Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 104 (Jesus intercedes for the church's unity)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
E - DONGA PANYUWUN GUSTI YESUS (Yokanan 17:1-26)

4. Gusti Yesus ndonga kanggo kamanunggalan ing sajrone gereja (Yokanan 17:20-26)


YOKANAN 17:20-21
20 Lan boten namung kangge tiyang-tiyang punika kemawon anggen Kawula ndedonga, nanging ugi kangge tiyang-tiyang ingkang pitados dhateng Kawula margi saking piwulangipun, 21 supados sadayanipun sami dadosa satunggal kadosdene Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka, supados inggih sami dadosa satunggal kaliyan paduka lan Kawula, supados jagad pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.

Sang Kristus anglandhesi para murid Panjenengane kanthi katresnan Allah lan panguwasa saka Sang Roh Suci Panjenengane, lan nyuwun marang Sang Rama Panjenengane supaya njangkung para murid saka si pangawak dursilo, lan nyucekake para murid karo Injil sadurung Panjenengane dipasrahake kanggo disalibake. Sawuse dadi yakin yen donga kanggo para murid Panjenengane lan kanggo Gereja dijawab, Panjenengane mirsani mangarep lan mirsani akeh wong kang pracaya kang dumadi awit pawarta kang dilantarake dening para murid Panjenengane. Gambaran gegayutan Kang Menang kang disalib kang ngalahake Iblis lan dosa, nggeret para murid. Lumantar kapercayaan para murid marang Sang Kristus kang gesang mula Sang Roh suci bakal dumunung ing sajroning ati para murid, kanthi mengkono balak bisa melu cawe-cawe ing sajroning urip kang asipat ilahi. Kanthi iman para murid ditunggalake karo sang Rama lan Sang Putra ing sajaroning kamanunggalan kang langgeng.

Sang Kristus ndedonga kanggo wong-wong pracaya iku, kang bakal pracaya lumantar para rasul. Kang banget ngagetake, nalika Panjenengane ndedonga wektu iku wong akeh iku durung ana. Pangandikan Panjenengane iku mbuktekake anane keyakinan kang banget dasar babagan pawarta saka para rasul. Banjur apa sejatine sarti pati saka panyuwun Panjenengane kanggo kita? Apa Panjenengane ndedonga kanggo kesarasan kita? Kasugihan kita, kasiling urip kita ing mangsa tembe kita? Ora! Panjenengane nyuwun marang Rama Panjenengane kanggo maringake marang kita sipat andap asor lan katresnan, kanthi mengkono kita kabeh bisa dadi siji karo kabeh wong Kristen liyane kanthi tulus. Kita aja nganti duwe pikiran yen badan kita luwih apik ditimbang karo wong-wong liya, utawa rumangsa yen apa kang wong liya tindakake iku ala banget.

Kamanunggalan saka wong-wong pracaya yaiku kang dadi tujuan Sang Kristus, gereja kang pecah-pecah iku kosok balen saka rancangan Panjenengane kanggo gereja. Nanging mengkono, kamanunggalan kang disuwun dening Sang Kristus iki ora bakal bisa dibangun alandhesan pasarujukan kang asipat antarane pasamuwan, nanging kang utama dhewe yaiku sawijining cancangan kasukman ing sajroning donga lan Sang Roh suci. Dikaya gusti Allah ing sajroning hakikat Panjenengane iku siji, mengkono uga Sang Kristus nyuwun marang Sang Rama kanggo nuntun kabeh wong pracaya ing patunggalan ing sajroning Roh Suci, kanthi mengkono wong pracaya kabeh bisa ayem ana ing sajroning Panjenengane. Lan Sang Kristus ora ndedonga, “Supados tiyang-tiyang pitados dados satunggal ing salebetipun Kawula utawi ing salebetipun Paduka”, nanging “Salebetipun kita”. Dadi, Panjenengane nyethakake yen kamanunggalan kang banget sempurna kang banget dadi tandha saka Sang Rama lan Sang Putra ing sajroning Sang Roh Suci, dadi conto kamanunggalan iku. Panjenengane ngersakake kanggo ngangkat panjenengan marang tingkat mengkono, awit ing saknjabane patunggalan Tritunggal ora ana apa-apa kajaba neraka.

