Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 017 (He who Judges Others Condemns Himself)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
A - Saindering Jagad Wonten Ing Pengaruhipun Si Jahat, Gusti Allah Bakal Ngadili Sedaya Kanthi Bebener (Rum 1:18 - 3:20)
2. Bebenduné Gusti Allah dicethakaké marang wong-wong Yahudi (Rum 2:1-3:20)

a) Tiyang ingkang ngadili tiyang-tiyang sanéh sami nibakaken bebendu dhumateng gesangipun piyambak (Rum 2:1-11)


RUM 2:6-11
6 Sebab Gusti Allah bakal males marang saben wong manut penggawéné. 7 Marang wong sing tansah nglakoni kabecikan lan nganti-anti marang kamulyan lan kaluhuran sarta kelanggengan, Gusti Allah bakal maringi urip langgeng. 8 Nanging wong sing srakah, sing nampik marang bebeneran, lan dhemen marang piala, bakal nampani bebendu lan dukané Gusti Allah. 9 Saben wong sing nglakoni penggawé ala, bakal ngrasakaké momotan lan kasangsaran, embuh wong Yahudi utawa wong-wong bangsa liyané. 10 Marang wong sing padha nglakoni kabecikan, Gusti Allah bakal maringi kamulyan, kaurmatan sarta katentreman, luwih-luwih wong Yahudi, mengkono uga wong-wong dudu Yahudi. 11 Merga Gusti Allah ngadili saben wong tanpa pilih kasih.

Menapa panjenengan mangertos wewaton saking pangadilanipun Allah? Sadaya manusa sami ndadak ing mangsa ingkang wigatos menika, dene tiyang wicaksana nyawisaken dhiri ngadhepi mangsa menika. Rasuling kanugrahan menika kanthi cetha nedhahaken dateng kita bilih ing dinten pangadilan menika tumindak sae lan awon badhe kauji minangka dhasar pangadilan. Ing Mateus bab 25 Sang Kristus nedhahaken dateng kita bilih tumindak mujudaken katresnan dateng tiyang-tiyang ingkang alit, asor, sékéng lan prasaja menika prekawis ingkang karenan ing ngarsanipun Allah. Sang Kristus boten nyebataken bab siyam, donga, ngawontenan jiarah lan dedana minangka tumindak sae, nanging malah nedhahaken kasaenan dateng tiyang-tiyang ingkang mbetahaken.

Kanthi tumindak sesidheman karana sih katresnan panjenengan, badhe kapratela menapa manah panjenengan alus utawi kasar, sombong utawi kebak sih rahmat. Menapa panjenengan tiyang pinter ingkang nyenyamah lan ngremehaken tiyang-tiyang prasaja lan bodho? Menapa sih katresnanipun Sang Kristus mbereg panjenengan dateng tiyang-tiyang ingkang boten pantes, kesisih, para randha lan anak-anak lola? Panjenengan badhe pinaringan ganjaran menawi panjenengan najakaken sih katresnan panjenengan, sanes awit pangibadah lan pambangun turut ingkang kaku tumrap satunggaling agami.

Paulus nedhahaken dateng panjenengan satunggaling margi utami nampeni lumunturing sih katresnanipun Allah ing manah panjenengan. Sinten ingkang ngeneraken pikiranipun dateng kamulyanipun Allah, lan boten ngoyak kasugihan lan kamulyan ingkang boten langgeng, badhe nyaket dateng Allah lan ngalami ewah-ewahan ing sih rahmatipun. Sinten ingkang ngupadi kamulyanipun Allah badhe remuk manahipun dening kasombonganipun piyambak, lan ngakeni bilih boten wonten kamulyan ing dhirinipun piyambak. Lah makaten tiyang ingkang mratobat mbikak manahipun dateng pangapuntenipun Allah, lan gondhelan bakuh dateng sih rahmatipun minangka tameng ingkang santosa. Sinten ingkang ngrumaosi anggenipun boten langgeng, nglangenaken gesang langgeng, lan nampeni kanthi iman, ndherek leladi ing rancanganipun Sang Roh Suci ingkang langgeng. Pramila, kaaturan sami ngatos-atos, panjenengan boten kaslametaken dening tumindak panjenengan piyambak, nanging klangenan panjenengan dateng Allah ndhatengaken pangwasanipun Allah ing salebeting karingkihaan panjenengan, lan sih katresnanipun Allah ngebaki jiwa panjenengan, temah panjenengan saged nindakaken karsanipun Allah saki sihipun. Menapa panjenengan kersa ngupadi Allah lan gesang salaminya?

