Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 016 (He who Judges Others Condemns Himself)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
A - Saindering Jagad Wonten Ing Pengaruhipun Si Jahat, Gusti Allah Bakal Ngadili Sedaya Kanthi Bebener (Rum 1:18 - 3:20)
2. Bebenduné Gusti Allah dicethakaké marang wong-wong Yahudi (Rum 2:1-3:20)

a) Tiyang ingkang ngadili tiyang-tiyang sanéh sami nibakaken bebendu dhumateng gesangipun piyambak (Rum 2:1-11)


RUM 2:3-5
3 Nanging kowé, para sedulur, kowé dhéwé rak iya padha nglakoni penggawé-penggawé kaya sing kokdakwakaké wong liya mau? Apa kokanggep kowé bisa uwal saka paukumané Allah? 4 Utawa apa kowé arep ngrèmèhaké marang sih-kamirahané Gusti Allah sing gedhé banget kuwi lan kabecikané sarta kesabarané? Apa kowé ora ngerti yèn enggoné Gusti Allah ngetingalaké sih-kamirahané kuwi merga ngersakaké, supaya kowé padha mratobat marang Panjenengané? 5 Kowé pancèn padha ndableg lan wangkot ing ati. Srana mengkono kowé mung gawé aboting paukumanmu dhéwé mbésuk ing Dina Kiamat, samasa bebenduné Gusti Allah lan paukumané dipatrapaké.

Menapa panjenengan pirsa bilih piawon ingkang ageng menika sanes arupi laku jina utawi kumenthus utawi sengit dateng Allah, nanging lamis? Tiyang ingkang lamis menika api-api jujur, lempeng lan saleh, kamangka ing lebeting manahipun kebak apus-apus, kanisthan lan pambujuk. Piyambakipun nindakaken piawon ing ngarsanipun Allah. Ingkang maha suci mesthi badhe mbikak sadaya piawon panjenengan ing ngajenganipun sadaya tiyang, malaekat lan tiyang-tiyang suci bab kasunyataning dosa-dosa panjenengan, karana panjenengan api-api suci ing ngajenganing sadaya tiyang. Kanisthan panjenengan langkung ageng tinimbang ingkang panjenengan sumurupi pyambak, sampun nuruti pangajeng-ajeng ingkang palsu. Kados dene satunggaling calon penumpang boten badhe saged mlebet kapal mabur saderengipun kapriksa kanthi taliti, makaten ugi boten wonten tiyang ingkang saged mlebet dateng kalanggengan menawi boten dipun timbali dateng pangadilan saking Allah dateng sadaya tiyang. Kenging menapa kathah tiyang ingkang ajrih dateng wancining pejahipun, lan gemeter dateng bencana ingkang ageng? Karana wegdal makaten manusa sadar bilih sampun kecalan enering pigesanganipun sarta nyaketi dateng mangsa pangadilan pungkasan.

Ing dinten Pangadilan Pungkasan sadaya manusa, cemeng, kuning, soklat lan pethak, ugi ing sugih lan mlarat, ingkang gadhah drajat pangkat inggil utawi andhap, tiyang wicaksana lan bodho, sepuh lan anem badhe pinanggih ing ngarsanipun Allah. Lajeng kitab-kitab badhe kabikak ingkang isi cathetan bab tumindak, pitembungan lan pikiraning manusa. Boten ewed kangge kita ingkang gesang ing jaman video perekam, kamera pengawas lan mikro film, kangge mangertosi saiba gampilipun menggahing Allah kangge ngrekam/ nyimpen bab kita titahipun. Boten wonten waktu ingkang winatesan utawi kesesa ing kalanggengan, Allah badhe miji wegdal ingkang cekap kangge nguji prekawi panjenengan kanthi taliti. Panjenengan boten kedah ngucapaken pitembungan kangge mbelani dhiri ing ngarsanipun Allah ingkang nguji manah lan pikiran, lan mesthi muspra nguncalaken kalepatan dateng tiyang-tiyang sanes, utawi nglepataken tiyang sepuh, guru, utawi tiyang-tiyang sanes. Panjenengan lepat lan Allah midana panjenengan. Pramila, swawi sami siaga ngadeg ing ngarsaning Hakim ingkang agung, karana panjenengan boten badhe saged mlajeng saking mangsa pangadilanipun.

Swawi dipun mangertosi bilih ing wujuding kamulyanipun Allah, panjenengan menika nistha. Sampun namung wiwit sambat lan muwun kanthi sedhih kemawon, nanging swawi dipun akeni dosa panjenengan dateng Allah, lan nglairaken menapa ingkang sampun panjenengan tindakaken. Sampun nyingitaken satunggal kemawon piawon panjenengan, nanging mangga dipun akeni sadayanipun ing ngarsanipun ingkang mha Suci bilij panjenengan awon ing saranduning pikajeng panjenengan.rumaos rempu jroning manah menika dados margi dateng kaslametan panjenengan. Langkung gampil unta mlebet dateng bolonganing dom tinimbang tiyang sombong mlebet dateng Kratoning Allah.

