Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 004 (Identification and apostolic benediction)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Pambuka: Salam, Panuwun Marang Gusti Allah, Dalah Katrangan Babagan “Bebenering Gusti Allah” Minangka Semboyan Wonten Ing Seratipun (Rum 1:1-17)

a) Perkenalan dalah berkat rasuli (Rum 1:1-7)


RUM 1:5-7
5 Kalawan lumantar Panjenengane, aku padha oleh sih-rahmat sarta kalenggahan rasul, kadhawuhan nuntun marang kabeh bangsa, supaya padha pracaya lan mbangun-turut marang Asmane. 6 Kowe uga padha klebu ing antarane wong-wong mau, kowe kang wus padha katimbalan dadi kagungane Sang Kristus, 7 marang sakehe para sadulur kang manggon ing kutha Rum, iya para kekasihe Gusti Allah, kang katimbalan lan kadadekake suci. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus.

Yesus Kristus menika kunci dhateng sadaya sih rahmatipun Allah. Dadosa nabi, para tiyang suci utawi prawan Maryam boten saged dados lelantaran kita kaliyan Allah kangge nampeni kanugrahan lan berkah. Rama kita kaswargan minangkani pandonga kita wonten ing Yesus Kristus, awit inggih namung Panjenenganipun kemawon Pribadi ingkang dados lantaran antawis kita kaliyan Allah. Asmanipun Gusti Yesus dados margi pandonga kita konjuk dhumateng Allah, lan dados margi lumunturing sadaya kanugrahan rohani. Boten wonten satunggal kemawon kajawi namung Gusti Yesus ingkang ngrukunaken kita kaliyan ingkang maha suci. Dados, kita nampi kapenuhaning kanugrahanipun Allah lumantar Gusti Yesus, kalebet pangapunten, katentreman, kawilujengan lan kayekten. Sadaya berkahipun Allah menika sih rahmat ingkang sejatosipun kita boten pantes anampeni.

Kanugrahan menika ringkesaning layangipun Paulus menika. Piyambakipun ngalami kanugrahan menika, karana kala rumiyin piyambakipun ingkang nganiaya greja. Piyambakipun kaslametaken boten karana gregetipun, pandonga utawi kasaenanipun, nanging karana sih rahmatipun Allah ingkang katumrahaken wonten ing Sang Kristus. Ingkang menika, kawartakna kabar kabingahan arupi kanugrahan agung menika dhateng sadaya tiyang, kados dene anggenipun Sang Kristus sampun maringaken dhateng kita, kanugrahan, pangapunten lan tentrem rahayu.

Sasampunipun mangertos lan ngakeni kenugrahan menika, kita kadadosaken ingkang ngedum kanugrahan, ingkang mawartosaken sih katresnanipun Allah, lan dados utusan kangge pakaryan karahayon ingkang lelahanan menika. Menapa Roh Suci mapanaken pawartos menika ing manah panjenengan? Menapa panjenengan taksih mendel, sedhih lan karangket dening dosa-dosa panjenengan piyambak?

Sinten ingkang nampi kanugrahan menika mesthi badhe nresnani Allah lan Sang Kristus, sarta mbangun turut dhateng pepakenipun. Istilah “mbangun turut dhateng iman” ingkang dipun pikajengaken Paulus inggih menika tanggapan dhateng kanugrahan menika. Allah boten nyuwun kita mbangun turut kanthi kepeksa lan kawratan, nanging ngersakaken pangabdi trusing manah kita ingkang sampun kawilujengaken minangka panuwun sokur kita dhumateng Juru wilujeng lan Panebus kita. Paulus nyebut dhirinipun minangka abdinipun Yesus Kristus. Ing drajat menika Paulus paring katrangan ingkang nyata bab “pambangun turut dhateng asmanipun Gusti”. Menapa panjenengan dados abdinipun Sang Kristus? Allah ngapunten sadaya manusa saking dosanipun wonten ing Sang Kristus, ing sauruting jaman. Karana kita boten manggih pawartos sanes ingkang piguna tumrap manusa kajawi pawartos menika, kita mbereg saben tiyang ingkang tepangi supados mbangun turut dhumateng Allah lan nresnani Sang Kristus, sarta ngalami sawabing kanugrahanipun. Menika pawartos ingkang elok sanget. Menapa panjenengan sampun nimbali para mitra kadang panjenengan supdos mbangun turut lan pitados dhumateng Allah tuking sagung kanugrahan.

