Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 034 (The Believer Considers Himself Dead to Sin)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
D - Kwasanipun Gusti Allah Ngluwari Kita Saking Kwasaning Dosa (Rum 6:1 - 8:27)

1. Tiyang-tiyang pitados nganggep dhirinipun sampun pejah tumrap dosa (Rum 6:1-14)


RUM 6:5-11
5 Sebab menawa kita wis ditunggilaké karo Sang Kristus ana ing sédané, mengkono uga kita padha ditunggilaké karo Panjenengané ana ing wunguné. 6 Kita padha ngerti, yèn kaanan kita sing lawas wis mati bebarengan karo Sang Kristus ana ing kayu salib, supaya pangwasané dosa sing ana ing kita kasirnakaké, satemah kita ora dadi budhaké si dosa menèh. 7 Sebab wong sing wis mati, kuwi wis luwar saka pangwasané si dosa. Yèn kita wis mati bebarengan karo Sang Kristus, kita precaya, yèn kita uga bakal urip karo Panjenengané. 8 Kita ngerti, yèn Sang Kristus wis kawungokaké saka ing séda 9 Panjenengané ora bakal séda menèh, sebab pati wis ora ngwasani Panjenengané. 10 Séda sing dialami déning Sang Kristus kuwi séda tumrap ing dosa, mung sepisan waé. Nanging gesangé Sang Kristus saiki, kuwi gesang sing lumadi marang Gusti Allah. 11 Mulané kowé uga kudu padha nganggep awakmu kuwi wis mati tumraping dosa, lan kudu padha urip kagem Gusti Allah lantaran Sang Kristus Yésus.

Menapa panjenengan pirsa bilih Gusti Yesus nandhang sangsara lan saestu seda ing kajeng salib karana nisthaning dosa-dosa panjenengan? Awit saking dosa-dosa panjenengan lan kanisthan panjenengan, sejatosipun panjenengan pantes kasikssa ngantos seda, lan ngraosaken kasangsaran ingkang nggegirisi ing naraka ingkang langgeng. Nanging Gusti Yesus nanggel paukuman tumrap panerak panjenengan punika lan lila kasalib nggantosi panjenengan ing kajeng ingkang nistha punika. Menawi panjenengan nampi sih katresnan lan pakaryan kawilujengan saking Gusti Yesus, panjenengan bade dados isin awis dosa-dosa panjenengan lan panjenengan boten bade purun malih menggalih lan nindakaken dosa. Srana mekaten, panjenengan nyawang asor lan nyingkur diri panjenengan pyambak. Panjenengan boten bade ngakeni diri panjenengan pyambak, nanging nyupatani diri panjenengan sarta sarujuk kangge nampeni paukuman. Panjenengan bade nganggep diri panjenengan pejah lan tumpes. Boten wonten kawilujengan malih kagem diri panjenengan ingkang nistha kajawi ngalami pejahing karohanen wonten ing gesang panjenengan supados Sang Kristus saged gesang wonten pigesangan panjenengan.

Boten saged ndherek Sang Kristus tanpa nyingkur diri. Paulus kagungan paseksi wiwitan ingkang dipun baleni ing layang-layangipun, mekaten: Kita wus disalibake lan ditangekake karo Sang Kristus temah kita bisa urip selaras karo Pjenengane; nyumurupi bilih tetiyang ingkang kasalib boten saged obah kanthi merdika, nanging pyambakipun kaunjukaken lan pejah kanthi kebak kasangsaran.

Paulus nyekseni bilih pepejah kangge diri kita pyambak kelampahan nalika kita wiwit pitados dhumateng Pajnennganipun ingkang kasalib. Menawi makaten, kita katunggilaken kaliyan sedanipun Gusti Yesus, lan kita ngakeni bilih sedanipun inggih dados pejah kita. Sacara pepaken (hukum) kita sampun pejah, lan boten nggadhahi hak utawi pepenginan ing pigesangan punika, awit bebendunipun Allah sampun numpes kita wonten ing Sang Kristus.

Kados dene hukum sipil boten maringaken hak menapa kemawon dhumateng tetiyang ingkang sampun seda, mekaten ugi hukum boten ngereh malih tiyang ingkang sampun seda. Pacoben ugi boten manggihaken wiwitanipun mlebet dhumateng badan awon kita, karana kita sampun kaanggep pejah.

Nanging wonten sawatawis tiyang ingkang namung mampir pejah, utawi setengah mati, nanging taksih nggadhahi napas panguripan sekedhik. Tiyang-tiyang ingkang makaten punika taksih nggadhahi kekiyatan sekedhik kangge mlampah. Ning cobi panjenengan galih menawi wonten tiyang ingkang sampun pejah lajeng gesang malih lan mlampah ing tengah kitha ngangge badanipun ingkang sampun risak. Sadaya tiyang tamtu bade mlajeng nebih saking pyambakipun karana ambetipun ingkang badheg. Boten wonten ingkang langkung nggegirisi kabandhing kaliyan tiyang Kristen ingkang wangsul dhumateng dosa-dosanipun ingkang lami, ngagem badanipun ingkang dosa, lan dados tawananing hawa nepsu ingkang nistha. Kalajenganing panyingkuring diri kita dados sarat tumrap iman kita. kita kedah nganggep diri kita pejah wonten Sang Kristus sauruting wekdal.