Tujuan saka diteguhake ing sajrone kamanunggalan Allah dudu kanggo agawe awak kita seneng secara kasukman wae, nanging supaya kita bisa dadi seksi ing ngarepane wong-wong liya, kang uripe adoh saka Gusti Allah. Kang dadi pengarep-arep, wong-wong iku bakal ngrumangsani yen wong-wong mati ing sajroning dosa lan piala awit anggone duwe watek gumungung, lan wong-wong mau yaiku bature saka pepinginane dhewe, lan sebanjure mratobat uga manembah marang Sang Juru Selamet. Panjenengan kang cekelan Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh suci, bakal nampa kekuatan kanggo dadi andap asor, nresnani ing sajroning kamardikan kasukman kanggo nresnani kabeh wong kang pracaya, lan abungah-bungah awit kaanane wong-wong mau, lan kanthi wong-wong mau bakal bebarengan dadi seksi kang aji kanggo sihe sang Kristus. Kita kabeh iki bukti saka sipat keallahan sang Manungsa Yesus. Menawa kabeh wong Kristen nindakake urip kang tulus, ora ana wong kang orang Kristen kang bakal ana ing jagat iki. Katresnan lan tentrem rahayu wong-wong pracaya bakal ndudut ati kabeh wong lan bakal ngrubah uripe wong-wong mau. Ayo kita mbangun turut marang panyuwune gusti Yesus lan manunggal! Apa panjenengan lagi mbudidaya kang dadi jalaran dumadine ora ana kapercayan ing sajroning gereja kang kapecah, kaya-kaya Sang Kristus kabage dadi remuk ajur?

YOKANAN 17:22-23
22 Lan Kawula sampun nyukakaken kamulyan, ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, dhateng tiyang-tiyang punika, supados sami dadosa satunggal, kadosdene Paduka kaliyan Kawula inggih dados satunggal: 23 Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurnaa anggenipun dados satunggal, sarta supados jagad sumerepa, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih tiyang punika sami Paduka kasihi kadosdene anggen Paduka ngasihi Kawula.

Apa to kaluhurane gusti Yesus iku? Apa iku sumorot utawa pepadhang saka kaagungan Panjenengane? Dudu! Kaluhuran Panjenengane kasingitake ana ing sajrone patrap andhap asore Panjenengane, kesabarane lan anggone sabar sareh. Saben rega saka sih rahmat sang Roh Suci iku sumuroting saka kaluhuran Panjenengane. Ya iku kang di deleng Yokanan, kang nyekseke, “Aku kabeh wis ndeleng kaluhuran Panjenengane.” Yokanan ora ndeleng marang owah-owahn kang dumadi, utawa marang anggone tangi saka seda wae, nanging uga marang pemakanan kang reget lan Kayu Salib kang kasar. Ing sajroning kabeh iku kaluhuran saka sih Allah katon cetha, ing ngendi sang Putro ngothongake sarirane saka kaluhuran kang banget dening cetha, lan makili hakikat saka kaagungan Panjenengane iku ing sajroning rupa manungsa. Ya kaluhuran iki kang diparingake gusti Yesus marang kita. Sang Roh saka Sang Rama lan Sang Putra tumurun marang kita.

Tujuan saka beda kang mligi kang diparingake marang kita iki ora supaya nuduhake kanggo pemeran utawa ngunggulake awak dhewe, nanging supaya kita bisa miturut ing sajrone kamanunggalan kanggo leladi, lan mbudidaya laden linadenan, lan mbudidaya kanggo ngurmati wong-wong liya. Kanthi watonan kasukman iki gusti Yesus nyuwun marang Sang Rama kanggo anane kamanunggalan lan patunggalan kang bakal dumadi ciri mligi saka Tritunggal kang Suci, kanggo ngesokake marang kita kabeh kabecikan iku. Sih Gusti Allah iku ukuran kanggo ndadar Gereja. Gusti Allah mbangun kita dadi memper karo gambaran kalanggengan Panjenengane.

