Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 114 (Burial of Jesus)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
A - LELAKON-LELAKON WIWIT KABONDO TUMEKA ANGGONE KAKUBUR (Yokanan 18:1 - 19:42)
4. Kayu Salib lan sedane Gusti Yesus (Yokanan 19:16b-42)

f) Kakubure Gusti Yesus (Yokanan 19:38-42)


YOKANAN 19:38
38 Sawuse mangkono Yusuf saka ing kutha Arimatea-iku dadi siswane Gusti Yesus nanging kanthi sidheman marga wedi karo wong Yahudi-duwe atur panyuwun marang Sang Pilatus, supaya dililanana ngukup layone gusti Yesus. Lan Sang Pilatus uga nglilani. Yusuf tumuli sowan sarta ngukup layone.

Ora kabeh saka pitung puluh anggota Makamah Agama iku sarujuk karo paukuman kang ditetapake marang Gusti Yesus. Katon saka ditemokakene arkeologi lagi wae kang mratelakaken yen putusan paukuman lagi bisa ditindakake manawa paling ora ana wong loro kang nampik kaleksanane paukuman iku. Awit manawa kabeh anggota nyarujuki paukuman pati iku, kaanggep lagi dumadi pandakwa manungsa marang kang kadakwa, lan nuduhake yen Makamah Agama lagi kajiret ing sajroning pangadilan kang luput. Atas landhesan iki, mula kaleksanane pengadilan iku ditindakake makaping-kaping lan bukti-bukti diteliti luwih ngati-ati. Kanthi panemu manwa paugeran iki uga bakal diterapake marang Gusti Yesus, mula babagan iku ateges paling ora ana loro suwara kang lumawan putusan iku. Salah sijini Yusuf saka Arimatea, salah siji murid Panjenengane kang sesidheman (Matius 27:57 lan Markus 15:43). *Kayafas kuwatir bisa uga kelangan kursine ing Makamah Agama, utawa kelangan daya pengaruh atas lakune bangsa iku, awit kawicaksanane kang banget dikurmati. Yusuf dadi nesu marang Kayafas awit anggone ora adil lan awit wis nyangking Makamah Agama iku agawe katetepan lumantar kajuligan. Yusuf sebanjure ninggalake anggone ora melu cawe-cawe, lan ing ngarepe umum ngakoni duwe gegayutan karo gusti Yesus, naning pangakon mengkono iku wis telat, lan paseksene dadi bantahan resmi katetepan Makamah Agama. Nanging arah saka lelakon iku wis dadi putusan nyalibake gusti Yesus.

Sawuse sedane Gusti Yesus, Yusuf ngadhep Pilatus (dheweke pancen kudu nindakake prekara iku). Pilatus ngabulake apa kang dadi panyuwune, lan menehi palilah marang dheweke ngudhunake layon gusti Yessus saka Kayu Salib arep dikubur.

Dadi, Pilatus sepisasn maneh nindakake pamales marang wong-wong Yahudi, kang kepenginb nyeret badane wong ala kang wis katetepan nampa paukuman pati ing ngare Hinom supaya dipangan kewan galak, lan diurugi larahan kang kobong. Gusti allah nylametake putra Panjenengane saka wong-wong kang ngremehake kang mengkono. Panjenengane wis rampung kanthi pakaryan pangorbanan ing Kayu Salib. Rama Panjenengane kang ana ing suwarga nuntun Yusuf supaya ngubur Gusti Yesus ing sawijining kuburan kang kinurmatan.

YOKANAN 19:39-42
39 Apadene Nikodhemus uga teka ing kono. Iya iku kang sakawit sowan ing ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi. Nikodhemus nggawa caruban lenga mur lan lenga garu, bobote watara seket kati. 40 Wong-wong mau ngukup layone gusti Yesus lan diulesi ing lawon nganggo adon-adon kaya adate wong Yahudi yen metak layon. 41 Sacedhake papan panggonane gusti Yesus kasalib iku ana patamanane lan ing patamanan mau ana pakuburan anyar kang durung tau dianggo ngubur wong. 42 Sarehne pinuju dina pacawisane wong Yahudi, sarta kuburane iku cedhak, mula gusti Yesus banjur disarekake ana ing kono.

Ujug-ujug, Nikodemus uga ngadeg ing sisih Kayu Salib. Panjenengane iku anggota kang kapindho kang menehi suwara lumawan atas katetepan MakamahAgama. Nikodhemus mbiyen tau mbudidaya mbatalake katetepan wadi kang digawe dening Makamah Agama marang Gusti Yesus, kan nunut dianakake panalitian kang luwih adil kanggo nggatekake kasunyatan-kasunyatan kang ana (7:51). Seksi saka Gusti Yesus iki teka, karo nggawa 32 kg caruban lengo mur lan lenga Garu kang larang, lan uga lawon kanggo mbuntel badan kang wis ajur iku, lan nulungi Yusuf ngudhunake jisim iku lan ngubur sawise di borehi caruban lengo mur lan garu kaya tata carane marang jisime wong kang kinurmatan. Penting supaya anggone ngubur iku digelak, sadurueng jam enem ing sore dina Jumaat iku, kang diyakini minangka wiwitane dina Sabat, lan wiwit iku ora kena nindakake pagawean. Wektune pancen banget dening mepet.

Rama saka Gusti kita Yesus nuntun wong loro iku menehi pikurmatan marang putra Panjenengane kang seda, kanthi mengkono pameca ing sajroning Yesaya 53:9 bisa dilakoni, yen Panjenengane bakal dikubur ing antarane wong-wong sugih lan wong kinurmatan ing sajroning kubur kang becik. Anggone ndhudhuk kubur awujud guwa ing gumuk watu yaiku sawijining penggawean kang larang. Dadi ora ana cara kang luwih becik kanggo ngaturake pikurmatan marang Gusti Yesus kang bisa diatureke dening Yusuf kajaba ngaturake kubure dhewe kan mapane cerak papan anggone nyalib ing jaban tembok kutha. Ing kana wong loro mau nyarekake badane Sang Yesus ing papan kang digawe saka watu tanpa peti mati, kang diblebet karo lawon, diborehi karo lenga campur mur lan lenga garu kang digawa dening Nikodhemus.

Kang mesthi, Gusti Yesus seda, sugeng Panjenengane ing jagat kapungkasi minangka jejere priyayi kang isih enom banget umure 30 an tahun. Panjenengane pancen dilahirake kanggo seda. Ora ana katresnan kang luwih gedhe tinimbang katresnan kang maringake uri panjenengane kanggo para mitra-mitrane.

PANDONGA: Gusti Yesus Kristus, maturnuwun awit sampun seda nggentosi kawula. Kanthi sadaya tiyang pitados kula nresnani Paduka, awit katresnan Paduka milujengake kawula saking bebendunipun gusti Allah lan netepaken kawula ing salebetipun kamanunggalan saking Tritunggal. Paduka tampi gesang kawula minangka panuwun kunjuk Paduka kangge ngluhuraken salib Paduka.

PITAKONAN:

  1. Apa kang diwulangake bab anggone gusti Yesus diSalib kanggo kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:53 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)