Tiyang ingkang nindakaken dosa boten nindakaken dosa karana lair saking papan ingkang katetepaken badhe tumpes, nanging karana piyambakipun purun lila mbangun turut dateng kayekten. Tumindak piawon boten katindakaken dumadakan. Tumindak makaten menika tuwuh saking kawontenan ingkang panjang lan kebak kalepatan. Ati nurani kita nglawan tumindak ingkang boten pantes. Ati nurani menika melehaken kita supados kita boten nguciwani lan mirangaken Roh Sucinipun Allah. Nanging, tiyang ingkang wangkot lan nampik swantenipun Allah, sampun kaereh dening rohing pambalela, nindakaken piawon kanthi lancang lan tanpa panalangsa, mejahi ati nuraninipun piyambak. Tumindak piawon kita dumados karana kita manut dateng pacoben ing sakiwa tengen kita, lan ugi dateng krenteg inga awon, buku-buku lan rencang-rencang ingkang awon, lan malah dateng pikiran saking manah kita piyambak, ingkang mbateg kita dateng piawon.

Sinten ingkang nglawan panuntunipun Roh Allah badhe dhawah dateng paukuman, karana piyambakipun sampun nginepi manahipun dateng kanugrahanipun Allah, lan nyenyamah dateng ing maha luhur, nyumet kamurkanipun. Paukuman saking Allah mesthi badhe dhumawah dateng tiyang ingkang boten mbangun turut ndhatengaken masalah lan kasangsaran. Menapa panjenengan gesang ing salebeting pangwasanipun Sang Kristus, sajajar kaliyan katresnan, utawi panjenengan mendeleb ing ngandhaping kamurkanipun Ahkim ing adil menika? Panjenengan boten saged mlajeng lan kedah mangsuli pitakenan menika. Pramila, kaaturan sami cecawis lan sumadya dateng tumapakipun dinten ingkang milah kasaenan saking piawon.

Kanthi katrangan bilih pangadilan menika badhe kelampahan langkung rumiyin dateng tiyang-tiyang Yahudi, Paulus mratelakaken bilih Prajanjian Lami ndhasaraken tanggel jawab ingkang ageng dateng tiyang-tiyang Yahudi menika, lan Allah badhe nyuwun tanggel jawab saking tiyang-tiyang menika langkung rumiyin. Tiyang Yahudi ingkang lumantar pakaryanipun Rih Suci marek dateng Allah, piyambakipun badhe sumunar kanthi kamulyanipun ingkang Maha Mulya. Nanging sinten ingkang wangkot badhe kadhawahaken dateng naraka saderengipun tiyang-tiyang sanesipun, karana piyambakipun boten ngaturi papan dateng Roh Allah ngewahi pambalelanipun.

Bangsa Yunani, Mongol lan Kulit Cemeng, sesarengan kaliyan sadaya bangsa sanes, badhe nggadhahi hak nyaket dateng Allah, karana Panjenenganipun menika ingkang nitahaken sadaya manusa, lan Panjenenganipun boten kagungan watak rasis utawi pilih-pilih kulit. Sadayanipun sami ing ngarsanipun. Malah tiyang-tiyang sugih ingkang wasis/ pinter badhe kecalan cahyanipun ing ngajenging endahing kamulyanipun Allah. Kita sadaya menika boten aji ing ngarsanipun ingkang akarya sagung dumadi. Para ibu ingkang namung uthek ing griya utawi sedherek-sedherek ingkang prasaja malah saged sumunar ing Rohing Sang Kristus, langkung tinimbang para uskup, para pangageng lan superstar.