Ewasamanten, iman kita boten namung ngleresaken bab-bab ingkang lepat, kados nalika kita kedah nilaraken kamanungsan lami, lan nganggep diri kita kasalib lan karucat. Iman kita punika prekawis ingkang sae. Iman punika imaning pigesangan, karana patunggilan kita kaliyan Sang Kristus wonten ing katresnan ndadosaken kita rencang ing patangen, kamenangan lan pangwasa. Kados dene Gusti Yesus nilaraken kuburipun kanthi ayem, lan kanthi sarira karohanenipun nembus sela lan tembok, mekaten ugi sinten ingkang pitados bade ngalami Gusti Yesus wonten ing gesangipun, lan nyumurupi bilih gesang langgeng saking Gusti mili wonten ing gesangipun tiyang-tiyang ingkang gondhelan bakuh dumateng Panjenenganipun.

Sang Kristus boten seda malih. Panjenenganipun sampun ngawonaken pati, karana mengsahipun sampun nggadhahi pangwasa malih tumrap ingkang maha suci punika. Gusti Yesus seda minangka Cempening Allah kangge dosa-dosa kita, lan nglairaken panebusan langgeng. Panjenenganipun seda kangge leledi kagem Allah lan manusa. Saiba Panjenenganipun bade saya maringaken gesangipun kagem Allah lan manusa, karana Panjenenganipun gesang lan tansah mulyakaken Sang Rama, temah kathah anak-anak rohani ingkang bade kalairaken kagem Panejenganipun, ngluhuraken asmanipun ingkang langgeng lumantar pandamelipun ingkang sae. Menapa panjenengan pirsa pratandha saking iman kita? kita nyingkur diri sawetahipun menawi kita ngakeni dosa-dosa kita lan katunggilaken kaliyan salib. Punika sababipun Gsuti Yesus nanemaken pangwasa gesangipun wonten gesang kita, temah kita saged wungu/ tangi ing salebeting roh, lan gesang kagem Allah kanthi tanpa cacat lan kebak kabingahan ing salebeting kabingahan langgeng, kados dene Gsusti Yesus wungu saking seda, lan gesang sarta ngereh. Mrentah salaminipun.

Wonten ingkang benten sanget antawisipun Sang Kristus kaliyan diri kita. Pajenenganipun suci ing pribadinipun wiwit ing kalanggengan, dene kita pikantuk kasucen ingkang sejatos lumantar patunggilan iman kita kaliyan Pnajenganipun. Rasul Paulus boten namung nyuwun kita lelados kagem Allah, nanging pyambakipun ngyakinaken kita supados lelados kagem Panjenenganipun wonten ing Sang Kristus. kita boten pantes sowan marek pyambak dhumateng ingkang maha suci, nanging nalika kita mlebet saya lebet dhumateng Sang Juru wilujeng, lan watak mentingaken diri pribadi kita sampun pejah wonten ing sih katresnanipun, kita tetep mapan wonten ing Panjenenganipun, wonten pangwasa, kasaenan, lan kabingahan ingkang makarya wonten gesang kita temah kita saged menang lan ngawonaken karingkihan kita awit Panjenenganipun nresani kita. kita namung mendhet perangan wonten hak mirunggan punika lumantar iman kita lan pikajeng kita ingkang asring gagal ugi. Menapa panjenengan pitados bilih panjenengan saestu sampun kasalib lan kakubur sesarengan kaliyan Sang Kristus, lan saestu sampun katangekaken malih dening wungunipun Sang Kristus?

PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus Kristus, Paduka sampun nggantosaken kawula wonten ing kajeng salib. Paduka sampun mikul sedaya dosa kawula. Matur nuwun amargi maringaken kaslametan kang ageng lan kebak sih katresnan. Mugi Gusti jangkepaken penyélaking kajeng pribadhi kawula, lan kiyatakena pangertosan kawula menawi kawula sejatosipun kedah nampa pidana pejah, saéngga kawula saged nganggep dhiri kawula sampun pejah sesarengan klayan séda Paduka. Matur nuwun amargi Paduka sampun nandur gesang Paduka wonten gesang kawula, saéngga kawula saged nglampahi gesang kagem Paduka, mulyakaken sang Rama lan manunggil klayan Paduka srana iman. Dhuh Gusti ingkang suci, Paduka ngowahaken kawula ingkang jahat punika dados tiyang ingkang kasucékaken, saking kahanan kawula minangka manungsa yatim piatu ingkang kanthi rohani dipun dadosaken putra Paduka. Saibe agengipun sih kanugrahan Paduka! Mugi Gusti kersa nampi panembah sart gesang kawula.

PITAKON:

  1. Kados pundi kita kasalibaken sesarengan klayan sang Kristus, lan wungu wonten ing gesangipun Panjenengané?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 12:24 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)