Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 005 (Identification and apostolic benediction)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Pambuka: Salam, Panuwun Marang Gusti Allah, Dalah Katrangan Babagan “Bebenering Gusti Allah” Minangka Semboyan Wonten Ing Seratipun (Rum 1:1-17)

a) Perkenalan dalah berkat rasuli (Rum 1:1-7)


RUM 1:7
7 Sih rahmat anaa ing kowe kabeh lan tentrem rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus.

Salam karasulan ingkang dados wiwitaning layangipun Paulus dados ringkesan saking pemanggih teologinipun Paulus, punjering pangertosan teologinipun, sarta kebaking berkah ingkang dipun ilekaken dhateng ingkang sami maos layangipun. Dados, kapasrahna gesang panjenengan kanthi sengaja ing ngandhaping grojogan kanugrahan saking tembung salam menika, lan sami kaenget-engetana ing manah panjenengan, temah panjenengan kebak katentreman wonten ing Gusti Allah. Swawi dipun ugemi berkah karasulan menika ing lebeting manah panjenengan, saha karaosna tembung baka tembung.

Bab kapisan ingkang dipun paringaken dening sang rasul dhateng panjenengan inggih menika kanugrahan ingkang jangkep, awit sayektosipun panjenengan lan kula menika kesasar lan tumuju dhateng telenging pati, nanging Allah nresnani panjenengan lan boten ngersakaken panjenengan nemahi bilai lan karisakan langgeng. Srana sedanipun Kang Putra ontang-onting, Allah nylametaken panjenengan, boten midana panjenengan. Kanugrahan menika wujuding wangsulan saking sihipun Allah dhateng ingkang sami mbangun turut. Panjenenganipun ingkang suci menika yektos, leres, sampun ngleresaken panjenengan, ingkang sejatosipun boten pantes dipun leresaken. Sadaya kanugrahanipun Allah wonten ing gesang panjenengan, lan sadaya wangsulan pandonga panjenengan sejatosipun boten pantes panjenengan tampeni, karana sejatosipun panjenengan namung pantes nampi paukuman.

Nanging kawontenan kita ing ngarsanipun Allah sampun dipun ewahi wiwit sedanipun Sang Kristus; swaunipun wonten sesatron utawi singgetan antawisipun Allah kaliyan tiyang dosa, nanging pirukun sampun kelampahan wonten ing kajeng salib. Panjenenganipun ingkang suci lan langgeng boten badhe ngremuk kita babar pisan. Pitembungan kapisan ingkang kaucapaken dening Sang Kristus sasampunipun wungu inggih menika: “tentrem rahayu anaa ing kowe.” Panjenenganipun ngrampungi sedaya angger-anggering Toret, lan boten wonten malih panuntut saking Allah, karana rahipun Sang Kristus, ingkang sampun ngedusi kita. Satunggaling golongan wektu ingkang enggal kawiwitan srana katentreman ingkang sumusup ing manah kita ingkang sampun kasucekaken.

Sinten ingkang sampun nampi kanugrahan ingkang jangkep saking Sang Kristus lan gesang rukun kaliyan Allah, mangertosi bilih Gusti kang maha kawasa boten ngersakaken kita nyembah Panjenenganipun kanthi ras ajrih, nanging Panjenenganipun menika Rama ingkang nresnani kita, lan gemati dhateng kita. Panjenenganipun boten negakaken kita, nanging tansah ngreksa lan ngayomi kita. Boten wonten tembung sanes ing Prajanjian Enggal ingkang angkung endah saking tembung “Allah Rama kita.” Kawruh teologi menika kaasta dening Sang Kristus pribadi. Timbalan dhumateng Allah minangka Sang Rama menika bab enggal wonten ing gesang Kristen. Langkung saking menika, tujuan saking kajeng salib inggih namung ngedusi lan nucekaken kita supados kita pantes kaangkat dados putra, srana kalairaken malih, lan tumanjaning gesang langgeng wonten pigesangan kita. Sadaya menika dumados supados Allah saestu dados Rama kita, lan kita dados para putranipun.

Menapa panjenengan wanuh kaliyan Sang Kristus? Menapa panjenengan mangertosi agung lan andhap asoring manahipun Sang Kristus? Panjenenganipun menika sawetahipun Allah lan manusa wonten ing saranduning kapribadenipun. Panjenenganipun nglukari kamulyanipun lan ngasoraken dhiri kangge nebus kita. Lan sareng Panjenenganipun sampun ngrampungaken pirukun tumrap sadaya manusa, Panjenenganipun sumengka dhateng kang Rama, pinarak wonten tengenipun Allah, kaluhuraken sanget, karana inggih namung Panjenenganipun ingkang saged ngrukunaken donya lan, awit saking menika Gusti Yesus marisi pangrehipun Allah. Panejenganipun menika inggih Gusti pribadi. Menapap Panjenenganipun ugi dados Gusti pajenengan? Panjenenganipun kagungan pangreh tumrap gesang panjenengan: kangge nucekaken lan ngutus panjenengan kados ingkang dipun kersakaken.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, Paduka Rama kawula lumantar Yesus Kristus. Paduka sampun milih kawula ingkang sampun ical dalah keblinger supados sami dados putra Paduka. Kawula sumujud wonten ing ngarsa Paduka, manembah sarta nresnani Paduka, nyaosaken gesang, arta, kakiyatan lan wekdal kawula dhumateng Paduka supados kawula boten ndadosaken lingsem asma Paduka, sarta sageda kawula mulyakaken Paduka minangka Rama kawula lumantar tumindak kawula ingkang patrap kagem asma Paduka. Matur nuwun amargi Paduka sampun ngutus Putra Paduka kanggé nylametaken tiyang dosa. Kawula manembah dhumateng Paduka kanthi panembah ingkang langgeng.

PITAKON:

  1. Pangandikan berkat pundi ingkang paling wigatos lan pengaji dhumateng panjenengan reraketan klayan gesang panjenengan piyambak?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 06, 2021, at 09:43 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)