Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 055 (The Aggravation of the Offense of the Israelite People)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 2 - Bebeneré Gusti Allah Ora Bakal Owah Senajan Para Putrané Bapa Yakub, Wong-Wong Kang Pinilih, Mangkotaké Atiné (Rum 9:1-11:36)
4. Kratoné Gusti Allah amung ditampa lumantar iman, lan dudu lumantar upaya nuruti angger-angger Torét (Rum 9:30 - 10:21)

b) Gedhéné panerak bangsa Israel iku amarga Gusti Allah maringaken kanugrahan kang lewih gedhé tumrap bangsa iku tinimbang tumrap bangsa liyané (Rum 10:4-8)


RUM 10:4-8
4 Sebab Sang Kristus wis netepi Torèt, supaya saben wong sing precaya marang Panjenengané, ditunggilaké karo Gusti Allah. 5 Kaya sing ditulis Nabi Musa, yèn wong enggoné dirukunaké karo Gusti Allah kuwi srana mbangun-turut marang Torèt, uniné tulisan mau mengkéné: "Wong sing netepi Toret, bakal olèh urip merga déning Torèt." 6 Nanging piwulang sing mratélakaké, yèn kita iki katunggilaké karo Gusti Allah merga precaya, dhawuhé Kitab Suci mengkéné, "Aja mikiraké, 'Sapa sing bakal munggah menyang swarga?' (yakuwi supaya ngudhunaké Sang Kristus), 7 utawa 'Sapa sing arep mudhun menyang nraka?' (yakuwi supaya nggawa Sang Kristus munggah, wungu saka séda)." 8 Karepé mengkéné: "Pangandikané Gusti Allah kuwi cedhak banget karo kowé, yakuwi ana ing lambému lan ana ing sajroné atimu," mengkono pangandika bab precaya, sing padha dakwartakaké

Paulus nyekseni bilih tujuan pungkasan saking angger-anggering Toret punika Sang Kristus Yesus, awit inggih Panjenenganipun punika margi, kayekten lan kauripan. Boten wonten satunggaling tiyang ingkang saged sowan Sang Rama menawi boten lumantar Sang Kristus (Yok. 14:6).

Sang Kristus kanthi sampurna netepi kanthi jangkep sedaya pranatan angger-anggering Toret, klayan sadaya rincian pranatanipunipun, lan dados patuladan supados dipun anut. Awit saking punika, menawi kita mbandingaken diri kita kaliyan Panjenenganipun, kita bade ngrumaosi bilih kita punika nistha. Punika gegayutan kaliyan tiyang-tiyang Yahudi lan tiyang-tiyang Kristen, karana sadaya tiyang punika sampun dosa lan koncatan kamulyanipun Allah, karana sadaya tiyang kirang ing katresnan lan kayekten (Kaimm. 18:5; Rm. 3:23).

Ing mangsa ingkang sami, Gusti Yesus ngrukunaken salumahing jagad kaliyan Allah ingkang maha suci lumantar sedanipun minangka leliru (2 Kor. 5:18-21). Sang Kristus njangkepi pepaken ingkang lami kanthi sampurna, lan karana punika Panjenenganipun dados pepaken kita ingkang enggal; wonten ing Sang Kristus kita ningali pepaken lan angger-angger sih rahmat. Karana sedanipun dados leliru, pramila kalairan enggal kita dipun jangkepi, bilih kita pikantuk kayekten kanthi lelahanan/ gratis awit dening sih rahmat, kangge saged nampeni gesang langgeng. Dados, Sang Kristus punika kayekten kita (Yes. 45:24; Yer. 23:6), lan sinten ingkang wangsul dumateng Panjenenganipun boten bade nampi paukuman.

Gusti dhawuh wonten ing angger-anggeripun nabi Musa: “Sing sapa netepi pepakoningsun bakal urip.” Nanging boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang saged netepi sadaya pepaken punika, kajawi namung Gusti Yesus pribadi. Awit saking punika, boten wonten satunggal tiyang kemawon ingkang gesang langgeng kanthi wewatonipun pribadi. Lah punika sababipun tiyang Yahudi mbudidaya lumantar pandonga, paladosan, siyam lan pangajeng-ajeng dateng Sang Mesih ingkang sampun kajanjekaken supados ngrawuhi lan mitulungi rahayu saking bebendunipun Allah. Nanging tiyang-tiyang punika boten purun mirengaken, utawi sowan dateng Sang Mesih ingkang sejatos ingkang sampun lila ngrawuhi tiyang-tiyang punika. Iman ingkang yektos boten merlokaken sang mesih sanesipun malih supados rawuh saking swarga, krn Sang Mesih/ Sang Kristus pancen sampun rawuh mrepegi kita (Luk. 2:11), lan wungu gesang malih saking seda (Mat. 28:5,6), lan sabda ingkang gesang sampun ndatengi tiyang kathah. Injil ingkang kawartosaken punika kebak pangerehipun Sang Kristus. Sinten ingkang mirengaken lan pitados dateng Panjenenganipun bade nampi berkah Injil ing manahipun, lan sinten ingkang ngucapaken bade manggihaken ing lathinipun. kita langkung sugih tinimbang saking ingkang kita gambaraken, lan karana punika kita kedahipun ngedum saperangan tedhan karohanen punika dateng tiyang-tiyang sanes, awit tiyang-tiyang nganggep bilih dirinipun rosa lan ageng, nadyan kasunyatanipun tiyang-tiyang punika namung makluk ingkang fana (boten langgeng) lan pejah wonten ing panerak lan dosa-dosanipun.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula manembah dhumateng Paduka amargi Paduka sampun ngutus Putra Tunggal Paduka netepi angger-angger Paduka, nyangga sedaya dosa dunya, nggantos kawula. Amargi sédanipun Putra Paduka, angger-angger Torét sampun boten saged nuntut kawula. Gusti Yesus sampun netepi angger-angger Torét, lan mbekta kawula mlebet wonten ing mangsa kanugrahan. Amin.

PITAKON:

  1. Apa tegesé semboyané Paulus: Kristus punika paneteping angger-angger Torét?
  2. Menapa sebabipun tiyang-tiyang Yahudi tansah nganti-anti rawuhi sang Mesiasipun?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 09, 2021, at 09:57 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)