Sabenere, Gusti Allah ing sajroning kabeh kapenuhan Panjenengane makuwon ing sajrone Gereja (Efesus 1:23; Kol 2:9). Utawa apa panjenengan kekurangan kekendelan kanggo ngucapake tembung-tembung kang asale saka perangan kang padha, “Ing Panjenengane kadunungan Kaallahan sawetahing kasarira, lan kita kasempurnaake ing sajroning Panjenengane.” Paseksen kang asipat rasul iki dadi bukti yen pandongane gusti Yesus sadurunge panjenengan seda wis dijawab. Kita manembah lan ngluhurake gusti, awit Panjenengane ora mirsani kaasoran kita kang remuk lan ala, nanging wis ngwisuhi lan nyucekake kita lan manunggalake sarirane karo kita, supaya kita bisa nglakoni urip nganggo sipat kaalahan.

Gusti Yesus wis benget yakin yen kita bakal bisa disempurnakake ing sajrone katresnan lan ing sajroning andhapasor ing sarjroning ati kita. Ayo kita tresna tinresnanan lan urmat kinurmatan. Ora sempurna ing sajroning kasugihan, kabisan, kawicaksanan, nanging ing sajroning sih rahmat lan katresnan uga kabecikan yaiku mengkene iki kang dikersakake Panjenengane kanggo kita. Sih kawelasan padha emong kinemongan yaiku tujuan utama Panjenengane nalika Panjenengane ngandika, “Dadia sempurna dikaya Ramamu kang ana suwarga sempurna”. Pitutur iki ngringkes kabeh patrap Panjenengane gegayutan nresnani mungsuh. Nanging ing sajrone pandonga panyuwun kang diunjukake Panjenengane, Panjenengane ngersakake anane undhak-undhakan kang luwih dhuwur saka kasampurnan, sawijining patunggalan ing sajroning gereja lan patunggalan karo Gusti Allah. Sang Roh Suci ora mimpin kita dadi wong kang nutup diri utawi ana ing sajroning kahanan kasebratake, dhewekan, nanging Gusti Sang Roh Suci nuntun kita marang patunggalan karo wong-wong suci. Ya kamanunggalan saka Tritunggal iku kang dadi conto kanggo kita. Lan kita ora bisa nuduhake pratelane Gusti Allah ing jagat iki, manawa kita ora dadi siji. Dikaya pribadi-pribadi kang tinulis ing Prejanjian Lawas mratelakake gambaran bab Gusti Allah, luwih-luwih maneh gereja karo kabeh wargane kudu bisa nuduhake gambaran babagan Tritunggal Kang Suci.

Keselarasan ing sajroning gereja bakal banget andadekake pangeling-eling kanggone wong-wong jagat supaya wong-wong jagat ngerti yen kita pancen asale saka Allah. Wong-wong jagat bakal wiwit ndeleng yen Gusti Allah iku katresnan. Ora mung dapur tembung-tembung wae utawa katarangan kang dawa-dawa kang bakal nyipto iman ing sajroning wong-wong mau. Sawijining bab kang andadekake bungah ing sajroning patunggalan putra-putra Allah kang duwe suwara sora maneh lan luwih apik maneh ketimbang karo kotbah kang dawa-dawa. Mengkono Sang Roh suci manunggalake gereja wiwitan ing Yerusalem ing sajrone kamanunggalan kasukman kang sejati.

PANDONGA: Matur nuwun, dhuh Gusti Yesus, paduka sampun nuntun kawula, tiyang-tiyang ingkang mboten pantes, tumuju iman dhumateng Paduka. Paduka sampun andadosaken kawula minangka abdi-abdi Paduka lumantar paseksen saking katresnan Paduka. Kawula manembah Paduka, awit Paduka sampun nyucekaken lan njangkepi kawula supados kawula dados gegelitanipun badan kasukman paduka. Kitnenipun katrensan saking Tritunggal ingkan suci dados lahdnesan kawula. Kawula ngagungaken Paduka lan muji paduka lan nyuwun supados Paduka maringaken dhumateng kawula panguwaos supados gesang ing salebetipun gereja kawula kanthi kamanunggalan ingkang gesang lan ingkang saget katindakaken saben dinten.

PITAKONAN:

  1. Apa ta kang dadi panyuwune gusti Yesus marang Rama Panjenengane kanggo kepentingan kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:44 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)