Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 007 (Paul’s Desire to Visit Rome)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Pambuka: Salam, Panuwun Marang Gusti Allah, Dalah Katrangan Babagan “Bebenering Gusti Allah” Minangka Semboyan Wonten Ing Seratipun (Rum 1:1-17)

b) Kekajenganipun Paulus kanggé tindak dhumateng Rum (Rum 1:8-15)


RUM 1:13-15
13 Para sadulur, karepku supaya kowe padha sumurupa, yen aku wis kerep duwe niyat niliki kowe, supaya ana ing satengahmu aku uga bisa methik woh kayadene ana ing satengahing para bangsa saliyane bangsa Yahudi, -- nanging nganti saprene tansah ana alangan --. 14 Aku kapotangan kabecikan marang wong Yunani, mangkono uga marang wong saliyane Yunani, wong wasis lan wong bodho.15 Yaiku kang njalari aku uga kapengin ngabarake Injil marang kowe kang padha manggon ing kutha Rum.

Ing layangipun menika, Paulus mbikak manahipun tumrap warga pasamuwan ing Rum. Piyambakipun nyariyosaken anggenipun asring kepengin lan ngrancang nedya nuweni pasamuwan menika, nanging Allah dereng ngijini rancanganipun menika. Rasul ingkang agung kedah sinau wiwit wiwitan bilih rancanganipun Allah asring benten kaliyan rancanganipun rasul, lan marginipun Allah langkung inggil tinimbang dalanipun rasul, kados dene tbihing langit kaliyan bumi. Rohipun Sang Kristus nyandheg piyambakipun nindakaken rancanganipun sang rasul, nadyan ketingalipun rancangan menika piguna sanget, sae lan suci. Malah nadyan ketingalipun wonten wewengan/ wegdal kangge nindakaken lelampahan menika, Allah ugi menggak.

Nanging Paulus nggadhahi keyakinan ing manahipun bilih piyambakipun kedah mawartosaken Injil dhateng jagad. Pangajeng-ajengipun, piyambakipun saged mujudaken Kratoning Allah ing Rum lan ing antawisipun para bangsa. Piyambakipun boten menggalih bab mbangun tiyang setunggal baka setunggal, nanging mbangun bangsa baka bangsa, karana piyambakipun yakin dhateng berkahipun Sang Kristus ingkang makarya. Piyambakipun sampun ningali Gusti ingkang mulya menika, lan yakin bilih donya sawetahipun menika dados kagunganipun Ratuning sagung ratu menika, saha kamenanganipun sampun kasunyatan.

Sang rasul bangsa-bangsa menika rumaos kepotangan dhateng sadaya manusa, boten awit piyambakipun nampi arta saking manusa, nanging karana Allah sampun maringaken wewenang lan kasekten dhateng piyambakipun. Karana saking menika, piyambakipun nggadhahi tanggel jawab nanjakaken wewenang lan kasekten menika dhateng tiyang-tiyang pinilih wonten ing Sang Kristus. Wonten ing kayekten, ing jaman samangke kita sadaya gesang karana kanugrahanipun Allah ingkang dipun paringaken dhateng Paulus, ingkang srana layang-layangi kita dados rencang damel wonten ing pangwasanipun. Menawi mekaten, kita dados tiyang-tiyang ingkang kepotangan dhateng tiyang-tiyang sakiwa tengen kita, karana roh ingkang maarya wonten ing dhiri kita sanes gadhahan kita, nanging kacawisaken supados tumedhak ing manahipun tiyang kathah.

Paulus makarya ing antawisipun golonganing tiyang-tiyang pinter Yunani, lan Gusti ngukuhaken paladosipun lumantar karingkihanipun Paulus. Piyambakipun ngadegaken pasamuwan-pasamuwan ing kathah tlatah Meditarnia, ingkang wonten ing pulo-pulo celak Yunani. Nalika nyerat layangipun, Paulus nedya makarya ing antawisipun tiyang-tiyang Barbar (ingkang mboten mangertos pranatan) ingkang wonten ing Prancis, Spanyol lan Jerman. Piyambakipun saestu kepengin mawartosaken dhateng sadaya tiyang kabar kabingahan bilih Allah kagungan Putra ingkang sampun nebus kita ing kajeng salib. Ing salebeting greget ingkang makantar-kantar srana pasrah, sang rasul para bangsa menika kadya roket ingkang siaga lumesat. Piyambakipun pasrah supados saged mawartosaken Injil. Awit saking katresnanipun para atiyang barbar, piyambakipun kepengin pikantuk kawigatosan saking pasamuwan ing Rum supados para tiyang menika saged sesarengan Paulus mawartosaken Injil dhateg bangsa-bangsa. Dados, piyambakipun kepengin supados tiyang-tiyang ing Rum salajengipun ugi saged mawartosaken Injil; karana nampi kaslametan nuwuhaken tanggel jawab nyebar kabar kawilujengan menika dhateng tiyang-tiyang sanes. Paulus mapanaken Rum minangka punjer lan wiwitan kangge mawartosaken Injil dhateng saindhenging jagad.

Nanging, Gusti Allah minangkani pandonganing sang rasul menika srana margi ingkang benten. Allah boten ngutus utusanipun langsung saking Rum, nanging Panjenenganipun mangsulaken utusanipun menika langkung rumiyin dhateng Yerusalem kangge katangkep lan kinunjara. Sasampunipun nglampahi taun-taun ingkang panjang lan nyakitaken, tumunten Paulus dumugi ing kitha Rum menika kanthi kabanda, kinunjara minangka abdinipun Sang Kristus. Ewa samanten, pangwasanipun Allah wonten gesangipun babar pisan boten suda. Sanajan kabanda, piyambakipun mawartosaken Injil dhateng saindhengi donya lumantar layangipundhateng pasamuwan ing Rum, ingkang taksih mawartosaken Injil dhateng tiyang kathah lan dhateng para bangsa ngantos ing dinten menika.

Samangke, kita ingkang dados tedhakipun para tiyang barbar ingkang nampi pawartosipun Paulus, kanthi suka bingah mawartosaken Injilipun Allah kados dene ingkang nedya dipun tindakaken dening Paulus nalika samanten. Mbokbilih Paulus babar pisan boten nyana menawi layangipun dhateng pasamuwan ing Rum dados sarana kasembadaning pangajabipun mawartosaken Injil dhateng bangsa-bangsa. Boten wonten kitab sanesipun, kajawi Injil Yokanan, ingkang sampun ngewahi jagad kados kitab menika, ingkang kaserat kanthi pandonga lan panyuwun ingkang tekun.

PANDONGA: Dhuh Gusti, Paduka Raja kawula, lan Paduka nuntun para abdi Paduka miturut kersa Paduka. Kawula nyuwun pangapunten menawi kawula ngajengaken samubarang ingkan boten selaras klayan kersa Paduka. Dadosaken kawula sedaya sami taat dhumateng sedaya kersa Paduka, saéngga kawula sedaya boten sami éwal saking rancangan sih katresnan Paduka, senadyan menika boten sami klayan ingkang kawula kajengaken. Dhuh Gusti, mari Paduka menika suci, lan kawula sumarah dhumateng kersa Paduka. Matur nuwun amargi Paduka boten ngejaraken kawula sami tevih saking sih rahmat Paduka.

PITAKON:

  1. Kados pundi, lan kaping pinten Gusti Allah nyegah Paulus anggéné badhé nindakaken kekajenganipun?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 06, 2021, at 10:45 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)