Warga pasamuwan ing Rum dipun timbali dening Sang Kristus, sanes dening Paulus utawi sintena kemawon. Menika wadining iman ingkang yektos: bilih boten wonten tetiyang ingkang saged mbekta tiyang sanes dhateng karahayon utawi kawilujengan, kejawi menawi piyambakipun wonten ing kawontenan ing paling sae, amargi piyambakipun namung piranti ing astanipun Gusti Yesus. Gusti Yesus miji lan nimbali para pendherekipun sacara pribadi lan nyata. Suwantenipun Gusti sumusup ngantos ing lebeting manah kita, awit suwanten menika suwantenipun Gusti ingkang sampun wungu saking pepejah. Tembung “greja” ateges patunggilanipun tiyang-tiyang ingkang sampun nilaraken sumelanging gesang lan nampeni tanggel jawab katresnan ing salebeting paladosan dhumateng Allah. Menapa panjenengan salah satunggaling tiyang ingkang dipun timbali dening Gusti Yesus Kristus? Utawi kosokwangsulipun, menapa panjenengan taksih boten piguna lan boten ngedalaken woh? Agami kita menika agami timbalan.

Sinten ingkang nampi lan mangsuli timbalan menika dipun tresnani dening Allah. Saiba endah lan mulya timbalan menika, ingkang nerangaken bab sinten ta tiyang-tiyang Kristen menika. Tiyang-tiyang Kristen menika kulawarga saking kang maha luhur, ingkang dipun tepangi lan dipun ajeni dening Gusti. Allah sampun tedhak ngantos papan dunungipun manusa karana pirukunipun lan ndamel tiyang-tiyang menika pantes nampeni patunggilan kaliyan Allah. Sih katresnanipun Allah langkung ageng tinimbang sihipun tiyang sepuh dhateng anakipun, utawi sih katresnanipun panganten kakung dhateng panganten putri. Sih katresnanipun Allah menika suci lan boten nate pedhot. Menapa panjenengan kalebet para kekasihipun Allah, kinebakan sih taresnanipun, saha lumampah ing kasucenanipun Allah?

Sang Kristus nimbali kita dhateng pangapunten lan pambangun turut. Puncaking sadaya watak menika inggih kasucen. Boten wonten tiyang ingkang dados suci karana dhiri pribadinipun lan lebeting gesangipun, nanging lumantar sesambetanipun kaliyan Sang Juru wilujeng ingkang nebus kita, ingkang ndamel gesang kita suci lan tanpa cacat ing ngarsanipun Allah wonten ing katresnan. Sadaya tiyang suci kapisahaken saking donya menika lan netepaken dhiri kagem paladosan dhumateng Allah. Tiyang-tiyang menika boten dados gadhahanipun piyambak utawi kulawarganipun piyambak, karana sadaya sami dados kagungan pakaryanipun Allah pribadi kagem kasucen. Menapa panjenengan sampun kasucekaken dening kanugrahan?

PANDONGA: Gusti Allah ingkang suci, Paduka nimbali kawula lumantaring Gusti Yesus supados sami dado suci, kados déné Paduka suci. Kawula ngakéni dosa kawula, lan nyuwun pangapunten tumrap dosa-dosa ingkang kawula énget dalah ingkang boten kawula énget. Kawula ngucapaken panuwun amargi Paduka nresnani kawula lan nyucékaken kawula lumatar rahipun sang Kristus, dalah ndadosaken kawula murni lumantar Roh Suci Paduka. Mugi Paduka owahaken gesang kawula supados sageda tansah dados kagungan Paduka wonten ing gumolonging kekuatan dalah wekdal kawula, sarta nresnani Paduka kados déné Paduka nresnani kawula.

PITAKON:

  1. Apa tegesé kanugrahan iku, lan apa tanggapané manungsa marang kanugrahan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 06, 2021, at 09:40 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)