tekané wong sing nggawa pawarta katentreman sing mbungahaké. Tekané wong mau nasak gunung-gunung. Kandhané, "Allahmu jumeneng raja!" (Yes. 52:7).

Pawartos kayekten punika miturut Paulus isi pangaken bilih Gusti Yesus gesang lan angereh lan bilih karahayon saking Panjenenganipun ngrembaka ing pundi-pundi. Kratoning Allah wonten ing Sang Kristus punika dados dasar kabingahan tumrap tiyang-tiyang pitados. Dados sinten ingkang bebingah ing jaman punika awit pitados bilih Sang Kristus angereh lan mimpang? Pnp kita malah aras-arasen lan iman kita ringkih? Sinten ingkang ing dinten punika taksih nanggapi panyuwunan “Kraton Pdk mugi rawuha” lan lajeng matur “Dhuh Gusti, mugi kraton Paduka rawuh ing tengahing bangsa kawula”?

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula manembah dhumateng Paduka amargi Paduka sampun ngangkat Gusti Yesus dhateng swarga, lan njumenenengaken Panjenenganipun minangka Gustinipun para gusti, Ratunipun para ratu. Mugi Gusti tulungana kawula sami saged ngakeni, ing ngajengipun tiyang kathah kanthi cara ingkang wicaksana, wungunipin Gusti Yesus saking séda, lan menawi Panjenenganipun lenggah ing sisih Paduka, saéngga cahyanéng gesang kang langgeng ugi saged sumunar wonten ing manahipun tiyang-tiyang ingkang sami mirengaken pawarta wau.

PITAKON:

  1. Apa sesambungan antarané iman lan kaseksén?
  2. Kados pundi iman lan kaseksén kanthi praktis saged tuwuh miturut piwulangipun Rasul Paulus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on December 14, 2023, at 01:21 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)