Allah badhe ngukur kita ngagem ukuran sih katresnanipun. Sinten ingkang masrahaken dhiri supados dipun ewahi selaras kaliyan tatanan sih katresnanipun Allah, badhe katampi. Nanging sinten ingkan mangkotaken manah, lan nresnani dhirinipun nglangkungi dateng tiyang sanes, badhe dhawah ing ngarsanipun Allah lan mlebet dateng kanisthan ingkang nggegirisi. Gusti menika adil lan setya. Panjenenganipun boten pilih kasih babar pisan.

Kita mangertos bilih boten wonten tiyang ingkang leres saking dhirinipun piyambak, utawi ingkang kebak sih rahmat kados Allah. Nanging sinten ingkang netesaken luh katresnan badhe dados leres, karana pangwasanipun Sang Rama kaswargan ngewahi sadaya tiyang ingkang ngupadi Panjenenganipun. Ewa samanten, sampun nginten bilih ewah-ewahan lan sedaya kangge nampeni sih rahmatipun Allah badhe kelampahan kanthi rikat. Kamenangan tumrap raos kumenthus mbetahaken wegdal, lan namung skedhik ingkang kepengin dados palados tumrap ingkang dhawah. Karana menika, Gusti Yesus ngrumiyini nindakaken menika lan dhahar sesarengan kaliyan tiyang-tiyang dosa lan juru mupu bea, supados kita saged mbengkas watak wangkot kita, nampi manah ingkang alus, nresnani tiyang-tiyang dosa kados dene Allah nresnani tiyang-tiyang mekaten.

Menapa panjenengan pirsa ganjaran kagem tiyang-tiyang ingkang nandukaken katresnan kanthi kasabaran? Allah badhe ndamel sadaya tiyang ingkang mbikak manah tumrap rohing kanugrahanipun Allah mangagem kamulyanipun Gusti. Pramila saking menika, pungkasaning rancanganipun Allah tumrap manusa boten benten kaliyan rancangan wiwitanipun. Allah nitahaken manusa manut pasemon citranipun, saha arsa ngesokaken kamulyan lan watakipun dateng manusa. Ingkang maha luhur ngajeni tiyang-tiyang ingkang nggadhahi welas asih dateng tiyang-tiyang ingkang sekeng. Sih rahmatipun Allah badhe dedalem ing manahipun tiyang-tiyang ingkang kesisih lan katampik karana kayektenipun.

Rampunging pangadilan inggih menika misahaken tiyang-tiyang ingkang alus budinipuningkang sampun dipun ewahi dateng kamulyan kabingahanipun Allah, saking tiyang-tiyang ingkang mangkotaken manah tumrap timbalanipun Roh Suci, ingkang badhe enggal dhawah dateng pasiksan naraka ingkang langgeng. Sampun kesasar! Allah boten kendel dipun wirang-wirangaken. Karana menapa ingkang katanem dening tiyang, menika ugi badhe dipun panen.

PANDONGA: Dhuh Gusti, katrsnan kawula namung alit, nanging sipat kawula langkung mentingaken dhiri kawula piyambak. Kawula reged ing ngarsa Paduka. Apuntenana dosa-dosa kawula. Mugi Gusti mbikak mripat kawula tumrap karya sih katresnan Paduka. Tuntunana kawula dhumateng gesang ingkang saged nindakaken kabecikan, amargi boten wonten kabecikan menapa-menapa wonten ing gesang kawula. Slametakena kawula saking sipat kawula piyambak, lan mugi Gusti kebaki gesang kawula nganggé sih katresnan Paduka supados kawula purun madosi tiyang ingkang dianggep asor, lan lenggah sejajar klayan tiyang kathah, sarta amberkahi tiyang-tiyang punika, kados déné Paduka mirsani sedaya tiyang ingkang keblinger, kersa madosi dalan nylametaken tiyang-tiyang menika.

PITAKON:

  1. Apa prinsip Ilahi sesambungan klayan pengadilan ingkang pungkasan menika?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 07, 2021, at 08:43 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)