Nanging Allah kebak ing sih rahmat. Panjenenganipun boten tanpa welasan numpes titahipun, nanging Panjenenganipun nresnani tiyang-tiyang dosa ingkang mratobat kanthi temen-temen tetekat nilar dosanipun. Allah pirsa bilih sadaya manusa nistha, lan biten wonten satunggal kemawon ingkang leres ing ngarsaning kasucenipun, nanging Panjenenganipun sabar, kebak katresnan lan kasaenan; lan karana sih susetyanipun, Allah boten badhe ndamel tiyang dosa langsung pejah sanalika. Kaadilanipun Allah nuntut pangadilan tumrap sadaya manusa ing jaman menika, nanging kasaenanipun maringi wewengan/ kesempatan malih kangge mratobat. Kita sadaya gesang awit saking karsanipun Allah. Boten saged dipun selaki bilih Panjenenganipun kagungan hak lan pangwasa kangge numpes donya menika kanthi tumibaning astanipun, nanging Allah ingkang ngreksa lan melasi kita boten tumindak kanthi kesesa, nanging ngersakaken sadaya tiyang sami wangsul malih lan ngewahi pikiranipun. Meanapa panjenengan mratobat dateng Allah kanthi panalangsa lan nyuwun supados Panjenenganipun nitahaken manah ingkang resik ing gesang panjenengan sarta ngenggalaken roh ingkang leres ing pigesangan panejengan? Menapa panjenengan ngremehaken sih katresnanipun Allah srana tumoleh dateng wewaton lan piwulang palsu, mbudidaya mlajeng saking gagasan bab pangadilan? Pangadilan ing dinten agung menika sampun mesthi, lan sinten ingkang boten nyingkur awake dewe sarta pejah saking kadaginganipun saweg nyawiyah Panjenenganipun ingkang nguji manah lan pikiran, ingkang boten nate sare, saha ingkang kanthi sampurna tanggap dateng sadaya wataking manusa ingkang sejatos.

Kaaturan gondhelan ingkang bakuh dateng kasaenanipun Allah, panjenengan badhe kaslametaken. Lumebeta dateng alusing sih rahmatipun, panjenengan badhe pikantu pangajeng-ajeng. Panjengan ewahi pikiran panjenengan, sami mangertosana sih katresnanipun Allah supados saged tepang sinten ta Allah menika. Panjenenganipun menika Rama ingkang kebak sih rahmat, sanes diktator ingkang tanpa perasaan tumindak sawenang-wenang tanpa preduli dateng sintena kemawon. Panjenenganipun mirsani, mireng lan nyumurupi sadaya prekawis bab panjenengan. Panjenenganipun pirsa simbah panjenengan, sarta ugi saranduning gesangipun ingkang kawuri lan sadaya lingkungan sarta kawontenan ingkang njalari watak panjenengan. Panjenenganipun ugi pirsa pacoben lan pikajeng panjenengan ingkang awon. Allah sanes boten adil. Panjenenganipun sae, lan arsa nindakaken kaadilan lan numrahaken sih rahmat. Panjenenganipun sumadya ngapunten panjenengan, lan sumadya murnekaken menawi panjenengan purun masrahaen sawetahing gesang panjenengan dateng Panjenenganipun, nyegiti piawoning jiwa panjenengan, ngakeni piawon panjenengan, sarta netepaken tekad nilaraken sadayanipun menika ing ndalem asmanipun.

Bilai panjenengan menawi panjenengan sampun tepang dateng kasucen lan kasaenanipun Allah nanging panjenengan boten mratobat. Karana menawi makaten manah panjenengan kawangotaken, lan pikiran panjenengan kawutakaken. Tiyang lamis ingkang wangkot dados nistha ing salebeting rohipun lan boten saged wangsul malih. Piyambakipun boten saged mireng lan boten saged mangertosi timbalanipun Allah malih. Piyambakipun maos Sabdanipun Allah tanpa asil. Awit saking menika, sami mratobata mumpung taksih wonten ingkang kasebut “dinten iki”, lan kasengkuta mesthekaken kaslametan panjenengan saderengipun ical sadaya wewengan kangge nindakaken.

Ing mangsa ingkang nggegirisi menika, kamurkanipun Allah murup mliginipun dateng tiyang-tiyang ingkang sampun mirengaken kasaenanipun nanging boten nggatosaken lan boten wangsul dateng Panjenenganipun kanthi manah ingkang rempu. Tiyang-tiyang makaten badhe kecalan pangajeng-ajeng ing dinten Pangadilan menika, karana sami nyebrataken buncining karohanenipun, lan boten mbekta menapa-menapa dateng Allah kajawi kalepatan, piawon, raos sengit lan tumindak boten adil. Sadaya menika badhe kasingkapaken, kaeler kalepatanipun, lan kaukum ing dinten pangadilan, karana tiyang-tiyang makaten menika boten mratobat lan boten ngakeni dosa-dosanipun.

PANDONGA: Dhuh Gusti ingkang Mahasuci, paringana dhumateng kawula kekajengan kanggé mratobat kanthi tulus lumantar tuntunan saking Roh Suci Paduka. Mugi Gusti bekta kawula mbalik dhumateng Paduka, amargi kawula boten saged mbalik nganggé kekiyatan kawula piyambak. Tulungana kawula supados kawula boten ngréméhaken kasucén dalah sih katresnan Paduka, nanging sageda kawula mangertosi kesabaran Paduka wonten ing cupeting kesabaran kawula piyambak. Dhuh Gusti, kawula sirna wonten ing ngarsanipun bebendu Paduka. Mugi Gusti nguwalaken kawula saking bebendu Paduka, ananging kersaa Paduka ngajar kawula kanthi sih katresnan Paduka. Mugi Gusti remukaken sedaya kesombongan wonten ing gesang kawula supados kawula saged pejah tumrap kekajeng kawula pribadi lan saged nindakaken gesang saking sih katresnan Paduka. Uwalakena kawula saking sedaya sipat lamis, supados kawula boten dikwasani dénéng kewangkotan kawula. Namung Paduka Hakim lan Juruwilujeng kawula. Kawula pitados dhumateng Paduka.

PITAKON:

  1. Apa wadi kang dicethakaké dénéng Paulu babagan pengadilanipun Gusti Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 07, 2021, at 08:41 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)